Mahabharata, Dwipayana Wiyasa, 1927, #1120 (Bab 42-49)

Deskripsi judul
Teks sambungan
  1. Mahabharata, Dwipayana Wiyasa, 1927, #1120 (Bab 01). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  2. Mahabharata, Dwipayana Wiyasa, 1927, #1120 (Bab 02). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  3. Mahabharata, Dwipayana Wiyasa, 1927, #1120 (Bab 03-05). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  4. Mahabharata, Dwipayana Wiyasa, 1927, #1120 (Bab 06-19). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  5. Mahabharata, Dwipayana Wiyasa, 1927, #1120 (Bab 20-30). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  6. Mahabharata, Dwipayana Wiyasa, 1927, #1120 (Bab 31-41). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  7. Mahabharata, Dwipayana Wiyasa, 1927, #1120 (Bab 42-49). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  8. Mahabharata, Dwipayana Wiyasa, 1927, #1120 (Bab 50-58). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
Image

Bab XLII. (Sambêtipun Astika Parwa).

Sang Soti ngandika: Rêsi Sringin mangsuli dhatêng sudarmanipun, makatên aturipun: Rama, tiyang sêpuh kula, kawuningana, sanadyan ucap kula wau kenging kawastanan tanpa wiweka, saha botên lêrês, punapadene andadosakên panujuning panggalihipun rama utawi botên, sot kula punika mêsthi kalampahan. Dhuh, rama, botên wontên sot sanèsipun ingkang satimbang kalihan dêksuranipun sang prabu ingkang makatên wau. Kula punika sanadyan sasêmbranan, botên nate goroh, mila sot kula tamtu tumus.

Wangsulanipun Rêsi Kamika, sudarmanipun Rêsi Sringin, makatên: O, ênggèr, sutaningsun, ingsun wêruh yèn sira iku kasinungan kaluwihan, lan ucapira ora tau dora, dadi sotira mêsthi bakal tumus dadi lêlakon, anak lanang iku

--- 1 : 327 ---

sanadyan wus gêdhe tuwa, uga isih kudu kanthi pamrayoganing bapa, supaya wimbuh utama watake, yèn mangkono masthi bakal misuwur jênênge. Ing sarèhne sira iku isih taruna, apa ora luwih prayoga yèn amituhua marang sarupaning pamrayoga. Sira kang tansah anggêntur kasutapan, lan wus antuk nugraha kasinungan watak nêm prakara, manawa kongsi nêpsu têtela anggêgirisi. He, sira kang têtêp marang sêsanggêmaning tapa brata, sira iku sutaningsun, lan isih taruna, môngka ingsun wêruh yèn ana tindakira kang ora patitis, kiraningsun ora klèru manawa ingsun awèh pamrayoga marang sira. Ênggèr, sajrone sira isih urip, darbea panggayuh marang katêntrêman, lan mung ambuktia wowohan sarta pala kapêndhêm pamêtuning alas. Biratên kanêpsonira, sarta aja ngrusak nugraha wohing kasutapanira nganggo lêkas kang ora bênêr. Wong nêpsu iku gêmpal kautamane, môngka para tapa anggone gayuh kautaman iku kongsi dibandhani nandhang papa. Para kang wus olèh nugraha, yèn kongsi kaoncatan kautaman, nugraha kang wus kadarbe mau banjur sirna tanpa tilas. Kawruhana, katêntrêman iku tansah awèh kamulyan marang para pandhita kang angêgungake [angêgunga...]

--- 1 : 328 ---

[...ke] apura. Ênggèr, sajrone sira isih urip ana ing marcapada, tansah anênangia watak apura, sarta ambirata kanêpson. Asarana ngêgungake paramarta, sira bakal bisa angunggahi alam sakdhuwure gêgayuhane Hyang Brahma. Sarèhning panggayuh ingsun mung marang katêntrêman, dadi mung nêdya anindaki panggawe bêcik sakuwasaningsun. Ingsun arêp ngaturi uninga marang sang prabu, dene kang bakal ingsun aturake mangkene: Kawuningana sinuhun, paduka dipun êsotakên anak kula ingkang taksih taruna, sarta taksih rupak budinipun, amargi ing wêkdal suta kula wau priksa manawi paduka nyawiyah dhatêng kula, nêpsunipun botên kenging dipun êndhakakên.

Sang Soti anglajêngakên cariyosipun: Sang pandhita agung ingkang têtêp dhatêng sêsanggêman, amargi kasurung dening ambêgipun sih, mila lajêng matah salah satunggaling siswanipun, supados sowan Sang Prabu Pariksit, mawi kawarah sacaraning tiyang marêk ing ngarsa nata. Dene ingkang kapilih siswa ingkang susila solah bawanipun, sarta rêmên dhatêng kasutapan, nama: Gurmuka. Piwêlingipun sang pandhita, manawi sampun pinanggih kalihan sang prabu, ingkang rumiyin supados [supa...]

--- 1 : 329 ---

[...dos] angaturna pudya pangastawanipun sang pandhita, sasampunipun sawêg angaturna wigatosipun marêk ing ngarsa nata. Dupi sampun têlas piwêlingipun sang pandhita, Brahmana Gurmuka gêgancangan dhatêng ing Astinapura, marêk narendraning bôngsa Kuru. Sadumuginipun ing wiwaraning capuri kadhaton, lajêng pratela dhatêng tiyang ingkang jagi gapura, supados munjuk ing sang prabu bab pisowanipun wau.

Pisowanipun sang brahmana dipun parêngakên, sarta kinurmatan samêsthining pangaji-aji dhatêng brahmana. Sasampunipun kaancaran lênggah ing ngarsanipun sang prabu ingkang nêdhêng kaadhêp ing para nayakanipun, sang brahmana lajêng ngaturakên sapiwêlinging gurunipun, wiwitan ngantos dumugi wêkasan, botên wontên ingkang kalangkungan.

Aturipun Sang Gurmuka makatên: Dhuh, narendraning bawana, mugi andadosna ing kauninganipun sang prabu, wontên satunggaling rêsi adhêdhepok ing wana talatah praja Astinapura, asêsilih Rêsi Kamika. Sang rêsi wau utami pambêganipun, mungkul dhatêng kasutapan, saha sampun sagêd mangrèh kanêpsonipun, sadintên-dintên tansah mangun katêntrêmaning panggalih. Dhuh, sasêmbahaning para narendra, nalika sang rêsi wau pinuju sawêk [sawê...]

--- 1 : 330 ---

[...k] tapa ambisu, paduka rawuh ing dhepokipun, sarta andangu palajênging sangsam ingkang sampun kataman jêmparing paduka. Dupi sang rêsi botên mangsuli atur, paduka lajêng anyuthik bathang sarpa kalayan langkap, ingkang lajêng kasampirakên ing pamidhanganipun Sang Rêsi Kamika ingkang pinuju ambisu wau. Ingkang makatên punika botên pisan-pisan andadosakên panggalihipun, awit sang rêsi lakar tansah angêgungakên pangapuntên dhatêng saliring kalêpatan. Ananging kawuningana sinuhun, sutanipun sang rêsi murina sangêt, mila lajêng angêsotakên paduka, sotipun makatên: Pitung dintên saking dintên titimôngsa punika, panjênêngan paduka badhe nêmahi seda amargi cinakot ing Naga Raja Taksaka. Pamêdharing sot wau botên wontên ing ngarsanipun guru kula, dados Sang Kamika botên wuninga. Sampun rambah-rambah Sang Rêsi Kamika anggènipun ngrapu dhatêng sutanipun, supados anjabêl sotipun, ananging tanpa damêl, môngka pilih tiyang ingkang kawasa damêl cabaring sotipun Rêsi Sringin wau. Ing sarèhning sang rêsi rumaos sampun jèngkèl anggènipun ngêndhakakên nêpsoning sutanipun, pramila enggal-enggal ngunjuki wuninga panjênêngan paduka, ing pangangkah supados panjênêngan paduka sagêda widada angrênggani

--- 1 : 331 ---

dhamparing praja Astinapura.

Narendraning bôngsa Kuru ingkang ugi sêngsêm dhatêng kasutapan, rikala midhangêt aturipun Brahmana Kamika makatên wau èngêt wawentahan dhatêng kalèntuning tindakipun wêdal pinanggih Sang Rêsi Kamika, mila sang prabu sakalangkung piduwung, langkung malih dupi wuninga bilih nalika sêmantên sang rêsi sawêg pinuju tapa ambisu. Punapadene sarêng angèngêti sihipun sang rêsi dhatêng sariranipun, saya wimbuh karêrantaning panggalih. Sang prabu ingkang salingga jawata, botên sapintêna awrating panggalihipun prakawis badhe sedanipun, dene ingkang angrêrujit sangêt ing panggalihipun, namung anggènipun sampun kalampahan nyawiyah dhatêng satunggaling rêsi ingkang sawêg ambangun tapa.

