Mahabharata, Dwipayana Wiyasa, 1927, #1120 (Bab 02)

Bab II.

Pangandikanipun para rêsi wau: Dhuh putraning Sang Soti, kula saèstu sami kêpengin mirêngakên kawontênanipun aluraning cariyos Mahabarata, punapadene katranganipun têgal ingkang jêngandika wastani: Samanta Pancaka.

Wangsulanipun Sang Soti: Lah para tapa, suwawi kamirêngna cariyos sukci ingkang badhe kula aturakên samangke punika. Dhuh papêthinganing manungsa, ijêngandika andêlingna dêdongenganipun panggenan ingkang sampun kaprah dipun wastani Samanta Pancaka. Ing wasananing jaman Tretayoga, lajêng ngancikipun Dyaparayoga, Sang Rama, putranipun Sang Jamadagni, ingkang misuwur ing antawisipun sakathahing satriya ingkang sami ngangge têtêngêring kasatriyanipun, asring adamêl sirnaning para satriya agêng-agêng, ingkang sami daksiya pambêganipun. Rikala sang apindha andaru murub wau, sampun kalêksanan sagêd anumpês bôngsa satriya, panjênênganipun [panjênêngani...]

--- 1 : 57 ---

[...pun] lajêng iyasa talaga êrah kathahipun gangsal, ujaring pawartos makatên: awit saking dêrênging kanêpsonipun Sang Ramaparasu, lajêng adamêl sêsaji êrah katur para yitmaning lêluhuripun, ingkang sami jumênêng wontên ing têngahing talaga ingkang toyanipun ambaranang kados êrah. Dene lêluhuripun ingkang angrawuhi rumiyin piyambak asma Ricika, sarta lajêng andhawuhakên pangandika: Hèh Rama, kang wus sinung nugraha, lah têdhaking Brigu, para lêluhurira padha paring panarimakasih marang sira, dene sira wus anelakake pangaji-ajinira marang para lêluhurira, kanthi kasudiran, hèh priya kang kinawasa, sakèhing nugraha katampana ing sira. Hèh priya kang kaloka, sira mratelakna apa kang sira karêpake.

Aturipun Rama: Dhuh, rama tiyang sêpuh kula, manawi paduka kêparêng badhe minangkani, sajatosipun kula darbe panyuwun, mugi linêbura dosa kula ingkang têwah saking anggèn kula numpês para satriya, awit sinurung dening pangunêk-unêking manah, saha talaga iyasan kula wau, mugi dadosa panggenan sukci. Dhawuh wangsulanipun para Pitri: Panjalukira mau pinarêngake, wis aja sumêlang manèh. Sang Rama dahat [daha...]

--- 1 : 58 ---

[...t] suka sokur ing dewa. Wiwit nalika samantên, papan sakiwa têngênipun talaga êrah wau lajêng misuwur dados panggenan sukci, nama Samanta Pancaka, kang wicaksana Krêsna Dwipayana andhawuhakên, manawi papan punika sami sinung nami piyambak-piyambak, sarta nami ingkang kangge amêstani wau sampun anêdahakên lêlampahan ingkang dados jalaran misuwuripun panggenan wau. Wontên ing antawisipun jaman Dwaparayoga, kalihan Kaliyoga. Papan ingkang sampun kacariyos ing nginggil, kangge ajanging papranganipun para Kurawa mêngsah Pandhawa. Inggih wontên ing ngriku wau ngêmpalipun prajurit wolulas aksohini, sami mangangah-angah anggènipun pêpêrangan, ewadene botên wontên ingkang kawistara dêgsura tindakipun. Dhuh sang tapa, sasampunipun para prajurit wau prang wontên ing ngriku, lajêng tumpês tapis. Dhuh, para rêsi, inggih punika kawontênaning lêlampahan ingkang sampun kadadosan wontên ing papan ingkang kula aturakên ing paduka, papan wau sakalangkung sukci tuwin anêngsêmakên sangêt.

Wiyosipun, kula sampun ngaturakên sadaya lêlampahan ingkang sambêt kalihan panggenan misuwur ing tri bawana.

Para rêsi lajêng ngandika malih: Dhuh atmajanipun Sota, kula

--- 1 : 59 ---

sadaya sami kapengin priksa cacahipun golongan prajurit ingkang winastan saaksohini, ingkang sampun kapangandikakakên wau, jêngandika punapa kêparêng mratelakakên kathahipun barisan kapal, dharat, rata, tuwin dirada, ing dalêm saaksohini, mugi kadhawuhna ngantos salêsih.

