Mahabharata, Dwipayana Wiyasa, 1927, #1120 (Bab 50–58)

Judul
Sambungan
1. Mahabharata, Dwipayana Wiyasa, 1927, #1120 (Bab 01). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata.
2. Mahabharata, Dwipayana Wiyasa, 1927, #1120 (Bab 02). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata.
3. Mahabharata, Dwipayana Wiyasa, 1927, #1120 (Bab 03–05). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata.
4. Mahabharata, Dwipayana Wiyasa, 1927, #1120 (Bab 06–19). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata.
5. Mahabharata, Dwipayana Wiyasa, 1927, #1120 (Bab 20–30). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata.
6. Mahabharata, Dwipayana Wiyasa, 1927, #1120 (Bab 31–41). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata.
7. Mahabharata, Dwipayana Wiyasa, 1927, #1120 (Bab 42–49). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata.
8. Mahabharata, Dwipayana Wiyasa, 1927, #1120 (Bab 50–58). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata.
Citra
Terakhir diubah: 09-06-2017

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Bab L. (Sambêtipun Astika Parwa).

Sang Soti nglajêngakên cariyosipun: Para nayaka nglajêngakên aturipun: Sasampunipun rama paduka nyampirakên bathang sarpa ing pamidhanganipun sang muni, lajêng kondur, sariranipun sakalangkung lungkrah, amargi saking kasèp dèrèng dhahar sarta sangêt sayahipun. Kawuningana, sang rêsi punika darbe suta jalêr ingkang mêdal saking lêmbu, pêparapipun, Rêsi Sringin, kakêndêlan saha kasêktènipun misuwur, ananging watakipun brangasan. Sabên dintên, Rêsi Sringin botên nate towong anggènipun ngadhêp ing ngarsaning gurunipun, mila lajêng tuwuh watakipun bêkti. Ing satunggaling dintên,

--- 1 : 374 ---

Rêsi Sringin tampi dhawuhing gurunipun, kaparêng mantuk. Wontên ing margi rêsi nem-neman wau kêpapag kalihan mitranipun, dipun cariyosi bilih tiyang sêpuhipun mêntas dipun sawiyah dening rama paduka. Dhuh, sardulaning narendra, anjawi punika Rêsi Sringin ugi dipun cariyosi, bilih sudarmanipun punika botên darbe kalêpatan, ewadene têka dipun sawiyah, sarana pamidhanganipun dipun sampiri bathang sarpa dening rama paduka, sarta ugi mratelakakên, anggèning sudarmanipun botên mobah mosik, ngantos kados rêca. Dhuh, sinuhun, rêsi ingkang pundhakipun kasampiran bathang sarpa punika, satunggaling muni pêpêthingan, rêmên tapa brata, sampun sagêd mangrèh pêpenginanipun, sukci, saha tindakipun sarwa elok, sampun padhang budinipun, nugraha saking anggènipun ambangun tapa. Sang rêsi punika dados pangayomaning para titah ingkang sami nandhang pakèwêt, sampun sagêd mangrèh pribadinipun, tindak saha tandukipun sarwa prasaja, panggalihanipun narimah, rila lêgawa, tuwin utami, sarta sampun kaparèng yuswa. Rikala samantên sang rêsi sawêg pinuju nglampahi sêsanggêmanipun tapa ambisu.

Makatên wau kawontênanipun rêsi ingkang sampun dipun sawiyah [sa...]

--- 1 : 375 ---

[...wiyah] dening rama paduka sang prabu. Dupi Rêsi Sringin mirêng manawi tiyang sêpuhipun kacêcamah ing rama paduka, sangêt nêpsunipun, saha lajêng angêsotakên. Rêsi Sringin ingkang kinawasa, sutanipun rêsi ingkang sawêg pinuju ambisu punika. Saking sangêting napsunipun, sigra anyawuk toya ingkang lajêng tangi kasêktènipun. Rêsi Sringin lajêng anguwuh-uwuh dhatêng rama paduka, ucapipun makatên: Mara dulunên kasêktèn nugrahaning kasutapan ingsun, awit saka pangwasane sot ingsun, Naga Raja Taksaka kang linuwih kasêktène, sarta kang mandi wisane, pitung dina manèh saka titimăngsa iki bakal anyirnakake si druhaka, kang nyampiri bathang ula ing pundhake wong atuwaningsun, kang ora dosa iku, sarana kabrastha ing wisane. Sasampunipun wicantên makatên, rêsi nem-neman wau agêgancangan, nglajêngakên lampahipun. Dupi sampun pinanggih kalihan tiyang sêpuhipun, lajêng walèh bilih mêntas angêsotakên rama paduka. Kacariyos têtungguling rêsi, sudarmanipun Rêsi Sringin, kabêkta sangêt sihipun dhatêng rama paduka sang prabu, enggal-enggal matah siswanipun ingkang susila, saha luhur budinipun, nama Gurmuka, kautus sowan ing ngarsanipun rama paduka. Sadumuginipun kadhaton Astinapura, [Astina...]

--- 1 : 376 ---

[...pura,] lêrêm sawatawis, lajêng nyariyosakên kawontênaning lêlampahan wau sadaya, têtêp kados pitungkasing gurunipun, aturipun Brahmana Gurmuka ngambali wêlinging gurunipun, makatên: Dhuh, sinuhun, paduka dipun sotakên suta kula, dene suraosing êsot: Naga Raja Taksaka badhe nyirnakakên paduka, sarana kabêsmi ing wisanipun, mila ingkang ngatos-atos. Dhuh, gusti kula Prabu Janamejaya, rikala rama paduka midhangêt atur ingkang anggêgirisi wau, lajêng mirantos sarana kangge nanggulangi panangsayaning Naga Taksaka ingkang sinakti wau.

Nalika sampun dumugi dintên ingkang kawêca ing sotipun Rêsi Sringin, wontên satunggaling brahmana rêsi apêparap Kasyapa, darbe sêdya badhe sowan Sang Prabu Pariksit, wontên ing margi kêpapag kalihan naga Taksaka, ing ngriku Sang Taksaka lajêng pitakèn: Dhuh, sang brahmana, jêngandika badhe karsa dhatêng pundi, sarta wigatosipun punapa, têka lampah ijêngandika gêgancangan. Wangsulanipun Rêsi Kasyapa: Kula badhe sowan Sang Prabu Pariksit, musthikaning narendra băngsa Kuru, mila lampah kula punika gêgancangan, wigatos sagêda mitulungi panjênênganipun, awit ing dintên punika [pu...]

--- 1 : 377 ---

[...nika] sang prabu badhe dipun brastha ing wisanipun Sang Naga Raja Taksaka, sok anggêr dèrèng lungse kemawon, sang prabu saèstu sagêd waluya dening kasêktèn kula. Naga Taksaka mangsuli: Sajatosipun, kula punika Naga Taksaka, punapa wigatosipun, dene jêngandika nêdya maluyakakên sang prabu, manawi sampun kula cakot. Sumăngga kapriksanana, ampuhing wisa kula, saèstu jêngandika botên sagêd maluyakakên sang prabu, manawi sampun kataman ing wisa kula. Sarwi wicantên makatên, Sang Taksaka enggal anyakot kajêng baniyan agêng ingkang wontên sacêlakipun. Dupi kajêng wau kataman wisanipun Sang Taksaka, sami sanalika lajêng murub, ewadene kajêng wau ugi lajêng sagêd gêsang malih saking pangwasanipun Sang Kasyapa. Ing nalika Naga Taksaka sampun nêksèni piyambak dhatêng pangwasanipun Sang Kasyapa, lajêng matur sêmu ngasih-asih, aturipun makatên: Punapa ta, pangajêng-ajêng jêngandika punika, dene karaya-raya ngangkah waluyanipun Sang Prabu Pariksit. Wangsulanipun Sang Kasyapa: Kula kapengin tampi ganjaran mas picis rajabrana. Dupi Sang Naga Taksaka mirêng pratelanipun sang rêsi makatên wau, lajêng matur dhatêng Sang Kasyapa sarwi angasih-asih, aturipun makatên: [makatê...]

--- 1 : 378 ---

[...n:] Dhuh, sang minulya, mugi jêngandika kaparênga nampèni rajabrana pisungsung kula ingkang têtela langkung kathah tinimbang pêparingipun sang prabu, sasampunipun mugi jêngandika kaparênga lajêng wangsul saking ing ngriki kemawon. Sang Brahmana Rêsi Kasyapa ugi lajêng kaparêng nampèni pisungsungipun Sang Naga Taksaka, sarta lajêng wangsul, botên saèstu dhatêng ing Astinapura.

Sapêngkêripun Brahmana Rêsi Kasyapa, Naga Taksaka ugi lajêng kalampahan sagêd cêlak kalihan rama paduka sarana mancala warni. Sanadyan sang prabu nalika punika lênggah ing suyasa ingkang dipun jagi sakalangkung rêmpit, ewadene kalampahan kobar dening wisanipun Naga Taksaka. Dhuh, papêthinganing para narendra, makatên wau lêlampahan surutipun rama paduka. Lêrêsipun lêlampahan punika botên prayogi dipun cariyosakên wontên ing ngarsa paduka, nanging amargi paduka sampun midhangêt aturipun Rêsi Utanka manawi ingkang dados pancadan murutipun rama paduka dhatêng kaswargan punika, saking wisanipun Sang Naga Taksaka, sarta Naga Taksaka sampun angrubeda lampahipun Sang Brahmana Rêsi Utanka, nalika nglampahi kuwajiban sukci, pramila sinuhun, sumăngga lajêng kaparênga andhawuhakên, kadospundi ingkang kêdah dipun lampahi.