Wusana sang prabu paring palilah unduripun Brahmana Gurmuka, mawi dipun wêling makatên: Dhuh, brahmana, jêngandika mugi andumugèkna, panyuwun kula dhatêng Sang Rêsi Kamika, supados kaparênga ambiyantu anggèn kula amrih widadaning karaharjan kula. Sapêngkêripun sang brahmana, sang prabu kraos sumêlang ing panggalih, pramila lajêng angêmpalakên para nayakanipun, wigatos pinaringan priksa anggènipun sang prabu karsa badhe nanggulangi bêbaya ingkang tuwuh saking sotipun Rêsi Sringin. Kaparêngipun [Kaparêng...]

--- 1 : 332 ---

[...ipun] sang prabu badhe iyasa gêdhong ingkang sakalangkung rapêt, adêgipun kapisah saking suyasa sanès-sanèsipun, siyang dalu rinêksa prajurit pêpilihan, sarta kasadhiyanan dhukun ingkang lêbda dhatêng saliring usada, punapadene para brahmana ingkang sami mumpuni dhatêng sagunging môntra, saha kaadhêp para nayaka sinakti, ing pangangkah sampun ngantos wontên tiyang utawi sato kewan ingkang sagêd cêlak kalihan gêdhongipun sang prabu wau, sanadyan para lalêmbat ugi sampun ngantos sagêd lumêbêt, mila sakalangkung rêmit pangrêksanipun.

Sarêng sampun dumugi dintên ingkang kaping pitu saking titimôngsa dhumawahing sotipun Rêsi Sringin, Maharsi Kasyapa têtungguling para brahmana, gêgancangan lampahipun sumêdya pinanggih kalihan Sang Prabu Pariksit, dene wigatosipun, manawi sang prabu sampun kacakot ing Naga Raja Taksaka, badhe lajêng dipun usadani, sang maharsi sampun midhangêt pawartos, manawi papêthinganing sarpa Sang Naga Raja Taksaka punika darbe sêdya badhe anguntapakên sang prauprabu dhatêng kahyanganipun Bathara Yama, pangudaraosing panggalihipun sang maharsi makatên: Sawuse sang prabu kacakot ing sarpa têtungguling para naga, nêdya ingsun waluyakake sarana pangwasaningsun,

--- 1 : 333 ---

dadi yèn sang prabu kalakon waluya, ingsun bisa gawe kautaman, sarta olèh pisungsung rajabrana akèh. Gêntos kacariyos, Sang Taksaka botên kasamaran, bilih Sang Maharsi Kasyapa anggènipun lumampah gêgancangan wau, nêdya ngusadani sang prabu, mila Sang Taksaka lajêng mancala warni dados brahmana sêpuh, amapagakên sang maharsi sarwi wicantên: Dhuh, sang maharsi, paduka karsa tindak dhatêng pundi, sarta punapa wigatosipun, dene agêgancangan tindak paduka.

Dupi sang maharsi dipun pitakèni makatên punika, lajêng mangsuli pangandika: Kisanak, dintên punika Sang Prabu Pariksit, narendraning bôngsa Kuru, saha pangrurahing satru sêkti, badhe kabrastha dening wisanipun Naga Raja Taksaka. Dhuh, brahmana, mila kula kasêsa punika saking anggèn kula badhe maluyakakên sang prabu ingkang linangkung kakêndêlanipun, murih dhatêng kula ing ngrika sampun ngantos kasèp, kalayan panyakoting naga ingkang kasêktènipun prasasat Bathara Agni punika. Awit têdhak Pandhawa punika namung kantun Sang Prabu Pariksit piyambak. Sang mindha brahmana wicantên malih: Kawuningana sang maharsi sajatosipun kula punika Naga Taksaka ingkang nêdya nguntapakên sedanipun sang prabu, mugi sampun kalajêngakên [kalajênga...]

--- 1 : 334 ---

[...kên] tindak paduka dhatêng Astinapura, mindhak kawirangan, amargi botên wontên tiyang ingkang sagêd maluyakakên dhatêng sintêna ingkang sampun kataman wisa kula. Wangsulanipun Sang Kasyapa: Tiyang ingkang sampun sami tampi nugrahaning dewa, tamtu botên badhe anguciwani, mila sowan kula dhatêng Astinapura punika, saèstunipun sagêd maluyakakên gêrahipun sang prabu manawi sampun andika cakot.

Dumugi samantên wêkasanipun bab kaping sakawan dasa kalih, saking perangan Astika, ing Adi Parwa.

Bab XLIII. (Sambêtipun Astika Parwa).

Sang Soti angandika: Sarêng Sang Taksaka dipun wangsuli makatên, lajêng wicantên malih: Dhuh, Sang Kasyapa, manawi paduka sagêd adamêl waluyanipun sadya ingkang sampun kataman ing wisa kula, sumôngga dipun cobi, kajêng baniyan punika badhe kula brastha sarana wisa kula wontên ing ngarsa paduka, sasampunipun mugi lajêng dipun waluyakna sarana angêtog pangwasa tuwin kalangkungan paduka dhatêng saliring môntra, kados ingkang sampun paduka dhawuhakên wau.

Wangsulanipun Sang Kasyapa: Dhuh, Taksaka, manawi andika [andi...]

--- 1 : 335 ---

[...ka] botên pitados, môngga tumuntên dipun cakota kajêng punika, manawi sampun kobar dening wisa andika, badhe lajêng kula waluyakakên malih.

Sang Soti nglajêngakên cariyosipun: Sasampunipun Naga Taksaka dipun wangsuli makatên, sigra anyakot kajêng baniyan ingkang wontên ing sacêlakipun, sami sanalika kajêng baniyan wau lajêng murub mangalad-alad, satêlasing latu, kajêng lajêng dados awu. Ing ngriku Sang Taksaka tumuntên ngatak dhatêng Sang Kasyapa, ucapipun makatên: Sumôngga maharsi, tumuntên dipun gêsangna malih kajêng ingkang sampun dados awu punika.

Sang Soti nglajêngakên cariyosipun: Kajêng baniyan sampun dados awu, amargi kobar dening wisanipun Sang Taksaka. Rikala punika sang rêsi tumuntên anglêmpakakên awunipun, sarwi ngandika makatên: Dhuh, ratuning naga, kapirsanana pangwasaning aji kula ingkang badhe kula angge maluyakakên kajêng, ingkang sampun dados awu punika. Wasana kajêng baniyan ingkang sampun dados awu wau kagêsangakên malih dening Sang Brahmana Rêsi Kasyapa, ingkang kasumbaga kasêktènipun punika. Sakawit awu dipun klêmpakakên, [klêmpaka...]

--- 1 : 336 ---

[...kên,] lajêng kapuja dados wiji. Wiji tumuntên sêmi, sanalika tuwuh pêrdapanipun kalih. Sarêng dipun mantrani malih, dêlêging kajêng saya mindhak agêng, lajêng sampun agêng lajêng tuwuh êpangipun pintên-pintên, sarta mêdal sêminipun, botên watawis dangu kajêng baniyan wau sampun pulih kados suwaunipun. Ing wêkdal punika Naga Raja Taksaka lajêng amêmalat sihipun sang brahmana, ucapipun makatên: Sarêng kula priksa anggèn paduka damêl pulihipun kajêng ingkang sampun dados awu punika, kula lajêng pitados dhatêng kasêktèn paduka, ingkang têtela sagêd nyabarakên wisa kula utawi sanès-sanèsipun. Dhuh, paduka ingkang abôndha kasutapan, punapa ta ingkang paduka karsakakên, dene karaya-raya badhe maluyakakên sang prabu manawi sampun kaprawasa dening siyung kula. Manawi paduka namung ngajêng-ajêng ganjaranipun sang prabu kemawon, sapintên ta pangajêng-ajêng paduka punika, badhe kula aturi ingkang minôngka lintunipun, sanadyan kados punapa rêkaosipun anggèn kula badhe ngawontênakên lintuning ganjaran wau, kula kadugi anyagahi. Anjawi punika, mugi paduka angèngêtana risaking misuwurupun asma paduka, amargi sapisan punika bokmanawi paduka botên sagêd andamêl [a...]

--- 1 : 337 ---

[...ndamêl] waluyanipun sang prabu, amargi wontênipun kalampahan makatên punika, dumados saking sotipun satunggaling brahmana, sarta Prabu Pariksit punika sampun pinasthi botên panjang yuswanipun. Upami sang prabu botên kalampahan waluya saking puja môntra paduka, pangwasa paduka ingkang sampun misuwur ing tri bawana, punapa botên badhe sirna, kadosdene kawontênanipun surya manawi pinuju grahana.

