Wêdalan I ... Januari 1927.

Sêrat Mahabarata

Anggitanipun Sang Dwipayana Wiyasa.

__________

Adi Parwa

Bab I.

Kawêdalakên sabên sawulan sapisan, 32 kaca, saking losê teyosopi ing Surakarta.

Kantor redhaksi tuwin adminisêtrasi ing losê teyosopi Sala.

Rêginipun lêngganan, kasuwun kêdah kabayar rumiyin:

Sataun ... f 3.60

Satêngah taun ... f 2.10

Tigang wulan ... f 1.20

Eceran ... f 0.50

Rêgining adpêrtènsi sagêd karêmbag rumiyin.

--- 1 : [2] ---

[...]

--- 1 : [3] ---

Prasabênipun Pangrèh Losê Teyosopi Sala.

Dahat suka sokuring manah, dene losê Sala sampun sagêd anglêksanani sasuraosipun sêrat wara-wara ingkang mratelakakên bilih losê Sala badhe angêdalakên Sêrat Mahabarata basa Jawi, santunan saking basa Inggris, ingkang wêdalipun sabên sawulan sapisan, kados lampahipun sêrat kabar wulanan.

Ananging losê Sala ngaturi wuninga, bilih cacahing lêngganan, dèrèng môntra-môntra kados pangajêng-ajêngipun, malah kangge waragadipun angêcap kemawon dèrèng anyêkapi. Dados sagêdipun angêdalakên punika, amung saking sih kadarmanipun para warga. Manawi kalajêng-lajêng makatên, sampun saèstu kiyat-kiyatipun amung sataun, pramila pangrèhing losê teyosopi Sala, nyuwun pitulunganipun para lêngganan, mugi kaparênga biyantu pambudidaya, kalampahanipun sagêd angindhakakên kathahing lêngganan, murih losê Sala sagêd lêstantun angêdalakên kados pangajêng-ajêngipun para ingkang sami nayogyani wêdalipun sêrat punika.

Wasana pangrèh matur nuwun dhatêng para ingkang kêparêng paring pitulungan, angathahakên indhaking lêngganan.

Pangrèhing losê Teyosopi Sala.

--- 1 : 4 ---

Mahabarata.

Adi Parwa, Bab I.

Om, sasampunipun sumungkêm ing padanipun Sang Narayana miwah Sang Nara, ingkang sami maujud priya, inggih ingkang luhur piyambak, punapadene ing padanipun Dèwi Saraswati, kawula kêdah angucap: jaya.

Ya ta kawuwusa Maharsi Ograsrawa kang apêparap Soti, putranipun Maharsi Lomaharsana, ingkang lêbda dhatêng sagunging Sêrat Purana, ing wanci enjing lumampah sarwi tumungkul, kabêkta saking susilaning ambêkipun, karsanipun nêdya pinanggih para ambangun tapa, ingkang sampun sami luhur darajadipun, têtêp dhatêng anggêr-anggêr sukci, anggènipun sami kalêmpakan anjênêngi wiwahaning sêsaji dhatêng Sang Sonaka, sêsilih, Kulapati, ingkang kawontênakên sabên kalih wêlas taun sapisan. Para tapa wau sami sangêt kapengin midhangêtakên cariyosipun Sang Soti, pramila dupi wuninga Sang Soti prapta ing dhepokipun ingkang sakalangkung sêpi, ing madyaning wana Nimesiya, gupuh-gupuh sami amêthukakên, sarta lajêng angancarani lênggah. Ing nalika Sang Soti sinambrama ing pambagya kalihan têmbung panglinggamurda, dening

--- 1 : 5 ---

para ambangun tapa, lajêng anguncupakên asta katèmpèlakên ing pranaja. Para tapa ugi lajêng animbangi makatên. Ing ngriku Sang Soti anungsung pawartos, mênggahing kasutapanipun, sasampunipun mratelakakên sadaya, para tapa lajêng tata lênggah malih, dene Sang Soti kanthi susilaning patrap anampèni palênggahan ingkang kaancarakên. Dupi sampun sawatawis lêrêm, tuwin sakeca lênggahipun, ing antawisipun para ambangun tapa wau wontên ingkang amurwani piraosan, ucapipun makatên: Dhuh Soti, ingkang paningalipun kadi roning tunjung, rawuh paduka ing ngriku punika mêntas lêlana saking ing pundi, sarta ing pundi asrama paduka salami-laminipun, mugi kaparêng andhawuhakên sadaya kawontênaning lêlampahan paduka, dhatêng ing kula, ingkang anungsung pawartos punika.

Sang Soti kang sarwa widakda, dupi miyarsa pamintanipun sang tapa, enggal nyariyosakên sadaya lêlampahanipun kalayan titi, wontên ing antawisipun pasamuaning para muni, ingkang kawistara sami anggatosakên. Saking wasisipun anggènipun nyariyosakên, rumaosipun ingkang sami mirêngakên, ngantos kadi dene nyumêrêpi lêlampahan ingkang sawêk kalampahan.

--- 1 : 6 ---

Pangandikanipun Sang Soti.

Rikala kula mirêng cariyos sukci sakalangkung elok, akathah rêroncènipun, anggitanipun Sang Maharsi Krêsna Dwipayana, sarta sampun kadadosakên sêrat, nama Mahabarata, môngka lajêng dipun dongèngakên dening Bagawan Wesampayana, wontên ing ngarsanipun nata binathara, putranipun Prabu Parikêsit, ingkang luhur jiwanipun, jêjuluk Maha Prabu Janamejaya, wêkdal anjênêngi wiwahan sêsaji naga, sarta sasampunipun kula lêlana aningali sakathahing talaga, lèpèn-lèpèn, sarta narmada sukci, tuwin pintên-pintên padunungan sukci, kula lajêng dhatêng têgal Samanta Pancaka, ingkang kaluhurakên dening para dwija, inggih punika papan tilas ajanging papranganipun para Pandhawa mêngsah Kurawa, tuwin panglêburanipun para satriya agêng-agêng. Saking ngriku kula lajêng sowan ing ngarsa paduka punika, awit binuncang dening dêrênging kapengin kula, pêpanggihan kalihan paduka. Dhuh sang wicakcana, wontên panganggêp kula, paduka punika pangejawantahipun Hyang Brahma, lah para rahayu ing budi, cahya paduka wontên ing papaning sêsaji ngriki, gumilang-gilang kadi sunaring surya. Paduka sampun anglampahi puja brata, mila kalampahan sukci. Paduka [Padu...]

--- 1 : 7 ---

[...ka] sampun anêtêpi samêsthining samadi, sarta angurubakên latu sukci, saha sampun tanpa sêmang-sêmang, dhuh sang dwija, kula kêdah nyariyosakên punapa malih. Punapa kaparêng kula nyariyosakên sêrat-sêrat Purana, ingkang angêwrat wêwaton tataning agami, punapa sawarnining kabêgjan ingkang sagêd pinanggih wontên ing marcapada, kanthi pratitising têmbung, utawi punapa nyariyosakên tindakipun para sukci, saha para nata binathara.

Wangsulanipun sang tapa: Purana sakawit kawêdharakên dening Maharsi Dwipayana, sasampunipun kawuningan ing para dewa tuwin para brahma rêsi, lajêng sangêt kaaji-aji, Purana ugi sêrat dongengan kang luhur, kawontênaning cariyosipun sinêling-sêling, sasampunipun mulang prakawis lair, lajêng piwulang kasuksman, lajêng piwulang lair malih, makatên salajêngipun. Panatanipun kacampur, nanging pandhapukipun sakalangkung prayogi. Mawi rinêngga ing Wedha, mila winastan sêrat sukci. Pangriptanipun kalihan têmbung ingkang alus-alus, sarta angêwrat wêwatoning sêrat-sêrat sukci sanès-sanèsipun, pinajaran dening sawarnining sastra, ugi angêwrat kawruhing Wedha sakawan pisan. Kula sakônca kapengin mirêngakên ingkang winastan Mahabarata. [Mahaba...]

--- 1 : 8 ---

[...rata.] Sêrat sukci ingkang ngebat-ebati, anggitanipun Sang Wiyasa, kacariyos dêdongenganipun sagêd adamêl sirnaning rudatos, nalikanipun tiyang kataman panandhang, inggih ingkang sampun dipun dongèngakên dening Rêsi Wesampayana wontên ing ngarsanipun Prabu Janamejaya, sarta dipun jênêngi piyambak dening Sang Dwipayana.

Sang Soti lajêng ngandika. Kula sumungkêm ing padanipun Sang Isana ingkang maujud priya, inggih sang kawitan, ingkang sinêmbah saha sinajenan ing ngakathah. Ingkang têtela tan kênaning risak, inggih Brahma, ingkang kenging kinawruhan, utawi botên kenging kasumêrêpan. Ingkang wontên, ugi botên wontên, inggih sadaya kang gumêlar, utawi botên gumêlar. Ingkang anitahakên luhur tuwin asor. Ingkang wontên wiwit kina-makina, luhur saha botên sagêd surut pangwasanipun. Inggih sajatining Wisnu, juru angupakara, saha têtela manawi luhur piyambak. Ingkang tansah pinilih, sukci, tuwin tanpa cacad. Inggih Sri Ari, ingkang ngratoni saliring pangwasa, panutaning sadaya ingkang ebah, utawi botên ebah.

Wiyosipun: Kula badhe amiwiti nyariyosakên punapa ingkang sampun kawursita ing dalêm ciptanipun Sang Wiyasa, ingkang

--- 1 : 9 ---

misuwur kawicaksananipun, prakawis anggènipun anggêlar sawarnining pandamêl angebat-ebati, ingkang wontênipun ing ngriki linuhurakên ing ngakathah. Ing nguni sampun wontên pujôngga ingkang anyêbar sêrat wau, malah ing mangke wontên ingkang mulangakên pitêdahipun, dene pawingkingipun badhe wontên ingkang anyuraos dêdongenganipun, wigatos kangge anênuntun donya. Inggih dêdongengan punika tukipun sadaya kawruh ingkang ginêlar wontên ing jagad têtiga (triloka) dene ingkang angêmbani sadaya wau para dwija. Wujudipun cariyos wau karingkês, utawi kajèrèng. Cacriyosanipun têtela dados kalulutipun para sarjana, amargi angêwrat têtêmbungan, saha wiraosanipun para dewa tuwin para sujana, punapadene isi kêkidungan.