--- 1 : 379 ---

Sang Soti nglajêngakên cariyosipun: Prabu Janamejaya pangrurahing satru sêkti, lajêng andangu dhatêng nayakanipun, pangandikanipun makatên: He, kêkasih ingsun, saka sapa sumurupira, dene sira bisa nyaritakake kaanane kayu baniyan kang kobong dening wisane Si Naga Taksaka, lan kaluwihane Brahmana Rêsi Kasyapa anggone nguripake kayu baniyan kang wus dadi awu mau. Dadi upama sang maharsi linuwih iku bisa têka ana ing Astinapura, mêsthine rama prabu ora nganti tumêka ing lena, karana wisane si druhaka Naga Taksaka bisa cabar dening pangwasane sang maharsi, duk samana si candhala Naga Taksaka mêsthine wus duwe pangira, yèn Sang Kasyapa kongsi kalakon bisa maluyakake kangjêng rama prabu kang wus kobar dening wisane, jagad bakal anggêguyu marang dhèwèke, dene mandining wisane kang anjalari kumlungkunging watake, iku bisa cabar dening pangwasane brahmana, mulane dhèwèke nuli angasih-asih sarta misungsung marang sang maharsi, ing samêngko karsaningsun nêdya malês ukum marang ula lêlêthêking bumi iku, nanging sadurunge wêwalês mau ditindakake, ingsun kapengin miyarsa kapriye mulane, têka sira bisa krungu lan wêruh lêlakon kang wus kadadeyan ana têngahing alas [a...]

--- 1 : 380 ---

[...las] gêdhe kang sêpi, iyaiku, dene sira wêruh Naga Taksaka anggone wawan sabda karo Sang Maharsi Kasyapa. Sawuse ingsun miyarsa caritanira, ingsun nuli arsa ambudidaya kapriye margane bisa numpês sakèhing ula.

Atur wangsulanipun nayaka makatên: Dhuh, gusti sasêmbahan kawula, sagêd kula priksa lêlampahan wau, saking cariyosipun tiyang ingkang nyipati piyambak, pêpanggihanipun Naga Taksaka kalihan sang brahmana nalika kawontên ing wana. Kawuningana, wontên satunggiling tiyang pados kajêng badhe kangge urub-urubing sêsaji, mènèk wontên ing kajêng baniyan ingkang kabêsmi dening wisanipun Naga Taksaka, nanging Taksaka, punapadene Sang Kasyapa sami botên priksa dhatêng tiyang wau. Dhuh, sinuhun, tiyang wau ugi katut kabêsmi, nanging ugi sagêd waluya saking pangwasanipun Sang Kasyapa. Tiyang wau rencangipun satunggaling brahmana, inggih piyambakipun punika ingkang cariyos dhatêng kula, mênggah pêpanggihanipun Naga Taksaka kalihan sang maharsi wau. Ing mangke paduka sampun wuninga sadaya lêlampahanipun rama paduka. Dhuh sardulaning para narendra, sarèhning sampun cêtha ing pamiyarsa paduka, mila mugi lajêng kaparênga andhawuhakên, kadospundi ingkang

--- 1 : 381 ---

kêdah dipun lampahi.

Sang Soti nglajêngakên cariyosipun: Nalika Sang Prabu Janamejaya midhangêt aturipun nayaka wau, panggalihipun lajêng karănta-rănta sangêt, wasana botên kawawa mambêngi wêdaling waspa. Sang prabu ingkang paningalipun kadi roning tunjung, tansah angrêmêt-ngrêmêt astanipun kalihan angunjal napas rambah-rambah, sarwi karuna kalara-lara kadosdene rare alit, wêdaling waspa ngantos anêlêsi pranaja, sanalika wau sang prabu anyawuk toya,[1] ing batos ambudidaya sarana anggènipun badhe amrih sirnaning Taksaka, wasana lajêng paring pangandika dhatêng para nayakanipun.

Caritanira bab lêlakon unggahe rama prabu marang kaswargan, iku wus ingsun piyarsakake kongsi cêtha, samêngko piyarsakna apa kang dadi kaparênging karsaningsun. Pamalês ingsun marang Naga Taksaka kang wus ambrastha rama prabu, kaya bêcik nuli katindakake, aja kongsi kasuwèn, dene Rêsi Sringin, iku ora pantês dipidana, karana mung kanggo jalaran bae. Mung saka angkarane Taksaka kang kêbak piala iku, kalakone Rêsi Kasyapa ora bisa pinanggih kangjêng rama, [ra...]

--- 1 : 382 ---

[...ma,] upama sang maha rêsi mau sida bisa têka ing kadhaton Astinapura, rama prabu mêsthine ora kalakon muksa. Apa ta kapitunane si candhala ing budi Naga Taksaka iku, upama kangjêng rama prabu bisa waluya saka kawasane sang brahmana linuwih mau. Mung saka alane watake Si Taksaka bae, dene banjur ambalèkake lampahe sang maharsi anggone karsa amrih waluyane kangjêng rama. Si druhaka iku apa ora ngira, yèn patrape kang mangkono iku andadèkake sêrike têdhak turune rama prabu. Si Taksaka iku wus têtela bangêt pangangkahe nêdya nyirnakake kangjêng rama prabu, katăndha dhèwèke nganti nêmaha misungsung rajabrana luwih akèh marang Sang Rêsi Kasyapa, dadi mangkono iku têgêse sang rêsi aja nganti kalakon anggone bisa maluyakake kangjêng rama prabu. Wruhanira, samêngko saka kaparênging karsaningsun, nêdya malês marang mungsuhe kangjêng rama, supaya ingsun, apadene Rêsi Utanka lan sira kabèh padha bisa olèh pamarêm.

Makatên wêkasanipun bab-bab kaping sèkêt: golongan Astika ing Adi Parwa.

--- 1 : 383 ---

Bab LI. (Sambêtipun Astika Parwa).

Sang Soti ngandika: Dupi Sang Prabu Janamejaya ngandika makatên, para nayaka sami mangayubagya, mila sang prabu lajêng andhawuhakên saèstu badhe ngwontênakên sêsaji naga. Ing nalika wau narendraning bawana, papêthinganing têdhak Barata, putranipun Sri Pariksit, enggal animbali brahmananing praja tuwin para ridwija. Sasampunipun sami marêk ing ngabyantara nata, sang prabu lajêng andhawuhakên pakaryan agêng ingkang kêdah dipun tindakakên, pangandikanipun sang prabu makatên: Kula nêdya malês dhatêng pun druhaka Naga Taksaka anggènipun sampun nyirnakakên rama prabu, mila jêngandika paringa pitêdah dhatêng kula, punapa ingkang kêdah kula lampahi, sarta sarana patrap kadospundi ingkang prayogi kangge ambêsmi pun druhaka Naga Taksaka dalah sakadang kulawarganipun, awit kula kêpengin sangêt ambêsmi pun Taksaka ingkang asor ing budi, kados anggènipun ambêsmi rama prabu sarana wisanipun ingkang sakalangkung mandi.

Atur wangsulanipun têtungguling brahmana: Dhuh, susuhunaning bawana, karsa paduka punika sampun wontên wêwatonipun,

--- 1 : 384 ---

inggih punika sêsaji agêng ingkang sampun katêtêpakên para dewa, sêsaji wau limrahipun dipun wastani: sêsaji naga, sarta sampun kapacak wontên ing Sêrat Purana. Dhuh, sang prabu, sanèsipun paduka botên wontên titahing bathara ingkang dipun wênangakên damêl sêsaji naga. Para sujana sarjana ingkang putus dhatêng Purana, sami pratela manawi pancèn wontên sêsaji makatên wau.

Sang Soti nglajêngakên cariyosipun: Dhuh, Sang Maharsi Sonaka, rikala Sang Prabu Janamejaya midhangêt aturipun brahmananing praja ingkang makatên wau, ing salêbêting panggalih anggăntha manawi Naga Taksaka sampun katingal kêbêsmi ngantos dados awu wontên ing tutukipun Bathara Agni. Wasana sang prabu sigra ngandika dhatêng brahmana ingkang lêbda dhatêng saliring mantra: sêsaji badhe lajêng kula wiwiti, mila kaparênga mratelakakên punapa ingkang kêdah kula cawisakên.

Sang Soti nglajêngakên cariyosipun: Dhuh, Sang Sonaka, para ridwija ingkang sami lêbda dhatêng Weddha, saha linangkung kawicaksananipun, enggal sami ngukur pasitèn ingkang badhe kangge papaning sêsaji, pangukuripun awêwaton ingkang kasêbut ing sêrat sukci. Saparipurnaning anggènipun mirantosi, [mira...]

--- 1 : 385 ---

[...ntosi,] para brahmana lajêng sami andhèr lênggah wontên ing papan wau, sarta ing ngriku sampun dipun tatani rajabrana sakalangkung kathah, tuwin tinumpukan pantun ngantos angundhung-undhung lênggahipun para brahmana tuwin ridwija wontên ing sacêlakipun sêsaji. Sasampunipun sampun samêkta sadaya, sang prabu lajêng andhawuhakên wigatosing karsa anggènipun ngwontênakên sêsaji. Kawuningana, rikala sêsaji naga wau badhe dipun wiwiti, wontên lêlampahan sakalangkung elok, nyasmitani manawi sêsaji wau botên sagêd dumugi samêsthinipun, inggih punika wontên satunggaling tiyang juru adamêl papaning sêsaji ingkang limpat ing budi, sarta lêbda dhatêng wêwatonipun tiyang ingkang andhudhuk têtalêsing papan sêsaji, tiyang wau trahing băngsa: Suta, saha putus dhatêng Purana, wicantênipun makatên: Pasitèn ingkang dipun pilih kangge papaning sêsaji, sarta wanci nalika anggènipun ngukur, punika watêkipun damêl kandhêging sêsaji ingkang katindakakên wontên ing ngriku, dene ingkang dados jalaran botên dumugining sêsaji punika, saking pakartinipun satunggaling brahmana. Dupi sang prabu midhangêt ucapipun băngsa Suta, lajêng dhawuh dhatêng para jagi wiwara, supados sami prayitna sampun ngantos wontên tiyang lumêbêt dhatêng papaning pamiwahan, [pami...]