Wangsulanipun Rêsi Kasyapa: Dhuh, Taksaka, anggèn kula nêdya damêl waluyanipun sang prabu punika, amung kêpengin angsala rajabrana, mila manawi andika kadugi ngwontênakên pêpenginan kula punika, saèstu kula badhe lajêng wangsul saking ngriki kemawon. Aturipun Sang Naga Raja Taksaka: Rajabrana ingkang badhe kula pisungsungakên paduka, mêsthi langkung kathah katimbang pêparingipun sang prabu, pramila mugi sampun kalajêngakên karsa paduka badhe dhatêng ing Astinapura.

Sang Soti nglajêngakên cariyosipun: Dupi Sang Rêsi Kasyapa ingkang sêkti môndraguna midhangêt aturipun Sang Taksaka makatên wau, lajêng sêmadi maladi êning (yoga), èsthining panggalih nêdya nguningani papêsthènipun Sang Prabu Pariksit. Kawuningana, Sang Maha Muni Rêsi Kasyapa ingkang linangkung [li...]

--- 1 : 338 ---

[...nangkung] ing kasêktènipun, saha ingkang sampun putus dhatêng pangulahing kawruh kasampurnan. Ing nalika wau lajêng priksa manawi sang prabu lakar sampun dumugi ing papêsthènipun, mila sasampunipun tampi mas picis rajabrana sakalangkung kathah saking Sang Taksaka, sang rêsi lajêng wangsul dhatêng padhepokanipun.

Sapêngkêripun Sang Rêsi Kasyapa, Naga Raja Taksaka lajêng gêgancangan dhatêng ing Astinapura. Wontên ing margi Sang Taksaka mirêng ujar pêpasaran, manawi sang prabu tansah tinuguran para sêkti, saha para brahmana ingkang botên kewran dhatêng sandi upayanipun satru sêkti, sarta sampun kapirantosan usada panawaring wisa.

Sang Soti nglajêngakên cariyosipun: Rikala Sang Taksaka mirêng pawartos makatên wau, lampahipun kanggêg, lajêng ngunandika makatên: Sang nata mêsthi bakal kawasesa dening kasêktèn ingsun, ananging kapriye gon ingsun minangkani. Sasampunipun ngunandika makatên, Sang Taksaka lajêng dhawuh dhatêng naga sawatawis, supados sami mancala warna dados brahmana, sarta sami marêg ing ngarsa nata mawi ambêkta pisungsung wowohan, rumput kusa sarta unjuk-unjukan, dhawuhipun dhatêng para naga makatên: He para naga, sira [si...]

--- 1 : 339 ---

[...ra] padha namura warna brahmana, sarta banjur sowana Sang Prabu Pariksit, lakunira dikaya para brahmana kang kasusu bangêt, kapengin tumuli katêmu sang prabu, kang awit wis padha krungu pawarta sungkawane sang nata, mula karaya-raya amisungsung wowohan, kêmbang, lan sapanunggalane, kaya kang wus kalumrah dadi pisungsunge para brahmana, ananging poma dipadha prayitna, aja kongsi grusa-grusu.

Sang Soti nglajêngakên cariyosipun: Para naga sarêng tampi dhawuh lajêng sami tata-tata, sasampunipun samêkta tumuntên bidhal dhatêng Astinapura. Gêntos kacariyos, Sang Prabu Pariksit, narendra têtungguling para nata ingkang misuwur kaprawiranipun, ugi lajêng kaparêng nampèni pisungsungipun para naga wau. Sasampunipun pisungsung tinampenan, ingkang mancala warna brahmana lajêng kaparêng madal pasilan. Sapêngkêripun ingkang sami anamur, sang prabu dhawuh dhatêng para nayaka tuwin kêkasihipun, pangandikanipun makatên: Mara wowohan pisungsunging para tapa iki padha dibukti bêbarêngan. Kawuningana, awit sang prabu sampun dumugi watêsipun winasesa ing môngsakala, sarta kenging sotipun Rêsi Sringin, mila sirna kawiwekanipun, sang prabu kalayan suka-suka

--- 1 : 340 ---

dhahar wowohan pisungsungipun para pandhita wau, sêsarêngan kalihan para nayakanipun. Dene wowohan ingkang kakarsakakên, sarta lajêng kapundhut sang prabu, punika wowohan ingkang katingalipun èdi piyambak, môngka inggih wontên ing ngriku punika dunungipun Sang Taksaka. Nalika wowohan wau badhe kadhahar, katingal wontên kewanipun sakalangkung alit, warninipun abrit kados têmbaga, mripatipun cêmêng. Kewan wau lajêng kajumput sang prabu sarwi ngandika dhatêng paranparanipun makatên: Ing samangke sampun wanci sêrap surya, dados kula sampun botên kuwatos malih manawi katiwasan dening wisa, mila mugi-mugi kewan alit punika dadosa Naga Taksaka, lajêng nyakota sarira kula, manawi makatên, dosa kula sampun ruwat, sarta sotipun Rêsi Sringin sampun kalêksanan, amargi sampun kalangkung wancinipun, kalihan badhe dhumawahing papêsthèn kula ingkang tuwuh saking sotipun Rêsi Sringin wau. Para paranpara ugi lajêng sami nayogyani kemawon, dhatêng karsanipun sang prabu ingkang makatên wau. Sang prabu mèsêm, sirna kawiwekanipun, inggih ing nalika punika dhumawahing môngsakalanipun sang prabu. Kewan alit wau kajumput, kadèkèk [kadèkè...]

--- 1 : 341 ---

[...k] ing jôngga, ing ngriku kewan wangsul warninipun dados Naga Taksaka, sarta lajêng anggubêt jangganipun sang prabu, sarwi ngakak anggêgirisi, wêkasan lajêng anyakot Sang Prabu Pariksit.

Dumugi samantên wêkasanipun bab kaping: sakawan dasa tiga, saking perangan Astika, ing Adi Parwa.

Bab XLIV. (Sambêtipun Astika Parwa).

Sang Soti ngandika: Ing nalika jangganipun sang prabu kagubêt ing Naga Raja Taksaka, paranparanipun sang prabu ugi sami nyumêrapi, saking girisipun, paraupanipun katingal pucêt, sarta saking gênging sihipun dhatêng sang prabu, ngantos sami ngutahakên waspa. Ananging sarêng Sang Taksaka ngakak, parampara, para nayaka, tuwin sanès-sanèsipun, sami lumajêng asalang tunjang. Kawuningana, sang naga raja sasampunipun anyirnakakên sang prabu, enggal sumêbut ngayuh gêgana, rikating lampahipun kadi kêclaping thathit, badanipun mancorong sumunar abrit kadi sêkar têrate. Wontên ing langit biru manawi sinawang katingal kadi kuliting sirahipun pawèstri ing sêlaning rambutipun ingkang cêmêng anggalês manawi binêlah. [binê...]

--- 1 : 342 ---

[...lah.]

Gêdhong pasingidanipun sang prabu lajêng murub mangalad-alad, kobar dening wisanipun Sang Taksaka, dene para nayaka tuwin sanès-sanèsipun, sami lumajêng angungsi gêsang. Kunarpanipun sang prabu gilang-gilang gumuling ing siti kados mêntas sinambêr ing gêlap.

Prabu Pariksit ingkang sampun dados layon dening wisaning Sang Taksaka enggal rinukti dening para nayaka, katindhihan ing brahmana sukci, sarta lajêng kawiwaha miturut sawêwarahing sêrat sukci. Saparipurnanipun amiwaha layon, têtiyang sanagari lajêng sami angêmpal, wigatos anjumênêngakên narendra putra tatilaranipun sang prabu ingkang taksih timur, anggêntosi kaprabonipun ingkang rama suwargi, sarta sinêbut: Maha Prabu Janamejaya, pangrurahing satru sêkti, narendra têdhak Kuru. Kawuningana, Prabu Janamejaya punika sanadyan taksih timur, sampun kasinungan kawicaksanan. Putranipun Prabu Pariksit ingkang pambajêng, saha ingkang sampun kajumênêngakên nata wau, pangastanipun pusaraning praja mawi dipun êmbani para nayakanipun, tuwin paranparanipun. Sang prabu punika ambêg paramarta kados ingkang eyang buyut [bu...]