Rikala ing donya kaoncatan ing kaendahan saha pêpajaripun, dados linimputan ing pêpêtêng, ing ngriku lajêng wontên tigan ginaib, inggih punika kamulanipun sadaya dumados. Sawarnining titah saking ing ngriku pinangkanipun, sarta botên têlas salami-laminipun, tigan wau winastan maha dwipa, dene dumadosipun, nalika wiwitaning yoga (jaman). Kacariyos ing lêbêtipun tigan [tiga...]

--- 1 : 10 ---

[...n] wau, padununganipun sajatining Brahma, kawontênan kang langgêng, angebat-ebati, saha botên kenging kinintên-kintên, kados ingkang dêdunung ing sanès-sanèsipun, inggih punika kawontênan ingkang botên kenging ginayuh, awit saking luhuripun. Dene sipatipun, amakarti wontên ing dalêm sadaya wujud, tuwin ingkang botên maujud. Inggih saking maha dwipa pinangkanipun Hyang Pitamaha, Hyang Brahma, sajatining Hyang Prajapati, tuwin Hyang Suraguru, sarta Hyang Stanu, Hyang Manu, Hyang Ka, saha Pramèsthi. Makatên ugi Bathara Praceta, tuwin Bathara Dhaksa, punapadene putranipun pitu, Prajapati salikur ugi saking ngriku, punapadene manungsa ingkang watakipun botên kenging kinintên-kintên, inggih ingkang sampun kawuningan dening para rêsi. Para wiswa dewa, para aditya, wasu, tuwin dewa kêmbar asma aswina. Para yaksa, sadya, pisaca, guhyaka, tuwin para pitri. Sasampunipun sadaya wau dumados, lajêng dumadosipun para brahma rêsi, ingkang wicaksana lan sukci. Pintên-pintên raja rêsi, pinilah-pilah miturut golonganing darajadipun piyambak-piyambak. Wasana lajêng toya, sakathahing alam-alam, donya, hawa, langit, keblat, taun, môngsa, wulan, paksa (umur 14 dintên) saha rintên [ri...]

--- 1 : 11 ---

[...ntên] tuwin dalu, sami lumampah samêsthinipun piyambak-piyambak, tuwin malih sadaya kawontênan ingkang kasumêrêpan ing sadhengah tiyang.

Sadaya ingkang wontên ing dalêm cakrawala, nadyan ingkang gêsang punapa pêjah, --sadaya dumados-- dumugi môngsa sirnanipun,[1] inggih punika wasananing lampahipun yoga, lajêng sami kawangsulakên dados satunggal malih. Dene manawi yoga têturutanipun winiwitan, sadaya punika lajêng tinitahakên malih. Kados kawontênanipun wowohan ing donya, sami gêntos-gêntos anguwoh, anut samêsthining panguwohipun piyambak-piyambak. Dados kawontênanipun sadaya wau tansah anyakra panggilingan tanpa kèndêl, botên wontên wiwitan tuwin wêkasanipun, dene ingkang minôngka pangrisakipun sadaya wau, jantraning panggilingan langgêng.

Kawontênanipun golonganing para dewa, rancaganipun wontên 333.333. putranipun Hyang Dhiwa, inggih punika Sang Brihatbanu, Caksusa, Atma, Wibawasu, Sawita, Ricika, Arka, Banu, Asabaha, tuwin Rawi. Têdhakipun Wiwaswan, ing jaman kina, ingkang ênèm piyambak, asma Mahya, apêputra

--- 1 : 12 ---

Dewabrata, dene putranipun Dewabrata ingkang pêparab Subrata, apêputra tiga, Sang Dhasajwoti, Satajyoti tuwin Sahasrajyoti. Tiga pisan wau sami kathah têdhak turunipun. Kacariyos ingkang misuwur risang Dhasajyoti, darahipun sadaya wontên 10.000, darahipun Sang Nata Jyoti tikêl sadasa. Dene Sahasrajyoti tikêl sadasa saking darahipun Sang Satajyoti. Inggih saking ing ngriku pinangkanipun bôngsa Kuru, Yadu, saha Barata, sarta kulawarga Yayati, tuwin Ikswaku, makatên ugi sagunging para raja rêsi. Kajawi punika taksih wontên malih sanès-sanèsipun, ingkang sami gadhah papan padunungan piyambak-piyambak. Sadaya sami kasinungan watak têtiga, inggih punika: wedha, yoga, tuwin wijnana. Darma, arta, tuwin kama. Ugi gadhah sêrat katranganipun darma, arta saha kama wau. Undha usukipun anut kalakuanipun tiyang, ugi isi dêdongengan, tuwin piwulang pintên-pintên, dalasan srutinipun, enggalipun sadaya ingkang sampun kawuningan dening Maharsi Wiyasa, punika sami kawursita wontên ing ngriku, dipun pratelakakên gêntos-gêntos, malah ngantos tuladhaning sêrat-sêrat, tuwin sanès-sanèsipun botên wontên kalangkungan.

--- 1 : 13 ---

Sang Wiyasa anggènipun anggêlar kawruh samantên kathahipun wau, karingkês rumiyin, lajêng andharanipun ingkang makatên adamêl bingahipun para sarjana ing donya, karantên pangajêng-ajêngipun sagêda angringkês tuwin angandharakên. Ingkang sami maos Sêrat Mahabarata, pamaosipun sawênèh wontên ingkang mawi angucap mantra rumiyin, sawênèhipun kawiwitan saking maos cariyos Astika, wontên ingkang maos Oparicara, ananging para brahmana ugi wontên ingkang lajêng angucapakên sadaya punika. Para sujana sabên badhe anggêlarakên kawruh ingkang kawursita ing sêrat wau, mawi cathêtan, supados sampun wontên kalangkungan, ugi wontên ingkang sagêd anêrangakên suraosipun, malah wontên ingkang sagêd nyariyosakên sadaya isinipun, sarta sagêd nêrangakên, botên dadak mawi cathêtan.

Anggènipun Sang Sêtyawatiputra, sagêd amudhar wêwadosing piwulang Wedha kang langgêng, punika asarana tapa brata, tuwin samadi, saparipurnaning pamudharipun, lajêng kadhapuk dados cariyos sukci. Sang Brahma Rêsi kang luhur sarta têtêp dhatêng kasukcian, inggih kang minulya Risang Dwipayana Wiyasa, putranipun Maharsi Parasara, sasampuning paripurna panganggitipun wontên ing dalêm [da...]

--- 1 : 14 ---

[...lêm] batos, sadaya kawontênaning cacriyosan ingkang misuwur ing jagad têtiga punika, lajêng anggalih kadospundi lampah anggènipun badhe mulangakên dhatêng para siswanipun. Hyang Brahma, guruning jagad, ingkang awatak nêm prakawis (sad guna) botên kasamaran dhatêng èmênging panggalihipun Sang Brahma Rêsi Dwipayana, inggal mangejawantah lajêng tumurun dhatêng dhepokipun Sang Wiyasa, wigatos badhe amituruti sapanyuwunipun, puwara adamêl kabêkjaning jagad.

Kacariyos, Sang Wiyasa ingkang pinuju kaadhêp sakathahing golonganipun para muni, dupi priksa rawuhipun Hyang Brahma sakalangkung kagèt, lajêng tumungkul sarwi anguncupakên asta, sarta dhawuh mundhut palênggahan. Sasampunipun, Sang Wiyasa lumampah angubêngi Hyang Brahma, inggih Sang Iranyagarba, anggènipun lênggah ing palênggahan sukci, ingkang amung kasadhiyakakên kagêm panjênênganipun, nalika wau Hyang Brahma lajêng jumênêng, sarwi mangawe, pramila Sang Wiyasa lajêng angapurancang sacêlaking palênggahanipun: Hyang Brahma Pramèsthi: amarikêlu yayah konjêm ing pratiwi, sêmu mèsêm awit saking bingahing panggalihipun. Sarêng dinangu darunaning prihatos, sang maharsi matur: Dhuh Brahma, ulun sampun angripta kêkidungan, ingkang [ing...]

--- 1 : 15 ---

[...kang] lajêng kapundhi-pundhi ing ngakathah. Ing dalêm kidung wau, ulun sampun anêrangakên Wedha sakawan, dalasan caranganing Wedha, sarta sanès-sanèsipun, kados ta: sagung rangkening sêsaji, opanishad, dalasan angganipun pisan. Sakathahing Purana, tuwin dongènganipun ingkang sampun ulun anggit, lajêng ulun wastani: sasampunipun wontên peranganing môngsa têtiga. --Inggih punika ingkang sampun kapêngkêr, ingkang sawêg kalampahan tuwin ing têmbe. Watêsan kodrating risakipun, pêjah, ajrih, sakit, dumados, tuwin botên. Kawontênaning kapitadosan, sarta kawontênanipun sadaya gêsang. Tataning bôngsa sakawan golongan, sarta ajining Purana. Pigunaning tapa brata tuwin kuwajibanipun para ulah agami. Ukuran agênging surya lan côndra. Sadaya derah pamanggèning planit-planit tuwin lintang-lintang. Umuring jaman sakawan, kawontênanipun, riksama, tuwin yajurwedha. Prakawis adiatma. Piwulang nyaya, ortupi, sarta pangupakaraning tiyang sakit, katranganing watak wêlas asih, tuwin pasupata, sakathahipun ingkang migunani tumraping kalairan. Para ingkang manggèn ing kaswargan, tuwin manungsa. Sarta lampahipun para anjajah padunungan [padu...]