--- 1 : 386 ---

[...wahan,] kajawi manawi saking kaparênging karsanipun sang prabu piyambak.

Dumugi samantên wêkasanipun bab kaping sèkêt satunggal, saking cariyos Astika, ing Adi Parwa.

Bab LII. (Sambêtipun Astika Parwa).

Sang Soti nglajêngakên cariyosipun: Sêsaji naga tumuntên dipun wiwiti miturut sapranataning sêsaji, para brahmana ingkang sami kabêbahan ing karsa, sami nêtêpi kawajibanipun piyambak-piyambak, mangangge sarwa cêmêng, saya dangu netranipun sami katingal saya abrit, amargi tansah katêmpuh kukusing latu sêsaji, sarta tanpa kêndhat anggènipun angêsok martega sêsaji ing latu sukci, kalayan angidungakên mantra. Sabên para bramana wau angêsok martega sukci ing tutukipun Bathara Agni (latu), saha sasampunipun angucapakên mantra, lajêng sami anyêbut naminipun para naga ingkang nêdya dipun bêsmi, puji saha panguwuhipun para brahmana wau, adamêl gêtêring manahipun para naga, para naga ingkang naminipun dipun sêbut dening para brahmana, lajêng sami dhawah dhatêng latu pating kacêcêr, sarta sêsambat angaru-ara [angaru-a...]

--- 1 : 387 ---

[...ra] nêdha pitulungan dhatêng para kadang warganipun. Sami mlêmbung saha angêmpos-êmpos sakalangkung sora, saha lajêng sami ulêt-ulêtan kalihan panunggilanipun. Cacahing naga ingkang sami dhawah saya dangu saya kathah, sadaya sami kacêmplung ing latu, warninipun wontên ingkang pêthak, cêmêng tuwin biru, nèm sêpuh, agêng alit, sami dhumawah ing latu, sêsambatipun warni-warni. Panjangipun wontên ingkang sapanjanging kajêng salib, wontên ingkang sayojana, tuwin wontên ingkang sagokarna, dhumawahipun ing latu sami nyabawa sakalangkung sora. Sakathahing naga sami kodhêng panonipun, kathahipun ingkang sami kacêmplung ing latu mayuta-yuta, dene wujudipun ingkang sami katiwasan wau, wontên ingkang kados têlale gajah, kados kapal, malah wontên ingkang kados gajah. Sawênèh wontên ingkang sisikipun amăncawarna, sarta wontên ingkang wisanipun mandi. Sawênèh katingalipun anggêgirisi sangêt, wontên ingkang kalangkung santosa, sarta wontên ingkang sakalangkung galak, sadaya wau sami dhumawah ing latu sêsaji, awit sami kenging êsoting ibunipun.

Dumugi samantên wêkasanipun bab kaping sèkêt kalih, saking cariyos Astika, ing Adi Parwa.

--- 1 : 388 ---

Bab LIII. (Sambêtipun Astika Parwa).

Pangandikanipun Sang Sonaka: Ênggèr, sapa para maha rêsi kang piniji dadi ritwija ana ing sêsajine nata wicaksana têdhak Pandhawa, Prabu Janamejaya, lan sapa kang dadi sadhasya ana ing sêsaji naga kang anggêgirisi iku, dene nganti bisa gawe gêtêre para naga. Ênggèr, muga disalêsih anggonira nyaritakake kaanane sêsaji mau, dimèn ingsun apadene para ambangun tapa iki padha sumurup, sapa, maharsi kang lêbda marang pranataning sêsaji naga.

Aturipun Sang Soti: Kula badhe nyariyosakên asmanipun para wicaksana ingkang sami jumênêng ritwija, saha: sadhasyanipun Prabu Janamejaya. Wiyosipun, ingkang dipun patah dados: hotri, têtungguling para brahmana ingkang putus dhatêng Weddha, asma Sang Brahmana Candhawargawa, panjênênganipun punika têdhakipun Maharsi Cyawana. Brahmana Kutsa, punika brahmana ingkang datan kewran ing agal alus, sarta sampun kaporèng yuswa, sang brahmana kadadosakên: udgatri (juru ngidungakên Weddha). Dene Sang Jemini, dados brahmana juru ngucapakên mantra. Brahmana [Brahma...]

--- 1 : 389 ---

[...na] Sarênggarawa, tuwin Sang Pinggala, dados adwaryu, dene ingkang dados sadhasyanipun: Sang Wiyasa, saputra dalah para siswanipun, Sang Untalaka, Sang Pramataka, Sang Swetakètu, Sang Pinggala, Sang Asita, Sang Dhewala, Sang Naradha, Sang Parwata, Sang Atreya, Sang Kundhajathara, Brahmana Kalagatha, Sang Watsya, para Srutaswara, ingkang sampun sami wrêdha sarta lêbda dhatêng japa, tuwin putus dhatêng Weddha, Sang Kuala, Sang Dewasarman, Sang Mudgalya, Sang Samasurawa, sarta sanès-sanèsipun.

Ing nalika para dwija wiwit angêsok martega sukci ing latu sêsaji, sami sanalika kathahipun sarpa ingkang dhumawah ing latu sêsaji tanpa petangan, dene wujudipun para naga wau anggêgirisi, ngantos damêl gêtêripun ingkang sami tumingal. Sarpa agêng alit sami kacêmplung ing latu, sasampunipun pêjah, bathangipun lajêng kagontor ing toya dhatêng lèpèn. Ing gêgana kaèbêkan găndha arus, awit saing[2] iditing maruta ingkang ambuncang gandaning bathang sarpa. Ing awang-awang tansah kamirêng swantêning para naga sami asêsambat angaru-ara, kabêkta saking girisipun badhe kacêmplung ing latu sêsaji.

Kacariyos, Sang Naga Raja Taksaka, dupi sampun têtela [tête...]

--- 1 : 390 ---

[...la] pamirêngipun, manawi Sang Prabu Janamejaya sampun angwontênakên, sarta sampun anjênêngi sêsaji naga, enggal angupaya pangayoman, ngungsi dhatêng kahyanganipun Bathara Purandara (Endra), sarta lajêng marêk ing ngarsanipun sarwi ngaturakên lêlampahanipun Sang Prabu Janamejaya anggènipun sêsaji, punapadene Sang Taksaka Raja ugi nglênggana dhatêng kalèntuning tindakipun, pramila nyuwun sih pitulunganipun Hyang Endra. Bathara Purandara sakalangkung rêna ing panggalih midhangêt panalangsanipun Sang Taksaka, wasana angandika: He, Naga Raja Taksaka, yèn sira lêstari ana ing kahyangan ingsun, sira aja mrihatinake anane sêsaji naga, karana Hyang Brahma wus tau karênan ing galih, saka panggaweningsun, kanthi pambiyantunira. Wis aja sumêlang manèh, nuli beratên lêlara kang nangsaya ing atinira iku.

Sang Soti anglajêngakên cariyosipun: Pangandikanipun Hyang Endra makatên wau dahat adamêl asrêping manahipun Sang Taksaka, mila Sang Taksaka lêstantun manggèn wontên ing Kaendran, kalayan suka-suka amarwata suta. Kacariyos Sang Naga Raja Basuki, rikala mriksa manawi kathah sarpa ingkang sampun dhumawah ing latu sêsaji, amargi

--- 1 : 391 ---

kaprabawa dening pangwasaning măntra, ngantos kadangipun namung kantun sakêdhik, ingkang makatên punika andadosakên sakalangkung prihatosipun, tambuh-tambuh paraning pangungsèn, wasana lajêng èngêt dhatêng kadangipun èstri, mila enggal dipun timbali. Sasampunipun dhatêng, lajêng dipun ngandikani. He, yayi kêkasihing dewa, kawruhana, para naga kadangira wus akèh kang padha kacêmplung ing gêni sêsaji, dadi ora bisa antuk kamulyaning kaswargan, samêngko wus wiwit kodhêng panon ingsun, panduluningsun abliyar-bliyar, ingsun anduga bokmanawa ing dina iki uga bakal mati kaku ana ing gêni sêsaji kang murub mangalad-alad iku. Wruhanira, anane Prabu Janamejaya gawe sêsaji iku kanggo anumpêsake ing sarpa. Dadi wus têtela manawa ingsun uga bakal kapêksa kalêbu ing kahyangane Bathara Yama. Yayi, ing mêngko kaya wus têkan mangsane wêwadi iku kawêdhar, wruhanira, anane sira ing nguni kapisungsungake marang Rêsi Jaratkaru, iku pancèn gêgayutan lêlakon kang gêgirisi iki. O, yayi, samêngko nuli angayomana marang para kadang warganira. He, wanita utama kadange para naga, sumurupa, mung sutanira Si Astika kang bisa ngandhêgake sêsaji naga iku. Amarga ing nguni ingsun dhewe [dhe...]

