Mahabharata, Dwipayana Wiyasa, 1927, #1120 (Bab 20-30)


Bab X.XX. (Sambêtipun Astika Parwa).

Cariyosipun Sang Soti. Kula sampun ngaturakên wêtahipun cariyos, bab pinanggihipun amrêta saking dhasaring [dha...]

--- 1 : 221 ---

[...saring] samodra, tuwin para dewa anggènipun angsal kapal ingkang wandanipun sakêlangkung sae, saha kakiyatanipun tanpa timbang nami otcesrawas. Inggih ulêsing kapal wau ingkang dados cangkrimanipun Dèwi Kadru dhatêng ingkang rayi Dèwi Winata, makatên pitakènipun: Yayi, wong kang mêrak ati, mara enggal aranana, sang otcesrawas iku ulêse apa. Atur wangsulanipun ingkang rayi: Sampun botên sêmang-sêmang malih, ulêsipun ratuning kapal punika pêthak mulus, dene manawi paningalipun kakangbok kadospundi, sumôngga dipun wastanana. Dèwi Kadru ngandika malih: Hèh, sadulurku kang manis èsême, aku kaduga angêtohake badan, yèn panyawangku jaran mau buntute irêng, mara padha dinyatakake, sapa sing kalah, dadia bature tukon kang mênang.

Sang Soti anglajêngakên cariyosipun: Kacariyos, putri kêkalih wau sampun sami kadugi angêtohakên sariranipun, inggih punika pundi ingkang kawon, sagah alêlados kados sacaranipun rencang tumbasan, sasampunipun lajêng sami kondur dhatêng padalêmanipun piyambak-piyambak. Dene anggènipun badhe anyatakakên ulêsipun sang otcesrawas wau, wontên ing dintên enjingipun malih

--- 1 : 222 ---

sadumugining padalêman, Dèwi Kadru katuwuhan panggalih cidra, mila lajêng dhawuh dhatêng para putranipun, inggih punika para naga, supados sami amancala warna dados bobat cêmêng, sarta lajêng anutupana buntutipun sang oncesrawas. Dèwi Kadru anggènipun ngantos kadugi nglampahi cidra punika, amung kabêkta saking sangêt sumêlanging panggalih, manawi ngantos kalampahan dados rencang tumbasan, ananging para putra sami lênggana dhatêng dhawuhipun ingkang ibu. Awit saking sêrênging dukanipun, Dèwi Kadru lajêng angêsotakên para putranipun piyambak, wêdharing sotipun makatên: Ing têmbe yèn Sang Prabu Janamejaya, narendra têdhak Pandhawa kang wicaksana, agawe sêsaji naga, Hyang Agni bakal ambrastha marang sira kabèh. Hyang Brahma sakalangkung ngungun, dene Dèwi Kadru makatên êsotipun dhatêng para putranipun piyambak. Ananging Hyang Brahma ugi botên kasamaran, kabêkta saking panjênênganipun wau sangêt sihipun dhatêng sadaya titah, mila lajêng dhawuh dhatêng para jawata, supados anêtêpna êsotipun Dèwi Kadru wau, karantên naga punika wisanipun ambêbayani tumrap titah sanèsipun, môngka para naga maratah sami kasinungan wisa mandi, watakipun [watakipu...]

--- 1 : 223 ---

[...n] candhala, karosan saha kakêndêlanipun linangkung. Mila sotipun Dèwi Kadru dhatêng para putra ingkang makatên kawontênanipun wau, têtela prayogi sangêt, awit papêsthèn mêsthi amatrapi ukum pêjah dhatêng sintêna ingkang tansah ngangkah pêjahing titah sanèsipun. Para jawata, sasampunipun alêlimbangan ngantos sawatawis dangu, karampunganipun anglêrêsakên dhatêng Dèwi Kadru. Para jawata saparipurnaning anggènipun anglimbang lêrês lêpating tindakipun Dèwi Kadru, Hyang Brahma lajêng animbali dhatêng Hyang Kasyapa, sarêng Hyang Kasyapa marêk ing ngarsanipun, lajêng dipun pangandikani, dhawuhipun makatên: Hèh, titah linuwih, kang sukci, sarta têtela pangruwating satru sêkti, para naga kang mandi wisane, lan gêdhe-gêdhe wujude, apadene kang padha karêm nangsaya titah liyane, iyaiku para sutanira dhewe, wus padha kaêsotake dening ibune, o, ênggèr, putraningsun kang tuhu linuwih, aja pisan-pisan sira amrihatinake prakara iku mau, awit kawruhana, sajatine bab panumpêsing para naga ing gêni sêsaji, iku wus kawêca ing Layang Purana. Hyang Brahma, inggih dewa ingkang dumadosakên sagung tumitah, sasampunipun ngandika makatên wau, lajêng amêjang dhatêng Hyang Kasyapa bab pangwasa panulaking wisa.

--- 1 : 224 ---

Dumugi samantên wêkasanipun bab kaping kalih dasa, saking cariyos Astika, ing Adi Parwa.

Bab XXI. (Sambêtipun Astika Parwa).

Sang Soti anglajêngakên cariyosipun: Dhuh, sang rêsi ingkang abôndha lampah kasutapan, sasampunipun Dèwi Kadru kalihan Dèwi Winata sami ngêtohakên sarira, enjingipun, sarêng Hyang Surya sampun katingal wontên ing imbanging langit ingkang iring wetan, sang dèwi kalih pisan lajêng sami gêgancangan, sumêdya dhatêng padununganipun sang obcesrawas.otcesrawas Wontên ing margi sami priksa gumêlaring sagantên, inggih punika patandhoning toya ingkang wiyaripun tanpa upami, toyanipun mawalikan, suwantênipun gumaludhug gêgirisi, kathah ulamipun agêng-agêng ingkang kawawa nguntal ulam lodan. Mangkaranipun agêng-agêng, sarta kathah golonganing titah gêsang sanèsipun, ingkang warni-warni wujudipun ngantos maèwu-èwu. Saking kathahipun buron toya ingkang agêng-agêng, saha cêmêng-cêmêng warninipun, bilih tiningalan agêgilani, mila rêkaos manawi sinabrangan. Kathah bulus saha [sa...]

--- 1 : 225 ---

[...ha] bajulipun. Samodra punika dados tambanging sêsotya, inggih karatonipun Hyang Waruna, saha karatonipun naga ingkang wujudipun sakalangkung indah, ngantos adamêl sêngsêmipun ingkang sami tumingal, punapadene samodra punika inggih ratuning sadaya lèpèn, makatên ugi inggih dados panggenanipun latu ingkang saking dhasaring bumi, utawi dados pasingidanipun para asura, ingkang anggawokakên dhatêng ingkang sami tumingal, toyanipun gadhah watak botên damêl bosokipun samubarang ingkang kacêmplung. Para dewa sami angaji-aji dhatêng samodra, karantên tatela migunani tumraping para dewa. Samodra punika dununging toya gêsang unjuk-unjukanipun para jawata. Kawontênanipun wiyar tanpa têpi sarta sukci, lêbêtipun botên kenging jinajagan, sawanganipun cêmêng angajrih-ajrihi. Saking kathahing suwantênipun bêbujêngan toya ingkang manggèn ing ngriku, ngantos nyuwantên gumalêgêr tanpa kêndhat. Ing ngriku ugi kathah olêganipun agêng-agêng, manawi katêmpuh ing angin, lajêng angombak mawalikan. Bilih tiningalan saking katêbihan, ngantos kados solahipun lare-lare ingkang sami jajogedan. Pasang suruting toyanipun sagantên, anut purnama tuwin panglonging wulan. Samodra punika [pu...]

--- 1 : 226 ---

[...nika] lêluhuripun pôncajanya (salumprèt agêng ingkang kadamêl saking sumpil samodra, kagunganipun Sri Krêsna), sarta dados papan parimataning sêsotya ingkang agêng-agêng. Ing nguni samodra wau sampun nate ngombak ngantos kados angêlêbakên bawana, amargi jagad gênjot. Dene gênjoting jagad wau, awit saking pangwasanipun Sang Guwinda, rikala mancala warna waraha, wigatos badhe damêl timbulipun pasitèn ingkang andhapipun langkung saking andhaping sadaya pasitèn ingkang kadunungan ing tiyang. Rêsi Atri, satunggaling dwija tama, sampun nate ambudidaya sumêdya anjajagi lêbêtipun sagantên ngantos satus warsa laminipun, ewadene sêdyanipun wau botên sagêd kalêksanan. Samodra punika dados pasênêdanipun Hyang Wisnu inggih jawata ingkang apusêr tunjung. Hyang Wisnu, saparipurnanipun anggèning samadi nalika wiwitaning yoga, ugi lajêng anginggar-inggar wontên ing samodra. Inggih ing samodra pasingidanipun Dèwi Menaka, rikala sumêlang panggalihipun manawi kasambêr ing guntur utawi papan pasingidanipun para asura, nalika kasor prangipun kalihan para dewa. Samodra punika ugi anajèkakên toyanipun tanpa kêndhat, lumantar tutukipun [tutukipu...]

--- 1 : 227 ---

[...n] sang wadawa (samodra èstri), saminipun kados martega sukci ingkang kaêsok ing latu sêsaji. Sarta lêbêt prasasat tanpa dhasar, inggih gustinipun sakathahing narmada.