--- 1 : 16 ---

[...nungan] sukci. Punapadene sakathahing panggenan, lèpèn, wana, tuwin samodra sukci. Kitha-kitha, kaswargan, saha lampahing kalpa. Kawruhipun tiyang amangun prang. Sagung jinising bôngsa, saha basa, kodrating watakipun manungsa, ugi nyariyosakên kawontênanipun raos jati kang rumêsêp ing sagung dumados. Kawuningana pukulun, sadaya wau sampun samapta, ananging ing donya dèrèng wontên sarjana sujana ingkang kadugi nyêrati sadaya punika.

Pangandikanipun Hyang Brahma: Ana ngantaraning pasamuane para muni kang wus kinacèk saka para muni liya-liyane iki, amarga saka sucining lakunira, ingsun pribadi anêksèni, kaluwihanira ingatasing wêwadi kang piningit dening para dewa. Ingsun ora kasamaran, sira wus amêdharake kawruhing para dewa, samêsthining tatêmbungane kang kanggo anêrangake, sanadyan lagi sapisan kawêdharake dening para dewa. Anggitanira mau, sira arani kêkidungan, apa ta mungguh prêlune têka winangun kêkidungan. Ing nguni-uni durung ana pujôngga kang wus bisa amêdharake iku mau, nganggo lêlagon, kang ora singlar rasane, sanadyan kasêtyane panggarape nganti kaya kasêtyane darajad têtêlu, iyaiku darajading para linuwih kang

--- 1 : 17 ---

sinêbut asrama, môngka sang asrama têtêlune mau, sêtya tuhune marang panggawehane, wus beda tinimbang para asrama kang amêngku bale wisma. Bisane kêlakon tinulis, pasrahna marang Muni Ganesa.

Lajênging cariyosipun Sang Soti, sasampunipun Sang Wiyasa tampi timbalanipun Hyang Pramèsthi makatên wau. Sapêngkêripun Hyang Brahma, lajêng angèsthi Bathara Ganesa. Kawuningana Hyang Ganesa, juru ambirat saliring rudatos, tansah mirantos amituruti sapanêdhanipun para ingkang angluhurakên ing panjênênganipun, pramila sabên kaèsthi, sami sanalika lajêng ngatingal, cakêt palênggahanipun Sang Wiyasa. Sasampunipun kaancaran palênggahan, Sang Wiyasa lajêng matur: Dhuh, dhuh, panutaning para gana, mugi andika kaparêng anyêrati cariyos Mahabarata, ingkang sampun kula ripta, samangke kula sampun mirantos badhe nyariyosakên.

Hyang Ganesa nalika midhangêt prasabênipun Sang Wiyasa makatên wau, lajêng mangsuli: Kula ingkang badhe dados juru citrane anggitan andika Barata, pirantosing panyêrat sampun kula samêktakakên, dados sanadyan amung sakêdhèping netra panitra kula botên badhe kandhêg, Sang Wiyasa matur:

--- 1 : 18 ---

Pukulun manawi wontên suraos ingkang pêtêng, mugi kèndêla sakêdhap panyêratipun, sampun kalajêngakên kemawon. Dupi Hyang Ganesa sampun angsung sasmita, bilih sampun nayogyani, sarta sampun mirantos badhe anyêrati, katôndha sampun angucap: om: Sang Wiyasa tanggap cipta sasmita, lajêng wiwit anyariyosakên kalihan sênênging panggalih. Pandhapuking ukara kadamêl cêkak aos, anggènipun Sang Wiyasa nyariyosakên dongèng Mahabarata wau amung sarana cipta.

Ingkang sampun kula sumêrêpi Sêrat Mahabarata wontên 8800 pada, nanging ingkang sampun kasumêrêpan dening Sang Suka, tuwin Sanjaya ugi samantên wau. Dhuh sang tapa, awit saking alusing sanggitaning salokanipun, saha lêbêting raosipun, dumugi samangke dèrèng wontên manungsa ingkang sagêd anjajagi têlênging Barata. Sanadyan ingkang widakda Bathara Ganesa kalamôngsa kanggêg sakêdhap panyêratipun, awit saking anyandhung raos ingkang sakalangkung gaib. Sabên Sang Ganesa kèndêl panyêratipun, nadyan amung sakêdhèping netra, lajênging pangriptanipun Sang Wiyasa sampun angsal pintên-pintên pada.

Kawruh ingkang sêsingidan ing nglêbêtipun Sêrat Barata, punika [puni...]

--- 1 : 19 ---

[...ka] kenging kaupamèkakên satunggiling pirantos ingkang kenging kangge anggarap samukawis, sarta sagêd nyumêrêpakên, bilih jagad ingkang anggung linimputan ing pêdhut kabodhoan, punika tansah angupaya kamajêngan. Kados upaminipun, soroting surya, saèstu kawasa ambirat pêpêtêng, makatên kawontênanipun cariyos Barata, prabaning piwulangipun prakawis agami, kabêgjan saha kabingahan, sarta piwulangipun bab sajatining pamudharan, têtela sagêd ambirat kabodhoaning manungsa, kadosdene wulan purnama, asrêp saha alusing sunaripun anjalari tuwuhing kudhup têrate. Makatên ugi Sêrat Purana, samôngsa katêrangakên srutinipun, kawasa ambuka ciptaning manungsa. Dados isèn-isèning gêdhong patandhoning wijinipun sadaya kodrat, sagêd kasumêrêpan dening pêpajaring cariyos Barata, ingkang têtela kawawa ambuncang pêdhut kabodhoan.

Manawi cariyos Barata wau kaupamèkakên kêkajêngan ingkang marambat, bab-babipun punika minôngka wohipun. Peranganipun ingkang nama Polama tuwin Astika Parwa, oyotipun. Dene Sambawa Parwa dêlêgipun. Parwanipun [Parwani...]

--- 1 : 20 ---

[...pun] agêng ingkang winastan Saba, tuwin Iranya Parwa anjang-anjangipun. Peranganipun ingkang nama Aradya cangkokanipun ingkang badhe lajêng dados wiji. Wiratha saha Odyaga Parwa punika sarinipun. Bisma Parwa êpang agêng. Drona Parwa ronipun. Karna Parwa sêkaripun kang adi. Salya Parwa gandaning sêkaripun kang arum angambar. Ingkang winastan Stri tuwin Esika, yomipun kang edhum. Santi Parwa wohipun kang agêng pigunanipun. Aswameddha Parwa punika deresanipun ingkang mili tanpa kêndhat. Asrama Wasika papan dununging têwahipun. Dene ingkang nama Mosala Parwa, punika suraos ringkêsaning Wedha ingkang winiraos ing ngriku. Inggih punika ingkang tansah kaidhêp saha pinundhi-pundhi dening para brahmana ingkang anêtêpi sêsanggêman. Wit Barata sagêd dados panglipuripun tiyang kapêtêngan manah, sarta dados wêwaton gêsangipun para pujôngga ingkang sampun kinacèk kalayan sasaminipun.

Sang Soti anglajêngakên cariyosipun: Samangke kula badhe nyariyosakên kawontênanipun wit-witan ingkang botên nate katêlakan sêkar saha uwohipun wau, sarta raosing uwohipun têtela miraos, dene ingkang sagêd amêjahi amung ingkang tan kenging pêjah. Ing nguni Sang Wiyasa

--- 1 : 21 ---

ingkang sarwa widakda dhatêng kawruh kasuksman, saha linangkung kasukciyanipun, pinèt sraya dening Sang Bisma, putranipun Dèwi Gangga, punapadene ingkang ibu piyambak, supados adamêl widadaning turunipun Sang Prabu Sêntanu, sarana agarwa putri randhanipun Prabu Wicitrawirya, wasana pêputra tiga, Dritarastra, Pandhu tuwin Widura, ingkang kêkulitanipun kadi sorot tigang warni, sasampunipun lajêng wangsul anglajêngakên anggènipun tapa brata.

Sang Maharsi Wiyasa anggènipun mêdharakên cariyos Barata wontên ing jagading manungsa, botên ing nalika miyosipun para rajaputra têtiga wau, tuwin botên nalika diwasanipun, utawi wêkdal tinilar lêlana dening sang maharsi. Kawêdharipun punika sarêng wontên panyuwunipun Sang Prabu Janamejaya, kalihan para bramana maèwu-èwu, wêkdal sami angèstrèni sêsaji naga. Sang Dwipayana dhawuh dhatêng siswanipun, nama Rêsi Wesampayana, ingkang linggih wontên ing sacêlaking palênggahanipun, supados amêdharna cariyos Barata ing antawising pasamuwanipun para sadhasya. Sasêlaning anggènipun sêsaji, Sang Wesampayana lajêng angidung cariyos Barata.

--- 1 : 22 ---

Sang Wiyasa anggènipun anyariyosakên kaluhuranipun para trah Kuru ngantos salêsih, ugi mratelakakên ambêgipun Dèwi Gandari, sarta kasêtyanipun Dèwi Kunthi, punapadene ambêgipun Risang Wasudewaputra ingkang salingga bathara. Adiling watakipun para Pandhuputra, sarta piawoning pandamêlipun para putranipun Prabu Dritarastra.

Sêrat Barata wau panganggitipun Sang Wiyasa sêkawit wontên 24000 pada. Sêmantên wau manawi sadaya cariyos wêwahanipun botên kapetang. Mila luguning cariyos Barata wontên panganggêpipun para paramèng sastra, inggih amung samantên wau. Pawingkingipun winêwahan malih kalih bêlah pada, ananging amung ringkêsanipun sadaya wau, kalêbêt bêbuka tuwin parwanipun. Cariyos Barata sakawit kawarahakên dhatêng putranipun asma Suka, lajêng amarah dhatêng para siswanipun sawatawis, ingkang têtela sampun darbe dhasar kalantipan kados Sang Suka. Sarêng sampun paripurna sadaya, sang maharsi lajêng angripta malih 6000,000 pada. Ingkang 3000,000 pada, amung kawuningan dening para jawata ing kaswargan, ingkang 1500,000 pada, kawêdhar ing alaming para pitri, ingkang 1400,000 kasumêrêpan wontên ing arahing para gandarwa. Dene ingkang 100,000 pada, kawêdhar wontên ing

--- 1 : 23 ---

alaming manungsa. Cariyos wau ingkang mêdharakên dhatêng para dewa Maharsi Naraddha. Ingkang mêdharakên dhatêng para pitri, Sang Dhewala. Sang Suka amêdharakên dhatêng para gandarwa, wontênipun ing marcapada, kawêdharipun sangking Bagawan Wesampayana. Kawuningana, Bagawan Wesampayana, siswanipun Sang Wiyasa ingkang lêbda dhatêng kasuksman, saha pinunjul ing antawisipun para ingkang sami manggulang Wedha. Nanging kula piyambak, Soti, ugi mêdharakên 100,000 pada.