--- 1 : 343 ---

[...yut] Prabu Yudhisthira. Dupi sang prabu kawistara sampun sayogi mêngku sori, têtungguling nayakanipun lajêng lumampah dhatêng nagari Kasi, marêk Sang Prabu Suwarna Warmana, wigatos angêbun-êbun enjing anjêjawah sontên dhatêng putrinipun ingkang pêparab Dèwi Wapustama, badhe kadhaupakên kalihan ratunipun. Sasampunipun sang prabu ing Kasi nyalêsihakên kawontênanipun Sang Prabu Janamejaya, ugi lajêng amarêngakên putrinipun kagarwa narendra têdhak Kuru wau. Dhauping pangantèn kawiwaha kados sacaranipun nata binathara manawi krama. Sang Prabu Janamejaya sangêt sihipun dhatêng Dèwi Wapustama, mila sampun botên tumolèh malih dhatêng pawèstri sanèsipun, sarta tansah suka-suka parisuka kalihan ingkang garwa. Sabên-sabên cangkrama dhatêng ing narmada, samodra, parêdèn, saha ing pundi ingkang kathah sasêkaranipun, dados sang prabu punika tansah mangun suka kalihan sang pramèswari, kadidene Prabu Pururawas nalika anggarwa widadari ing kaswargan ingkang sêsilih Dèwi Urwasi. Kacariyos Dèwi Urwasi punika sulistyaning warninipun satri bawana botên wontên ingkang nimbangi, makatên ugi Dèwi Wapustama. Sulistyaning warni saha kasusilanipun sang dèwi

--- 1 : 344 ---

punika ugi misuwur, sang dèwi bêkti sangêt dhatêng sang prabu, kabêkta saking panjênênganipun rumaos bêkja tuwin mulya, dene kagarwa narendra, kados ingkang sampun dados pangajêng-ajêngipun.

Dumugi samantên wêkasanipun bab kaping sakawan dasa sakawan, saking cariyos Astika ing Adi Parwa.

Bab XLV. (Sambêtipun Astika Parwa).

Anyarêngi lêlampahan ingkang sampun kawursita ing nginggil, pandhita linangkung Maha Rêsi Jaratkaru, tansah lêlana ngidêri bawana. Ing pundi anggènipun kadalon, ing ngriku lêrêmipun, sang pandhita wau sampun kasinungan kasêktèn, nugraha saking anggènipun ambangun tapa, tansah nglampahi amrih têtêping sêsanggêmanipun, ingkang botên gampil manawi dipun lampahi para ambangun tapa ingkang dèrèng angsal nugraha. Sang pandhita tansah siram ing tirta sukci, kados ta ing samodra, narmada, talaga, sumbêr, tuwin lèpèn-lèpèn sukci, dene ingkang kadhahar namung hawa, saha sampun sèlèh saliring kasênêngan ing marcapada, mila sariranipun saya dangu saya anggagang aking. Anuju satunggaling dintên, sang maharsi priksa para lêluhuripun [lêluhuri...]

--- 1 : 345 ---

[...pun] sami gumandhul wontên ing lêbêting song, sukunipun tinangsulan wontên ing nginggil, sirahipun gumantung wontên ing ngandhap, ingkang kangge nangsuli tamparan sêrating wit wirana, ingkang tansah ginrigitan ing tikus agêng, nanging tangsul wau ingkang dèrèng pêdhot amung kantun saêlêr, para lêluhur ingkang sami wontên ing guwa wau botên nate dhahar, mila sariranipun sakêlangkung kêra katingalipun mamêlas sangêt, dene wontênipun makatên punika, jalaran saking sangêting kapenginipun antuk kamulyan. Sang Jaratkaru sakêlangkung wêlas aningali ingkang sami gumandhul wau, mila enggal dipun parêpêki sarta dipun pitakèni makatên: Kisanak, jêngandika punika sintên, têka gumandhul ing tangsul tamparan saking sêrating wirana. Kawuningana, tampar punika sampun mutawatosakên, awit kantun saêlêr ingkang dèrèng pêdhot, sarta tansah ginrigitan ing tikus agêng, dados botên watawis dangu malih, sêrat ingkang kantun saêlêr punika tamtu lajêng pêdhot, manawi ngantos makatên, jêngandika tamtu lajêng dhawah dhatêng ing jurang, môngka anggèn jêngandika gandhul punika sirahipun wontên ing ngandhap, saèstunipun sirah ijêngandika ingkang badhe dhawah dhatêng siti rumiyin, awit saking punika kula andugi manawi jêngandika

--- 1 : 346 ---

badhe nêmahi bilai. Kula kamiwêlasên ningali kawontênan jêngandika ingkang makatên punika, punapa kula jêngandika parêngakên mitulungi. Sumôngga, mugi tumuntên kadhawuhna, punapa ta ingkang jêngandika prihatosakên punika, bokmanawi kenging kula têbas kalihan saprapating nugraha saking anggèn kula tapa brata, punapa sapratiganipun, utawi sapalihipun, punapadene sanadyan sadaya pisan, kula ugi sumanggêm anglilahakên kangge panêbusing prihatos jêngandika punika.

Wangsulanipun para pitri (lêluhur) makatên: Dhuh, sang brahma cari, ingkang pantês linuhurakên, sêmunipun jêngandika punika dhangan badhe angêntas kasangsaran kula. Dhuh, brahmana minulya, kawuningana, nugrahaning kasutapan jêngandika botên kawawa kangge paliyasing kasangsaran kula. O, ênggèr, papêthinganing brahmana, kula ugi sampun tampi nugrahaning kasutapan, ewadene dèrèng sagêd luwar saking prihatos, ênggèr, kalampahanipun kula sami dhumawah ing yomani punika, amargi saking kacurêsan turun. Hyang Brahma ugi ngandika, bilih tiyang ingkang sagêd anurunakên anak jalêr punika satunggaling ganjaran agêng. Wontênipun kula sami nandhang prihatos punika, [puni...]

--- 1 : 347 ---

[...ka,] amargi gêgayuhan kula dèrèng sagêd kadumugèn, wêkasan lajêng sami gumandhul wontên ing ngriki. O, sang dwija, bokmanawi kuncaraning kautamèn jêngandika punika sampun sumêbar ing jagad, ewadene kula ingkang manggèn wontên ing ngriki sami dèrèng priksa dhatêng ijêngandika. Jêngandika punika pantês manawi dipun luhurna, dene kasinungan ambêg wêlas asih, ngantos amrihatosakên dhatêng kasangsaran kula, sarta kawontênan kula sadaya punika pantês kemawon manawi dipun wêlasana, amargi sajatosipun inggih prihatos sangêt. Dhuh, brahmana, mugi kaparênga midhangêtakên anggèn kula badhe ngaturakên lêlampahan kula.

Dhuh, sang muni, kawuningana, kula sadaya punika golonganing rêsi yayawara, sarta têtêp dhatêng sêsanggêman, ananging amargi kacurêsan turun, mila sami katurunakên saking alam kamulyan, bêgja dene kula taksih lêstari sami sêrêng amêsu brata. Sayêktosipun kula punika taksih darbe turun, nanging ing mangke namung kantun satunggal, turun kula wau taksih utawi botênipun kula botên sumêrap, inggih saking kojuring lêlampahan kula sadaya, dene sami kacidran ing pangajêng-ajêng. Turun kula satunggal wau nama Jaratkaru, piyambakipun punika [pu...]

--- 1 : 348 ---

[...nika] putus dhatêng Weddha dalasan saperang-peranganipun pisan, mila lajêng sêngsêm dhatêng kasutapan. Sêruning bratanipun kalampahan sagêd mangrèh ciptanipun, gêgayuhanipun amung dhatêng kasukciyan. Têtêp dhatêng salwiring sêsanggêman, saha gêntur kasutapanipun, Jaratkaru punika botên purun nambut silaning akrama, dados botên sagêd nurunakên wiji, môngka botên gadhah kadang warga. Amargi saking makatên punika mila kula sadaya lajêng sami anggêntur tapa, ing pangangkah sagêda mambêngi sêdyanipun Jaratkaru ingkang makatên wau. Pamuji kula supados piyambakipun punika sampun ngantos kalajêng-lajêng anggènipun damêl jalaran curêsing turun, saking sangêting pangangkah kula ngantos tumindak kados lêkasipun tiyang ingkang tuna ing budi, anggandhul wontên ing ngriki punika. Panyuwun kula ênggèr, manawi jêngandika sagêd pinanggih kalihan Jaratkaru, kaparênga cariyos dhatêng piyambakipun makatên: Wruhanira Jaratkaru, lêluhurira padha nandhang sangsara anggandhul ana ing êsong, sikile tinalenan ana ing dhuwur, sirahe ana ing ngisor. He, wong sukci, enggal rabia, supaya sira bisa nurunake wiji. He, sira kang abôndha kasutapan, amarga turune lêluhurira kang isih mung kèri sira dhewe.