Wangsulanipun Sang Soti: Petangipun makatên: sapati punika cacahing rata satunggal, dirada satunggal, wadya dharat gangsal, dene kapalipun wontên tiga. Tigang pati dipun wastani: sasenamuka, tigang senamuka, nama gulma. Tigang gulma sagana. Tigang gana sawahini. Tigang wahini, sapritana. Tigang pritana satunggal camu, tigang camu saanikini. Dene saanikini bilih katikêlakên sadasa, punika para lêbda dhatêng namaning cacah amastani saaksohini. Dhuh, dhuh, pêpêthinganing para brahmana, kawuningana, saking cariyosipun ingkang sami metang, saaksohini wau wontên rata 21870. Diradanipun ugi sêmantên, prajurit dharatan 109,350. Cacahing kapal wontên 65610. Dhuh, para tapa, samantên wau sadaya cacahipun ingkang winastan saaksohini. Punika miturut katranganipun para ingkang mangrêtos dhatêng nama-namaning cacah.

--- 1 : 60 ---

Dhuh, para pinilih, inggih makatên wau pametangipun sakathahing wadya Kurawa miwah Pandhawa. Kêmpalipun kalih golongan punika wontên 18 aksohini. Kawuningana, wontên môngsakala ingkang damêl têwahipun lêlampahan sakalangkung elok, inggih punika ngêmpalipun barisan sêmantên kathahipun wau wontên ing Samanta Pancaka. Dene ingkang dados dhadhakaning pasulayan saking cidranipun Kurawa, wasana dados jalaraning tumpêsipun prajurit samantên wau. Kacariyos Sang Bisma, ingkang lêbda anandukakên dêdamêl linangkung, anggènipun abôndayuda ngantos sadasa dintên. Sang Druna, angayomi wahini Kurawa gangsal dintên. Juru pangrisaking mêngsah Sang Karna kalih dintên. Salya satêngah dintên. Dene ingkang satêngah dintên prang gada. Duryudana tandhing kalihan Bima. Têlasipun paprangan wau wanci dalu. Aswatama, Krêtawarma, tuwin Krêpa, ingkang sampun sami botên ajrih upami kadênangana, lajêng anumpês barisipun Yudhisthira, nalika pinuju sami tilêm kêpatos.

Dhuh, Sang Sonaka, Sêrat Barata ingkang sakalangkung adi wau samangke sampun wiwit kawêdhar malih wontên pamiwahaning sêsaji ingkang sami kaestrenan dening para tapa. Ing nguni kawêdhar saking

--- 1 : 61 ---

tutukipun siswanipun Sang Wiyasa ingkang sampun nawung kridha, wontên ing panggenan sêsajinipun Sang Prabu Janamejaya, Sêrat Barata kabagi dados pintên-pintên parwa. Sakawit inggih punika, Pusya Parwa, Poloma Parwa, saha Astika Parwa. Ing parwa wau nyariyosakên kasudiran miwah kautamènipun para narendra, ngantos salêsih. Barata punika sêrat piwulang ingkang pandhapuking ukara saha tatêmbunganipun bineda-beda, ugi anêngsêmakên sangêt, punapadene isi pitêdah lampahing tatacara, tuwin patitising pamiwahan, Sêrat Barata sampun dipun anggêp lêrês dening para wicaksana ingkang sampun weragya, inggih punika darajading pambêgan ingkang tansah ginêbêng dening para anggayuh dhatêng kasidan jati.

Pêpindhanipun kados kang pribadi wontên ing antawisipun sadaya dumados ingkang gumêlar, utawi kados widhi wontên ing têlênging sagung kawontênan ingkang adi, makatên cariyos Barata anggènipun anggêlar piwulang wiwitan, tumrap pangudining kawruh kawicaksanan, pamanggènipun wontên ing antawisipun sakathahing sastra. Ing donya dèrèng wontên sêrat ingkang agênging pigunanipun, sarta kathahing tiyang ingkang sami pitados, angungkuli cariyos Barata. Malah kenging winastan [wina...]