--- 1 : 392 ---

[...we] karungu pangandikane Hyang Brahma. Dhuh, yayi, mula sutanira kang bangêt disihi sarta dinama-dama dening para naga, lan kang lêbda marang Weddha iku tumuli dhawuhana amitulungi marang ingsun, dalasan para kadang liya-liyane.

Dumugi samantên wêkasanipun bab kaping sèkêt tiga saking cariyos Astika ing Adi Parwa.

Bab LIV. (Sambêtipun Astika Parwa).

Sang Soti nglajêngakên cariyosipun: Dupi Dèwi Jaratkaru tampi dhawuh timbalaning raka, enggal animbali putranipun ingkang pêparap Rêsi Astika, sasampunipun umarêg, sang dèwi lajêng nyariyosakên pangandikanipun Sang Naga Basuki, makatên pangandikanipun: Kulup, samêngko wus têkan mangsane sira anggarap kawajibanira, karana prakara iki pancèn gêgayutan lêlakon anggon ingsun ing nguni kongsi disungsungake marang sudarmanira, mula enggal tindakna.

Atur wangsulanipun Rêsi Astika: Dhuh, ibu, tiyang asêpuh kula, ing nguni wontên wigatos punapa, dene uwa Prabu Basuki ngantos misungsungakên panjênênganipun ibu dhatêng rama rêsi, mugi ibu kaparêng ngandikakakên, kadospundi mulakanipun [mula...]

--- 1 : 393 ---

[...kanipun][3] lêlampahan wau, supados kula lajêng sagêd anglêksanani kalihan patitising lampah.

Sajatosipun bêbaya agêng ingkang dahat damêl girisipun sakathahing sarpa punika, babar pisan botên andadosakên sumêlanging panggalihipun Dèwi Jaratkaru, dene sang dèwi anggènipun angèstokakên dhawuhipun ingkang raka Sang Naga Raja Basuki wau, namung saking dêrênging karsa nêdya damêl kamulyanipun para kadang warganipun, mila sang dèwi lajêng ngandika dhatêng putranipun: Dhuh, putraningsun, amarga ing nguni para naga iku padha lênggana nindaki dhawuhe ibu Dèwi Kadru, mula banjur diêsotake, wêdharing sot mangkene: Manawa sira padha ora gêlêm anasabi buntute Utcesrawas, sira mêsthi bakal padha anêmahi pati, kabrastha ana ing sêsajine Prabu Janamejaya, dening jawata kang kagungan kusir Bathara Bayu. Buntute Otcesrawas mau ingsun anggo batangan kalawan yayi Dèwi Winata, dene kang dadi êtohe, sapa kang kalèru pambatange, bakal ngêlakoni dadi batur tukone kang mênang. Sawise sira padha kabrastha dening gêni sêsaji, sira bakal padha kalêbu ing kahyangane para suksma kang ora antuk pamudharan. O, ênggèr, nalika ibu Dèwi Kadru angêsotake para putrane [pu...]

--- 1 : 394 ---

[...trane] mangkono mau, Sang Hyang Brahma nuli ngandika: Muga kalakona sotira iku. Dadi Hyang Brahma iya wus ngidèni marang sote ibu Dèwi Kadru mau, ing măngka uwakira kakang Prabu Basuki uga mirêng dhewe marang sote ibu lan pangandikane Hyang Brahma kang mangkono mau. Mula enggal banjur nêdya ngupaya pangayoman marang para dewa. Kulup, nalika samana para dewa lan para asura lagi padha ngêbur samodra, wigatine ngupaya amrêta. Barêng wus padha kalakon olèh amrêta, para dewa lan uwakira kakang Basuki padha marêk ing ngayunane Sang Hyang Brahma, malah ing nalika iku uwakira dipurih lumaku ana ing ngarêp. Barêng wus tumêka ing ngayunan, para jawata, apadene uwakira, padha matur lan angrarêpa nyuwun sih pitulungane dewa kang miyos saka kêmbang tunjung mau (Brahma), supaya sote ibu Dèwi Kadru bisaa ora tumus kaya samêsthine.

Ature para dewa mangkene: Dhuh, Hyang Brahma, ing wêkdal punika pun Basuki prihatos sangêt, awit tansah kaèngêtan dhatêng soting ibunipun, mila mugi wontêna lumunturing sih paduka, sotipun Dèwi Kadru sagêda sampun ngantos têtêp samêsthinipun.

--- 1 : 395 ---

Ing nalika Hyang Brahma midhangêt ature para dewa mangkono mau, nuli mangsuli pangandika: Sutane Rêsi Jaratkaru patutan saka Dèwi Jaratkaru, iku ing têmbe kang bakal bisa ngruwat rêribête para naga.

Dhuh, putraningsun, kang apindha jawata, nalika kakang Prabu Basuki mirêng dhawuh timbalane Hyang Brahma mangkono mau, banjur amisungsungake ingsun marang sudarmanira Sang Maharsi Jaratkaru kang luhur ing budi, dadi dhaup ingsun lawan sudarmanira iku sadurunge ana sêsaji naga. Kulup, sarèhning samêngko sote eyangira wus tumêka mangsane, mula enggal tumandanga, angêntas para naga saka samodraning kasangsaran, amarga mung sira kang bisa dadi sarana luware para naga saka bêbaya iki. Ingsun lan uwakira kakang naga raja ayomana, aja kongsi kalêbu ing gêni sêsaji. Manawa sira kalakon bisa awèh pangayoman marang para naga, têgêse, sêdya anggon ingsun karaya-raya dipisungsungake marang sudarmanira iku kasêmbadan, sarta dhawuhe Hyang Brahma ora cidra. Ing samêngko kulup, kapriye mungguh kang dadi panêmunira tumrap prakara iki.

Sang Soti nglajêngakên cariyosipun: Atur wangsulanipun Rêsi Astika dhatêng ingkang ibu: Dhuh ibu, dhawuh [dha...]

--- 1 : 396 ---

[...wuh] paduka punika saèstu badhe kula èstokakên. Sasampunipun matur makatên, Rêsi Astika lajêng sowan ing ngarsanipun ingkang uwa Sang Naga Basuki, ingkang nêdhêng prihatos, sadumugining ngarsanipun Sang Naga Raja Basuki, Rêsi Astika manêmbah sarwi umatur manawi badhe angèstokakên dhawuhipun, aturipun makatên: Dhuh, uwa Prabu Basuki, pêpêthinganing para naga ingkang tinitah linangkung, sowan kula ing ngarsa paduka punika wigatos ngaturi wuninga, manawi kula badhe damêl cabaring sotipun eyang Dèwi Kadru, mugi sampun tansah nawung duhkita, tumuntên kabirata sumêlanging panggalih paduka, amargi bêbaya agêng ingkang dados witing prihatos, sampun nêdya kula tanggulangi kalayan gênging pangatos-atos, murih prayogi kadadosanipun. Saèngêt kula, dèrèng nate wontên titah mastani, manawi kula nate wicantên dora, sanadyan salêbêting gêgujêngan, saya malih ingatasipun prakawis prêlu, saèstunipun pedah punapa kula matur kathah-kathah. Dhuh, uwa prabu, ing dintên punika ugi kula badhe marêk ing ngarsanipun Sang Prabu Janamejaya ingkang anjênêngi sêsaji, wigatos nêdya damêl rênaning panggalihipun sang prabu, sarana pangalêmbana sinawung ing basa ingkang mêmalat sih saha nawung raos mêmuji [mê...]

--- 1 : 937[4] ---

[...muji] kamulyanipun. Dhuh, sang naga raja, sarana makatên bokmanawi sêsaji wau sagêd kandhêg. Dhuh, ratuning sarpa, mugi pitadosa dhatêng atur kula, manawi paduka pitados, sêdya kula punika saèstu badhe kalêksanan.

Pangandikanipun Sang Naga Raja Basuki: O, Astika, samêngko mustakaningsun wus karasa mumêt, panggalih ingsun kuwur, ora wêruh lor kidul, iya mangkene iki rasane wong kang nandhang soting biyung.

Rêsi Astika matur malih: Dhuh, musthikaning sarpa, kabirata uwasing panggalih paduka, kula ingkang badhe nyirêp ubaling latu sêsaji, saha bêbaya ingkang anggêgirisi sangêt punika, inggih punika latu sêsaji ingkang murub mangalad-alad yayah sumundhul ing awiyat, tan prabeda kalihan latu panglêburing jagad, ing nalika wêkasaning: yuga (jaman), punika kula ingkang badhe amêjahi, pramila sampun sumêlang ing panggalih.

Sang Soti nglajêngakên cariyosipun: Rêsi Astika, papêthinganing para brahmana, sampun sagêd ambirat sêsakit ingkang nangsaya panggalihipun sang naga raja, nanging sêsakit wau lajêng nanduki dhatêng panggalihipun sang rêsi, awit Sang

--- 1 : 398 ---

Astika ingkang lajêng nanggêl karaharjanipun para naga. Sang rêsi, satêlasing aturipun, lajêng gêgancangan dhatêng ing Astinapura, anjujug papan ajanging sêsajinipun Sang Prabu Janamejaya ingkang angsal nugrahaning dewa. Sadumuginipun ing sacêlaking capuri sêsaji, ing ngriku sang rêsi sampun sagêd priksa saening pangrakitipun papan sêsaji, punapadene ugi sagêd wuninga para sadhasya ingkang sampun sami andhèr lênggah wontên ing sacêlaking sêsaji, ujyalaning cahyanipun sumunar kados Bathara Surya utawi Bathara Agni, ananging nalika Sang Astika badhe lumêbêt, lajêng dipun wangsulakên dening para ingkang jagi gapura. Sang rêsi ingkang kinawasa wau sangêt ing pangasih-asihipun, wasana lajêng dipun lilani lumêbêt. Dupi Sang Rêsi Astika sampun dumugi ing salêbêting capuri, lajêng angandika sawatawis sora, ingkang suraos angalêmbana ing panjênêngan nata, dene anggènipun ngasta kaprabon, ing marcapada botên wontên ingkang nimbangi, makatên ugi angalêmbana dhatêng para: ridwija, sadhasya, tuwin latu sêsaji ingkang sukci.