--- 1 : 349 ---

Dhuh, brahmana ingkang luhur ing budi, tamparan sêrating wirana ingkang kangge anggantung kula punika, minôngka pralambanging darah saha lêluhur kula sadaya. Tampar ingkang sampun sami rantas dipun grigiti tikus punika, atêgês kawontênan kula sakadang warga ingkang tansah sami dipun grigiti môngsakala. Sêrat saêlêr ingkang dèrèng pêdhot punika, pralambangipun anak kula ingkang tansah agêntur tapa wau, dene tikusipun punika pasêmoning môngsakala ingkang pangwasanipun tanpa watêsan, môngsakala botên sampun-sampun anggènipun ngrêncana dhatêng pun Jaratkaru, katitik Jaratkaru amung gêga pikajêngipun piyambak, tansah anggêntur tapa ngajab-ajab nugrahaning lampahipun wau. Wontênipun ngantos kalantur-lantur makatên punika, pangintên kula saking cupêting budinipun, saha sêpên ing kawiwekan. Dhuh, brahmana, nugraha kasutapanipun Jaratkaru punika botên sagêd kangge ngêntas panandhang ingkang kula raosakên punika. Kawuningana, manawi tampar punika ngantos pêdhot, kula tamtu kalêbêt ing yomani, sirna raos-pangraos kula, kabrastha ing môngsakala, wêkasan dhumawah ing papa kados tiyang dosa. Dhawah kula ing jurang kalihan para lêluhur punika pralambang ingkang mratandhani, bilih kula dalah para

--- 1 : 350 ---

lêluhur tuwin pun: Jaratkaru, sêsarêngan sami kacêmplung ing yomani, amargi winasesa ing môngsakala. Kawuningana ênggèr, mênggahing tapa brata, sêsaji, utawi pandamêl sukci sanès-sanèsipun, punika botên pakangsal kangge mambêngi pikajêngipun Jaratkaru. Sarèhning jêngandika sampun priksa sadaya dhatêng kawontênan kula, mila manawi jêngandika sagêd pinanggih kalihan pun Jaratkaru, ingkang sampun jêngandika wuningani wau mugi dipun ngêndikakna sadaya. Dhuh brahmana, kabêkta saking sih jêngandika dhatêng kula sadaya, sêmunipun botên awrat badhe minangkani ing pangajêng-ajêng kula, inggih punika dhawuh dhatêng Jaratkaru, supados purun nambut silaning akrama, murih sagêd nyambêt panjanging turun. Dhuh, brahmana linangkung, jêngandika punika punapa mitranipun para akrap kula, dene mrihatosakên kasangsaran kula kadosdene lêkasipun pawong mitra. Kula kêpengin priksa, sintên asma ijêngandika punika, têka kalampahan rawuh wontên ing ngriki.

Dumugi samantên wêkasanipun bab kaping sakawan dasa gangsal, saking cariyos Astika, ing Adi Parwa.

Bab XLVI. (Sambêtipun Astika Parwa).

Sang Soti ngandika: Sarêng Sang Jaratkaru mirêng pangandikanipun [pangandikanipu...]

--- 1 : 351 ---

[...n] para pitri (lêluhuripun) panggalihipun karêrantan sangêt, mila lajêng matur sarwi anênggak waspa, aturipun makatên: Manawi makatên paduka punika tiyang sêpuh saha lêluhur kula ingkang sampun sami linggar saking donya. Mugi kaparênga andhawuhakên, punapa ingkang kêdah kula lampahi, amrih sagêdipun paduka sami manggih kamulyan. Kula punika pun Jaratkaru putra paduka ingkang agêng dosanipun, têtela manawi kula punika tanpa aji, dene anêrak pandamêl dosa, mugi paduka lajêng kêparênga midana dhatêng ing dhiri kula.

Wangsulanipun para pitri, wruhanira kulup, anggonira lêlana kongsi têka ing kene iki malah dadi kabênêran. He, brahmana, pagene têka sira ora gêlêm nambut silaning akrama.

Atur wangsulanipun Sang Jaratkaru: Dhuh, para pitri, kajêng nêdya semah ingkang amrih sagêd asêsuta, punika sampun sumimpên wontên ing batos kula, awit jiwa punika ing nguni sampun dhinêdhêran wiji makatên, mila sarêng jiwa wau tumitah wontên ing donya, wiji wau taksih kabêkta. Dhuh, para pitri, manawi pangangkah kula punika botên nêdya mêngku semah, ananging sarêng kula priksa paduka sami gumandhul kados [ka...]

--- 1 : 352 ---

[...dos] kalong makatên, sanalika wiji wau lajêng tuwuh malih, sarta kula samangke sampun malik sêdya, botên badhe nglajêngakên gêsang kados sacaraning para brahma cari, dene kakêncênganing manah botên sanès amung nêdya ngèstokakên karsanipun para pitri. Amung kemawon purun kula mêngku semah punika, manawi wontên pawèstri ingkang nunggil nami kalihan kula, kaping kalihipun: pawèstri wau pancèn nêdya dipun pisungsungakên dhatêng kula, kaping tiganipun: manawi pawèstri wau purun dados semah kula kalayan lêgawaning manah, sarta kaping sakawanipun: manawi sampun dados semah kula, sandhang têdhanipun botên dados sêsanggèn kula. Manawi botên wontên pawèstri ingkang kados makatên kawontênanipun, kula botên kadugi mêngku semah. Dhuh rama, inggih makatên punika punagining manah kula. Anak kula ingkang patutan saking badhe semah kula wau, ing têmbe ingkang sagêd damêl kamulyanipun para pitri, dhuh, para lêluhur kula, manawi makatên paduka badhe manggih kamulyan langgêng.

Sang Soti nglajêngakên cariyosipun: Sasampunipun sang muni matur makatên, enggal mêdal saking êsong ingkang dipun dunungi para pitri, sumêdya nglajêngakên lampahipun lêlana [lê...]

--- 1 : 353 ---

[...lana] ngidêri bawana. Dhuh, Sang Sonaka, nanging sang rêsi ngantos lungse ing yuswa dèrèng manggih pawèstri kados ingkang dados pangajêng-ajêngipun, mila adamêl gênging prihatosipun, sayêktosipun Sang Jaratkaru punika bêkti sangêt dhatêng para lêluhuripun, mila tanpa pêdhot anggènipun ambudidaya sagêdipun kadumugèn sêdyanipun, wasana sang maharsi lumêbêt ing wana, kalayan sakalangkung prihatos, sarta ngantos ngutahakên waspa. Kabêkta saking dêrênging panggalih anggènipun badhe mulyakakên para lêluhuripun, ngantos kawêdal pangandikanipun makatên: Sarèhning ingsun iki prêlu nambut silaning akrama, kapêksa ingsun anglairake panêmbung ingsun marang sagung tumitah, nganti rambah kaping têlu. Têmbungipun makatên: Dhuh, sagunging dumados, ingkang maujud punapa kemawon, sanadyan ingkang katingal utawi botên, ingkang ebah utawi ingkang botên ebah, mugi kaparênga mirêngakên ucap kula punika. Para lêluhur kula sami nandhang prihatos, sarta mitungkas dhatêng kula tiyang ingkang sêngsêm mêsu brata, dhawuhipun makatên: Ênggèr, sira nglakonana mêngku somah supaya bisa nyambung turun. Kawuningana, sasampunipun kula tampi dhawuh wau, lajêng prihatos sangêt, mila kula lajêng lêlana [lêla...]

--- 1 : 354 ---

[...na] ngidêri bawana, wigatos ngupaya titah ingkang purun anglilahakên anak utawi kadangipun èstri dhatêng kula. Awit saking punika, manawi ing antawisipun para titahing dewa ingkang ing wêkdal punika wontên ing ngriki, môngka darbe suta utawi kadang èstri, kaparênga nglilahakên putra utawi kadangipun wau dhatêng kula. Sanadyan anggèn kula ngupaya semah wau sampun anjajah desa milang kori, ewadene dèrèng sagêd angsal pawèstri kados ing pangajêng-ajêng kula, inggih punika pawèstri: ingkang nunggil nami kalihan kula, nêmaha dipun lilahakên dhatêng kula, tuwin pawèstri wau sampun nêdya purun dados semah kula, sarta ingatasing sandhang têdhanipun botên dados sêsanggèn kula. Bilih ing antawisipun ingkang samangke sami wontên ing sakiwa têngên kula ngriki wontên ingkang darbe kadang warga makatên wau, mugi lajêng dipun pasrahna dhatêng ing kula. Gêntos kacariyos, kengkenanipun Naga Raja Basuki ingkang kinèn ngintip sasolah bawanipun Sang Jaratkaru, ing mangke sampun botên kasamaran dhatêng karsanipun sang rêsi, mila gêgancangan matur ing gustinipun. Dupi sang naga raja midhangêt aturipun para sarpa utusanipun, lajêng bidhal dhatêng wana palêrêmanipun sang rêsi, kalihan ngirid kadangipun èstri ingkang dipun [dipu...]

--- 1 : 355 ---

[...n] busanani sarwa endah. Dhuh, Sang Sonaka, Naga Basuki ratuning sarpa, sasampunipun pinanggih sang rêsi lajêng masrahakên kadangipun èstri, minôngka pisungsungipun dhatêng Sang Jaratkaru. Ing wêkdal samantên sang rêsi dèrèng kaparêng lajêng nampèni kemawon, sumêlanging panggalihipun, bokmanawi pawèstri wau botên nunggil nami kalihan panjênênganipun, sarta punapa inggih badhe purun mituruti kados ing sapanêdhanipun ingkang sampun kawiyos, mila sang rêsi lajêng pitakèn dhatêng Sang Naga Basuki, sintên sêsilihing kadangipun èstri punika, sarta ngandika makatên: Kawuningana, kula botên purun mêngku semah, manawi kapurih nyanggi sandhang têdhanipun.