--- 1 : 62 ---

[...stan] gênging pigunanipun tumraping agêsang, langkung saking pigunaning tatêdhan tumrap badan wadhag. Kados kawontênaning bandara ingkang loma, tamtu tansah sinungkêman dening abdinipun ingkang ngajêng-ajêng ganjaran, makatên kawontênanipun cariyos Barata, anggènipun tansah ginilut dening para pujôngga. Kados pigunaning tatêmbungan tumraping donya, ingkang têtela kenging kangge sarana amêdharakên kawruh warni-warni, utawi kados kawontênaning Wedha, sanadyan wujudipun Wedha amung isi aksara dalasan sandhanganipun. Inggih makatên kawontênanipun cariyos linangkung wau, anggènipun amêdharakên saliring kawruh, amung sarana nyariyosakên aluraning lêlampahanipun para têdhak Barata.

Dhuh, para tapa, suwawi kapiyarsakna ingkang badhe kula aturakên punika. Kêmpalipun cacriyosan ingkang kawursita ing sakathahing parwa, punika lajêng dipun wastani Barata. Ugi lajêng rinêngga ing kawruh kawicaksanan kang luhur. Satunggal-tunggaling Parwa dalasan pêperanganipun punika sakalangkung elok, saha kawontênanipun beda-beda. Mawi anawung raos lêbêt, punapadene pangriptaning cariyosipun ugi sakalangkung prayogi. Binusanan sarining sadaya Wedha.

--- 1 : 63 ---

Parwa ingkang wiwitan dipun wastani: Anukramanika, parwa ôngka kalih nama Sang Graha. Urut-urutanipun makatên, Posya Parwa, Poloma Parwa, Astika Parwa, Adiwangsa Watarana Parwa. Sambawa Parwa, ing ngriku nyariyosakên lêlampahan elok-elok, saha anggêtêrakên manah. Yatu Griha Dhaha (ambêsmi griya ingkang kausar gôndarukêm, lajêng Idhimba Bada (pêjahipun Idhimba). Sambêtipun Baka Bada (pêjahipun Baka) nuntên Citrarata. Syayambara (sayêmbara ing Pancala) nalika punika Arjuna kalampahan sagêd amboyong Dèwi Drupadi, awit saking kasudiranipun, lajêng Dewaika (dhaupipun). Widura Gamana (rawuhipun Widura). Rajyalawa (angsalipun nagari), Arjuna Banawasa (Arjuna angalas) tuwin Subadra Arana (pamandungipun dhatêng Wara Subadra) Arana Arika, Kandhawa Dhaha (kobaripun wana Kandhawa), saha Maya Dharsana (kapanggihipun kalihan Maya, undhagi bôngsa asura) kasambêtan Saba, Mantra, Jarasanda, Dikbijaya (pakêmpalan agêng). Raja Syahika, Arga Wiharana (rêbatan argya). Sisupala Bada (sirnanipun Sisupala).

--- 1 : 64 ---

Dyuta (dhadhu). Anudyuta. Aranyaka tuwin Kirmira Bada (pêjahipun Kirmira). Arjuna Wigamana (Arjuna lêlana) tuwin Kerati. Pungkasaning parwa wau nyariyosakên anggènipun Arjuna tandhing prang kalihan Hyang Mahadewa, ingkang amancala warna tuwa buru. Kasambêtan parwa ingkang nama Indraloka Wigamana (minggah dhatêng Endrabawana). Nalopakyana (dongèng lêlampahanipun Prabu Nala). Inggih cariyos punika tuking sadaya agami tuwin pandamêl sae, sarta lêlampahan ingkang angêrêsakên manah. Sambêtipun Nalopakyana, Tirtayatra (anggènipun lêlana satunggaling rajaputra wicaksana têdhak Kuru dhatêng panggenan sukci) pêjahipun Jathasura, tuwin prangipun para yaksa. Paprangan kalihan bôngsa Niwatakawaca. Ajagara saha Markandeya Samasya (pêpanggihanipun kalihan Markandeya). Pêpanggihanipun Drupadi tuwin Satyawama. Gosayatra, Mriga Swapna (pasupênanipun sangsam). Cariyos Brihadharanyaka, lajêng Endra Drumna. Dropadi Arana (Drupadi kadhustha). Jayadrata Bimoksana (Jayadrata linuwaran) dongèng Sawitri, nyariyosakên [nyariyo...]