Manawi Duryudana punika, kaupamèkakên wit kamurkan, ingkang minôngka dêlêgipun punika Karna, êpangipun Sangkuni, sêkar tuwin uwohipun ingkang nyadham (mèh matêng) Dusasana, dene oyotipun Prabu Dritarastra, inggih narendra ingkang tanpa kakêncêngan punika.

Bilih Yudhisthira ugi kaupamèkakên kêkajêngan, Yudhisthira punika uwit agami tuwin kautamèn, dêlêgipun Arjuna, pangipun Bimasena, sêkar saha uwohipun, putranipun Dèwi Madri, sakêmbaran, dene oyotipun Sri Krêsna, Hyang Brahma, tuwin para brahmana.

Asarana kasudiran saha kawicaksananipun Prabu Pandhu, sagêd anêlukakên nagari pintên-pintên, sasampunipun [sasampunipu...]

--- 1 : 24 ---

[...n] lajêng anglêrêmakên sarira wontên ing wana nunggil kalihan para muni, sasêlaning anggènipun abawa raos, lajêng ababêdhak sato wana. Ing satunggiling dintên sang prabu anindaki pandamêl dosa, anjêmparing kidang ingkang pinuju sih-sinihan kalihan èstrinipun, pandamêl makatên wau minôngka pêpèngêting para putra sadangunipun tumitah wontên ing donya. Pambudidayanipun para garwa amrih sang prabu sagêd anêtêpi sapranataning agami, lajêng sami angayom ing pangwasanipun Sang Hyang Darma, Bayu, Sakra (Endra) saha dewa kêmbar, ingkang asêsilih Bathara Aswina. Diwasanipun para rajaputra wontên ing panggenan sêpi samadyaning wana sukci, dhepokipun para anêtêpi sapitêdahing agami, dene ingkang minôngka pamomongipun para rajaputra ingkang ibu piyambak, saha kapasrahakên dhatêng para ambangun tapa. Tinuntun dening para rêsi, kaayoman dening Sang Prabu Dritarastra dalasan para putranipun. Para Pandhawa wau dados siswanipun para tapa, pangagêmanipun ugi kados limrahipun para brahmacari, rikma kinlabang lajêng ginêlung. Wêkdal punika wontên maharêsi angandika makatên: para rajaputra iki siswaningsun, iya putra, sadulur, lan mitranira, yaiku para Pandhawa. Sasampunipun ngandika [ngandi...]

--- 1 : 25 ---

[...ka] makatên wau lajêng musna.

Rikala para rajaputra wau kaundhangakên, bilih putranipun Prabu Pandhu, Kurawa ingkang luhur pambêkanipun sami suka-suka, sawênèhipun wontên ingkang cariyos, manawi sanès putranipun Prabu Pandhu. Sawênèhipun malih putranipun sayêktos, malah wontên ingkang pitakèn, sarèhning Prabu Pandhu punika tiyang sami priksa bilih sedanipun sampun sawatawis dangu, kadospundi dene lajêng dipun wastani turasipun Sang Prabu Pandhu. Ing sadhengah panggenan kamirêng suwantên kados ing ngandhap punika:

Panjênêngane ana ing ngêndi bae mêsthi tinampan kalawan sênênging ati, aku kabèh kudu rumêksa marang kulawargane, awit iku kêkasihing dewa. Mara padha undhangna, yèn panjênêngane kudu linuhurake ana ing sadhengah panggonan. Sakèndêling suwantên makatên wau lajêng sinambut ing surak mawurahan, dene suwantêning batosipun tiyang-tiyang wau, sakalangkung sora, ngantos ngumandhang wontên ing kaswargan. Mila sanalika wau lajêng jawah sêkar ingkang sakalangkung arum gandanipun, sarta kamirêng suwantêning napiri tuwin salomprèt. Makatên kaelokan ingkang dumados, nalika para Pandhawa rawuh

--- 1 : 26 ---

wontên ing Astinapura. Suwantênipun tiyang ingkang anelakakên bingahing manahipun, yayah ambêngkah-bêngkahna prabata. Kumandhangipun wontên ing kaswargan nginggil piyambak, ngantos langkung samêsthinipun.

Sasampunipun sinau Wedha, sawarnining sastra, tuwin sanès-sanèsipun, para Pandhawa lajêng nunggil kalihan para Kurawa, sangêt kaaji-aji dening tiyang Astina, sarta botên sinônggarunggèn.

Para luhur sami karênan aningali sukcining ambêgipun Yudhisthira. Karosanipun Bimasena. Kaprawiranipun Arjuna. Sungkêmipun Dèwi Kunthi. Saha susilanipun sang kêmbar, Nangkula tuwin Sadewa, dene tiyang alit sami angluhurakên kasudiranipun sadaya wau.

Botên watawis dangu saking lêlampahan ingkang sampun kawursita ing nginggil, Arjuna anglêbêti sayêmbara, sagêd amboyong putri nama Dèwi Krêsna. Wontên wiwahaning sayêmbara ingkang kadhatêngan sakathahing para narendra, Sang Arjuna sampun ngatingalakên kalangkunganipun, kados ta: titis saha parigêlipun anjêmparing. Wiwit titimôngsa punika, Sang Arjuna kaeringan sangêt dening para olah jêmparing. Punapadene [Punapade...]

--- 1 : 27 ---

[...ne] wontênipun ing samadyaning paprangan, Sang Arjuna ngalela kadi srêngenge, tansah dados pandênganing mêngsahipun, saha sasampunipun anêlukakên para narendra sakiwa têngêning prajanipun, sarta anêluk-nêlukakên golonganing bôngsa pintên-pintên, lajêng damêl lêlabêtan agêng dhatêng ratunipun, kadangipun sêpuh, angwontênakên sêsaji agêng ingkang winastan rajasuya.

Sasirnanipun Prabu Jarasandha (raja ing Manggada) saha kang ambêg kumalungkung narendra ing Cedhya, awit saking kawicaksanan saha adilipun Risang Wasudewaputra, saha kasudiranipun Bimasena miwah Arjuna, amargi sampun botên kêkirangan pirantos sajèn, tuwin sampun damêl lêlabêtan agêng, pramila Prabu Yudhisthira winênang adamêl sêsaji rajasuya. Sang Duryudana ugi angèstrèni wiwahaning rajasuya wau. Nalika Duryudana wuninga kasugihanipun para Pandhawa, ingkang wêkdal punika kagêlar wontên ing pasamuan, kados ta: sawêrnining sajèn, sagunging sêsotya nawa rêtna ingkang botên sakêdhik ajinipun, kancana raja kaputrèn, liman, lêmbu, kapal, sakathahing sinjang tênunan kancana, upacaraning kaprabon, rimông kadamêl saking wuluning sato ingkang

--- 1 : 28 ---

awis-awis rêginipun, tuwin babut saking kamusan kewan nama rangku, Duryudana katêwahan raos mèri, mila lajêng risak panggalihipun, langkung malih sarêng priksa suyasa dêdamêlanipun Maya (undhagi bôngsa asura) ingkang botên siwah kalihan kadhaton ing kaswargan, sangêt botên rêna panggalihipun, tuwin kados punapa nêpsunipun, dupi kasumêrapan kawiranganipun, saking klintuning panyananipun dhatêng kawontênan anèh-anèh ingkang wontên sakubênging kadhaton, môngka lajêng dipun gêgujêng dening Bima wontên ngarsanipun Sang Krêsna, awit kaanggêp tiyang bingung.

Kawontênanipun ing Endraprastha, punapadene acluming pasêmon saha pucêting pasuryanipun Duryudana, wêkdal priksa kathah saha adining sêsaji, punika ugi lajêng kapirêng dening Sang Prabu Dritarastra. Botên watawis dangu kalihan lêlampahan wau Prabu Dritarastra, awit saking sihipun dhatêng putra, mila sanajan Duryudana gadhah panyuwun ingkang kirang prayogi badhe kadadosanipun, inggih punika nêdya kasukan dhadhu kalihan para Pandhawa, mêksa dipun parêngakên kemawon. Rikala Risang Wasudewaputra midhangêt pawartos makatên wau, sangêt botên panuju, ewadene botên pisan-pisan amambêngi [a...]

--- 1 : 29 ---

[...mambêngi] anggènipun sami badhe kasukan dhadhu, kalêstantunakên kemawon ngantos dumugi wasananing lêlampahan, sarta botên pisan-pisan maèlu dhatêng sawarnining prajanjiyan, ingkang têtela anggêgirisi, saha botên kenging dipun adili. Sang Widura, Bisma, Drona tuwin Karpa, putranipun Sang Saradwan, sami botên panuju dhatêng lêlampahan punika, ewadene mêksa kalampahan, wusananipun lajêng anjalari wontênipun lêlampahan agêng, inggih punika para satriya sami pêjah-pinêjahan wontên ing paprangan, sangêt anggêgirisi, makatên wau kêkapan anggènipun sami kasukan dhadhu.

Prabu Dritarastra dupi midhangêt pawartos awon, inggih punika bab ungguling prangipun para Pandhawa, sarta kèngêtan dhatêng rêmbakipun Duryudana, Karna, tuwin Sangkuni, sangêt rudahing galih, wasana lajêng dhawuh dhatêng Sanjaya kados ing ngandhap punika:

Hèh Sanjaya, mara piyarsakna sakèhing dhawuh ingsun marang sira. Sira kang sampurna marang sastra, lantip, lan kasinungan kawicaksanan, ingatase sira ora pantês, yèn ora anggatèkna kang sun pangandikakake iki. Kawruhana, ingsun durung tau darbe karsa nêdya prang, ingsun ora bungah yèn bangsaningsun [angsaningsu...]