Dumugi sêmantên wêkasanipun bab kaping: sakawan dasa nênêm: perangan Astika, ing Adi Parwa.

Bab XLVII. (Sambêtipun Astika Parwa).

Sang Soti angandika: Sang Naga Raja Basuki lajêng mangsuli atur dhatêng Sang Rêsi Jaratkaru makatên: Dhuh, papêthinganing para brahmana, pawèstri punika kadang kula, saha sêngsêm dhatêng kasutapan, sarta nunggil nami kalihan ijêngandika, mila manawi ijêngandika panuju ing karsa, mugi kaparênga nampèni kadang kula [ku...]

--- 1 : 356 ---

[...la] punika, dadosa têtimbangan ijêngandika, dene sadaya kabêtahanipun, kula piyambak ingkang badhe anyanggi. Dhuh, ingkang abôndha kasutapan, anggèn kula badhe ngayomi sandhang têdhanipun garwa ijêngandika punika sampun kula manah saprayoginipun. Dhuh, têtungguling para rêsi, pawèstri punika pancèn sampun nêdya kula pisungsungakên dhatêng ing jêngandika. Wangsulanipun sang rêsi: Enggalipun kula botên kajibahakên manah kabêtahanipun, sarta kula prajangji, manawi amrih lêstantunipun kula wêngku dados semah, piyambakipun sampun ngantos nêrak pêpali ingkang badhe kula aturakên, manawi piyambakipun ngantos kalampahan nêrak, saèstu badhe kula tilar kesah.

Sang Soti nglajêngakên cariyosipun: Sang naga raja sagah anglêksanani sadaya panêdhanipun sang rêsi, pangandikanipun makatên: Karsa jêngandika badhe kalampahan sadaya. Wasana Sang Jaratkaru lajêng kairid dhatêng karatonipun sang naga raja, sadumugining kadhaton, têtungguling brahmana ingkang botên kewran dhatêng saliring pangawikan, saha sêtya dhatêng sêsanggêman, tuwin bêkti dhatêng kautamèn wau, anyêpêng astanipun Dèwi Jaratkaru, lajêng dipun mantrani. Sang maharsi

--- 1 : 357 ---

sangêt anggènipun ngajèni dhatêng garwanipun, sang dèwi tumuntên dipun kanthi lumêbêt ing gêdhong sadhiyanipun sang pinangantèn, ingkang sakalangkung endah, sarta ing ngriku sampun kadekekan pasareyan, kados pasareyanipun narendra. Dupi sang pinangantèn sampun satata lênggah wontên ing salêbêting gêdhong, sang maharsi lajêng andhawuhakên pêpali dhatêng ingkang garwa, pangandikanipun makatên: Sira aja pisan-pisan wani kumêcap utawa tumindak kang ora dadi kaparênging karsaningsun, manawa sira kongsi anêrak, bakal ingsun tinggal salawase, mula tansah cathêtên ana ing batinira.

Sarêng sang dèwi sampun nampèni pangandikanipun sang rêsi ingkang makatên wau, sangêt sumêlanging panggalihipun, sarta dados jalaran gênging prihatosipun, wasana lajêng matur: Mugi karsa paduka punika sagêd kalêksanan. Sang dèwi ingkang botên katempelan ing dosa, saking kapenginipun badhe damêl kasaenan dhatêng kulawarganipun, anggènipun ngladosi dhatêng sang rêsi sakalangkung ing pangatos-atosipun, pamawasipun dhatêng priya kados mulatipun sêgawon, trangginas kados sangsam, lantipipun dhatêng cipta sasmita kados pêksi dhandhang. Ing satunggaling dintên, kadangipun Sang Naga Raja Basuki

--- 1 : 358 ---

pinuju nyarêngi tuwuh wijinipun, sang dèwi lajêng sêsuci sarana siram jamas kados ingkang sampun dados ing kalimrahanipun, saparipurnanipun lajêng umarêk ing ngarsanipun sang muni, wusana sang dèwi lajêng ngandhêg. Sarêng sampun dumugi mangsanipun, sang dèwi lajêng ambabar miyos kakung, cahyanipun sumunar kados latu, sarta sampun kasinungan kasêktèn, indhaking agêngipun jabang bayi kadosdene indhaking wulan dumugining purnama, saya wimbuh mancorong sumunaring cahyanipun.

Sang Soti nglajêngakên cariyosipun: Nanging kawuningana, nalika Dèwi Jaratkaru sawêg ambobot ênèm, pinuju ing satunggaling dintên, wanci sontên sang maharsi ingkang kasumbaga wau sare akajang sirah pangkonipun sang dèwi. Sang rêsi anggènipun sare katingal sakeca sangêt, kados tiyang sayah ingkang mêntas lumampah têbih, môngka ing wêkdal punika surya sampun ngancik ing pucaking parêdèn iring kilèn, ingkang botên watawis dangu malih badhe botên katingalan. Kados punapa pakèwêding panggalihipun sang dèwi, amargi sampun wancinipun manêmbah dhatêng dewa, sang rêsi taksih sakeca sare, pangunandikanipun sang dèwi makatên: Samêngko aku kudu tumindak kapriye, apa sang rêsi prêlu diwungu apa ora,

--- 1 : 359 ---

ing sarèhning sang rêsi iku têtêp marang wêwarahing agama, tumindakku kudu kapriye supaya aja nganti nêrak pêpali. Tindak kang ora susila iku ora dadi kêparênge sang rêsi guru lakiku, ananging ilanging kautaman uga sinirik para utama. Saka pangiraku ilanging kautaman iku ingatase panjênêngane luwih abot, yèn panjênêngane dak wungu mêsthi duka, ananging manawa candhik ala iku nganti ilang, panjênêngane durung manêmbah ing dewa, mêsthi bakal kaelangan kautaman.

Golonging panggalih, Dèwi Jaratkaru kadangipun èstri Naga Raja Basuki ingkang arum wicaranipun, lajêng amungu sang rêsi ingkang taksih sare, prabanipun mancorong, awit saking bantêring kasutapanipun, manawi dipun sawang ngantos kados latu murub. Aturipun sang dèwi ngatos-atos sangêt: Dhuh, sang rêsi, ingkang kasinungan nugraha, mugi kaparênga wungu, punika sampun sêrap surya. Dhuh, sang linangkung, ingkang têtêp dhatêng sêsanggêman, sasampunipun paduka sêsukci, punapa botên angluhurakên sêraping surya. Punika sampun wancinipun sêsaji: homa, imbanging langit iring kilèn sampun katingal mrêbabang amarakata.

Ing nalika sang maharsi mirêng aturipun ingkang garwa makatên wau, [wa...]

--- 1 : 360 ---

[...u,] lajêng wungu, ing sêmu sakalangkung duka sarta lajêng ngandika, lathinipun katingal gêtêr. He, putrining naga kang endah ing warna, pagene têka sira wanuh wani mêmirang marang ingsun, wiwit samêngko ingsun ora bisa tatunggal lawan sira manèh, ingsun nêdya lunga saparan-paran. He, kang mukang gangsir pupune, wruhanira, yèn ingsun durung tangi, srêngenge mêsthi ora wani angslup kaya kang uwis-uwis, wong kang kawirangan iku mêsthi ora kaduga nglêstarèkake dêdunung ana ing panggonan anggone nêmu kawirangan, luwih manèh tumrape ingsun, kang wus nêmaha gayuh kautaman. Sanalika wau sang dèwi sangêt ajrihipun, mila lajêng matur sarwi gumêtêr sariranipun: Kawuningana, sang brahmana, anggèn kula amungu paduka botên nêmaha damêl kawirangan, nanging amung saking gênging rumêksa kula, supados sampun ngantos gêmpal kautaman paduka.

Aturipun sang dèwi makatên wau botên dados panyirêping dukanipun sang rêsi, nanging malah kados ngububi urubing dukanipun, mila sansaya dêrêng sêdyanipun badhe nilar ingkang garwa, sang rêsi lajêng ngandika: Dhuh, kang sarwa sulistya ing warna, kawruhana, ingsun durung tau angingkêti wicara kang wus kawêtu, mula ingsun mêsthi bakal tumuli lunga saka ing kene, mangkono mau mung anêtêpi [anêtê...]

--- 1 : 361 ---

[...pi] prajanji kang wus padha disanggêmi. He, wanodya linuwih, ingsun rumôngsa mulya sajrone tatunggalan lawan sira, sira matura marang kadangira sang naga raja, manawa sira sun tinggal lunga, dene sapungkur ingsun sira aja manggung sungkawa.