--- 1 : 65 ---

[...sakên] kasêtyanipun pawèstri dhatêng priyanipun, lajêng cariyos Rama. Ngandhapipun dipun wastani: Kundhala Arana (kapandungan anting-anting). Aranya tudhin[1] Wiratha. Lêbêtipun Pandhawa tuwin anggènipun nêtêpi prajanji (namur warna salêbêtipun sawarsa). Tumpêsipun bôngsa Kincaka. Anggènipun Kurawa ngrêrayah lêmbu ing Wiratha. Dhaupipun Abimanyu, kalihan putri Wiratha. Ngandhapipun punika parwa sakalangkung elok, nama Udyaga Parwa. Lajêng ingkang kaprahipun winastan Sanjaya Yana (dhatêngipun Sanjaya). Prajagara (Prabu Dritarastra botên sangêd sare awit saking sangêt sumêlang). Sanat Sujata isi katranganipun wadosing krawruh kasuksman. Yanasaddhi sarta rawuhipun Sri Krêsna. Lajêng dongèng Matali tuwin Galawa. Cariyos Sawitri, Wamadewa tuwin Weniya. Dongèng Jamadhaknya tuwin Sodasarajika. Rawuhipun Sri Krêsna wontên ing parêpatan lajêng kasambêt Bidhulaputra Sasana. Ngêmpalipun sakathahing prajurit, tuwin lêlampahanipun Seta. Padudonipun Karna ingkang utami pambêganipun. Angkatipun wadyabala agêng kalih golongan dhatêng têgal paprangan. Pametangipun [Pametang...]

--- 1 : 66 ---

[...ipun] Rati tuwin Atirata. Dhatêngipun utusan nama Uluka, ingkang lajêng dados nêpsunipun para Pandhawa. Dongèng Amba. Bisma kajumênêngakên senapati. Cariyosing pasitèn ingkang wujudipun kados pulo, nama Jambu. Lajêng dumadosipun pasitèn nami Bumi. Lampah-lampah pambanguning pulo wau. Bagawadgita. Bisma kanin. Drona gumantos kasenapatèn. Tumpêsipun para Sansaptaka. Pêjahipun Abimanyu. Arjuna prasêtya, badhe amêjahi Jayadrata. Pêjahipun Jayadrata. Pêjahipun Gathutkaca. Muksanipun senapati Drona, ingkang kawontênanipun pêrlu dipun sumêrêpi. Cariyos ingkang winastan lêpasing sanjata nama Narayana. Lêlampahanipun Karna kalihan Salya. Duryudana sêsingidan ing talaga, ngantos prang gada, tandhing kalihan Bima. Swaraswata, tuwin katranganipun bab panggenan sukci. Anggènipun anglêluri para luhur. Suptika Parwa nyariyosakên lêlampahan ingkang adamêl wirangipun bôngsa Kuru. Esika Parwa, nyariyosakên lêlampahan anggêgirisi. Jalapradana Parwa, sêsaji toya dhatêng yitmanipun ingkang sami lena ing madyaning palagan, tuwin karêrantanipun para pawèstri. Srada Parwa, nyariyosakên [nyariyo...]

--- 1 : 67 ---

[...sakên] wiwahan, amèngêti para Kurawa ingkang sami sirna wontên ing paprangan. Pêjahipun raksasa nama Carwaka, ingkang mancala warna brahmana, nêdya mratelakakên cacadipun Yudhisthira. Kang mahambêg utami Sang Yudhisthira jumênêng narendra. Griha Prabibaga Parwa. Kasambêt Santi Parwa, Raja Darmanusasana Parwa, Apadarma Parwa, Muksadarma Parwa, Sukaprasna Wigamana Parwa, Brahmaprasna Nusasana Parwa, kawontênanipun bèntên sangêt kalihan sanès-sanèsipun. Nalurinipun Druwasa. Uduripun kalihan Maya. Anusasanika Parwa. Inggahipun Sang Bisma dhatêng kaswargan. Sêsaji kapal kangge panêbusing dosa. Anugita Parwa, mratelakakên kasuksman kang luhur. Asramwasa Parwa. Putradarsana Parwa, pêpanggihan kalihan para putra ingkang sampun sami wontên ing jamaning pêjah, sarta rawuhipun Maharsi Naraddha. Mosala Parwa punika parwa isi lêlampahan warni-warni, adamêl miris sarta lêlampahan daksiya. Mahaprasthanika Parwa, tuwin cariyos inggahipun dhatêng swarga. Lajêng kasambêtan Purana, nama Kilahariwangsa Parwa, ing ngriku angêwrat Wisnu Parwa, nyariyosakên kasênêngan saha calunthanganipun Wisnu nalika taksih [ta...]