--- 1 : 30 ---

[...n] kongsia kalakon sirna. Ingsun durung tau ambedakake putraningsun lan sutane Pandhu. Para putraningsun mung padha anjurungi karêpe dhewe bae, lan ora niyat ngrungokake pangandikaningsun, dumèh ingsun wus kaladuk ing yuswa. Ingsun kang wuta, lan bangêt ngêrês angrasakake kaanan mau kabèh, marga saka sangsaraning kaananingsun iki, dadi bapa kang tanpa kakêncêngan, ingsun banjur tumindak amuta tuli, luwih manèh Duryudana saya andadra punggunge, putraningsun Duryudana barêng mêntas mêruhi kasugihane Pandhawa kang kinawasa iku, lêbune marang prabayasa, padha kaerang-erang, awit tindake banyunyukan. Kagawa saka ora kuwate angrasakake iku mau, lan rumôngsa ora kuwagang angalahake Pandhawa, manawa atandhing yuda, sanajan ingatase satriya ora wênang nindakake panggawe kanggo ngupaya unggule, yèn ora sarana kaprawirane dhewe, ewadene Duryudana, kanthi pitulungane nata ing Gandara, banjur gawe rekadaya nantang ngabotohan dhadhu, nganggo laku cidra.

Hèh Sanjaya, piyarsakna bacute pangandikaningsun, kadadehane lêlakon kabèh mau padha dadi kawruh ingsun, sawuse sira miyarsakake sakèhing caritaningsun iki, môngka [mông...]

--- 1 : 31 ---

[...ka] sira banjur mêruhi, yèn kabèh mau nyata tumus dadi lêlakon, sira nuli nganggêp ingsun wong kang kasinungan kawaspadan. Kalaningsun miyarsa manawa Arjuna, kawawa amênthang langkap Pancala, kaluwihane mau anuli olèh têtêngêr, wêkasan dadi bisa amboyong Dèwi Krêsna, kawruhan dening sakèhing para ratu, o, Sanjaya, ingsun wus ora darbe pangarêp-arêp mulya. Rikala ingsun miyarsa, manawa Si Subadra, putrining bôngsa Madu, karêbut sarana kasudirane Arjuna, sarta banjur kadhaupake anèng praja Dwaraka, apamanèh pêpêthinganing bôngsa Wrêsni karo pisan (bala Rama lan Krêsna) padha têka ing Endraprastha, rêrakêtane bêcik, nganti luwih saka lumrahe wong mêmitran, o, Sanjaya, pangarêp-arêp ingsun bisane olèh kamulyan, nuli kaya kinêbat. Dupi ingsun miyarsa yèn Arjuna wus amituruti sapamintane Bathara Agni, kang banjur masrahake alas Kandhawa, amarga sarana panahe kang saka kaswargan, Arjuna bisa ngalang-alangi pangrêncanane Hyang Endra, ratuning para dewa, anggone amatèni gêni, sarana anibakake udan, ingsun ora duwe pangarêp-arêp yèn bisa mulya. Rikala ingsun miyarsa, yèn Pandhawa lima pisan dalasan Kunthi padha bisa oncat saka

--- 1 : 32 ---

Bale Sagala-gala, apadene Widura mèlu ambiyantu anggarap dalan kanggo oncate. Hèh Sanjaya, pangarêp-arêp ingsun bisane olèh kamulyan, banjur êntèk babar pisan. Kalaningsun miyarsa, yèn Arjuna wus anelakake kaluwihane ana ing pasamuan, sarta banjur ngukup Dèwi Drupadi, luwih manèh para sudira ing Pancala padha kumpul kalawan para Pandhawa, o, Sanjaya, ingsun wus tanpa pêngarêp-arêp. Kalaningsun miyarsa, manawa Prabu Jarasandha, panggêdhening trah kraton Manggada, kang tansah maciya-ciya sumbare ing antarane para satriya, bisa sirna dening Bima, mung sarana tangan bae, o, Sanjaya, ingsun wus ora duwe pangarêp-arêp mulya. Nalikaningsun miyarsa, manawa sutane Pandhu, kalane padha lêlana amangun yuda, bisa anêlukake narendra pira-pira, sarta banjur gawe sêsaji gêdhe rajasuya, lah Sanjaya, ingsun wus ora darbe pangarêp-arêp bisane antuk kamulyan. Rikala ingsun miyarsa, manawa Drupadi swarane swarakkên, labêt saka bangêting panangise, lan bangêt wirange, iyaiku nalikane ana lêlakon kang ora sukci, nganti pênganggone Drupadi mung kari salêmbar, sarta sinèrèt-sèrèt marang pambujanan, nadyan Drupadi ana kang ngayomi, ananging yèn dinulu, kaya ora [o...]

--- 1 : 33 ---

[...ra] ana kang ngayomi. Hèh Sanjaya, ingsun banjur ora darbe pangarêp-arêp mulya. Kalaningsun miyarsa, yèn si daksiya Dusasana niyat anyêndhal tapihe Drupadi kang kari salêmbar, nanging wêkasane ora bisa êntèk-êntèk, nadyan kaping pira-pira anggone andhèdhèli, o Sanjaya, êntèk pangarêp-arêp ingsun mulya. Kalaningsun miyarsa, manawa Yudhisthira, nadyan gone ngabotohan dhadhu wus kalah dening Subala, nganti angêtohake kratone, ewadene para sadulure isih padha sabar, angêntèni kanthi kakêndêlan kang ora ana timbange, hèh Sanjaya, ingsun wus ora darbe pangarêp-arêp mulya manèh. Nalikaningsun miyarsa, manawa para Pandhawa kang bêcik wêwatakane, iku padha karêrantan gone ngêtutake kadange marang alas, sarta dêrêng pangupayane sarana kanggo nguwatake gone nandhang sangsara mau, o Sanjaya, ing kono êntèking pangarêp-arêp ingsun bisane ngukup kamulyan.

Hèh Sanjaya, kalaningsun miyarsa lungane Yudhisthira mênyang alas, kairingake dening para snataka lan para brahmana kang luhur budine, kang uripe mung srana papriman, ingsun banjur ora duwe pangarêp-arêp mulya. Rikalaningsun miyarsa, yèn Arjuna sawuse tandhing tiyasa lan ratune para dewa, kang sêsilih Triyambaka [Triya...]

--- 1 : 34 ---

[...mbaka] (kang anetra têlu) duk amancala warna tuwa buru, môngka kalakone prang mau saka kêparênge Sang Triyambaka dhewe, wasana Arjuna ginanjar gêgaman linuwih aran Pasupati, ingsun ora darbe pangarêp-arêp mulya. Dupi ingsun miyarsa yèn kang ambêg adil Si Arjuna, wêktu ana kaswargan, tômpa ganjaran gêgaman iyasaning para dewa, saka Hyang Endra, lah Sanjaya, êntèk pangarêp-arêp ingsun mulya. Nalikaningsun miyarsa yèn Arjuna banjur bisa anêlukake para Kalakeya, lan para Polama, sarta banjur sumêngah awit olèh pisungsung warna kaprawiran, kang dadi pangêndhihing mungsuhe, nadyan mungsuha para dewa pisan. Iyaiku kaprawiran nugrahaning para Kalakeya, lan para Polama, hèh Sanjaya, ingsun banjur ora darbe pangarêp-arêp mulya. Kalaningsun miyarsa yèn Arjuna kang têtela pangrurahing satru sêkti, munggah marang kahyangane Endra, prêlu pininta sraya anyirnakake para asura, sabubaring prang banjur olèh kamulyan. Ah Sanjaya, ingsun ora darbe pangarêp-arêp bisane mulya. Basa ingsun miyarsa, yèn Bima lan suta-sutane Prita liya-liyane kaêtut buri dening Wisrawana, wus bisa têkan ing talatah kang ora kêna kaambah ing janma, ingsun wus nora darbe pangarêp-arêp mulya.

--- 1 : 35 ---

Rikalaningsun miyarsa, manawa para putraningsun, marga kèlu marang rêmbuge Karna, banjur padha lêlana mênyang Gosayatra, wêkasan banjur dadi tawananing para gandarwa, môngka banjur linuwaran dening Arjuna, o Sanjaya, pangarêp-arêp ingsun bisane ngukup kamulyan, êntèk padha sanalika. Kalaningsun miyarsa, yèn Hyang Darma, matêdhaki mancala warna yaksa, nuli gawe patakonan marang Yudhistira, hèh Sanjaya, ingsun ora duwe pangarêp-arêp mulya. Kalaningsun miyarsa, yèn para putraningsun, bisa katilapan panamuring Pandhawa, sajrone dêdunung anèng Wiratha nunggal kalawan Drupadi, o Sanjaya, ingsun wus ora darbe pangarêp-arêp mulya. Dupi ingsun miyarsa, manawa têtungguling para prajurit ingsun, kabèh wus kalindhih dening Arjuna kang ambêk utama, mung karo rata siji, iyaiku nalika ana ing praja Wiratha, lah Sanjaya, ingsun wus ora duwe pangarêp-arêp mulya. Kalaningsun miyarsa, manawa narendraning bôngsa Matsya anrimakake putrine kang utama ambêke, aran Otari marang Arjuna, môngka putri têtariman mau banjur kadhaupake olèh anake, hèh Sanjaya, ingsun ora duwe pangarêp-arêp mulya. Kalaningsun miyarsa, yèn Si Yudhisthira kang wus kasoran anggone dhadhu, lan kaelangan [kaelang...]