Kacariyos, Dèwi Kadru kalihan Dèwi Winata sami priksa narmada agêng maèwu-èwu, sami bêbanyakan toyanipun, sadaya wau sami anjog ing sagantên, sêmunipun kados nêdya ngatingalakên sihipun dhatêng samodra, sadaya sami agêgancangan anggènipun badhe pinanggih kalihan samodra. Putri kêkalih punika wau ugi wuninga, bilih samodra punika botên nate asat, sarta tansah mangumbak, kathah isèn-isènipun ingkang anggêgirisi. Tansah nyuwantên, awit dening kathahipun suwantêning buron toya ingkang maèwu-èwu. Mila putri kalih wau lajêng wuninga, manawi samodra punika wiyaripun kados langit, sarta dados patandhoning toya ingkang sakalangkung agêng.

Dumugi samantên wêkasanipun bab kaping salikur saking cariyos Astika ing Adi Parwa.

Bab XXII. (Sambêtipun Astika Parwa).

Cariyosipun Sang Soti: Para naga lajêng [la...]

--- 1 : 228 ---

[...jêng] sami ngêmpal, wigatos atêtaringan, golonging rêmbag kêdah miturut dhawuhing ibunipun, karantên manawi karsanipun ingkang ibu wau botên dipun pituruti, saèstu badhe anêmahi pêjah kabêsmi ing latuning sêsaji. Kosokwangsulipun, bilih karsanipun ingkang ibu wau dipun lêksanani, bokmanawi ingkang ibu badhe kaparêng anjabêl sotipun ingkang sampun kawiyos, mila para naga enggal sami umarêk ing ibunipun, aturipun makatên: Kawuningana ibu, kula dalasan para sadhèrèk, sami badhe adamêl cêmênging buntutipun otcesrawas. Sasampunipun matur makatên, para naga enggal sami pangkat, saha lajêng mancala warna bobat cêmêng anglimputi buntutipun otcesrawas.

Nalika para naga matur kados ingkang kawursita ing nginggil, ingkang ibu taksih salêbêtipun totohan kalihan marunipun, inggih punika kadangipun piyambak kaprênah ênèm. Dhuh, sang rêsi, putrinipun Hyang Daksa kalih pisan, inggih ingkang sasilih Dèwi Kadru kalihan Dèwi Winata, rikala sami angayuh gêgana nêdya matitisakên ulêsipun otcesrawas, sarwi angenggar-engar panggalih, ing ngriku sami priksa gumêlaring [gumêlar...]

--- 1 : 129[229] ---

[...ing] samodra, inggih patandhoning toya ingkang sakalangkung agêng, ngantos manahipun tiyang botên dumugi kangge anggagapi ing kawontênanipun. Samodra punika sabên katêmpuh ing samirana, toyanipun lajêng angumbak mawalikan, têmahan anuwuhakên swara gumaludhug anggêgirisi. Kathah ulamipun agêng-agêng ingkang sagêd nguntal ulam lodan, saha kathah mangkaranipun. Ing samodra isi titah maèwu-èwu ingkang warni-warni wujudipun. Bilih dipun lêbêti ambêbayani, amargi isi titah gêsang ingkang agêng-agêng wujudipun saha anggêgilani. Kawontênanipun samodra punika sakalangkung lêbêt, malah botên wontên ingkang kadugi nyabrangi. Inggih samodra ingkang minôngka tambanging sêsotya nawarêtna. Ugi kadhatonipun Bathara Waruna tuwin para naga ingkang sakalangkung elok, punapadene samodra punika inggih ratuning sadaya lèpèn, sarta botên kandhih dening kawontênan ingkang damêl bosoking samubarang. Katingalipun adi saha nêngsêmakên, sarta sakalangkung anèh. Inggih tuking amrêta ingkang kaunjuk ing para dewa, wiyaripun saha lêbêtipun botên kenging kaukur. Sarta anggumunakên, isi toya sukci, botên nate asat, awit tansah kaêjogan toyaning lèpèn, ingkang cacahipun [cacah...]

--- 1 : 130[230] ---

[...ipun] tanpa petangan. Makatên wau kawontênaning samodra, jêmbar kados langit, kaèbêgan ing alun, lêbêt sarta toyanipun katingal pating galêbyar, kapadhangan dening latu ing nglêbêting siti. Anggung nyuwantên gumaludhug, inggih punika ingkang ing nginggilipun dipun langkungi kadang èstri kêkalih wau.

Dumugi samantên têlasipun bab kaping kalih likur, saking cariyos Astika, ing Adi Parwa.

Bab XXIII. (Sambêtipun Astika Parwa).

Sang Soti anglajêngakên cariyosipun: Kacariyos, Dèwi Kadru ingkang kadhèrèkakên Dèwi Winata, sami gêgancangan lampahipun, sarta lajêng niyup ing panggenanipun otcesrawas. Sasampunipun dumugi ing ngriku lajêng sami maspadakakên dhatêng ulêsipun papêthinganing kapal ingkang kêbat sandêripun punika. Dene ulêsipun sang otcesrawas wau pêthak, sumorot kadi pajaring wulan purnama, nanging bobating buntutipun katingal cêmêng. Dupi Dèwi Kadru wuninga manawi buntutipun wau kathah bobatipun ingkang cêmêng, lajêng katêdahakên dhatêng ingkang rayi. Sanalika wau Dèwi Winata tanpa karêkat, sariranipun kados dipun lolosi, [lolo...]

--- 1 : 131[231] ---

[...si,] margi anggalih dhatêng sangsaranipun tiyang ingkang dados rencang tumbasan, mila sakalangkung èmêng panggalihipun. Anyarêngi lêlampahan punika, tiganipun Dèwi Winata ingkang satunggalipun nêtês, dados panêtêsipun wau botên mawi pitulunganipun ingkang ibu, ananging amung saking sampun dumugi wancinipun nêtês. Dene têtêsan wau wujud garudha sakalangkung adi warninipun, sarta ing nalika punika adamêl inggaring bawana. Amargi garudha sinakti punika amêngku pangwasa linangkung, sagêd mancala warna manut saciptanipun, sagêd dumugi ing panggenan pundi kemawon ingkang sinêdyakakên, sarta rêmên angsung pitulungan. Prabanipun anêlahi kados soroting latu agêng ingkang murub, wujudipun angajrih-ajrihi. Manawi tiningalan kadi urubing latu panglêburing jagad ing nalika wêkasaning yoga (jaman), netranipun sumorot agilar-gilar kadi kilat thathit. Indhaking agêngipun garudha wau kados sinêbul. Manawi napak jumantara mawa swara kumarusuk anggêgirisi, kadi swaraning wana kabêsmi ingkang katêmpuh ing prahara. Dupi para dewa wuninga wujuding garudha sinakti wau, gupuh-gupuh marêk ing ngayunanipun Hyang Wibawasu (agni), ingkang sawêg lênggah ing dhamparipun, dene wigatosipun,

--- 1 : 132[232] ---

anggènipun marêg wau nyuwun pangayoman. Sasampunipun sami manêmbah, lajêng matur makatên: Dhuh, Hyang Agni, mugi sampun ambèbèr sarira, punapa paduka nêdya ambêsmi titah paduka. Mugi katingalana latu paduka saya mangalad-alad, dhawuh wangsulanipun Hyang Agni: Hèh, pangrurahing asura, sajatine kang sira dulu iku adoh lan panduganira, kawruhana mungguh kang katon kaya gêni iku garudha sinakti, gêdhening pangwasane, apadene endahing wujude padha lan ingsun, andarbèni kasaktèn linuwih, mulane linairake mangkono, prêlu kanggo nglipur prihatine Dèwi Winata. Amarga saka gumêbyaring prabane, têmah agawe cidraning pamawasira. Kawruhana, garudha iku sutane Maharsi Kasyapa, iya garudha iku kang pinasthi dadi pangrurahing naga, sarta diwajibake gawe bêcik marang para dewa, mula dadi satrune para ditya lan rasêksa. Biratên sumêlanging atinira, mara padha tut buria ing salakuningsun, lan padha diwaspadakake. Para dewa dupi tampi dhawuhipun Hyang Agni ingkang makatên wau, lajêng sami andhèrèkakên tindakipun sang dèwi rêsi dhatêng dunungipun garudha. Sarêng para dewa priksa wujuding garudha lajêng amêmuji saking katêbihan, panglinggamurdanipun makatên:

--- 1 : 233 ---

Sira iku sawijining rêsi (rêsi punika têgêsipun, ingkang lêbda dhatêng salwiring môntra), dadi wajib anampani bageyan kang akèh dhewe saka sarupaning sêsaji. Kaendahanira tansah katon ngalela, sira iku kang mangrèh manuking aurip, iyaiku jiwa. Kang mangwasani marang sakèhe kang urip lan kang ora urip. Sira kang angukut lan anitahake sagung dumadi. Sira iku iya Brahma kang mangeja wantah dadi Sang Iranyagarba, iya dewa kang maujud daksa, sarta awarna Hyang Prajapati.§ Golonganing Prajapati punika wontên salikur. Sira iku Endra (ratuning jawata), utawa Hyang Wisnu kang manjanma ajôngga guluning jaran. Sira iya panah (jêmparing malihanipun Hyang Wisnu ingkang kalêpasakên dening Hyang Mahadewa nalika nglêbur kang tripura). Sira iku pêpundhène kang sarwa tumuwuh, iya ratu iya Hyang Patmaja kang awadana (rai) papat. Sira iku brahmana (brahmana punika têgêsipun, tiyang wicaksana) iya agni, iya pawana lan para jawata liya-liyane kang padha mangrèh salwiring kaanan ing dalêm cakrawala.§ Cakrawala (zonnestelsel) ingkang dipun wastani cakrawala punika, saindênging sorotipun surya satunggal. Sira iku kawruh, utawa paracidra, dene ingsun sakônca iki kang minôngka dadi boyonganira. Sira