Dumugi samantên wêkasanipun bab kaping: sèkêt sakawan, saking cariyos Astika, ing Adi Parwa.

--- 1 : 399 ---

Bab LV. (Sambêtipun Astika Parwa).

Pangalêmbananipun Sang Astika: Duk ing kina Hyang Soma, Hyang Baruna, tuwin Hyang Prajapati sami damêl sêsaji wontên ing preyaga, dhuh, têtungguling têdhak Barata, putranipun Prabu Pariksit, ewadene sêsajinipun para dewa wau, botên nimbangi sêsaji paduka, mugi nugrahaning sêsaji-sêsaji wau, amimbuhana kamulyanipun para ingkang sami wontên ing ngriki. Dhuh, narendra têdhak Barata, Sang Hyang Sakra (Endra) ing nguni sampun nate damêl sêsaji warni satus, ananging sêsaji paduka samangke punika ajinipun sami kalihan sêsajinipun Hyang Sakra salêksa, punika nugrahanipun sêsaji sadaya wau mimbuhana kamulyanipun ingkang sami wontên ing ngriki. Dhuh, narendraning bawana putranipun Sri Pariksit, sêsaji paduka punika sami kalihan sêsajinipun: Hyang Yama, Sang Arimeda, tuwin Sang Prabu Rantidewa, mugi sêsaji sadaya wau mimbuhana kamulyanipun para ingkang sami wontên ing ngriki. Dhuh, bêbanthènging darah Barata putranipun Sri Pariksit, sêsaji paduka punika satimbang kalihan sêsajinipun: Sang Maya, Sang Prabu Kasawindu, tuwin Sang Prabu Wisrawana, mugi nugrahanipun [nugra...]

--- 1 : 400 ---

[...hanipun] sêsaji sadaya wau, amimbuhana kamulyanipun para ingkang sami wontên ing ngriki. Dhuh, musthikaning para têdhak Barata, putranipun Sri Pariksit, sêsaji paduka punika tan prabeda kalihan sêsajinipun Sang Nriga, sêsajinipun Sang Ajamidha, tuwin sêsajinipun Sang Dhasarataputra, mugi nugrahanipun sêsaji wau, amimbuhana kamulyanipun para ingkang sami wontên ing ngriki. Dhuh, pangrurahing satru, putranipun Sri Pariksit, sêsaji paduka punika sami kalihan sêsajinipun Prabu Yudhisthira putraning jawata, utawi darah Ajamidha, sêsaji wau ngantos misuwur wontên ing kaswargan, mugi nugrahanipun sêsaji sadaya wau, amimbuhana kamulyanipun para ingkang sami wontên ing ngriki. Dhuh, Sang Janamejaya, putranipun Sri Pariksit, sêsaji paduka punika sami kalihan sêsajinipun Sang Krêsna Dwipayana, putranipun Dèwi Satyawati, măngka sêsaji wau dipun jênêngi piyambak dening sang maharsi, sarta panjênênganipun dados pangagênging brahmananing sêsaji, mugi nugrahanipun sêsaji wau, amimbuhana kamulyanipun ingkang sami wontên ing ngriki. Sagunging para dwija tuwin sadhasya ingkang wêkdal samangke sami wontên ing ngriki punika, prabanipun sumunar kadi srêngenge, mila sagêd damêl sêsaji paduka ngantos satimbang [sati...]

--- 1 : 401 ---

[...mbang] kalihan sêsajinipun dewa pangrurahing Asurawritra (Endra) punapadene para ridwija tuwin sadhasya wau sampun botên kewran dhatêng samubarang, mila sintêna ingkang atur pisungsung ing panjênênganipun, antuk nugraha tanpa wêkasan. Ing tri bawana ingkang kula sumêrapi, botên wontên ridwija ingkang satimbang kalihan Sang Ridwija Dwipayana. Para siswanipun Sang Dwipayana ingkang tansah sami lêlana ngidêri bawana, samangke sami dados ridwijanipun sêsaji paduka ing ngriki, mila lampahing sêsaji naga sagêd têtêp samêsthinipun. Bathara Agni, inggih ingkang sinêbut Sang Wibawasu, utawi Sang Citrabanu, saha ingkang witing gêsangipun sumorot kadi kancana sinangling, punika dados panglanturing sêsaji ingkang luhur, sarta kukusipun ingkang minăngka marginipun. Hyang Agni punika samangke sampun murub mangalad-alad, sangking anggènipun nêdya nêtêpakên adil, tuwin nêdya nglanturakên sêsaji paduka ingkang awarni martega sukci, katur dhatêng para dewa. Ing marcapada botên wontên, narendra sagêd ngayomi para kawulanipun, kados paduka, kula mangayubagya sangêt, dene paduka tansah cacêgah. Saking pandugi kula paduka punika bokmanawi mangejawantahipun Bathara Baruna, utawi Bathara [Batha...]

--- 1 : 402 ---

[...ra] Yama, dewaning adil. Têtela paduka punika pangayomanipun sagung tumitah, paduka prasasat mangejawantahipun Bathara Sakra, dewa ingkang adêdamêl balêdhèg (Endra). Sajatosipun ing salumahing bantala, sakurêbing akasa, botên wontên dumados ingkang kaluhuranipun mapaki paduka, sarta botên wontên narendra ingkang sagêd damêl sêsaji kados paduka. Paduka punika sampun timbang kalihan Sang Katwangga, Sang Nabaga, tuwin Sang Dilipa. Kasudiran paduka datan pae kalihan Prabu Yayati, tuwin Prabu Mandatri. Dhuh, susuhunaning bawana, praba paduka sumunar kadya surya, paduka punika têtêp dhatêng prasêtya prasasat Sang Bisma, paduka botên nate ngatingalakên kasêktèn, kadi Sang Walmiki. Kaluhuran paduka prasasat Bathara Endra, sunaring guwaya paduka kadi Hyang Narayana, paduka têtêp dhatêng adil, kados Bathara Yama, paduka rinêngga saliring kautaman, kadi Sri Krêsna. Paduka punika apindha gêdhong parimatan kamulyan ingkang kadarbe pawa wasu. Paduka ugi pangayomanipun sagung sêsaji. Karosan paduka datan siwah kalihan karosanipun Sang Dhamwadwawa. Paduka punika datan pae kalihan Rêsi Rama, ingkang sarwa putus dhatêng saliring sêrat sukci, saha lêbda sikêp dêdamêl [dêda...]

--- 1 : 403 ---

[...mêl] warni-warni, putranipun Sang Rêsi Jamadagni. Kasêktèn paduka satimbang kalihan Sang Orwa, saha Sang Trita. Sunaring netra paduka adamêl miris dhatêng ingkang sami tumingal, kadi Sang Bagirata.

Sang Soti nglajêngakên cariyosipun: Rêsi Astika sasampunipun manglinggamurda makatên, sigra marêpêki sêsaji, pramila adamêl rênaning panggalihipun sang prabu, tuwin para sadhasya, para ridwija, sarta latu sêsaji. Sang Prabu Janamejaya botên kasamaran dhatêng wontênipun cipta sasmita punika, wasana lajêng ngandika dhatêng para ridwija saha sadhasya.

Dumugi samantên wêkasanipun perangan kaping sèkêt gangsal, saking cariyos Astika ing Adi Parwa.

Bab LVI. (Sambêtipun Astika Parwa).

Sang Soti nglajêngakên cariyosipun: Pangandikanipun Sang Prabu Janamejaya makatên: Dhuh, para wicaksana, sanadyan brahmana punika taksih nêdhêng taruna, ewadene wicantênipun kados pandhita wrêdha. Saking pandugi kula punika sanès sok tiyanga, nanging satunggaling sujana ingkang wicaksana, samangke kula nêdya misungsung dhatêng ingkang nêmbe prapta

--- 1 : 404 ---

punika. Dhuh, brahmana ingkang sami wontên ing ngriki, mugi kaparênga paring dhawuh dhatêng kula, kadospundi prayoginipun.

Atur wangsulanipun para sadhasya: Kawuningana sinuhun, brahmana punika sanadyan taksih mudha, pantês ingaji-aji dening para narendra, langkung malih brahmana ingkang nêmbe dhatêng punika têtela linangkung, mila prayogi linuhurakên langkung saking samêsthinipun. Prayoginipun paduka kêdah aminangkani sapanêdhanipun brahmana nem-neman punika, ananging sinuhun, anggèn paduka andhawuhakên, mugi dipun sêrantosna manawi Naga Taksaka sampun dhatêng, awit botên watawis dangu malih tamtu dhatêng.

Sang Soti nglajêngakên cariyosipun: Ing wêkdal samantên sang prabu botên kawawa nahên dêrênging karsa anggènipun badhe misungsung ingkang nêmbe prapta, mila lajêng andangu: Dhuh, sang brahmana, mugi sajarwaa, punapa ingkang dados kaparênging karsa ijêngandika, supados kula lajêng sagêd anglêksanani. Lêkasipun sang prabu ingkang makatên wau botên dados panujunipun otrining sêsaji, mila lajêng umatur: Kawuningana sinuhun, Naga Taksaka dèrèng dhatêng.