--- 1 : 36 ---

[...an] kabèh rajadarbèke, banjur angalas, pinisah saka pawong mitrane, môngka kalakon bisa ngumpulake prajurit pitung Aksuhini, o Sanjaya, pangarêp-arêp ingsun mulya êntèk babar pisan. Rikalaningsun miyarsa, manawa Wasudewaputra, narendra bôngsa Madu kang bisa nutupi bawana mung sarana sikile siji, suka bungah anambut karya, kanggo prêluning Pandhawa, Sanjaya, êntèk pêngarêp-arêp ingsun mulya. Kalaningsun miyarsa, pangandikane Maharsi Naraddha, manawa Sri Krêsna lan Arjuna iku Hyang Narayana lan Rêsi Nara, apamanèh Maharsi Naraddha ngudanèni kalane sakarone mau anèng kahyangane Hyang Brahma, Sanjaya, pangarêp-arêp ingsun mulya ora ana tabête. Kalaningsun miyarsa, manawa Sri Krêsna bangêt pangangkahe bisane rukun, amrih dadi kamulyane manungsa, sinaranan ambênêrake klèruning Kurawa, nanging banjur bali, karsane ora bisa kalakon, Sanjaya, ingsun wus ora darbe pangarêp-arêp mulya. Kalaningsun miyarsa, yèn Karna lan Duryudana, duwe sêdya arêp anukup Sri Krêsna, môngka Sri Krêsna banjur tiwikrama, Sanjaya, ingsun wis ora darbe pangarêp-arêp bisane mulya. Nalika ingsun miyarsa, yèn baline Sri Krêsna, Kunthi banjur ngadêg anèng sacêdhaking ratane, karo nangis karêrantan, [ka...]

--- 1 : 37 ---

[...rêrantan,] sarta banjur linipur dening Sri Krêsna, Sanjaya, ingsun ora duwe pangarêp-arêp mulya. Kalaningsun miyarsa, yèn Wasudewaputra lan Bisma, putrane Santanu, karsa dadi têtaringaning Pandhawa, sarta para Pandhawa binarkahan dening Drona, putrane Baratwaja, Sanjaya, ingsun wis ora duwe pangarêp-arêp mulya. Kalaningsun miyarsa, manawa Karna matur marang Bisma yèn ora bakal mèlu prang, sajrone Bisma isih anindhihi wadyabala, sawuse matur mangkono Karna banjur aninggal pabarisan, Sanjaya, ingsun ora darbe pangarêp-arêp mulya. Kalaningsun miyarsa, manawa Wasudewaputra, apadene langkap aran gandhewa, têlu pisan iku pangwasane têtela angebat-ebati, môngka têkane anèng pabaratan abêbarêngan, Sanjaya, ingsun ora duwe pangarêp-arêp mulya. Kalaningsun miyarsa, manawa Arjuna kalane ana ing rata tuwuh rasane rangu-rangu, banjur ngalumpruk anèng jêrambahing rata, Sri Krêsna banjur anuduhake Arjuna, yèn alam saisine kabèh iku ana ing sarirane, Sanjaya ingsun ora duwe pangarêp-arêp mulya. Kalaningsun miyarsa, manawa Sang Bisma, pangrurahing satru sêkti, sajrone mangun yuda, sadina-dinane bisa anyirnakake rata sapuluh èwu,

--- 1 : 38 ---

ewadene ora môntra-môntra bisa matèni salah siji kusiring Pandhawa, Sanjaya, ingsun banjur ora darbe pangarêp-arêp mulya. Rikala ingsun miyarsa, manawa Sang Bisma putrane Dèwi Gangga, kang ambêk adil, ana ing têgal paprangan karsa ngandikakake, êndi sarana kang bisa anjalari sirnane, sarta dhawuh mau uga banjur dilêksanani kanthi bungah dening Pandhawa, hèh Sanjaya, banjur sirna pangarêp-arêp ingsun bisane nêmu kamulyan. Kalaningsun miyarsa, manawa Arjuna ngatak marang Srikandhi supaya nungganga ratane, sarta kalakon bisa natoni Sang Bisma, kang ora pisan-pisan suda kakêndêlane, sarta tan kêna kasirnakake anèng paprangan, o Sanjaya, banjur sirna pangarêp-arêp ingsun mulya. Dupi ingsun miyarsa, manawa Sang Bisma prajurit kang wus kaparèng yuswa iku, tansah bisa anyuda kèhe bôngsa Somaka, ewadene kalakon kasoran, kang banjur sêmare ana ing kasur jêmparing, ah Sanjaya, pangarêp-arêp ingsun bisane antuk kamulyan, nuli sirna babar pisan. Dupi ingsun miyarsa, kalane Sang Bisma galasaran anèng kisma, saka kèhe kanine dadi bangêt ngoronge, Arjuna kang kadhawuhan angupaya pangunjukan, Arjuna nuli amanah bantala, banjur mêtu banyune, barêng kaunjukake marang

--- 1 : 39 ---

sang kanin, bisa agawe marême, o Sanjaya, ingsun wus ora darbe pangarêp-arêp mulya manèh. Kalane ingsun miyarsa, manawa Hyang Bayu, Endra, lan Surya, padha saekapraya nêdya ambiyantu sutane Kunthi, supaya bisa antuk kamênangan, banjur sakèhe buron alas padha ngaton, kaya angsung sasmita ora bêcik, sarta gawe girising ngakèh, o Sanjaya, ingsun wis ora darbe pangarêp-arêp mulya. Barêng Rêsi Drona senapatining paprangan kang angebat-ebati sêktine, wus anggêlar sarupaning kaluwihane ingatase wong pêrang, môngka ora bisa gawe sirnaning para têtungguling Pandhawa, ing kono êntèking pangarêp-arêp ingsun marang kamulyan, kalane ingsun miyarsa, manawa para Maharata Sansaptaka, ing golongan Kurawa kang kapiji anyirnakna Arjuna, malah padha mati dening dhèwèke, Sanjaya ingsun banjur ora duwe pangarêp-arêp mulya. Rikala ingsun miyarsa, gêlare wadya Kurawa kang ora kêna sinasak ing mungsuh, lan katindhihan Sang Baratwajaputra dhewe, samêkta sagêgamane, wêkasane rusak lan kêna linêbonan dening sutane Subadra, kang sudira ing rananggana, o Sanjaya, ingsun ora darbe pangarêp-arêp mulya. Kalane ingsun miyarsa, yèn para Maharata, ing barisan Kurawa,

--- 1 : 40 ---

kang ora bisa ngasorake Arjuna, môngka padha katon padhang polatane, sawise padha sarujuk ngroyok sarta anyirnakake Abimanyu, Sanjaya, ingsun wis ora duwe pangarêp-arêp mulya. Nalika ingsun miyarsa, yèn para Kurawa kang bangêt bodhone, banjur padha surak-surak saka bungahe atine, dene bisa matèni Abimanyu, wasana gawe nêpsune Arjuna, kang banjur kalair pituture bêcik, surasa andakwa marang Sendawa, Sanjaya, ingsun wus ora duwe pangarêp-arêp mulya. Kalane ingsun miyarsa, manawa Arjuna prasêtya arêp matèni Sendawa, wêkasan bisa anêtêpi prasêtyane, kalakon bisa anyirnakake Sendawa, kang uga sinaksèn mungsuhe, Sanjaya, ingsun wus ora duwe pangarêp-arêp mulya. Dupi ingsun miyarsa, duk nalika jaran pangiriding rata tunggangane Arjuna, katon bangêt sayahe, môngka Sang Wasudewaputra banjur kaduga anguculi abah-abahe, angumbar, angombèni, anggiring bali, sarta banjur diabah-abahi, lan dikusiri manèh kaya kang uwis-uwis, Sanjaya, pangarêp-arêp ingsun mulya banjur sirna. Kalane ingsun miyarsa, manawa sajrone jaran pangiride Arjuna ngalumpruk marga bangêt sayahe, Arjuna nuli ninggal ratane, sarta

--- 1 : 41 ---

isih bisa ambubarake mungsuhe, Sanjaya, ing kono pêdhoting pangarêp-arêp ingsun mulya. Duk ingsun miyarsa, manawa Yuyudana trahing bôngsa Wrêsni, sawise angrusak sakèhing barisan gajah kang tinindhihan Drona iya kang wus anuduhake kawantêrane nganti ora ana kang kuwat nadhahi, Yuyudana mêksa bisa bali ing sacêdhake Krêsna lan Arjuna, Sanjaya, ingsun wus ora duwe pangarêp-arêp mulya. Kalane ingsun miyarsa, yèn Narpati Karna nadyan wus bisa mikut Bima, banjur kaerang-erang lan kacuthat dening pucuking langkape, ewadene banjur diuculake manèh, Sanjaya, ingsun wus ora duwe pangarêp-arêp bisoa olèh kamulyan. Kalane ingsun miyarsa, manawa Drona, Krêtawarma, Krêpa, Karna, sutane Drona, lan narendra ing Madras kang kêndêl, padha nglilakake bae marang patine Sendawa, Sanjaya, ingsun wus ora darbe pangarêp-arêp mulya. Nalika ingsun miyarsa, sakti pêparinge Hyang Endra marang Karna, saka trekahe Madawa, bisane katamakake marang Gathutkaca kang anggêgirisi rupane, Sanjaya, ingsun wus ora duwe pangarêp-arêp mulya. Kalane ingsun miyarsa, prange Karna lan Gathutkaca, Sakti kang têtela kêna kanggo anyirnakake Arjuna, iku katrucut [ka...]