--- 1 : 234 ---

iku urip kang nglimputi sagung kaanan, iya papundhèning dewa. Sira iku kasunyatan luhur. Sira iku wus kalis ing rasa wêdi, sarta kang langgêng kaanane. Iya brahma kang ora mangrèh anggêr-anggêr, pangwasane srêngenge iku iya sira, sarta sapanunggalane. Sira iku iya sagunging kawruh, iya pangayoman kang agung ingatase ingsun lan sakônca. Sira iya samodraning kasukciyan. Sira wus ora bisa kapêtêngan, lan sapanunggalane. Sira kang mêngku watak luhur nêm prakara. Manawa sira ngêtoni ngayuda ora ana kang bisa tumandhing ing kasudiranira. Iya saka sira pinangkane kang sarwa tumuwuh. Sira iku sakabèhing panggawe bêcik. Sira kang ing nguni ora ana lan kang ana. Sira kawruh kasukciyaning urip, dene kang minôngka dadi pratandhane yèn sira iku anggêlar sagung dumadi, nadyan kang urip utawa kang ora urip, candrane kayadene surya, iku bisa katitik saka sorote. Awit dening sira iku bisa nasabi prabaning Hyang Surya, puwara sira sinêbut juru panglêburing sagung kaanan. Sira kang langgêng, utawa kang bisa owah gingsir. Sira iya prabane Hyang Agni, kawasanira anggêsêngake sakèh kaanan, iku ora siwah lan Hyang Surya manawa pinuju bêndu ambrastha sakèhing titah. Lah sira titah [ti...]

--- 1 : 235 ---

[...tah] kang anggêgirisi, sira kang tansah wimbuh gêdhe, kaya urubing gêni panumpêsing sagung dumadi ing jaman wêkasan. Dhuh, dhuh, garudha kang kinawasa, kang bisa ngambara ana ing awang-awang, anggon ingsun marene iki, prêlu ngupaya pangayoman. Lah pêpundhèning para manuk kang linuwih pangwasane, kang mancorong kaya gêni, lan gumêbyar kaya kilat, kang ora bisa rinakêtan ing pêpêtêng, iya kang bisa angunggahi mega malang. Kadadehane salwiring jalaran iku saka sira, sira iku juru anurunake nugraha, lan ora kêna kinalahake kasudiranira. Dhuh, garudha, ing saindênging bawana padha kablêrêngên dening prabanira, sira kang sumorot kaya kancana sinangling, muga sira angayomana para dewa kang luhur pambêgane. Para dewa padha kapalayu awahana ratane kang bisa ngambah ing gêgana, amarga saka padha giris dening prabawanira. Lah manuk binathara, sira iku putrane Maharsi Kasyapa, kang mêngku ambêg wêlas asih lan luhur budine, muga enggal racutên tiwikramanira, amêlasana marang sakabèhe kang sarwa tumuwuh. Lah sira kang luhur dhewe, muga sira sirêpên krodhanira, lan ayomana ingsun kabèh iki. Dhuh, ratuning manuk, soraning swaranira kaya gumlêgêring galudhug, angèbêki sagung keblat, têmah akarya [a...]

--- 1 : 236 ---

[...karya] gêtêring akasa, kaswargan, lan ngarcapada, mangkono uga anggêtêrake atiningsun. Kawujudanira kang kaya prabane Hyang Agni iku inggal racutên, nalika ingsun sakônca padha andulu kaananira kang kaya cahyane Bathara Yama mau, agawe kêkêsing atiningsun, puwara banjur padha gumêtêr. Dhuh dewaning manuk, muga wêlasa marang para dewa, kang tansah padha ngasih-asih iki. Lah kang sarwa linuwih, muga awèha kabungahan lan kamulyan.

Dupi garudha ingkang êlaripun sakalangkung endah wau, dipun asih-asih para dewa tuwin para rêsi, mawi tatêmbungan ingkang makatên punika, lajêng angracut tiwikramanipun.

Dumugi samantên wêkasanipun bab kaping tiga likur, saking cariyos Astika.

Bab XXIV. (Sambêtipun Astika Parwa).

Sang Soti angandika: Sang garudha, inggih pêksi ingkang sakalangkung endah êlaripun wau, dupi mirêng pangalêmbananipun para dewa, awit panjênênganipun sampun anyumêrêpi piyambak dhatêng saliranipun bilih kados makatên kawontênanipun.

--- 1 : 237 ---

Sang garudha angandika: Mugi paduka sampun sami sumêlang ing panggalih, ewadene bilih paduka mêksa taksih giris dening kawujudan kula, ubaling kasêktèn kula badhe kula suda malih.

Lajênging cariyosipun Sang Soti: Sang garudha, pêksi ingkang kawasa dhatêng ing pundi panggenan ingkang sinêdya wau, inggih ingkang rumêksa ing awang-awang, punika kenging pininta sraya sarana pangèsthi, dene agênging pitulunganipun miturut sapintên kuwasaning pangèsthi. Sasampunipun sang garudha matur dhatêng para dewa kados ingkang kacariyos ing ngajêng, tumuntên anggendhong kadangipun, inggih punika Sang Aruna, sarta nilar padalêmanipun ingkang rama sumêdya nusul ingkang ibu dhatêng pagisikaning samodra kados ingkang kawursita ing nginggil. Sang Aruna ingkang mancorong prabanipun, kala samantên lajêng kaandhapakên saking gendhongan, kadèkèkakên wontên ing imbanging jagad ingkang iring wetan, anyarêngi duk nalika Hyang Surya badhe matunu bawana sarana sunaripun ingkang sakalangkung bêntèr.

Sang Sonaka anyêlani pangandika: Apa mulane têka Hyang Surya duk samana arsa anglêbur bawana saisine [saisi...]

--- 1 : 238 ---

[...ne] kabèh, sarta para jawata iku padha anglakoni dosa apa ing panjênêngane, dene Hyang Surya nuli amêngku babêndu kang mangkono mau.

Aturipun Sang Soti makatên: Dhuh titah minulya saha ingkang botên kalepetan ing dosa, nalika Asura Rahu ngumbe amrêta kadênangan Hyang Surya tuwin Hyang Côndra, Rahu lajêng prasapa, bilih wiwit ing dintên kalênggahan punika badhe tansah nêdya mamêngsahan kalihan dewa kêkalih wau. Bathara Surya tansah kaancam-ancam badhe kauntal, mila sangêt ing dukanipun, pangudaraosipun Hyang Surya makatên: Amarga Rahu duwe sêdya mamungsuhan lan ingsun, ing kono tuwuhing karsaningsun nêdya agawe kamulyaning para jawata, dadi wus têrang yèn prakara kang ora bêcik iki tuwuh saka pialane Rahu. Ingsun dhewe kang bakal amapakake, mula para dewa aja ana kang mèlu-mèlu, kalane ingsun dèn untal Rahu, para dewa mêsthi anduga yèn ingsun mêsthi ajur dadi sawalang-walang, samêngko ingsun karsa tumandang angayomi para jawata, sarana angobong jagad-jagad lan saisine kabèh. Sasampunipun ngandika makatên Hyang Surya lajêng dhatêng parêdèn iring kilèn.

--- 1 : 239 ---

Saking ing ngriku Bathara Surya anggènipun wiwit anyorotakên bêntèripun, kangge ambrastha bawana. Para maharsi dupi karaos bêntèr gêgancangan manggihi para jawata, lajêng cariyos mêkatên: Sanadyan punika wanci têngah dalu, ewadene sampun kados makatên raosing bêntèripun hawa, ngantos adamêl girising manah, ingkang makatên punika saèstu badhe adamêl karisakaning tri bawana. Sanalika wau para rêsi tuwin para dewa tumuntên sami sêsarêngan marêk ing ngarsanipun Hyang Brahma, sarwi umatur: Katiwasan pukulun, dintên punika bêntèripun kalangkung-langkung, sanadyan Bathara Surya dèrèng ngatingal, ewadene bêntèripun sampun kenging dipun wastani anggêsêngakên bawana. Dhuh Hyang Brahma, kadospundi badhe kadadosanipun, manawi panjênênganipun wau sampun katingal. Dhawuh wangsulanipun Hyang Brahma mêkatên: Sajatine wêtune surya ing dina iki kanthi pangangkah nêdya anglêbur jagad, dadi samôngsa wus andhadhari, kabèh dumadi bakal kobar nganti dadi awu, ananging kang mangkono mau wus ingsun panggalih suwe. Wruhanira, sutane Rêsi Kasyapa kang sinakti sêsilih Aruna, iku badane luwih gêdhe sarta endah, ing môngka Aruna mau wus pinasthi dadi kusire surya, dadi

--- 1 : 240 ---

mêsthi bakal manggon ana ing ngarêpe surya, amarga saka iku kasêktène surya banjur suda, iya mung Aruna iku kang bisa angayomi marang sagunging alam-alam, para rêsi, para kang dêdunung ing kaswargan, lan liya-liyane manèh.