--- 1 : 68 ---

[...ksih] jêjaka. Sirnanipun Kôngsa. Ingkang minôngka panutupipun winastan Bawisya Parwa, cacriyosanipun sakalangkung elok, inggih punika wêcaning lêlampahan ingkang badhe kadadosan.

Sang minulya Krêsna Dwipayana, pangriptanipun kadadosakên satus parwa, dene ingkang kawursita ing nginggil wau namung ringkêsanipun. Satus parwa wau lajêng kadhapuk-dhapuk, kadadosakên wolulas parwa dening Sutaputra (Soti). Anggènipun amêdharakên wontên ing wana Nemisa, urut-urutanipun kados ing ngandhap punika.

Ingkang kacariyos wontên ing adi parwa (parwa kawitan) inggih punika Posya Parwa, Polama Parwa, Astika Parwa, Adiwansa Watarana Parwa, Sambawa Parwa, kabêsminipun Bale Sagala-gala, pêjahipun Idhimba. Pêjahipun Asura Wakacitrarata. Sayêmbara Drupadi. Pikramanipun Drupadi sabibaring prang. Rawuhipun Widura. Rukunipun malih. Pangalasipun Arjuna. Andhustha Subadra. Pisungsung saha anggènipun nampèni. Kobaring wana Kandhawa. Pêpanggihanipun kalihan Maya (undhagi bôngsa asura). Kawuningana, Posya Parwa anyariyosakên kaluhuranipun [kaluhura...]

--- 1 : 69 ---

[...nipun] Rêsi Utanka. Polama Parwa anyariyosakên para putranipun Brigu. Askika Parwa anyariyosakên lairipun garudha, tuwin golonganing naga (sawêr agêng). Angêbur samodra, sarta lairipun Utcesrawa (kapal ing kaswargan) kasambêt lêlampahanipun para têdhak Barata, kados ingkang sampun kinidungakên dening Sang Wesampayana, wontên ngayunanipun Sang Prabu Janamejaya rikala sêsaji naga. Sambawa Parwa anyariyosakên sagung para narendra miwah satriya ingkang sami linangkung, sarta anyariyosakên wiyosipun kang wicaksana Sang Krêsna Dwipayana. Panjanmanipun para jawata, bôngsa detya, danawa, yaksa, ingkang sami misuwur kaprawiranipun. Punapadene sakathahing sarpa, gandarwa, paksi, tuwin titah sanès-sanèsipun malih. Aluraning lêlampahanipun Prabu Barata, ingkang anurunakên para satriya sinêbut têdhak Barata. Prabu Barata punika putranipun Prabu Dusanta, mijil saking Dèwi Sakuntala, wontên ing pratapanipun Rêsi Kanwa. Ing ngriku ugi nyariyosakên suwuripun Bagirati. Lairipun para wasu ingkang kenging êsot, dados putranipun Prabu Santanu, tuwin wangsulipun dhatêng kaswargan. Ugi nyariyosakên lairipun Sang Bisma, sinartan [sinarta...]

--- 1 : 70 ---

[...n] ing katrangan, manawi ing guwagarbanipun Sang Bisma isi saperangan panunggaling pangwasanipun para wasu. Anggènipun prasêtya botên badhe jumênêng nata, botên nambut silaning akrama, kados limrahipun para brahma cariya. Têtêping prasêtyanipun Sang Bisma, anggènipun angayomi Citranggada, sarta mratelakakên muksanipun Citranggada. Anggènipun anggêmatèni kadangipun Citranggada ênèm Asmawi Citrawirya, lajêng anggènipun anjumênêngakên nata. Manjanmanipun Darma wontên ing marcapada, awit saking êsotipun Animandhawiya. Lairipun Dritarastra tuwin Pandhu saking pangwasanipun Sang Wiyasa. Lairipun para Pandhawa. Pambudidayanipun Duryudana anggènipun niyat anyingkirakên para Pandhawa dhatêng Waranawata. Para putranipun Prabu Dritarastra sami ngawon-awon dhatêng Pandhawa. Pamrayoginipun Widura dhatêng Yudhisthira, kadospundi sakecaning lampah murih Pandhawa sami wilujêng, sarta amitungkas mawi têmbung mletca.[2] Damêl margi sangandhaping siti. Kabêsminipun Purocana, sarta pawèstri bôngsa tuwa buru, ingkang pinuju tilêm kalihan anakipun jalêr gangsal, wontên ing griya ingkang kalepa ing gôndarukêm. Para Pandhawa kapapak kalihan [ka...]