Dèwi Jaratkaru ingkang endah ing warni, kadangipun Naga Raja Basuki, nalika dipun pangandikani makatên dhatêng sang maharsi, ngantos sapandurat botên sagêd ngandika, panggalihipun kuwur. Awit saking ajrih saha rudahing panggalihipun, wasana lajêng matur dhatêng sang maharsi, sêrêt wêdaling wicaranipun, netranipun ngêmbêng waspa, pasuryanipun pucêt, sarwi tumungkul sang dèwi matur makatên: Dhuh, sang rêsi, guru laki kula, kula mugi sampun ngantos paduka tilar, karantên kula botên rumaos dosa, panjênêngan paduka punika botên nate singlar saking kautamèn, makatên ugi kula, awit kakêncênganing manah kula amung badhe mamrih karaharjanipun para kadang warga. Dhuh, papêthinganing para brahmana, wontênipun kula kasuwitakakên ing panjênêngan paduka punika, sayêktosipun para naga darbe pangajêng-ajêng ingkang samangke dèrèng kasêmbadan. O, têka bêkja têmên lêlakonku iki, kaya apa dukane kakang Naga Raja Basuki marang awakku. Dhuh, dhuh, sang muni, para kadang kula [ku...]

--- 1 : 362 ---

[...la] sami nandhang prihatos, amargi sami giris manawi kèngêtan dhatêng soting tiyang sêpuhipun, dene pangajêng-ajêngipun sagêda darbe pulunan ingkang mêdal saking kula, patutan kalayan panjênêngan paduka. Awit sampun kasêbut ing wêca, manawi cabaring sot wau namung saking lare punika, môngka ing mangke kula dèrèng rumaos wawrat, panjênêngan paduka karsa nilar kula, o, sang maharsi, sasêmbahan kula, kamulyanipun para kadang kula punika amung saking putra paduka, anggèn kula ngantos kamipurun mambêngi karsanipun sang maharsi punika, pinêksa dening sumêlanging manah, bokbilih anggèn kula anyèthi punika botên asêsuta. Dene ardaning pangajêng-ajêng kula wau saking anggèn kula nêdya ngêntas sangsaraning kadang warga kula. Dhuh, sang tapa, kadospundi manawi panjênêngan paduka anilar kula sadèrèngipun wawrat, kawuningana, kula botên darbe kalêpatan, pukulun.

Sang muni ingkang sêngsêm dhatêng tapa brata, dupi midhangêt aturipun ingkang garwa makatên wau, lajêng ngandika ingkang damêl ayêming panggalihipun Dèwi Jaratkaru. Makatên pangandikanipun: He, putri kang antuk nugraha, bayi kang anèng kandhutanira iku ing têmbe warnane kaya Bathara Agni, ambêge utama, sarta [sar...]

--- 1 : 363 ---

[...ta] mumpuni marang saliring Weddha lan saperang-perangane.

Sang maharsi sasampunipun ngandika makatên, lajêng nilar ingkang garwa, èsthining panggalih badhe nglajêngakên tapa brata malih.

Dumugi samantên wêkasanipun bab kaping kawan dasa pitu, saking cariyos Astika, ing Adi Parwa.

Bab XLVIII. (Sambêtipun Astika Parwa).

Aturipun Sang Soti: Dhuh, paduka ingkang abôndha kasutapan, sapêngkêripun Rêsi Jaratkaru, Dèwi Jaratkaru enggal umarêk ing ngarsanipun ingkang raka Naga Raja Basuki, wigatos ngaturakên kawontênanipun lêlampahan wau sadaya, saking wiwitan ngantos dumugi wêkasan botên wontên ingkang kalangkungan. Nalika sang naga raja midhangêt pawartos kawontênaning lêlampahan ingkang botên prayogi wau, lajêng ngandika dhatêng ingkang rayi sang dèwi ingkang sawêg nandhang prihatos. Sanadyan sang dèwi sangêt prihatosipun, ewadene dèrèng môntra-môntra manawi katimbang kalihan prihatosipun Sang Basuki.

Pangandikanipun Naga Raja Basuki makatên: He, kêkasihing dewa, sira mêsthine wus sumurup, [sumuru...]

--- 1 : 364 ---

[...p,] anane sira kongsi dipisungsungake marang sang maharsi, supaya bisa duwe atmaja kang kasinungan kasêktèn, amarga iya bocah kang linairake saka sira iku, kang pinasthi bisa angêntas para naga saka bêbaya gênining sêsaji, mangkono dhawuhe Hyang Brahma kang kawêdhar ana ing ngarsane para dewa. Dhuh, kadang ingsun kang antuk kabêgjan, apa sira samêngko wus angandhut, môngka pangarêp-arêp ingsun, pikramanira lan sang maharsi mau supaya bisa asêsuta. Patakon ingsun iki satêmêne ora pantês, yèn sun lairna marang sira, ananging awit prakara iku prêlu bangêt, mulane ingsun banjur kapêksa pitakon kang mangkono iku. Ingsun wus ora kasamaran, manawa priyanira iku wantêr wêwatakane, mula ingsun ora banjur nututi sarta mambêngi karsane, amarga ingsun sumêlang bokmanawa diêsotake. Dhuh, kadang ingsun kang tuhu linuwih, mara caritakna kang kongsi salêsih, kapriye pangandikane sang rêsi nalika arêp ninggal marang sira. Enggal pulihna rusaking atiningsun, kang papindhane kayadene katancêpan panah kang luwih ampuh, mula tumuli dudutên panah iki.

Ing nalika wau sang dèwi lajêng anglêlipur prihatosipun sang naga raja, wasana lajêng anêmbah sarwi umatur: Ing wêkdal sang pandhita [pa...]

--- 1 : 365 ---

[...ndhita] linangkung wau kula pitakèni, pangandikanipun makatên: Iya, sira bakal asêsuta. Sasampunipun sang rêsi ngandika makatên lajêng pangkat, ingkang sampun kula yêktosi, sang maharsi punika sanadyan salêbêtipun gêgujêngan, pangandikanipun botên nate wontên ingkang cidra. Dhuh, kakang prabu, punapa inggih, sang rêsi karsa andhawuhakên pangandika ingkang botên nyata tumrap prakawis ingkang sakalangkung wigatos punika. Panjênênganipun sang maharsi ngandika: He, putrining naga, aja sumêlang, anggonira jajodhoan lan ingsun iki mêsthi ana kêdadehane. Kawruhana, jabang bayi kang sira kandhut iku bakal mêtu priya, prabane sumunar kaya surya. Dhuh, kakang prabu, sasampunipun sang rêsi ngandika makatên wau, lajêng pangkat anilar kula, pramila kakang prabu, mugi sungkawaning panggalih paduka tumuntên kabirata.

Sang Soti nglajêngakên cariyosipun: Dupi Sang Naga Raja Basuki, ratuning sarpa, midhangêt aturipun Dèwi Jaratkaru, sakalangkung sukaning panggalih, wêkasan ngandika: Muga dewa ngèstrènana marang pangandikane sang rêsi. Wiwit nalika samantên, sang dèwi tansah dipun ugung, sarta dipun aji-aji langkung saking samêsthinipun, sang putri tansah kalinggamurda, sarta [sar...]

--- 1 : 366 ---

[...ta] botên kêndhat dipun paringi mas picis rajabrana. Dhuh, Sang Sonaka, jabang bayi putranipun sang dèwi punika, wiwit lair sampun kasinungan kasêktèn, saha mawa cahya anêlahi, saya diwasa saya sumorot cahyanipun kadi wulan purnama.

Dhuh, brahmana, nalika sang dèwi, putrining naga wau anggènipun bobot sampun dumugi wancinipun, lajêng ambabar miyos kakung, cahyanipun pindha sasôngka, kadi putra babaran ing kaswargan, sarta sagêd dados paliyasing prihatosipun para naga. Putranipun Dèwi Jaratkaru punika ngantos dumugi ing diwasanipun, dipun gulawênthah wontên ing karatonipun sang naga raja, saha kapuruhitakakên dhatêng sang pandhita linangkung Cyawana putranipun Maharsi Brigu, kawulang Weddha dalah saperang-peranganipun. Wiwit timur putranipun Sang Rêsi Jaratkaru sampun sêngsêm dhatêng kasutapan, luhur budinipun, utami pambêganipun, lantip ing panggraita, saha sampun nyingkur dhatêng saliring kasênêngan ing marcapada, pasêmonipun wingit, wontênipun ing marcapada sinêbuting asma: Astika, wêrdinipun: kapriye baya. Wontênipun dipun pêparapi makatên punika, amargi nalika jabang bayi wau taksih wontên ing guwa garbaning ibu, sampun tinilar ingkang rama dhatêng ing wana,

--- 1 : 367 ---

nalika badhe pangkatipun ingkang rama ngandika: Iya, sira bakal darbe suta. Sang Astika wiwit rare wanci dêmolan, sampun kawistara kalantipan, saha santosaning bêbudènipun, wontên ing karatonipun sang naga raja dinama-dama sangêt, suwarninipun botên siwah kalihan Bathara Mahadewa ingkang adêdamêl: trisula, saha pêpundhèning para dewa ingkang jênaring sariranipun kadya kancana sinangling. Sang Astika saya diwasa saya katingal kalangkunganipun, pramila damêl bingahipun sakathahing sarpa.