Sang Soti anglajêngakên cariyosipun: Dupi Sang Aruna midhangêt pangandikanipun Hyang Brahma ingkang makatên wau, enggal amêsat saking ngarsanipun, wigatos badhe angèstokakên dhawuhipun Hyang Brahma. Mila kalampahan miyosipun Bathara Surya kasasaban dening sariranipun Sang Aruna. Kawuningana, kula sampun nyariyosakên lêlampahanipun Bathara Surya nalika karsa matunu bawana, saha witipun Sang Aruna kadadosakên kusiripun Hyang Surya. Ing mangke paduka kêparênga midhangêtakên atur cariyos kula, minôngka jawabipun sagunging pitakenan, ingkang kala wau sampun kadhawuhakên dhatêng kula.

Ing ngriki ingkang minôngka panutuping bab kaping kawan likur saking cariyos Astika, ing Adi Parwa.

Bab XXV. (Sambêtipun Astika Parwa).

Sang Soti miwiti cariyos malih: Sang garudha [garu...]

--- 1 : 241 ---

[...dha] sinakti ingkang sakalangkung prawira, inggih ingkang kawasa dhatêng ing pundi panggenan ingkang sinêdya, sasampunipun angandhapakên Sang Aruna saking gendhonganipun, kados ingkang kacariyos ing ngajêng, tumuntên anglajêngakên lampahanipun, umêsat ing gêgana, nêdya dhatêng ing pagisikaning samodra sowan ingkang ibu. Rikala samantên Dèwi Winata wontên ing ngriku sawêg nandhang sungkawa, amargi kawon anggènipun totohan, ingkang lajêng dados boyonganing mêngsahipun. Ing satunggaling dintên pinuju ing wanci enjing, Dèwi Kadru animbali Dèwi Winata ingkang lajêng ngalosot wontên ing ngarsanipun. Sang garudha ugi priksa dhatêng solahing ibunipun ingkang sakalangkung mêmêlas makatên punika, sasampunipun Dèwi Winata anguncupakên asta, Dèwi Kadru tumuntên dhawuh, makatên pangandikanipun: Hèh, Winata, wanodya kang sêtya tuhu ing wicara, ing têngahing samodra iki ana pulone kang ora didunungi ing janma manungsa, ananging asri lan anyênêngake, amung bae ing kono iku dadi padunungane naga, mara aku gêndhongên marang ing pulo mau. Kacariyos Dèwi Kadru, ibunipun para naga tumuntên dipun gendhong Dèwi Winata dhatêng ing pulo wau. Sang garudha ugi lajêng kapatah dening ingkang ibu

--- 1 : 242 ---

piyambak, kapurih gendhong sakathahing naga para putranipun Dèwi Kadru, wasana para naga ugi sami dipun gendhong. Sasampunipun samêkta, sang garudha, juru nganglang ing awang-awang lajêng ambèbèr suwiwinipun, sumêbut ngayuh gêgana, saking inggiling anggènipun anggêgana, ngantos cêlak sangêt kalihan Surya, têmahan sagung para naga ingkang kabêkta wau sami kabrongot dening sunaripun surya ngantos kantaka. Rikala Dèwi Kadru priksa para putranipun sami gêsêng dening surya, enggal manêmbah ing Bathara Endra sarwi manglinggamurda, pangandikanipun makatên: Kula sumungkêm ing padanipun ratuning para dewa, ingkang sampun mangrurah asurawala tuwin sang namuci. Dhuh, jawata ingkang anetra sasra, pêpundhènipun Dèwi Kaci, mugi paduka kaparênga paring pangayoman dhatêng para naga ingkang sami gêsêng dening prabaning srêngenge, amargi amung tumuruning jawah paduka ingkang sagêd adamêl waluyaning para naga. Dhuh, tatungguling dewa, paduka punika pangayoman agêng ingatasipun sakathahing naga, dhuh, Bathara Purandara, amung paduka ingkang kawasa anurunakên jawah, awit paduka punika inggih Bathara Bayu, inggih mêndhung, angin saha latu, tuwin kilat thathit. Paduka punika dewa ingkang angwontênakên mêndhung cêmêng nglimputi [ngli...]

--- 1 : 243 ---

[...mputi] cakrawala ing nalika wêkasaning jaman. Paduka punika inggih balêdhèg ingkang kinawasa sarta anggêgirisi, utawi galudhug ingkang sabawanipun anggêgêtêri. Paduka punika ingkang anggêlar sarta ngukut sadaya alam. Paduka têtela botên kenging kinawonakên. Paduka punika pêpajaripun sagung dumadi. Paduka inggih aditya, inggih wibawasu. Paduka sanyata angebat-ebati. Paduka sajati-jatining narendra. Paduka punika tatungguling dewa, paduka inggih Bathara Wisnu. Paduka inggih ingkang anetra sèwu. Paduka ugi dewa ingkang pinundhi-pundhi. Paduka punika sanjata pamungkas ingatasipun angsung pitulungan. Pukulun, inggih paduka punika maujudipun amrêta. Paduka punika ugi soma§ Soma ing ngriki punika atêgês toya gêsang. ingkang pinundhi-pundhi sangêt dening para dewa. Paduka punika wanci dintên lawa (mênit), inggih sêna (4 mênit). Paduka inggih pajaring wulan ingkang cacahipun kawan wêlas dintên, sarta panglongipun ingkang kawan wêlas dintên malih. Paduka punika kala, kastha tuwin truti,§ Ing Sêrat Mahabarata anêdahakên naminipun peranganing wanci, ngantos angandhar-andhar, ingkang samangke sampun botên kangge wontên ing ngriki. paduka punika warsa (taun) môngsa, wulan, rintên tuwin dalu. Paduka inggih [ing...]

--- 1 : 244 ---

[...gih] bawana saisinipun punika. Paduka inggih langit dalasan suryanipun. Paduka punika samodra ingkang agêng alunipun, inggih padununganipun ulam timis, saha ulam ingkang môngsa ulam, timis (mangkara), tuwin sanès-sanèsipun malih. Paduka punika ingkang kasumbaga ing jagad têtiga, inggih ingkang kaluhurakên dening para wicaksana tuwin para rêsi agêng-agêng, ingkang sampun sêpên ing kasênêngan kajawi namung sêmadi. Anggèn paduka kaparêng ngunjuk soma wontên ing panggenan sêsaji, sarta andhahar martega sukci ingkang anggènipun najèkakên mawi ngucapakên mantra, punika saking anggèn paduka badhe damêl kamulyanipun sadaya dumados. Wontên ing papaning sêsaji paduka tansah pinundhi-pundhi dening para brahmana, ingkang sami kêpengin ngundhuh wohing pandamêlipun. Dhuh, paduka panunggaling sagung pangwasa ingkang tanpa timbang, inggih paduka ingkang maambal-ambal lininggamurda wontên ing Sêrat Wedhangga. Mênggah wigatosipun para brahmana agêng-agêng lajêng sami dêrêng anggènipun sêsaji, utawi marsudi Wedhangga kanthi katabêrèn, punika awit saking sami kêpengin tampi nugraha paduka.

--- 1 : 245 ---

Bab XXVI. (Sambêtipun Astika Parwa).

Sang Soti anglajêngakên cariyosipun: Sang Hyang Endra, sasampunipun kalinggamurda makatên dening Dèwi Kadru, lajêng angwontênakên mêndhung angêndhanu ing awang-awang, dhawuhipun Hyang Endra dhatêng para dewa ingkang mangrèh mêndhung makatên: Mara, nuli padha nuruna udan kang wus ingsun nugrahani, iyaiku kang bisa agawe tumuwuhing sagung kaanan. Sanalika wau lajêng mêndhung dhêdhêt binarung ing kilat thathit aliwêran, sarta tanpa kêndhat anyabawa gumalêgêr wontên ing antariksa, lajêng tumurun dados jawah ingkang sakalangkung dêrês. Saking kandêling mêndhung, ing dirgantara katingal pêtêng dhêdhêt alimêngan, sarta tansah nyabawa gumludhug anggêgirisi. Ing nalika punika kados dintên kukuding bawana. Dupi mêndhung wau katêmpuh ing lesus, katingal kadi mawalikaning alum agêng ing samodra pasang. Kilat thathit pating galêbyar binarung suwantêning galudhug, ngantos angorêgakên jagad. Surya tuwin wulan sami botên katingal prabanipun, tumuruning jawah kados kaêsokakên, têmah adamêl gêtêring manah.

Makatên wau pangwasanipun Bathara Endra. Para naga bingahipun [bingahi...]

--- 1 : 246 ---

[...pun] tanpa upami. Salumahing bawana waradin kaêlêban toyaning jawah ingkang sakalangkung wêning tuwin asrêp, ngantos rumêsêp dumugi ing dhasaring bantala. Toyaning jawah sami angumbak, wasana para naga kalihan ibunipun kalampahan dumugi ing Nuswa Ramaniyaka kanthi raharja.

Dumugi samantên, têlasipun bab kaping nêmlikur saking cariyos Astika ing Adi Parwa.

Bab XXVII. (Sambêtipun Astika Parwa).