Dhawuhipun sang prabu: Mugi sami dipun kêtoga kalangkungan jêngandika, [jêng...]

--- 1 : 405 ---

[...andika,] murih sêsaji punika sagêd kalêksanan samêsthinipun, sarta Naga Taksaka sagêdipun tumuntên dhatêng, amargi punika satru kula bêbuyutan.

Aturipun para dwija: Dhuh, sinuhun, miturut wêdharing sêrat-sêrat sukci, sarta ujaripun latu sêsaji punika, ing wêkdal samangke Naga Taksaka sêsingidan wontên ing Kaendran, amargi sakalangkung maras manahipun.

Sang Soti nglajêngakên cariyosipun: Dhuh, Sang Sonaka, sayêktosipun sadèrèngipun sêsaji naga dipun wiwiti, sampun wontên tiyang ingkang mratelakakên prakawis punika, tiyang wau têdhaking suta naminipun: Lohitaksa, saha putus dhatêng Purana. Rikala samantên, Lohitaksa, ugi ingandikan ing ngarsa nata sarta dipun dangu, aturipun makatên: Dhuh, susuhunaning bawana, sajatosipun aturipun para brahmana wau botên kalèntu. Kabêkta saking kula punika putus dhatêng Purana, mila kula sagêd matur manawi Bathara Endra kaparêng paring pangayoman dhatêng Naga Taksaka, pangandikanipun Hyang Endra makatên: Yèn murih bisane rahayu, sira aja kongsi pisah lan panjênênganingsun, yèn mangkono, Bathara Agni ora bisa ambrastha marang sira.

--- 1 : 406 ---

Sang Soti nglajêngakên cariyosipun: Rikala Sang Prabu Janamejaya midhangêt aturipun Lohitaksa wau, andadosakên prihatosipun, wasana lajêng ngandika, ing raos amêksa dhatêng otri ingkang mangagêngi sêsaji, supados tumuntên anêtêpi dhatêng kawajibanipun. Otrining sêsaji wau ugi lajêng amatêk mantra sarwi angêsok martega sukci ing latu sêsaji. Sami sanalika Sang Hyang Endra katingal rawuh, anitih rata kaswargan, ingurung-urung para jawata, sinongsongan ing mêndhung, kadhèrèkakên para apsara tuwin para gandarwa. Naga Taksaka, saking girisipun, asêsingidan wontên ing salêbêting singêbipun kaprabon Sang Hyang Endra, mila botên sagêd katingal. Ing sarèhning wêkdal wau sang prabu kagungan panggalih daya-daya, murih tumuntênipun Naga Taksaka sagêd sirna wontên ing latu sêsaji, sang prabu enggal dhawuh dhatêng para brahmana, makatên pangandikanipun: Mugi Naga Taksaka enggal dipun dhatêngna, sarta lajêng tumuntên dipun lêbêtna ing latu sêsaji dalah Bathara Endra pisan.

Sang Soti nglajêngakên cariyosipun: Sang prabu ngantos rambah-rambah pangatagipun ingkang makatên punika

--- 1 : 407 ---

dhatêng otrining sêsaji, supados Naga Taksaka tumuntên dipun dhatêngakên, mila otri lajêng botên kêndhat anggènipun ngêsokakên martega sukci wontên ing latu, sarwi anguwuh namanipun Naga Taksaka ingkang ing wêkdal punika sampun saya cêlak kalihan latu sêsaji. Dupi Bathara Endra kalihan Naga Taksaka kataman pangwasaning mantra, sami kuwur manahipun, ing ngriku lajêng katingal ngalela wontên ing awang-awang, isthanipun kadi ginèndèng mangandhap dening dayaning mantra. Ananging sarêng Hyang Endra priksa dhatêng ubaling latu sêsaji ingkang mangalad-alad, panggalihipun sakalangkung gêtêr, mila Naga Taksaka sigra dipun kipatakên, sasampunipun uwal, Sang Hyang Endra tumuntên wangsul dhatêng kahyanganipun. Sapêngkêripun Bathara Purandara (Endra), Naga Taksaka pêtêng panonipun kataman dayaning mantra, saha lajêng saya cêlak kalihan latu sêsaji ingkang murub mangalad-alad.

Ing nalika wau para ridwija matur dhatêng sang prabu, dhuh, ratuning para narendra ing marcapada, sêsaji paduka sampun tumindak miturut saujaring sastra, pramila manawi paduka kaparêng badhe misungsung dhatêng brahmana ingkang nêmbe prapta punika, samangke sampun dumugi mangsanipun.

--- 1 : 408 ---

Pangandikanipun Sang Prabu Jayamejaya dhatêng Brahmana Astika makatên: Dhuh, brahmana ingkang kasinungan kalangkungan ngantos botên kenging winiraos, kula kêpengin sangêt misungsung jêngandika, mila mugi kaparênga ngandikakakên, punapa ingkang dados kaparênging panggalih, sanadyan ingkang botên gampil dipun upaya pisan, kula kadugi badhe nglêksanani.

Para ridwija matur malih: Dhuh, sinuhun, Naga Taksaka botên watawis dangu malih, tamtu kenging wasesa paduka, suwantênipun ingkang sakalangkung sora saha anggêgirisi punika, samangke sampun kapirêng cêtha, têtela manawi Naga Taksaka sampun uwal saking jawata ingkang sikêp dêdamêl balêdhèg (Hyang Endra), saèstu badhe tumuntên dhawah saking awang-awang. Sumăngga mugi dipun tingalana, Naga Taksaka samangke sampun anglayang tanpa sêdya wontên ing sanginggiling latu sêsaji lêrês, malah sampun angêmpos-êmpos, amargi saya cêlak kalihan latu.

Sang Soti nglajêngakên cariyosipun: Sadangunipun Naga Taksaka anglayang ing awang-awang kalihan tanpa karêkat, saha mèh dhumawah ing latu sêsaji, Rêsi Astika umatur dhatêng Sang Prabu Janamejaya makatên: Dhuh, musthikaning bawana, [bawa...]

--- 1 : 409 ---

[...na,] awit saking dhawuh pangandika paduka, kula kawênangakên darbe panyuwun, pramila mugi sang prabu sampun ngantos angingkêti pangandika ingkang sampun kawiyos, panyuwun kula: sêsaji punika mugi dipun kèndêlna samantên kemawon, dados sampun ngantos wontên sawêr ingkang kabrastha ing latu sêsaji malih.

Dhuh, Sang Sonaka, dupi Sang Pariksitputra midhangêt aturipun Rêsi Astika makatên wau, andadosakên ing sungkawanipun, wasana lajêng ngandika sêmu angarih-arih: Dhuh, brahmana ingkang wicaksana, mugi kaparênga nampèni pisungsung awarni mas picis rajabrana kemawon, lêmbu saha sanès-sanèsipun, punapa ingkang jêngandika karsakakên, kula sagah mituruti, ananging sampun mundhut kèndêling sêsaji punika.

Atur wangsulanipun Rêsi Astika: O, sinuhun, kula botên nyuwun mas picis rajabrana, lêmbu, tuwin sanès-sanèsipun, pangajêng-ajêng kula, wontêna sih kamirahaning panggalih paduka, supados kadang warga kula saking ibu, sampun ngantos têlas kabrastha ing latu.

Sang Soti nglajêngakên cariyosipun: Sanadyan Sang Rêsi Astika sampun matur makatên, ewadene sang prabu lêstantun pangangkahipun, supados sang rêsi sagêda santun [santu...]

--- 1 : 410 ---

[...n] panyuwunipun. Pangandikanipun sang prabu makatên: Dhuh, musthikaning brahmana, mugi kêparênga mundhut sanèsipun kemawon, saha mugi jêngandika antuk kanugrahaning dewa.

Dhuh, Sang Maharsi Sonaka, nanging Sang Astika puguh, botên santun panyuwunipun, mila para sadhasya ingkang lêbda dhatêng Wedha lajêng matur sêsarêngan: Mugi sang brahmana lajêng dipun parêngna nampèni panyuwunipun.

Dumugi samantên wêkasanipun bab kaping sèkêt nêm: saking cariyos Astika ing Adi Parwa.

Bab LVII. (Sambêtipun Astika Parwa).

Sang Sonaka angandika: Sutatanaya, ingsun kapengin krungu jênênge sakèhing sarpa kang wus padha kacêmplung ing gêni sêsaji.

Aturipun Sang Soti: Kawuningana, kawontênanipun sarpa ingkang sampun kabrastha ing latu sêsaji kathahipun sampun mayuta-yuta. Dhuh sang maharsi, saking kathahipun, kula ngantos botên sagêd ngaturakên sadaya, ewadene ugi wontên ingkang kula taksih kèngêtan, sumăngga mugi dipun piyarsakna, anggèn kula ngaturakên naminipun para têtungguling [têtunggu...]

--- 1 : 411 ---

[...ling] naga ingkang sami kobar dening latu sêsaji. Ingkang badhe kula aturakên rumiyin, têtungguling sarpa têdhakipun Naga Basuki, warnipun[5] para naga wau wontên ingkang biru, abrit, utawi pêthak, wujudipun sakalangkung agêng saha anggêgirisi, sarta wisanipun mandi. Kawontênanipun sakathahing sarpa wau sakalangkung mêmêlas, dene sami tanpa karêkat, awit saking kenging sotipun Dèwi Kadru. Dhumawahipun para sarpa wontên ing latu botên beda kalihan gumrujuging martega sukci ing latu sêsaji.