Dumugi samantên wêkasanipun bab kaping kawan dasa wolu, saking cariyos Astika, ing Adi Parwa.

Bab XLIX. (Sambêtipun Astika Parwa).

Rêsi Sonaka ngandika: Ênggèr, Lomaharsanaputra, ingsun caritakna manèh kang salêsih kabèh lêlakon kang dadi pandangone Prabu Janamejaya marang para nayakane, bab unggahe Maha Prabu Pariksit, marang swarga.

Aturipun Sang Soti: Dhuh, sang brahmana, mugi dipun piyarsakna anggèn kula nyariyosakên pandangonipun Sang Prabu Janamejaya dhatêng para nayakanipun, sarta atur [a...]

--- 1 : 368 ---

[...tur] wangsulanipun para nayaka bab muksanipun Maha Prabu Pariksit.

Sang Prabu Janamejaya andangu dhatêng para nayaka: Apa sira padha sumurup marang lêlampahane kangjêng rama kang wus suwarga. Kang dadi jalaran sedane narendra kang kaloka ing jagad iku saka apa, sawuse ingsun miyarsakake lêlampahane rama prabu, ingsun lagi bisa andhawuhake apa kang kudu linakonan, samono mau manawa têtela prayoga kanggo sarana kamulyaning bawana, yèn ora migunani, mêsthine bae ora bakal ingsun tindaki.

Aturipun para nayaka: Dhuh, narendraning bawana, mugi dipun piyarsakna atur kula punika. Paduka andangu lêlampahanipun rama paduka suwargi, ingkang kasusra ing jagad, bab ingkang dados pancadan inggahipun dhatêng Endrabawana. Rama paduka suwargi Maha Prabu Pariksit, punika narendra ingkang luhur budinipun, sarta ambêg utami, botên kêndhat-kêndhat paring pangayoman dhatêng sadaya kawulanipun. Dhuh, sinuhun, mugi kaparênga miyarsakakên dhatêng kawontênan, nalika rama paduka suwargi ngasta

--- 1 : 369 ---

pusaraning praja. Adil, saha kautamènipun ngantos botên kenging cinôndra, awit sayêktosipun rama paduka sang prabu punika lêbda dhatêng wêwatoning kawruh praja. Bôngsa sakawan pisan, brahmana, satriya, wesya tuwin sudra, sami kapardi têtêpipun dhatêng darmanipun piyambak-piyambak. Kaprawiranipun rama paduka sang prabu datanpa timbang, dipun sihi ing dewa, saha abôndha-bandhu, mila dados pangayomaning bawana. Sang prabu asih dhatêng sadaya dumadi, makatên ugi sadaya tiyang sami sih trêsna ing panjênênganipun. Sang prabu punika prasasat Hyang Prajapati (Hyang Brahma) angejawantah, sagung tumitah sami manut miturut sadhawuhipun. Dhuh, sinuhun, para brahmana, satriya, wesya tuwin sudra, sami suka bingah anggarap kuwajibanipun piyambak-piyambak, mila sang prabu sangêt kasok ing panggalihipun, têmahan anggènipun mêngku sarta ngayomi kanthi tindak adil. Rôndha, rare yatin, tiyang cacat, ingkang sami kacingkrangan, tuwin sapanunggilanipun, sami ingayoman saprayoginipun. Suwarninipun sang prabu sakalangkung pêkik, sagung titah ingkang tumingal, tamtu sih trêsna kados andulu: soma (amrêta). Sang prabu tansah ambêbingah dhatêng para nayaka dalah

--- 1 : 370 ---

sakarerehanipun, dêdananipun tanpa kêndhat kados ilining narmada, ingkang botên nate cidra pangandikanipun, kaprawiranipun linangkung, sagêd anandukakên saliring dêdamêl, awit rama paduka punika siswanipun Sang Maharsi Saradwat. O, sinuhun, rama paduka punika antuk sihipun Sang Guwinda, sarta dipun sihi sagung manungsa. Miyosipun rama paduka saking guwagarbanipun ingkang ibu Dèwi Utari nalika bôngsa Kuru sampun mèh tumpês sadaya, mila Sang Abimanyuputra punika lajêng sinêbut asma Pariksit, wrêdinipun: kamiyosakên dados darahipun bôngsa ingkang mèh curês. Sang Prabu Pariksit punika lêbda dhatêng wêwijanganing darma, mila utami pambêganipun. Rama paduka sampun unggul kalihan kamurkanipun, lantip ing panggraita, mila sarwa linangkung, lêbda dhatêng kawruh kasusilan, sarta wêwatoning kawruh praja anggènipun jumênêng nata dangunipun sawidak taun. Nalika sang prabu surud, têtiyang sanagari sami wayang-wuyungan, amargi saking sangêting prihatosipun. Dhuh, narendraning bôngsa Kuru, sasurutipun rama paduka sang prabu, panjênêngan paduka ingkang wajib nampèni pusaka kapraboning bôngsa Kuru, ingkang dangunipun sapunika sampun sèwu warsa. Nalika

--- 1 : 371 ---

paduka kajumênêngakên narendra, taksih timur, mila inggih paduka ingkang kawajiban dados pandam pangayomanipun sagung tumitah.

Pangandikanipun Sang Prabu Janamejaya: Bangsaningsun durung tau kaêrèh ing narendra kang ora amrih karahayoning kawulane, apadene durung ana kang ora disihi ing kawulane. Apa sira ora padha kaelingan marang panggalihane para lêluhur ingsun, apa panjênêngane kabèh mau ora tansah angêgungake pangayoman, sarta dêdana. Samêngko ingsun pitakon, apa kang dadi jalarane sedane rama prabu kang wus tampi nugrahaning dewa mau, sarta kasinungan sakèhing kautaman. Mara nuli caritakna lêlakon iku, ingsun kapengin miyarsa carita kang dadi jalarane rama prabu murut marang kaanan jati.

Aturipun para nayaka: Kawuningana sinuhun, rama paduka punika dados pangayomaning jagad, têtungguling para ingkang sami sêtya dhatêng sêrat sukci, panjênênganipun Prabu Pariksit punika rêmên bêbêdhag buron wana, kados eyang paduka Prabu Pandhu ingkang santosa baunipun, saha ingkang dados têtungguling prajurit sikêp jêmparing. Kathah pranataning nagari, [na...]

--- 1 : 372 ---

[...gari,] pusaka saking têtilaranipun rama paduka sang prabu, wiwit ingkang alit-alit, ngantos dumugi ingkang agêng-agêng. Anuju satunggaling dintên, sang prabu tindak babêdhag, sadumuguning wana lajêng anjêmparing sangsam, nanging botên sagêd pêjah sami sanalika, sangsamipun taksih lumajêng lumêbêt dhatêng ing grumbul, awit saking makatên punika sang prabu tumuntên nglacak sangsam wau kalihan dharat kemawon, sarwi nganggar sabêt tuwin ngendhong jêmparing lumêbêt ing satêngahing wana. Sangêt pangupayanipun sang prabu dhatêng sangsam ingkang sampun kataman jêmparing wau, wana kaosak-asik, bêbasanipun: ron mangkurêb kalumahakên, ingkang malumah dipun kurêbakên: ewadene mêksa botên pinanggih, rikala samantên suwargi rama paduka sang prabu sampun yuswa sawidak warsa, môngka lumampah ing wana ingkang kêbak bêbondhotan, mila kêraos sakêlangkung sayah saha kasatan sangêt. Kapinujon ing nalika punika sang prabu priksa satunggaling tiyang linggih, enggal dipun parêpêki sarta dipun dangu, ngantos rambah kaping tiga pandangunipun sang prabu, ananging botên dipun wangsuli, awit sajatosipun punika satunggaling rêsi ingkang sawêg pinuju tapa ambisu. Ing nalika punika sang prabu lajêng katêtangi dukanipun, [dukanipu...]

--- 1 : 373 ---

[...n,] ngantos kaparêng anyênyamah dhatêng sang rêsi. Dhuh, musthikaning têdhak Barata, rama paduka lajêng ngasta gandhewa kagêm nyuthik bathang sarpa ingkang lajêng dipun sampirakên pundhakipun sang tapa. Sanadyan sang rêsi wau dipun sawiyah kados makatên, ewadene mêksa botên nêpsu, sarta sakêcap kemawon botên wicantên, patrap saha pasêmonipun botên ewah.

Dumugi samantên wêkasanipun bab kaping kawan dasa sanga, saking perangan Astika, ing Adi Parwa.