Sang Soti angandika: Dupi para naga kataman toyaning jawah, sakalangkung kacaryan manahipun, sarta tumuntên dumugi ing Nuswa Ramaniyaka, amargi ginendhong sang garudha. Pulo wau ing nguni sampun nate kadhawuhakên dening jawata ingkang nitihakên sagung dumados, bilih ing ngriku punika dados padununganipun mangkara. Para naga ugi sampun sami sumêrap, bilih ing ngriku punika tilas dhangkanipun Asura Lawana. Sadumugining Nuswa RamanikaRamaniyaka sadaya sami aningali endahing taman ingkang tansah kakêpyuran cipratipun toya sagantên, sarta tansah nyabawa kadi swantêning gôngsa kaswargan. Ing ngriku kathah têtuwuhanipun awarni-warni, sadaya sami [sa...]

--- 1 : 247 ---

[...mi] sêkar tuwin anguwoh nyadham sarta matêng. Punapadene kathah suyasanipun agêng-agêng ingkang endah saha neka-neka wêwangunanipun. Sêla-sêlaning suyasa rinêngga ing balumbang ingkang kêbak dening tunjung, toyanipun sakalangkung wêning, mila damêl sêsêmipunsêngsêmipun ingkang sami tumingal, ididing samirana sarwi bêkta gônda arum saking sakathahing sêsêkaran ing nuswa wau. Punapadene ing ngriku ugi kathah kêkajêngan ingkang amung sagêd tuwuh wontên ing parêdèn Malaya. Kêkajêngan wau agêng, angrêmbuyung ronipun, mila sakalangkung edhum yomipun, inggilipun yayah sumundhul ngawiyat. Sabên katêmpuh ing angin lajêng angrontogakên sêkaranipun, ambalasah ing siti, manawi tiningalan kados babut ginêlar. Dados rawuhipun Dèwi Kadru kalihan para putra wontên ing ngriku wau kadi pinapakakên pakurmatan jawah sêkar. Malah para gandarwa sami rêmên lêlangên wontên ing ngriku, swantêning brêmara ingkang angisêp sarining sêsêkaran, kapyarsa ambrêngêngêng nêngsêmakên manah. Sadaya ingkang katingalan ing Nuswa Ramaniyaka sami angêlam-lami. Enggaling cariyos, taman wau sakalangkung adi, anêngsêmakên sarta sukci. Paksi-paksi ingkang sami nusuh ing kêkajêngan agêng-agêng sami angocèh sêsauran tanpa kêndhat, têmah

--- 1 : 248 ---

adamêl bingahipun para naga, putranipun Dèwi Kadru.

Dèwi Kadru dalah para putranipun, sasampunipun dumugi anggènipun suka-suka, sang dèwi lajêng dhawuh dhatêng sang garudha ratuning pêksi ingkang sakalangkung sêkti, makatên pangandikanipun: Hèh garudha, ingsun lan para putraningsun gawanên marang pulo liyane kang ana banyune luwih bêning. Sarèhne sira iku tansah ngambara ana ing awang-awang, dadi mêsthine ora kasamaran marang sakèhing panggonan kang adi-adi. Dupi sang garudha tampi dhawuhipun Dèwi Kadru makatên wau, lajêng kamanah-manah botên watawis dangu lajêng matur dhatêng ingkang ibu Dèwi Winata, aturipun makatan: Dhuh ibu sasêmbahan kula, punapa darunanipun têka kula kêdah anglampahi saparentahipun Dèwi Kadru saputranipun sadaya punika. Wangsulanipun Dèwi Winata makatên: Hèh kulup putraningsun, kang kasinungan sarupaning kautaman, kagawa saka apêsing papêsthèn, ingsun kongsi kalakon dadi bature tukon wanodya kang tunggal priya lan ingsun, kawruhana kulup, ing nguni kang awit saka cidraning para naga, nganti dadi jalaraning kasor anggon ingsun totohan badan, mula banjur ana lêlakon mangkene iki. Sarêng sang garudha mirêng pangandikanipun ingkang ibu

--- 1 : 249 ---

makatên wau andadosakên karêrantaning panggalihipun. Botên watawis dangu lajêng cariyos dhatêng para naga makatên: Dhuh, ratuning sarpa, punapa ingkang kenging kangge sarana nêbus kula tuwin ibu kula, anggènipun dados rencang tumbasan punika, kaparênga jêngandika lajêng sajarwa dhatêng kula. Punapa kula kêdah amêdharakên aji dhatêng jêngandika, manawi makatên, aji punapa ingkang dados kaparênging panggalih. Utawi punapa kula kêdah mulangakên bab kasudiran.

Sang Soti anglajêngakên cariyosipun: Para sarpa dupi mirêng cariyosipun sang garudha makatên punika lajêng ngandika: Mungguh saranane yèn sira bisa andhustha amrêta, sira lan ibunira bakal bisa luwar saka anggone dadi batur tukon.

Dumugi samantên wêkasanipun bab kaping pitulikur, saking cariyos Astika, ing Adiparwa.

Bab XXVIII. (Sambêtipun Astika Parwa).

Sang Soti anglajêngakên cariyosipun: Sang garudha sasampuning tampi wangsulanipun para naga makatên wau, tumuntên matur dhatêng ibunipun makatên: Kawuningana

--- 1 : 250 ---

ibu, kula badhe andhustha amrêta, kangge mituruti panêdhanipun para naga, ananging ing wêktu punika padharan kula kraos sakalangkung luwe, mugi kangjêng ibu paringa pitêdah, punapa ingkang kêdah kula têdha. Wangsulanipun Dèwi Winata makatên: Ora adoh saka ing kene ana pulone kang mêncil, ing kono iku didunungi bôngsa Nisaddha. Bôngsa Nisaddha iku cacahe maèwu-èwu, yaiku kang dadi panganira. Ananging sawise tutug anggonira bukti, nuli ngupayaa amrêta. Kawruhana kulup, poma-dipoma, sira aja pisan-pisan matèni brahmana, amarga titah kang drajad brahmana iku ora kêna pinatenan. Sajatine kaanane brahmana iku kaya gêni, manawa duka mêtu katiyasane kaya gêni utawa kaya srêngenge, sarta kaya racun, apadene ampuhe kaya gêgaman. Wus kasêbut ana ing layang sukci, yèn brahmana iku guruning sagung tumitah. Amarga kaya mangkono kaanane, mula linuhurake dening para utama. O, kulup, sanadyan sira sajroning nêpsu, eling-elingên aja matèni brahmana, mangkono uga sanadyan sira kapêngkok ing pakewuh kang kaya apa bae, aja pisan-pisan wani mungsuh brahmana. Hèh kulup, sira kang kalis marang ing dosa, brahmana [brah...]

--- 1 : 251 ---

[...mana] iku sanadyan olèh babêndu saka anggone nêpsu, ewadene Bathara Surya lan Bathara Agni ora wênang ambrastha. Ing sarèhning samêngko sira wus krungu marang pitutur ingsun iki, mêsthine banjur sumurup, sapira mungguh kaluwihane para brahmana iku. Sajatine brahmana iku dadi têtungguling bôngsa papat, lan dadi wong atuwane, sarta gurune sagung dumadi.

Sang garudha matur malih: Dhuh ibu, mênggah brahmana punika wujudipun kados punapa, wêwatakan saha kalangkunganipun kadospundi. Punapa cahyanipun mancorong kados latu, utawi polatanipun punapa katingal dyatmika. Ibu, paduka kaparênga andhawuhakên panitikanipun ingkang ngantos salêsih, murih kula lajêng sagêd sumêrap bilih pinanggih brahmana.

Dhawuh wangsulanipun Dèwi Winata makatên: O, kulup, manawa brahmana kang sajati iku gampang bae titikane, yèn wus kalêbu ana ing sajroning gurungira, sira nuli krasa cumêkrak kaya kêna ing pancing, utawa krasa kêmramyas kaya kêna gêni mawa. Kulup, dipoma aja kongsi kalalèn, aja pisan-pisan matèni brahmana. Kacariyos, awit saking Dèwi Winata sakalangkung asihipun dhatêng ingkang putra sang garudha, mila [mi...]

--- 1 : 252 ---

[...la] sang dèwi taksih ngandika malih: Mungguh titikaning brahmana kang sukci pambêgane, iku ora bisa ajur anèng jroning wadhukira. Kawuningana, Dèwi Winata manawi kèngêtan dhatêng cidranipun para naga, sakalangkung karêrantan ing panggalih, mila sanadyan priksa manawi kasudiraning putranipun wau sampun tanpa timbang, ewadene mêksa mêmuji kayuwananipun ingkang putra, makatên pangandikanipun: Muga Bathara Maruta ngayomana suwiwinira, Bathara Surya lan Bathara Soma angayomana balung sungsumira, apamanèh Bathara Agni angayomana sirahira, sarta para wasu padha rumêksaa badanira. Kajaba iku kulup, ingsun iya bakal anglakoni sêsaji lan muja sêmadi, dimèn sira pinaringan nugraha. Wis kulup, nuli mangkata, muga sira nêmua basuki sarta kasêmbadana sasêdyanira.

Lajênging cariyosipun Sang Soti: Dupi sang garudha sampun dipun pangandikani makatên dening ibunipun, sigra ambèbèr suwiwi, lajêng napak jumantara. Amargi saking sêktinipun sang garudha, botên dangu dumugi ing pulo padununganipun bôngsa Nisaddha. Sang garudha ing nalika punika sangêt ing kaluwènipun, mila pamangsanipun dhatêng bôngsa Nisaddha kados Hyang Yama manawi numpês janma. Rikala sang garudha niyup dhatêng pulo [pu...]