--- 1 : 42 ---

[...trucut] katamakake marang Gathutkaca, Sanjaya, ingsun wus ora darbe pangarêp-arêp mulya. Rikala ingsun miyarsa, manawa Dristhadyumna anêrak anggêr-anggêring prang, wani nyidra Drona kalane ijèn anèng rata angèsthi pati, Sanjaya, ingsun wus ora duwe pangarêp-arêp mulya. Kalane ingsun miyarsa, manawa Si Nangkula, sutane Dèwi Madri, nalikane dadi têtindhihing baris, katêmu lan sutane Rêsi Drona, banjur prang padha ijèn, katon satimbang kaprawirane, nanging wêkasane bisa angundurake sutane Drona, saranane mung saka ratane tansah diubêngi, Sanjaya ingsun wus ora duwe pangarêp-arêp mulya. Nalika patine Drona, sutane nuli anglêpasake gêgaman aran Narayana, kang dudu mêsthine katandukake, ewadene ora bisa anyirnakake Pandhawa, Sanjaya, ingsun banjur ora darbe pangarêp-arêp mulya. Rikala ingsun miyarsa, yèn Si Bimasena anèng palagan kaduga ngokop gêtihe kadange Si Dusasana, môngka ora ana wong kang bisa angalang-alangi panggawene mangkono mau, Sanjaya ingsun wus ora darbe pangarêp-arêp mulya. Dupi ingsun miyarsa manawa Karna kang kakêndêlane tanpa upama, lan ora gampang kinalahake nalika prang tandhing

--- 1 : 43 ---

karo Arjuna, iyaiku prang amungsuh sadulur, nanging lêstari winadi, nadyan anèng kadewatan pisan, môngka Karna sida kasor dening Arjuna, o Sanjaya, ingsun wus ora duwe pangarêp-arêp mulya. Rikala ingsun miyarsa, kang ambêg adil, Sang Yudhisthira, bisa ngalahake atmajane Drona kang linuwih kasudirane, apadene Dusasana, lan Krêtawarma kang riwut tandange anèng paprangan, Sanjaya, ingsun wus ora duwe pangarêp-arêp mulya. Kalane ingsun miyarsa, manawa Narendra Madras kang kêndêl, lan tansah manantang Sri Krêsna, iku sirna dening Yudhisthira, Sanjaya, ingsun wus ora darbe pangarêp-arêp mulya. Kalane ingsun miyarsa, yèn si ambêk cidra Si Suwala, kang linuwih kapintêrane prakara anyulap, gêlêm amiwiti nantang ngabotohan, nganggo ngêtohake nagara, pêrange kasor dening Sahadewa, sutane Pandhu, Sanjaya, ingsun wus ora duwe pangarêp-arêp mulya. Kalane ingsun miyarsa, manawa Duryudana gêlêm angêngècèr laku, lumayu marang talaga, banjur sêsingidan ing sajroning banyu, wus tanpa kanthi, êntèk pangwasane lan tanpa rata, Sanjaya, ingsun wus ora duwe pangarêp-arêp mulya. Nalika ingsun miyarsa, manawa para Pandhawa kairid Wasudewaputra, padha mênyang têlaga mau

--- 1 : 44 ---

banjur padha ngadêg anèng têpining talaga karo manguwuh-uwuh, kanthi pangerang-erang, putraningsun ora kuwawa nandhang pangerang-erang mau, Sanjaya, ingsun wus ora duwe pangarêp-arêp mulya. Kalane ingsun miyarsa, yèn sajrone putraningsun tandhing lan Bima, padha angatokake kawasisane prang gada, akêkalangan nganggo gêlar warna-warna kang anêngsêmake patrap panggitik lan panangkise, wêkasan putraningsun kêna ginada, marga panggitike Bima cidra, mung nuruti pratikêle Krêsna, Sanjaya, ingsun wus ora duwe pangarêp-arêp mulya. Kalane ingsun miyarsa, manawa Dronaputra lan sakuthune, padha anindaki pênggawe kang angêrês-êrêsi ati, lan amirang-mirangake, yaiku nyidra marang wong Pancala, lan sutane Drupadi, nalika lagi anendra, Sanjaya, ingsun wus ora duwe pangarêp-arêp mulya. Nalika ingsun miyarsa, yèn Si Aswatama, barêng tinututan dening Bimasena, Aswatama banjur anglêpasake panahe pamungkas aran Esika, gawe patine bêbayi kang anèng wêtêngane Dèwi Otari, Sanjaya, ingsun wus ora duwe pangarêp-arêp mulya. Kalane ingsun miyarsa, yèn panah aran Brahmasirah, kang linêpasake dening Aswatama, bisa katulak dening panahe Arjuna, anggone anglêpasake [anglêpa...]

--- 1 : 45 ---

[...sake] nganggo ngucapake mantra: sakti. Wêkasan agawe ilange musthika kang anèng sirahe Aswatama, Sanjaya, ingsun wus ora darbe pangarêp-arêp mulya. Kalane ingsun miyarsa, yèn patine bayi kang anèng kandhutane putri ing Wiratha dadi jalarane Sang Wiyasa lan Sri Krêsna, banjur padha ngêsotake Aswatama. Sanjaya, ing kono sirnane pangarêp-arêp ingsun bisane antuk kamulyan.

Lah, Sanjaya, kaya ngapa rasane Gêndari, kang wus tininggal ing anak, putu, wong atuwa, kadang lan kadehane, apa ora wajib winêlasan, Pandhawa wus anindaki pakaryan kang ora gampang linakonan, Pandhawa nuli amangun kaprabon, mêsthi bae ora ana kang mèrèkake.

Lah kapriye baya kadadehane, karana ingsun miyarsa, yèn amarga saka anane paprangan mau, satriyane kang ora mati mung kari sapuluh, golongan Kurawa têlu, kang pitu golongan Pandhawa. Dadi paprangan gêdhe kang angêrêsake ati iku, wus ambrastha satriya wolu lan aksohini. Samêngko kang isih mung kari pêpêtêng, krasa sumrêpêt panon ingsun, apa rasa jatiningsun wus oncat, Suta, pramananingsung samêngko wus sirna.

--- 1 : 46 ---

Pangandikanipun Soti: Prabu Dritarastra ikang[2] sangêt karêrantan, sarta pêdhot-pêdhot anggènipun ngandika makatên wau, mawi anawung raos sakalangkung giris, lajêng kumbul atmanipun, nanging sawungunipun saking kantaka, lajêng dhawuh dhatêng Sanjaya.

Sarèhning mangkono kaanane, samêngko ingsun wus ora kuwat nyarantèkake manèh, unggah ingsun marang kasidan, lan wus ora tumolèh marang kamulyaning urip anèng donya.

Lajênging cariyosipun Soti: salêbêtipun sang prabu taksih anggrêsah, sarwi angêsês-ngêsês kadidene sarpa, kalayan anawung raos giris, putranipun, Gawalgana, inggih Sanjaya ingkang wicaksana, lajêng manglipur ing ratunipun, awêwaton kawicaksanan, unjukipun makatên.

Dhuh dhuh susuhunaning bawana, paduka sampun nguningani kayêktènipun, kados ingkang sampun kadhawahakên Sang Wiyasa, miwah Maharsi Naraddha, prakawis lêlampahanipun para ingkang agêng-agêng pangwasanipun, dêrêng pangêngkahipun, sarta têdhaking narendra agêng-agêng, lêbda anglêpasakên dêdamêl kaswargan, sarta badhe dados jalaraning kuncaranipun praja Hindhu. Punapadene [Punapa...]

--- 1 : 47 ---

[...dene] tiyang ingkang sagêd angrèh nagari sarana lampah adil, saha sampun sagêd angwontênakên sêsaji agêng, sangkêp saupakartinipun, misuwur wontên ing donya, wêkasan inggih lajêng sami ambruk dening wasesaning môngsakala, dene asmanipun ingkang kula aturakên wau, inggih punika Sang Sewiya, Maharata, ingkang linangkung kakêndêlanipun, Sang Srinjaya, ingkang tansah unggul anggènipun amangun yuda, kang kaloka Sang Suhotra, Saranti Dewa, tuwin Sang Kaksiwanta, Walika, Damana, Saryati, Ajiwa, tuwin Sang Nala. Panglêburing satru Risang Wiswamitra, tuwin Amwarisa, Sang Maruta, Manu, Iksaku, Gaya, lan Barata, Sang Rama, putranipun Dasarata, Sasawindu, saha Prabu Bagirata, Krêtawirya, ingkang linangkung kamulyanipun, makatên ugi Sang Janamejaya, Yayati, ingkang ambêk utami, inggih ingkang adamêl sêsaji mawi kabiyantu dening para ingkang dêdunung ing kaswargan, dene papaning sêsaji sapirantosipun, sampun kasumêrêpan ing jagad. Para narendra kawan likur ingkang sampun kawursita wau, ing nguni sampun kapangandikakakên dening Maharsi Naraddha dhatêng Prabu Sewiya, wêkdal sakalangkung [saka...]

--- 1 : 48 ---

[...langkung] prihatos, awit sirnaning para putranipun. Ing kina sadèrèngipun para narendra wau dumados, sampun wontên pintên-pintên narendra ingkang pangwasanipun langkung agêng saking para narendra ingkang sampun kula aturakên wau, sadaya sami misuwur wasis angusiri rata, utami pambêganipun, sarta misuwur asanta budi, inggih punika: Prabu Puru, Kuru, Yadu, Sura, tuwin Prabu Wiswagaswa, ingkang misuwur sangêt. Prabu Anuha, Yuwanaswa, Kakutstha, Mikrami, tuwin Ragu. Wijaya, Witihotra, Aga, Bawa, Sweta, tuwin Prihatguru, Usinara, Satarata, Kangka, Pulidhêha, saha Druma. Dhambutbawa, Para, Wena, Sagara, Sankriti, tuwin Nimi. Ajeya, Parasu, Sundra, Sambu, tuwin Dewa Wridtha, narendra ingkang sukci, Dewa Uya, Supratima, Supratika, tuwin Wrihatrata. Maotsaha, Winitatma, Sukratu, lan Nala, narendra bôngsa Nisaddha. Satyawrata, Santabaya, Sumitra, tuwin Prabu Subala. Janujangga, Anarannya, Arka, Priyabrit, Cuciwrata, Balabandhu, Niramarddha, Kèsusrêga, [Kèsusrê...]