--- 1 : 71 ---

[...lihan] Idhimba wontên samadyaning wana gêrotan. Pêjahing sadhèrèkipun jalêr Idhimba dening Bima ingkang linangkung kakêndêlanipun. Lairipun Gathutkaca. Kapanggihipun para Pandhawa kalihan Sang Wiyasa. Sarta têtêping panamuripun para Pandhawa wontên ing talatah nagari Ekacakra, dados cundhuk kalihan karsanipun Sang Wiyasa. Nalika mondhok wontên griyaning brahmana. Pêjahipun Asura Waka, saha kagètipun dhatêng suwantên awon sarêng sampun ajêng-ajêngan. Lairipun Dèwi Krêsna tuwin Dristhadyumna ingkang kawontênanipun botên kados limrahing jabang bayi lair. Bidhalipun Pandhawa dhatêng Pancala, miturut dhawuhipun Sang Wiyasa, wigatos badhe angêdêki sayêmbara Drupadi, awit winartosakên dening satunggaling brahmana. Arjuna anêlukakên gandarwa nama Anggaraparna wontên ing gêgisikaning Bagirati. Prasêtya amêmitran kalihan mêngsahipun wau. Priksanipun para Pandhawa dhatêng cariyos lêlampahanipun Tapati, Wasistha tuwin Orwa, saking cariyosipun gandar wau. Lampahipun para Pandhawa dhatêng Pancala. Arjuna amboyong Dèwi Drupadi saking pasamuwaning para narendra, nalika mêntas anjêmparing lesan. Kawontênaning paprangan sabibaring sayêmbara. Kasoripun Salya, Karna tuwin [tuwi...]

--- 1 : 72 ---

[...n] sakathahing para ratu nalika prang kalihan Arjuna tuwin Bima, ingkang sami linangkung ing kakêndêlanipun. Balarama tuwin Sang Krêsna anamtokakên manawi kalih-kalihipun wau Pandhawa, katitik dene kakêndêlanipun tanpa timbang. Panusulipun Sang Krêsna kalihan Balarama dhatêng griyanipun tiyang damêl grabah, ingkang dipun pondhoki para Pandhawa. Sungkawanipun Prabu Drupada dupi midhangêt pawartos bilih Drupadi rinabi ing priya gangsal. Cariyos elok bab kawontênanipun endra gangsal dalasan têgêsipun pisan. Pikramanipun Dèwi Drupadi ingkang botên kados limrahing laki rabining manungsa, anulat caraning para dewa. Para putranipun Prabu Dritarastra sami anêtêpakên dhatêng Widura dados utusan pinanggih Pandhawa. Rawuhipun Widura sarta priksanipun dhatêng Sri Krêsna. Padununganipun para Pandhawa wontên ing Kandhawaprastha, lajêng panataning kaprabon sapalihing nagari. Têtêping pamitranipun Sri Krêsna kalihan Pandhawa, sinaksèn ing Maharsi Naraddha. Lêlampahanipun Sundha kalihan Upasundha. Kasambêt kesahipun Arjuna dhatêng ing wana, saking anggènipun anêtêpi ubayanipun, karantên rikala Arjuna lumêbêt ing gêdhong, wigatos mêndhêt jêmparing, badhe kangge ambujêng durjana ingkang