--- 1 : 253 ---

[...lo] padununganipun bôngsa Nisaddha, kêbêting suwiwinipun ngantos angwontênakên balêdug ngampak-ampak, sadumuginipun ing ngriku tumuntên mencok wontên ing têpining samodra, saha enggal angunjuk toyaning sagantên. Saking rosaning panyêrotipun, ngantos ngorêgakên kêkajêngan ingkang tuwuh wontên ing parêdèn ngriku, wêkasan bôngsa Nisaddha sami kagegeran. Awit saking girising manahipun. Ingkang sami lumajêng sami katampèn ing tutukipun sang garudha, môngka sang garudha kawasa angangapakên tutukipun ngantos sakalangkung wiyar. Suwiwinipun sang garudha ingkang tansah kumêbêt anuwuhakên prahara agêng, têmahan damêl rêbahing kêkajêngan agêng-agêng. Pêksi-pêksi sami mawut-mawut katut ing prahara. Bôngsa Nisaddha sami bilulungan nêdya ngupados pangungsèn, awit sami kaplêpêgên dening ubaling balêdug ingkang mangampak-ampak wau, wasana sadaya sami kacêmplung ing tutukipun sang garudha. Dupi bôngsa Nisaddha sampun kathah ingkang kalêbêt ing tutuk, inggal dipun ingkêmakên. Sang garudha ingkang nêdya ngêntas ibunipun saking panandhang punika, satuhu pangrurahing satru, kasêktènipun tanpa upami, saha cukat tandangipun. Bôngsa Nisaddha ingkang pandamêlanipun misaya mina, ngantos tanpa petangan [petanga...]

--- 1 : 254 ---

[...n] ingkang nêmahi pêjah, kalêbêt wontên ing tutukipun sang garudha.

Dumugi samantên wêkasanipun bab kaping wolu likur saking cariyos Astika ing Adi Parwa.

Bab XXIX. (Sambêtipun Astika Parwa).

Sang Soti anglajêngakên cariyosipun: Kacariyos, ing nalika samantên wontên satunggaling brahmana kalihan semahipun, katut kalêbêt ing tutukipun sang garudha. Ing ngriku sang garudha kraos kados kaslomot ing mawa, mila lajêng anguwuh: Dhuh sang brahmana, mugi paduka kaparênga tumuntên mêdal saking ing gurung kula, samangke kula sampun mangap, karantên sanadyan upaminipun wontên brahmana ingkang nglampahi pandamêl dosa, kula botên pisan-pisan nêdya nêmaha nêdha brahmana. Sarêng sang brahmana midhangêt ucapipun garudha makatên wau, lajêng mangsuli: Mugi pawèstri semah kula punipunika ugi kawêdalna. Garudha mangsuli: Sumôngga sang brahmana, kula aturi tumuntên mêdal kalihan garwa paduka, manawi ngantos kadangon, kula botên kuwawi ngraosakên bêntèring gurung kula, mila mugi rumêksaa sarira paduka piyambak,

--- 1 : 255 ---

awit manawi kalajêng kula wutahakên, paduka têmtu nêmahi sangsara.

Sang Soti nglajêngakên cariyosipun: Sang brahmana enggal mêdal saking tutukipun garudha kalihan semahipun, sadumuginipun ing jawi sang brahmana angalêmbana dhatêng sang garudha, wasana sang garudha lajêng mêsat ing gêgana nêdya anglêksanani sêdyanipun, dene ibêripun kadi kêclaping cipta. Sarêng sang garudha wontên ing awang-awang kapapak kalihan ingkang rama Sang Rêsi Kasyapa, sang rêsi lajêng ngandika: Kulup, apa ibu lan kadangira, apadene sira dhewe padha raharja, karo manèh ing sabên dinane sira apa bisa antuk pangan kang nyukupi, mangkono uga ing marcapada apa iya ana pangan kang nyukupi kanggo ing sira.

Atur wangsulanipun sang garudha makatên: Awit saking pangèstu paduka, kangjêng ibu, punapadene kula kalayan sadhèrèk kula sami manggih arja, ananging kawuningana rama, kula botên têntu sagêd angsal têdha ingkang nyêkapi, ingkang makatên punika saèstunipun lajêng nuwuhakên raos kirang marêm. Mênggah lampah kula punika wigatos dipun kèngkèn para naga ngupados amrêta, ingkang sampun linuhurakên saha sagêd damêl [da...]

--- 1 : 256 ---

[...mêl] kamulyan wontên ing tri bawana, mila saking pangangkah kula amrêta wau sagêda pinanggih ing dintên punika ugi, amrih tiyang sêpuh kula sagêd tumuntên luwar saking anggènipun dados rencang tumbasan. Ing nalika kula nyuwun pitêdah dhatêng kangjêng ibu, punapa ingkang kêdah kula têdha, dhawuhipun makatên: Sira môngsaa bôngsa Nisaddha. Kalampahan kula lajêng môngsa bôngsa Nisaddha ngantos maèwu-èwu kathahipun, ewadene kula dèrèng rumaos tuwuk. Dhuh, titah luhur, mugi paduka kaparênga paring pitêdah dhatêng kula, punapa ingkang mêsthi dados têdha kula supados badan kula, sagêd rosa kangge ambêkta amrêta. Punapa paduka karsa paring pitêdah, têdha tuwin pangombèn punapa ingkang nyêkapi kangge usadaning kaluwèn miwah kasatan kula punika.

Rêsi Kasyapa ngandika makatên: Wruhanira kulup, talaga kang katon saka ing kene iku, talaga sukci. Talaga mau suwure wus kapiyarsa ing saindênging bawana, uga wus kapiyarsa ana ing kaswargan. Ing kono ana gajahe kang sadina-dinane mung tansah tumungkul, larak-linarakan lawan kura, iya kadange tuwa. Samêngko ingsun nêdya anyaritakake mula [mu...]

--- 1 : 257 ---

[...la] bukane, dene sadulur loro mau banjur padha mêmungsuhan mangkono iku. Lan ingsun uga nêdya tutur marang sira, mungguh lêlakone gajah lan kura nalika ing uripe kang wus kapungkur. Mara rungokna kang cêtha, kaananing lêlakone sadulur loro mau, têka banjur ana ing talaga iku.

Duk ing nguni ana sawijining rêsi, asêsilih Wibawasu. Rêsi mau watake brangasan, sarta duwe adhi lanang siji aran Rêsi Supritika. Wong tuwane rêsi loro iku nalika tinggal donya, aninggal rajabrana akèh. Ing nalika samana Rêsi Supritika sabên dina tansah duwe panjaluk marang kadange tuwa, supaya warisane tumuli dibage. Barêng wus watara suwe, nuju ing sawiji dina Rêsi Wibawasu ngucap marang kadange ênom mangkene: Sumurupa, wong kèrêm marang bôndha kang tansah angucik bageyaning warisan, iku mung kasurung dening kabodhoane, awit sanadyan warisan iku wus dibage, ora wurung iya isih bakal nganakake udur, jalaran saka sinasarake ing bandhane. Kang mangkono iku sajatine kaanan kang tuwuh saka mungsuh, kang linairake dadi sadulur. Dene dadine garêjêgan iku kagawa saka bodho lan murkane, têmahan dadi rênggang pasadulurane, lan banjur tansah padha

--- 1 : 258 ---

mêmungsuhan nganti tumêkane sirna, dene udur mau bisane nuli ilang manawa wus êntèk bandhane. Para wicaksana ora nayogyani manawa sadulur iku padha ora rukun, amarga warisan iku undha usuking bageyane ora katulis ana ing sastra, mula prayoga wong saduluran iku, siji lan sijine kudu padha ngajèni. Ananging kowe Supritika, wong kang bangêt katuntun dening gêdhening kamelikanmu, nganti ora tau anggatèkake marang pituturku, banjur tansah takon wêwaton pambagening warisan, awit saka mangkono iku kowe mêsthi nêmahi dadi gajah.

Barêng Rêsi Supritika kaêsotake kadange tuwa mangkono mau, uga banjur angêsotake gênti, ucape mangkene: Kowe mêsthi dadi bulus, lan tansah langèn ana ing banyu.

Dadi mung marga saka rajabrana, si cubluk sakarone mau padha gêntèn angêsotake, wasana banjur kalakon padha salin warna, kang tuwa dadi kura, kang ênom dadi gajah. Anggone padha katrucut angucapake êsot iku, saka kabrongot padha nêpsune, wasana kabanjur-banjur gone padha mêmungsuhan. Karo pisan mau padha ambêg kumalungkung, kang

--- 1 : 259 ---

tuwa ngêndêlake kasantosaning awake, kang ênom ngêndêlake antêping bobote. Iya ana ing talaga iku, sakarone mau anggone padha tandhing tiyasa, wiwit kuna-makuna kongsi tumêka ing samêngko. Malah ing dina iki si gajah kang angêndêlake gêdhe dhuwure, lagi mênyang talaga ajanging paprangan, marani si kura mungsuhe. Nalikane si kura kang luwih gêdhe lan santosa iku krungu pangêmprèting gajah mungsuhe, enggal manthungul saka ing banyu, têmahan angocakake banyuning talaga. Barêng gajah wêruh si kura wus manthungul, ora sarônta banjur agêbyur ing talaga. Saka sêrune anggone ngobat-abitake têlale, gadhing lan buntute, sarta montang-mantinging sikile, apadene saka bangêting krodhane, kongsi angocakake banyuning talaga gêdhe kang akèh iwake iku, wêkasan iwake mau banjur mawut-mawut kaya disawurake. Si kura manthungulake êndhase, pratôndha kaduga nadhahi kanêpsone si gajah. Gajah mau dhuwure nêm yojana, kubênging badane tikêl kaping pindho saka dhuwure. Si kura dhuwure ana têlung yojana, dene kubênging thothoke ana sapuluh yojana. Kulup garudha, karo pisan iku mangsanên, sawise nuli bacutna [ba...]