--- 1 : 49 ---

[...ga,] saha Brihatbala. Drêsthakètu, Brihatkètu, Driptakètu, tuwin Niramaya. Abiksid, Capala, Durta, Krêtabandu, Dridesudi. Mahapurana Sambawya, Pratyangga, Paraha, sarta Sruti, dhuh, sinuhun, para nata ingkang kula aturakên wau, saha sanès-sanèsipun malih ingkang sampun sami kasumêrêpan ing ngakathah, upami kapetang kathahipun ngantos atusan, bokmanawi malah maèwu-èwu. Sadaya punika sami narendra agêng pangwasanipun, sarta wicaksana, ugi lajêng sami sèlèh kawibawan utawi seda. Dene tindakipun ingkang ngantos kados pakartining para dewa, ambêk sudira, bèrbudi, luhur ing bumi, têmên, sêtya, sukci, prasaja, tuwin wêlasan, suwuripun sampun sumêbar ing donya, ugi sampun kapacak ing sêrat pèngêtan kina, dening para pujôngga sukci, ingkang pinunjul kawicaksananipun. Sanadyan para narendra wau makatên pambêkanipun, ewadene ugi sami kaparêng anguwalakên sugêngipun. Para putra paduka sami ambêk angkara, winasesa ing watak murka, cêthil, saha drêngki. Dhuh, têdhak Barata, paduka ingkang sampun sarwa widakda dhatêng saliring sastra, wasis sarta wicaksana, paduka dèrèng nate [na...]

--- 1 : 50 ---

[...te] nandhang papa sangsara, môngka wêwijanganing kasangsaran wau sampun kapratelakakên wontên ing sastra. Lah susuhunaning bawana, paduka sampun kawuningakakên dhatêng lêbêt saha garêsing kasangsaran, môngka tansah amrihatosakên para putra, punika ingatasipun paduka kirang prayogi. Utawi punapa lêrês, manawi amrihatosakên prakawis ingkang sampun botên kenging sininggahan. Karantên sintên tiyangipun ingkang sagêd sumingkir saking sangsara, manawi sampun wiwit dhumawah, sanadyan pambudidayanipun kanthi kawicaksanan. Botên wontên tiyang sagêd sumingkir saking wohing pandamêlipun, ingkang sampun winanci pinaringakên saking kamirahanipun Hyang Wasesa Jati. Ingkang wontên, tuwin botên wontên, bingah lan prihatos, sadaya wau dumadosipun wontên kalamangsanipun. Môngsakala ingkang andumadosakên sadaya kawontênan. Ugi môngsakala ingkang angrisak sadaya tumitah. Inggih môngsakala ingkang ambêsmi, dene ingkang anyirêp latu pambasmaran wau ugi môngsakala. Isèn-isèning tri bawana, nadyan ingkang awon punapa sae, sadaya wau maujudipun saking pangwasaning môngsakala. Môngsakala ingkang anglêbur, sarta ingkang lajêng dumadosakên malih. Manawi sadaya dumados [dumado...]

--- 1 : 51 ---

[...s] sami tilêm, namung môngsakala ingkang botên sare. Dhuh, prabu, sayêkti makatên wau tumindakipun. Môngsakala têtela botên kenging kinawonakên. Môngsakala makarti ing sadaya dumados, sarta botên kenging tinanggulang. Sarèhning paduka sampun botên kasamaran, bilih sadaya ingkang ing nguni sampun nate dumados, ingkang dumados samangke punapa ingkang badhe dumados, têtela saking wasesaning môngsakala, pedah punapa paduka mrihatosakên sadaya wau.

Lajênging cariyosipun Sang Soti: Prabu Dritarastra ingkang sangêt amrihatosakên para putranipun, dupi midhangêt atur panglipuripun Gawalganiputra makatên wau, panggalihipun lajêng wiwit têntrêm malih. Kasunyatan ingkang kawuningan dening Prabu Dritarastra kados kawursita ing nginggil, lajêng rinipta dening Sang Dwipayana, kangge wêwatoning Sêrat Opanisad ingkang adi tuwin sukci. Dene Opanisad, sampun kawartosakên dhatêng ing donya dening para sujana tuwin para pujôngga sukci, kapacak wontên ing Purana.

Sintêna ingkang sami mangudi dhatêng Sêrat Barata, punika samêktanipun kêdah sarana lampah sukci. Sintên tiyangipun ingkang maos Sêrat Barata, môngka sinartan pitadosing manahipun, [manahipu...]

--- 1 : 52 ---

[...n,] sanadyan pamaosipun wau amung kapêndhêt pungkasanipun kemawon, sadaya dosanipun badhe sirna tanpa tilas. Karantên sakathahing para dewa, dewa rêsi, tuwin para brahma rêsi, ingkang tanpa cacat saha luhuring budi, sami kacariyosakên wontên ing sêrat wau. Makatên ugi sakathahing yaksa, sarta sagunging oraga agung (naga). Ing ngriku ugi mratelakakên kawontênanipun Risang Wasudewaputra kang langgêng, inggih ingkang awêwatak nêm prakawis. Panjênênganipun wau inggih ingkang sanyata, adil, sukci, saha agêng prabawanipun. Inggih Brahma kang langgêng, gêsang ingkang luhur pribadi, sajatining pêpadhang ingkang botên nate surêm, tuwin prabawanipun tansah amadhangi sagunging para wicaksana sarta para winasis. Inggih kamulanipun sadaya dumados, saha dumados nanging botên gumêlar, sarta pinangkanipun sadaya bôngsa tuwin kadadosanipun lair, pêjah saha tumimbalipun lair malih. Barata ugi anêrangakên ingkang dipun wastani Adiyatma, gêsang kang mangwasani kodrat, inggih ingkang anggêsangi wataking anasir gangsal prakawis. Barata anêrangakên, Purusa ingkang dumunung sanginggiling perang-peranganipun, kados ta: ingkang botên kawêdhar, sarta ingkang amung wontên ing pangintên-kintên. Ugi anyariyosakên [anya...]

--- 1 : 53 ---

[...riyosakên] saliring rèh ingkang kêdah botên kagarap dening para Yoti ing sabên dintênipun, nalika sawêg amiwiti anggarap, sarta sagunging prakawis ingkang tumindakipun kêdah asarana kakiyataning samadi tuwin tapa brata, punapadene kêdah sinimpên ing têlênging batos, kados wêwayangan ing dalêm pangilon.

Tiyang agami, môngka bêkti dhatêng kasukcian, sarta tansah mangudi saening wêwatakanipun, linantaran maos Sêrat Barata, perangan punika wau, sagêd luwar saking dosanipun. Sintêna ingkang pitados dhatêng suraosing Barata, môngka mirêng tiyang maos Barata perangan ingkang kawursita ing nginggil, inggih ingkang winastan: tuntunan, manawi pamaosipun saking wiwitan, saèstu kalis dening rêribêt. Manawi tuntunaning Barata kawaos ing wanci sêrap saha bangun enjing, sadangunipun taksih makatên wau, sagêd luwar saking dosanipun ingkang linampahan ing dalu tuwin ing siyangipun, perangan wau inggih ingkang minôngka awak-awaking Barata, punika sajatining kasunyatan, saha pangunjukan ingkang miraos. Kacariyos bilih Barata manggèn ing antawisipun cariyos sanès-sanèsipun, cinôndra kados: martega wontên [wontê...]

--- 1 : 54 ---

[...n] salêbêting lisahipun. Brahmana wontên ing antawising manungsa. Aranyaka wontên ing Sêrat Wedha, Soma (pangunjukaning dewa) wontên ing antawisipun sakathahing jampi. Utawi kadosdene samodra, saèstu langkung agêng tinimbang sakathahing patandhon toya. Sarta kadosdene lêmbu ingkang nunggil kalihan sakathahing sato asuku sêkawan.

Kalanipun wiwahan sraddha, para brahmana sami maos Sêrat Barata. Môngka ing wêkdal punika wontên tiyang ingkang sagêd nyuraos, nadyan ingkang dipun suraos wau amung peranganipun kang wêkasan. Sêsaji ingkang sinajèkakên dhatêng yitmaning para lêluhuripun, awarni dhêdhaharan punapa pangunjukan, saèstu botên sagêd têlas-têlas.

Wedha kenging winudhar suraosipun, asarana pitulunganipun cariyos Barata, tuwin Purana. Ananging tiyang sami botên purun nêdha katranganing Wedha, krana ajrih manawi kenging alat. Para sarjana ingkang amêdharakên Wedha anggitanipun Sang Wiyasa, dhatêng tiyang sanès, saèstu tampi kunugrahan. Sampun têtela bilih lampah makatên wau dados panglêburing dosa, sanadyan ngantos dosa mêjahi jabang bayi, ingkang taksih wontên ing wêtêngan, tuwin sasaminipun, [sasaminipu...]

--- 1 : 55 ---

[...n,] pangintên kula (Soti) bilih sabên tanggal sapisan, tiyang maos Sêrat Barata, peranganipun ingkang sukci, pamaosipun prasasat sampun sami kalihan maos sadaya cariyosipun, sintêna ingkang sabên dintên mirêngakên cariyos sukci wau, môngka anggènipun mirêngakên kanthi pangaji-aji badhe panjang umuripun, misuwur, sarta badhe sagêd minggah ing swarga.

Ing jaman kina para dewa nate parêpatan, wigatos badhe anraju Sêrat Wedha sakawan, sinisihan Sêrat Barata. Wasana kanyataan manawi Sêrat Barata langkung awrat tinimbang Sêrat Wedha sakawan sasuraosipun ingkang winados, wiwit nalika samantên Sêrat Barata wontênipun ing donya sinêbut Mahabarata. Mênggah sababipun mila Mahabarata kaanggêp langkung luhur, amargi wujudipun langkung agêng saha langkung amigunani. Mila lajêng wontên pangandika: sing sapa bisa ngrêti surasane Mahabarata, kinalisake saka sarupaning dosa.

Tapa punika botên dados jalaraning karisakan, tiyang sinau tapa ugi botên wontên dosanipun, Sêrat Wedha mratelakakên, tumrap sagunging bôngsa kawontênanipun, [kawontênanipu...]

--- 1 : 56 ---

[...n,] tapa punika botên andadosakên dosa. Ngupaya kasugihan sarana dêrênging subrata, punika botên dosa, ananging manawi kalèntu anggènipun migunakakên, saèstu badhe dados wijining piawon.

Catatan kaki:

1. § Pralaya (kiyamat). (kembali)
2. ingkang (kembali)