Naminipun naga têdhak Basuki, ingkang sami kalêbêt ing latu sêsaji, inggih punika: Naga Kutisa, Manasa, Purna, Sala, Pala, Alimaka, Pitcala, Konapa, Sakra, Kalawega, Prakalana, Iranyabau, Sarana, Kaksaka, Kaladhantaka. Dhuh, sang brahmana, pintên-pintên darahing naga raja ingkang wujudipun angajrih-ajrihi, saha sakalangkung santosa, sami sirna dening latu sêsaji. Ing mangke kula badhe ngaturakên têtungguling naga têdhakipun Naga Taksaka ingkang sami kabêsmi, kados ta: Naga Putcandhaka, Mandhalaka, Pindhasêktri, Rawenaka, Otcika, Sarawa, Banggas, Wilwateja, Wiruana, Sili, Salakara, Muka, Sukumara,

--- 1 : 412 ---

Prawepana, Mudhgara, Sisuruman, Suroman, tuwin Mahahanu.

Naga têdhakipun Naga Raja Erawata ingkang sami sirna dening latu sêsaji, Naga Parawata, Parijatha, Pandhara, Arina, Krisa, Wiangga, Saraba, Meda, Pramoda, Sanhatapana. Dhuh, papêthinganing têdhak Brigu, samangke kula badhe mratelakakên naga têdhakipun Naga Korawiya ingkang sami kalêbêt ing latu, inggih punika: Naga Eraka, Kundhalawèni, Weniskanda, Kumaraka, Bauka, Srênggawera, Durtaka, Praktar, tuwin Naga Ataka.

Samangke ingkang minăngka pungkasanipun, kula badhe ngaturakên têdhakipun Naga Drêtarastra, ingkang sami kalêbêt ing latu sêsaji, para naga ingkang badhe kula pratelakakên namanipun punika, rikating lampahipun kados angin, wisanipun sakalangkung mandi, dene naminipun: Naga Sangkukarna, Pitaraka, Kuthara, Sukan, Secaka, Purnaanggada, Purnamuka, Prahasa, Sakuni, Dhari, Amahatha, Kamathaka, Susena, Manasa, Wyaya, Berawa, Mundhawedhangga, Pisangga, Udraparaka, Risaba, Wegawat, Pindharaka, Mahahanu, Raktangga, Sarwasarêngga, Samrida, Patha, Wasaka, [Wasa...]

--- 1 : 413 ---

[...ka,] Warahaka, Wiranaka, Sucitra, Citrawegika, Parasara, Tarunaka, Maniskanda, sarta Aruni.

Dhuh, sang brahmana, ingkang kula aturakên wau namanipun para têtungguling naga ingkang kasudiranipun sampun misuwur ing jagad, kula botên sagêd ngaturakên namanipun sadaya, amargi saking kathahipun. Têdhak turunipun para naga ingkang sami kalêbêt ing latu sêsaji wau, kula ugi botên priksa naminipun, awit cacahipun tanpa petangan, sarpa-sarpa wau sawênèh wontên ingkang asirah tiga, pitu, utawi sadasa. Wontên ingkang wisanipun sagêd murub kadi latu panglêburing jagad ing wasananing jaman (yuga), saha wontên ingkang wujudipun anggêgilani, sadaya sami lêbur dados awu wontên ing latu sêsaji.

Kathah sarpa sanèsipun malih ingkang agêngipun saardi anakan, panjangipun sayama, sayojana, kalih yojana, saha sagêd mancala warna miturut sasêdyanipun, wontênipun sami pêjah kabêsmi ing latu, awit kenging sotipun Dèwi Kadru.

Dumugi samantên wêkasanipun perangan ingkang kaping sèkêt pitu, saking cariyos Astika, ing Adi Parwa.

--- 1 : 414 ---

Bab LVIII. (Sambêtipun Astika Parwa).

Sang Soti nglajêngakên cariyosipun: Sumăngga, mugi sami dipun gatosna cariyos kula bab kaelokanipun Rêsi Astika. Rikala Sang Prabu Janamejaya badhe misungsung dhatêng Rêsi Astika, Naga Taksaka sampun pisah kalihan Sang Hyang Endra, ewadene botên lajêng dhumawah ing latu, taksih kandhêg wontên ing awang-awang kemawon. Sang prabu sakalangkung ngungun, dene Naga Taksaka ingkang sampun kenging dayaning mantra ngantos tanpa karêkat, botên sagêd lumêbêt ing latu sêsaji, ing măngka pangêsotipun martega sukci dhatêng latu sêsaji, sampun nêtêpi wêwaton.

Sang Maharsi Sonaka ngandika: Dhuh, têdhak Suta, apa mulane têka Naga Taksaka ora banjur kacêmplung ing gêni, apa mantrane para wicaksana ora bisa tumama.

Atur wangsulanipun Sang Soti: Kawuningana, nalika Naga Raja Taksaka sampun katilar Sang Hyang Endra, sarta sampun sirna pangraosipun, Rêsi Astika ngandika: Mandhêg, mandhêg, mandhêg. Kalampahan Sang Taksaka kèndêl wontên ing awang-awang, manahipun maras sangêt.

--- 1 : 415 ---

Sarêng para sadhasya sampun rambah-rambah anggènipun matur dhatêng sang prabu supados lajêng mituruti panyuwunipun Rêsi Astika, sang prabu ngandika: Mugi dipun piturutana panêdhanipun Rêsi Astika, inggih punika sêsaji naga sampun kalajêngakên, dipun kèndêlna samantên kemawon, supados sakathahing sarpa ingkang dèrèng kalajêng kacêmplung ing latu, sagêd lêstantun manggih raharja, dados Sang Rêsi Astika dhangan panggalihipun, jalaran panyuwunipun sampun kalêksanan. Anjawi punika wêcanipun têdhaking Suta, pun Lohitaksa ugi sagêd têtêp. Sarêng panyuwunipun Rêsi Astika sampun dipun parêngakên, sanalika wau ing awang-awang kapiyarsa swaraning surak mawurahan, manglinggamurda kautamèning panggalihipun sang prabu. Rikala sêsajinipun narendra têdhak Pandhawa, putranipun Prabu Pariksit, sampun kèndêl, Maha Prabu Janamejaya narendra têdhak Barata, sakalangkung kacaryan ing panggalih, dene karsanipun sampun kasêmbadan, pramila lajêng adêdana arta maèwu-èwu dhatêng para ridwija, tuwin para sadhasya, punapadene dhatêng sakathahing têtiyang ingkang sami wontên ing ngriku. Lohitaksa, ingkang putus dhatêng wêwaton pandamêling têtalêsipun papan sêsaji, saha ingkang ing ngajêng sampun mêca bilih badhe [ba...]

--- 1 : 416 ---

[...dhe] wontên brahmana ingkang ngèndêlakên sêsajinipun sang prabu, ugi dipun ganjar rajabrana sakalangkung kathah, tuwin sandhang têdha sapantêsipun. Ingkang makatên wau dahat adamêl bingahipun tiyang pintên-pintên, dene anggènipun ngèndêlakên sêsaji wau ugi miturut wêwaton. Ing nalika wau sang prabu lajêng manggihi Sang Rêsi Astika, sasampunipun binujakrama saprayoginipun, sang rêsi kalilan mundur, pangandikanipun sang prabu makatên: Dhuh, Rêsi Astika, sarèhning samangke sampun rampung prêlunipun, jêngandika kula lilani mundur, ananging jêngandika kula ajêng-ajêng kaparênga tumuntên rawuh malih, amargi kula darbe sêdya badhe damêl sêsaji kapal, jêngandika kula aturi dados sadhasyaning sêsaji kula wau. Atur wangsulanipun Rêsi Astika: Nyuwun sandika sinuhun, kula badhe ngèstokakên. Rêsi Astika punika sampun kalampahan sagêd damêl rênaning panggalihipun sang prabu, saha sampun sagêd ngrampungakên pakaryan agêng, mila kunduripun sang rêsi kalayan rênaning panggalih. Sadumugining kadhatonipun para naga, sang rêsi lajêng marêk ing ngarsanipun ingkang ibu tuwin ingkang uwa Naga Raja Basuki, sasampunipun ngabêkti, ngaturakên sadaya lêlampahanipun, wiwitan ngantos dumugi wêkasan.

--- 1 : 417 ---

Sang Soti nglajêngakên cariyosipun: Para naga ingkang ing wêkdal punika sami wontên ing ngriku, ugi sami amirêngakên cariyosipun sang rêsi wau, sadaya sami suka-suka amargi sampun sirna sumêlanging manahipun. Saking bingahipun, para naga ngantos rambah-rambah anggènipun sami naros dhatêng sang rêsi, punapa ingkang dipun kajêngakên, ucapipun makatên: Dhuh, rêsi linuwih, apa kang ingsun anggo ambalèkake kabêcikanira, awit ingsun wus padha rumăngsa luwar saka bêbaya, jalaran saka pitulunganira, para naga padha kêpengin arêp misungsung marang sira, mula nuli tutura, apa kang sira jaluk.