--- 1 : 260 ---

[...cutna] sêdyanira, manawa anggonira môngsa gajah kang wujude kaya gunung gêdhe, sarta rupane irêng kaya mêndhung iku wis êntèk, sira enggal angrêbuta amrêta.

Sang Soti anglajêngakên cariyosipun: Sasampunipun Sang Rêsi Kasyapa dhawuh makatên dhatêng ingkang putra, lajêng paring nugraha, makatên pangandikanipun: Muga rahayua anggonira tandhing tiyasa lan para dewa. Kabèh manusa muga padha angisèni kalênthinge wadhah banyu kongsi pèrès, kang kanggo lantaran angêsokake nugrahane marang sira. Mangkono uga para brahmana, para sapi sukci, sarta kabèh sêdya rahayu, padha nugrahanana marang sira. Lah kulup, sira kang luwih sinakti, muga Rihweddha, Yajuswedha, Samaweddha, lan Wedha liya-liyane, apadene martega sukci utawa sarupaning aji, padha anyêmbuha marang kasêktènira.

Satêlasing pangandikanipun ingkang rama, sang garudha lajêng sumêbut ngayuh ing gêgana, botên dangu dumugi wontên ing têpining talaga, ingkang kangge ajanging papranganipun gajah têtandhingan kalihan pun kura wau. Sang garudha kacaryan sangêt ningali wêninging toya talaga ingkang katingal angilak-ilak, dene

--- 1 : 261 ---

ing têpining talaga punika sinaba ing pêksi môncawarni. Kawuningana, sang garudha juru nganglang awang-awang ingkang rikating ibêripun kadi kêclaping cipta, ing nalika wau lajêng èngêt dhatêng dhawuhipun ingkang rama, mila enggal anyaut dirada ingkang pôncakara kalihan kura. Kalih pisan lajêng sami cinangkêrêm kabêkta gêgana, botên watawis dangu lajêng aniyup dhatêng ing panggenan sukci nami: Alamba. Ing ngriku kathah kêkajênganipun ingkang asli saking kaswargan. Sarêng sang garudha angêbêtakên suwiwinipun, lajêng angwontênakên prahara agêng ingkang damêl orêging kêkajêngan wau, manawi sinawang ing sêmu kados sami giris, sarta kados sami nyumêlangakên dhatêng êpangipun, bokmanawi sêmpal. Ing nalika sang rumêksa ing awiyat priksa gêtêring kêkajêngan, ingkang katingalipun kadi sakalangkung giris, ing môngka sang garudha punika sayêktosipun ing galih rêmên damêl bingah dhatêng ingkang sarwa kumêlip, mila sande anggènipun nêdya mencok ing ngriku wau, pangangkahipun badhe mencok wontên ing kajêng sanèsipun, ingkang katingal sakalangkung nêngsêmakên. Kajêng agêng ingkang pinarpêkan ing sang garudha wau, pangipun ugi salaka tuwin kancana, sêkar tuwin wohipun mutyara tuwin intên jumêrut, sarta tansah kinêpyuran [kinêpyura...]

--- 1 : 262 ---

[...n] ing toyaning samodra. Sacêlakipun kajêng wau wontên kajêng baniyan agêng ingkang nêdhêng tumaruna anguwuh-uwuh dhatêng sang garudha, ing nalika sawêg anglayang wontên ing sanginggilipun, makatên panguwuhipun: Dhuh, garudha raja, mugi paduka kaparênga mencok wontên ing êpang kula ingkang sakalangkung agêng punika, sarta panjangipun wontên satus yojana, wontên ing ngriku paduka lajêng ambuktia gajah tuwin kura ingkang paduka cangkêrêm punika. Rikala sang garudha ratuning pêksi, ingkang lêpasing ibêripun tanpa upami, mirêng panguwuhipun kajêng baniyan, enggal niyup mangandhap, nêdya mencok ing êpangipun kajêng baniyan punika wau ing salami-laminipun tansah sinaba ing pêksi maèwu-èwu. Ananging kawuningana, panging kajêng baniyan ingkang ngrêmbuyung ronipun punika nalika ingencokan dening sang garudha, kapiyarsa nyuwantên jumêthot, lajêng sêmpal.

Dumugi sêmantên wêkasaning bab kaping sanga likur saking cariyos Astika, ing Adi Parwa.

Bab XXX. (Sambêtipun Astika Parwa).

Sang Soti nglajêngakên cariyosipun:

--- 1 : 263 ---

Dupi êpanging kajêng baniyan dipun encoki sang garudha, ingkang angebat-ebati karosanipun wau, lajêng sêmpal sanalika, ananging dèrèng ngantos dhawah ing siti, kenging kasaut dening sang garudha. Sang garudha sakalangkung ing pangungunipun, dene êpang samantên agêngipun sagêd sêmpal, pramila tansah dipun iling-ilingi, ing ngriku sang garudha priksa, bilih êpang wau wontên rêsinipun ingkang sami anggandhul, wigatos sami tapa ngalong (gandhul sirahipun wontên ing ngandhap) para rêsi wau sinêbut para Walikilya, sarêng sampun kawaspadakakên, saha nyata bilih êpang wau wontên rêsinipun ingkang sami tapa ngalong, sang garudha lajêng angunandika: Kang padha anggandhul ing êpang iki mêsthine para rêsi, sabisa-bisa aku kudu rumêksa marang kasugêngane. Mila sang garudha kêncêng pangrêgêmipun êpang wau, awit andugi manawi êpang punika ngantos dhawah ing siti, para rêsi ingkang sami anggandhul, mêsthi anêmahi tiwas. Awit saking sang garudha kapengin sangêt amitulungi para Walikilya wau, êpang lajêng karêgêm wontên ing tutukipun sarwi kabêkta ngayuh ing gêgana. Sarêng para rêsi wau sampun anêksèni piyambak, manawi pangatos-atosing patrapipun sang garudha punika ngungkuli para dewa, [de...]

--- 1 : 264 ---

[...wa,] ing batos dahat kagawokan, saking gênging panarimahipun, ngantos sami kawiyos pangandikanipun makatên: Awit sang rumêksa ing awang-awang iki kawawa anggawa gêgawan kang abot bangêt ing sajroning mabur, sabanjure muga ratuning manuk iki sinêbuta: garudha§ Garudha têgêsipun: tukang babêkta babêktan ingkang sakalangkung awrat. sarta sarupaning naga dadia pangane.

Sanadyan panglayangipun sang garudha wontên ing awang-awang wêkdal punika kanthi gênging pangatos-atos, ewadene kêbêting suwiwinipun, mêksa angorêgakên rêdi-rêdi. Saya inggil ibêripun sang garudha sarwi nyangkêrêm dirada tuwin kura. Sarta anucuk panging kajêng baniyan, milang-miling ngupados papan ingkang sakintên pakangsal dipun encoki, prêlu kangge mitulungi para Walikilya wau, wasana lajêng anglajang dhatêng parêdèn agêng nama: Gôndamadana. Ing ngriku sang garudha priksa ingkang rama: Sang Rêsi Kasyapa sawêg anggêntur tapa. Sang rêsi ugi botên kasamaran dhatêng putranipun ingkang asarira dewa, warninipun endah, kasêktèn saha prakosanipun linangkung, kasinungan pangwasa sagêd mabur sakalangkung rikat ngantos kadi kêclaping cipta, agêngipun saardi anakan, sasranduning [sasra...]

--- 1 : 265 ---

[...nduning] badanipun ampuh pindha êsoting para brahmana, sarta sampun botên kenging cinôndra tuwin kinintên-kintên, ngantos adamêl mirisipun ingkang sarwa tumitah, prabanipun mancorong kados Hyang Agni. Botên sagêd kinasorakên dening para dewa, danawa, sarta raksasa sinakti. Kawawa ambêlahakên rêdi, sagêd angêsat toyaning samodra, tuwin kawasa anglêbur tri bawana, manawi tiningalan adamêl miris, prasasat Bathara Yama angejawantah. Ingkang kaloka Sang Rêsi Kasyapa dupi priksa putranipun dhatêng, saha priksa wigatosing sêdyanipun, lajêng ngandika makatên:

Pangandikanipun Sang Kasyapa: Kulup, sira aja wani-wani tumindak kang ora prayoga, karana manawa kongsi kalèru tindakira, mêsthi nêmahi bilai. Para Walikilya iku sugênge mung saka soroting srêngenge, mula yèn kongsi kalakon mêngku bêbêndu, mêsthi bisa anyirnakake sira.

Sang Soti anglajêngakên cariyosipun: Kabêkta saking sihipun bapa dhatêng anakipun, Sang Rêsi Kasyapa enggal mangarih-arih ngarah lumunturing sihipun para Walikilya ingkang sakalangkung mulya, sarta kalis saking saliring dosa dening kasutapanipun. Pangrapunipun sang rêsi dhatêng para walikilya [waliki...]

--- 1 : 266 ---

[...lya] makatên: Dhuh ikangingkang abôndha kasutapan, kalampahanipun garudha tumindak makatên wau, saking anggènipun nêdya damêl kamulyanipun sagung tumitah, dados têtela pun garudha anindaki lampah utami, punapa jêngandika botên panuju ing galih dhatêng pêngangkahipun garudha ingkang makatên punika.

Sang Soti anglajêngakên cariyosipun: Para tapa (para Walikilya), dupi midhangêt pangandikanipun sang linangkung Rêsi Kasyapa makatên wau, enggal sami nilar êpanging baniyan ingkang dipun gandhuli, lajêng dhatêng ardi Himawat, ingkang agêng sarta sakalangkung sukci, wigatos nêdya anglajêngakên anggènipun ambangun tapa. Sapêngkêripun para Walikilya, sang garudha putranipun Dèwi Winata, lajêng matur dhatêng ingkang rama, nanging ucapipun botên cêtha, kabêkta saking tutukipun taksih anggêgêm panging kajêng baniyan ingkang mêntas dipun gandhuli para Walikilya wau, aturipun makatên: Dhuh sudarma kula ingkang tuhu linangkung, mugi paduka kêparênga paring pitêdah, ing pundi panggenan ingkang botên wontên tiyangipun, murih anggèn kula anyèlèhakên êpang punika botên adamêl kasangsaran. Dhawuh wangsulanipun, bilih wontên satunggaling rêdi ingkang botên kadunungan ing manungsa, ing ngriku kathah guwa tuwin jêjuranganipun [jêju...]

--- 1 : 267 ---

[...ranganipun] ingkang lêbêt-lêbêt, pucakipun tansah kalimputan ing salju, saking gawatipun, ngantos botên wontên tiyang ingkang kawasa nginggahi rêdi wau, sarta agêng saha inggilipun awis wontên ingkang nimbangi. Sasampunipun sang garudha tampi dhawuhipun ingkang rama makatên, enggal anglayang dhatêng rêdi wau sarwi ambêkta êpang, dirada, tuwin kura. Êpang ingkang kabêkta dening sang garudha angebat-ebati agêngipun, kubêngipun botên cêkap kaukur ing jangêt ingkang kadamêl saking cucal lêmbu satus. Saking lêpasing ibêripun sang garudha, dewaning pêksi, sakêdhèping netra kemawon sampun sagêd dumugi ing panggenan ingkang sakêthi yojana têbihipun. Mila dèrèng sapintêna dangunipun, sampun dumugi ing rêdi ingkang kacariyos ing nginggil. Êpanging baniyan enggal kadhawahakên ing lambunging rêdi, suwantênipun gumalêgêr anggêgirisi, dhumawahing êpang adamêl orêging rêdi, binarung ing prahara ingkang tuwuh saking kêbêting suwiwinipun sang garudha, têmahan anggogrogakên sêkaring kêkajêngan saindênging parêdèn. Padhas ingkang isi sêsotya nawarêtna ing imbanging ardi wau, sami bêngkah sarta dhawah ing jêjurangan. Dhumawahing êpang wau anêmpuh ing kêkajêngan agêng-agêng sarta angêpang kancana, tuwin nguwoh [ngu...]

--- 1 : 268 ---

[...woh] sêsotya, têmah sami ambruk, manawi tiningalan kadi mêndhung cêmêng ingkang binarung ing kilat thathit aliwêran. Sadaya sami bosah-basih dhumawah ing siti, sarêng kataman ing soroting srêngenge, lajêng katingal pating pancurat ambalêrêngi.

Dene sang garudha lajêng mencok ing pucaking ardi sukci wau, kalihan môngsa dirada tuwin kura ingkang dipun cangkêrêm wau. Sarêng sampun dumugi anggènipun môngsa, sang garudha ingkang lêpasing ibêripun kadi lampahing cipta, lajêng ngêbêtakên suwiwinipun, dêdêl gayuh ing gêgana.

Kacariyos ing nalika punika para dewa sami awayang-wuyungan, karana ing karang kadewatan wontên gara-gara agêng, anyasmitani kirang prayogi, kados ta: balêdhèg palunipun Hyang Endra murup makantar-kantar, sanadyan ing wanci siyang, wahyu, andaru tuwin têluh braja sami pating calorot ing awang-awang. Dêdamêlipun para wasu, rudra, aditya, sadya, maruta, saha jawata golongan sanès-sanèsipun, sami sirna pangwasanipun, sarta sami têtarungan. Salami-laminipun ing karang kadewatan dèrèng nate wontên lêlampahan ingkang kados makatên wau, sanadyan ing nalika prangipun para dewa mêngsah para asura, mêksa botên samantên agênging

--- 1 : 269 ---

gara-garanipun. Salêbêtipun makatên wau, lajêng katungka dhatênging prahara agêng, kilat thathit sami pating calorot, ing gêgana kaèbêgan ingkang sarwa adamêl gêtêring manah. Ratuning dewa ngandhapakên jawah êrah. Sangsangan sêkar ingkang kumalung ing jangganipun para dewa sami alum, para dewa suda kasudiranipun, drêsing prahara anêmpuh bantala, ambuncang lêbu mangampak-ampak, têmah anyurêmakên jamanging para dewa. Ing ngriku Bathara Endra, ingkang wênang anampèni kurban sèwu, kadhèrèkakên para dewa, wadyabalanipun gêgancangan marêk ing ngarsanipun Hyang Wrihaspati, sarwi umatur makatên: Dhuh sasêmbahan kula, mugi amajarna kapêtênganing manahipun para jawata, punapa wigatosipun gara-gara ingkang makatên agêngipun punika. Punapa badhe wontên mêngsah ingkang anêmpuh ing karang kadewatan. Dhawuh wangsulanipun Hyang Wrihaspati makatên: Lah ratuning para dewa, kang kawênangake nampani sêsaji sèwu, wruhanira, garudha sutane Rêsi Kasyapa kang patutan saka Dèwi Winata, iya kang ngambara ing awang-awang, darbe pangangkah nêdya ngrêbut amrêta, ora watara suwe mêsthi têka. Garudha iku kasêktène linuwih, sarta darbe pangwasa bisa mancala rupa manut kaya kang kinarêpake,

--- 1 : 270 ---

karana antuk barkahe para maharsi kang linuwih kasutapane, iyaiku para Walikilya. Kalakone garudha mau nganti darbe sêdya kang mangkono iku, ora liwat iya saka kalèru sarta weyaning tindake para dewa. Ratuning manuk kang kasinungan kasêktèn linuwih iku, mêsthi bisa angrêbut amrêta kang dadi rarêksanira, awit ingatase garudha sutane Kasyapa, ora ana barang kang angèl ginayuh. Lire, êndi kang titah liyane ora bisa nglakoni, garudha bisa angrampungi.

Sang Soti anglajêngakên cariyosipun: Rikala Hyang Endra tampi dhawuhipun Hyang Wrihaspati makatên wau, enggal dhawuh dhatêng para dewa ingkang sami rumêksa amrêta, makatên pangandikanipun: Ana sawijining manuk kang linuwih mungguh kasêktèn lan kasantosane, manuk mau darbe sêdya arêp angrêbut amrêta, mulane ingsun paring dhawuh marang sira iku, saka kaparênge karsaningsun, sira banjur siyogaa sadurunge têka, amrêta karêksaa kang santosa, dimèn aja kongsi kêna rinêbut, awit dhawuh timbalane Hyang Wrihaspati kang wus ingsun tampani, yèn manuk kang arêp ngrêbut amrêta iku, kasêktène wus ora kêna cinôndra. Para jawata dupi midhangêt pangandikanipun Hyang Endra makatên wau, sapandurat [sapandura...]

--- 1 : 271 ---

[...t] botên wontên ingkang sagêd matur punapa-punapa, sadaya sami anjêngêr, sarêng sampun èngêt, enggal sami sawega dêdamêling prang, apacak baris ngêpang panggenan parimataning amrêta. Hyang Endra pribadi ingkang minôngka senapatining barisanipun para dewa. Hyang Endra kasudiranipun linangkung, inggih punika dewa ingkang asanjata balêdhèg. Para dewa sami ngagêm kêre kancana pinatik ing mutyara miwah sêsotya môncawarna. Pangagêmanipun saking wacucal ingkang sakalangkung wulêt, sarta gilap, dêdamêlipun sakalangkung ampuh, sagêd angêdalakên latu tuwin kukus. Wontên ingkang angasta cakra saha gada waja ingkang kawangun pating caringih. Trisula, campuling, wadung, talêmpak, jêmparing, sabêt, alugora, sakalangkung angajrih-ajrihi. Dupi para dewa sampun sami arakit gêlar wontên ing sakiwa têngêning dunungipun: amrêta, kalihan asikêp dêdamêl warni-warni, ing ngriku sawêk sami rumaos têtêg panggalihipun, malah sami kawiyos kasagahanipun, bilih kadugi rumêksa amrêta. Para dewa sami angêndêlakên kaprawiran saha kayuwananipun, punapadene amargi saking sampun nate sagêd anggêmpur prajanipun para asura, pramila tuwuh kumlungkungipun, sami angurubakên prabaning sariranipun, [sari...]

--- 1 : 272 ---

[...ranipun,] sumorot kadi dahana. Sarêng sampun samêkta barisipun para jawata, manawi tiningalan saking katêbihan, kadi akasa kataman ing prabaning surya ingkang ngajêngakên sêrap.

Dumugi samantên wêkasanipun bab kaping tigang dasa, saking cariyos Astika, ing Adi Parwa.