Wangsulanipun Rêsi Astika: Panyuwun kula, para brahmana tuwin sanès-sanèsipun, ingkang sami maos cariyos lêlampahan kula punika, ing măngka anggènipun maos wau kalayan golong, kanthi jênjêming manah, mugi sami kinalisna saking bêbaya panangsayaning sarpa. Para naga mangsuli kalayan suka pirênaning manah, wicantênipun makatên: Dhuh, rêsi linuwih, sarèhning kang mangkono iku wus dadi sêsanggêman ingsun marang sira, mula bakal padha dièstokake dening para sarpa, sarta sapa kang ngucapake: asita, artiman, sunita,

--- 1 : 418 ---

ing sajroning batine, ing wanci rina lan wêngi, sarpa padha wêdi, ora wani cêdhak. Anjaba saka iku, kula iya padha wêdi marang wong kang batine ngucap mangkene: Ingsun angèsthi marang Rêsi Astika kang misuwur ing jagad, putrane Maharsi Jaratkaru, kang mijil saka Dèwi Jaratkaru, iya Rêsi Astika kang wus ngêntas para sarpa saka bêbaya gêni sêsaji naga, mula sira sarpa kang wus antuk kabêkjan gêdhe, aja nangsaya marang ingsun, padha sumingkira sarta nêmua basuki. Sarpa kang mandi aja padha nyêdhaki marang ingsun, ngèlingana marang pangandikane Rêsi Astika, kang kadhawuhake nalika sabubaring sêsajine naga Prabu Janamejaya. Manawa isih ana sarpa kang wani anyêdhaki marang janma kang nyêbut jênêngira, sarta dêrêng niyat anyakot, sirahe bakal pêcah dadi satus, kaya woh: singsa.

Sang Soti nglajêngakên cariyosipun: Dupi Rêsi Astika mirêng ucapipun para naga makatên wau, panggalihipun sakalangkung rêna, saparipurnaning karya, Rêsi Astika lajêng lêlana anuruti krêjêting panggalih.

--- 1 : 419 ---

Papêthinganing brahmana wau sasampunipun angrampungakên pakaryanipun, inggih punika angêntas para naga saking bêbaya latu sêsaji, saha sasampunipun nurunakên putra wayah kathah, lajêng murut dhatêng kasidan jati.

Dhuh, Sang Sonaka, kula sampun nyariyosakên sadaya lêlampahanipun Rêsi Astika ngantos salêsih, botên siwah kalihan sanyataning kawontênanipun, sajatosipun manawi cacriyosan wau dipun cariyosakên, sagêd damêl sirnaning ajrihipun tiyang dhatêng sawêr.

Sang Soti nglajêngakên cariyosipun: Dhuh, sang brahmana, pêpêthinganing têdhak Brigu, kula sampun nyariyosakên lêlampahan ingkang sagêd angwontênakên nugraha, inggih punika cariyos lêlampahanipun Rêsi Astika ingkang pinunjul sasamining rêsi, ngantos satamatipun, kados sawêtahing pamirêng kula, sarta kados ingkang dipun cariyosakên dening lêluhur paduka Sang Pramati, dhatêng putranipun ingkang pêparab Sang Ruru. Sang Pramati anggènipun nyariyosakên lêlampahan wau, kalayan suka pirênaning panggalih, awit kalampahanipun cariyos wau kawêdhar, saking panyuwunipun ingkang putra. Dhuh, sang brahmana pangêndhaking satru, sarèhning [sarèh...]

--- 1 : 420 ---

[...ning] paduka sampun midhangêt cariyos sukci lêlampahanipun Sang Astika, ingkang sagêd damêl indhaking kautamèn, sarta saking pamundhut paduka piyambak, mila sasampunipun tamat anggèn kula nyariyosakên lêlampahanipun Sarpa Dhundhuba, pamuji kula mugi cariyos kula sadaya wau, andadosakên marêming panggalih.

Dumugi samantên têlasipun bab kaping: sèkêt wolu, saking cariyos Astika, ing Adi Parwa.

__________

--- 1 : I ---

Pratelan Kawontênanipun Cacriyosan.

Pratelaning cariyos ... Ing kaca

Adi Parwa

Bêbuka

Rawuhipun Sang Soti wontên ing wana Nemisa ... 4

Para rêsi kapengin mirêngakên cariyos Mahabarata ... 7

Pujian katur Bathara Isana ... 8

Purwaning dumados ... 9

Karsanipun Sang Wiyasa badhe mêdharakên cariyos Barata ... 13

Hyang Brahma ngrawuhi Sang Wiyasa ... 14

Bathara Ganesa sumanggêm nyêrati cariyos Barata ... 17

Sang Soti ngalêmbana cariyos Barata ... 18

Pangrêsulanipun Prabu Dritarastra ... 29

Panglipuripun Sanjaya dhatêng Prabu Dritarastra ... 46

Sang Soti nyariyosakên bab saenipun tiyang sinau cariyos Barata ... 51

Cariyos kawontênanipun ing Samanta Pancaka ... 56

Katêrangan cacahipun satunggal-tunggaling perangan barisan ... 59

Parwa Sanggraha

Rêringkêsan isinipun parwa agêng (wolulas parwa) ... 63

Posyaparwa

Prabu Janamejaya dipun êsotakên ... 114

Prabu Janamejaya ambudidaya cabaring sot ... 115

Cariyos lêlampahanipun Rêsi Ayodyadomya ... 116

--- 1 : II ---

Pratelanipun cariyos ... Ing kaca

Cariyos lêlampahanipun Aruni ... 117

Cariyos lêlampahanipun Upamanyu ... 119

Cariyos lêlampahanipun Wedha ... 130

Cariyos lêlampahanipun Utanka ... 132

Cariyos lêlampahanipun Prabu Posya ... 139

Rêsi Utanka nalika wontên ing kadhatonipun Prabu Janamejaya ... 152

Prabu Janamejaya dipun bêbangus, supados nandukna piwalês dhatêng Naga Raja Taksaka ... 154

Polama Parwa

Rêsi Soti ngêntosi miyosipun Maharsi Sonaka ... 157

Sajarahipun darah Brigu ... 159

Cariyos lêlampahanipun Dèwi Puloma ... 161

Cariyos lêlampahan lairipun Rêsi Cyawana ... 166

Rêsi Brigu ngêsotakên Sang Hyang Agni ... 168

Pangrapunipun Hyang Brahma dhatêng Sang Hyang Agni ... 173

Cariyos lêlampahanipun Rêsi Ruru ... 175

Cariyos sawêr Dhundhuba ... 185

Astika Parwa

Cariyos lêlampahanipun Rêsi Jaratkaru ... 192

Lairipun Rêsi Astika ... 199

Cariyos lêlampahanipun Dèwi Kadru, tuwin Dèwi Winata ... 202

Pangêburipun samodra, prêlu ngupaya amrêta ... 207

Dèwi Kadru totohan kalihan Dèwi Winata ... 221

Dèwi Kadru ngêsotakên para sarpa ... 222

--- 1 : III ---

Pratelaning cariyos ... Ing kaca

Dèwi Kadru kalihan Dèwi Winata badhe mriksani Utcesrawa, wontên ing margi sami priksa samodra ... 224

Miyosipun sang garudha, sarta panêmbrama dhatêng sang garudha ... 231

Bathara Surya duka, Sang Aruna dipun têtêpakên dados kusiripun Hyang Surya ... 237

Panêmbramanipun Dèwi Kadru dhatêng Bathara Endra ... 242

Sang garudha nyuwun katêrangan, punapa sababipun dene ingkang ibu ngantos dados rencang tumbasan ... 248

Sang garudha sagah badhe andhustha amrêta ... 250

Rêsi Kasyapa pêpanggihan kalihan sang garudha ... 255

Cariyos lêlampahanipun gajah kalayan bulus ... 257

Para jawata sami priksa sasmita awon, sarta samêkta ing ayuda ... 268

Para jawata campuh prang kalihan sang garudha ... 279

Sang garudha ambêkta lumajêng amrêta ... 283

Sang garudha kalayan Sang Hyang Wisnu ... 285

Sang garudha sarta Sang Hyang Wisnu gêntos misungsung ... 286

Pangandikanipun Sang Hyang Endra dhatêng sang garudha, saha sang garudha angsal sasêbutan Sang Suparna ... 287

Sang Hyang Endra andhustha amrêta ... 290

Jalaranipun para sarpa sami cawang ilatipun ... 291

Naminipun para têtungguling sarpa ... 293

Naga Sesa martapa ... 296

Naga Sesa tampi ganjaran saking Hyang Brahma ... 299

Parêpatanipun para naga anggènipun badhe anyabarakên soting ibunipun ... 301

Dèwi Jaratkaru dipun bêkta dhatêng karatonipun para naga ... 310

--- 1 : IV ---

Pratelaning cariyos ... Ing kaca

Prabu Pariksit ababêdhag ... 315

Prabu Pariksit kenging sot ... 322

Rêmbagipun Rêsi Sringin, kalihan Rêsi Krisa ... 320

Rêsi Kamika ngutus siswanipun, sowan Prabu Pariksit ... 328

Brahmana Gurmuka nalika wontên ing kadhatonipun Prabu Pariksit ... 329

Prabu Pariksit parêpatan kalihan para nayakanipun ... 331

Pêpanggihanipun Maharsi Kasyapa kalihan Naga Raja Taksaka ... 333

Naga Raja Taksaka ngrarêpa dhatêng Rêsi Kasyapa supados sampun anglajêngakên lampahanipun ... 336

Sedanipun Prabu Pariksit, dening Naga Taksaka ... 341

Sang Janamejaya dipun jumênêngakên nata ... 342

Cariyos lêlampahanipun Rêsi Jaratkaru, dumugi pikramanipun kalihan Dèwi Jaratkaru ... 344

Miyosipun Rêsi Astika ... 366

Prabu Janamejaya kagungan karsa damêl sêsaji naga ... 383

Tata-tata sêsaji ... 385

Para sarpa sami dhumawah ing latu sêsaji ... 389

Rêsi Astika rawuh wontên ing pasamuwaning sêsaji naga ... 398

Kèndêlipun sêsaji naga ... 414

 


§ Sampun dados cara, miturut pranatan agami. (kembali)
saking. (kembali)
mulabukanipun. (kembali)
[397]. (kembali)
warninipun. (kembali)