--- 1 : 73 ---

sampun andhustha lêmbunipun satunggaling brahmana, ing ngriku Arjuna priksa Dèwi Drupadi pinuju marêk ing Sang Yudhisthira. Sarta lajêng nyariyosakên lêlampahanipun Arjuna nalika anututi lêmbu ingkang kabêkta pandung, wontên ing margi kapanggih kalihan Ulupi putrining naga. Lêlampahanipun wêkdal anjajah sagunging panggenan sukci. Lairipun Wabruwahana. Arjuna angruwat cintrakanipun widadari gangsal ingkang sami dados bajul, awit saking êsoting brahmana. Pêpanggihanipun Sang Madawa[3] kalihan Arjuna wontên ing panggenan sukci nama prawasa. Anggènipun Arjuna andhustha Dèwi Subadra awit saking dhawuhipun Sri Krêsna. Subadra katumpakakên ing rata ingkang sagêd angambah gêgana, ngambah ing dharatan, tuwin sanginggiling toya, manut sakajêngipun ingkang numpaki. Bidhalipun dhatêng Endraprastha mawi kabêktanan barang warni-warni minôngka kancing gêlungipun Subadra. Lairipun putraning Subadra apêparap Abimanyu, ingkang misuwur linangkung kakêndêlanipun. Anggènipun Yajnasèni anglairakên putra kathah. Sri Krêsna kalihan Arjuna sami anginggar-inggar dhatêng pagisikaning lèpèn Jamuna. Sri Krêsna tampi cakra saha Arjuna ugi tampi langkap [langka...]

--- 1 : 74 ---

[...p] misuwur nama Gandhiwa. Kabêsminipun wana Kandhawa. Maya tinulungan dening Arjuna. Oncating naga. Papêthinganing rêsi asêsêlih[4] Mandhapala anggènipun anyipta putra wontên ing garbaning paksi nama Sarênggi. Parwa wau dipun bage dados perangan alit-alit cacahipun wontên 227 bab, kadhapuk dados 8884 sloka.[5]

Parwa ôngka kalih, punika parwa ingkang sakalangkung agêng, nama: Saba Parwa, utawi kalêmpakaning lêlampahan warni-warni, dene isinipun Saba Parwa punika: cariyos Pandhawa iyasa pandhapi agêng. Bingahipun para ingkang sami asih dhatêng Pandhawa prakawis yêyasan wau. Cariyos kawontênanipun sakathahing kadhatonipun para Lokapala, saking cariyosipun Maharsi Naraddha ingkang botên kasamaran dhatêng sawawêngkoning kaswargan. Bab anyamêktani sêsaji rajasuya. Sirnanipun Prabu Jarasandha. Sang Wasudewaputra angluwari para satriya agung-agung ingkang sami kinunjara wontên ing jurangan parêdèn. Para Pandhawa sayuk saeka kapti badhe lêlana andon yuda. Rawuhipun para Pandhawa kalihan ambêkta jarahaning prang. Sisupala kasirnakakên wontên ing pamiwahan rajasuya, prakawis [pra...]

--- 1 : 75 ---

[...kawis] lumadosing argya. Bimasena mangerang-erang Duryudana wontên ing pasamuan. Duryudana sarêng kawirangan sangêt, lajêng karêrantan, saha lajêng têwah pangunêg-unêgipun, wêkasan saking sangêting nêpsunipun lajêng atata-tata badhe anyuruhi kasukan dhadhu. Kasoripun Yudhisthira dening Sangkuni ingkang ambêk culika. Prabu Dritarastra angêntas kasangsaraning putra mantu, inggih Dèwi Drupadi nalika silêm wontên ing samodraning kasangsaran, awit saking kaêtohakên anggènipun Yudhisthira kasukan. Mêntasipun Drupadi cinôndra kadi palwa ingkang kombak kumbul dening alun. Duryudana ngangkah sagêda kasukan malih kalihan Yudhisthira. Angkatipun Yudhisthira kalihan para ari dhatêng pambucalan, amargi kawon anggènipun dhadhu ingkang kaping kalih. Sang Wiyasa anamèkakên sadaya cacriyosan wau: Saba Parwa. Parwa punika kaperang dados 78 bab. Dhuh, papêthinganing para ambangun tapa, samantên wau lajêng kabage dados 2507 sloka.

Kawuningana, parwa ôngka tiga punika winastan: Aranyaka Parwa (lêlampahan sadangunipun wontên ing wana), Aranyaka Parwa punika anyariyosakên pangalasipun para Pandhawa, kaêtut wingking ing tiyang sanagari. Anggènipun Yudhisthira [Yu...]

--- 1 : 76 ---

[...dhisthira] sumêmbah ing Bathara Ari, anglampahi pitêdahipun Rêsi Dumya, wigatos kaparingana pangwasa sagêd angwontênakên tatêdhan tuwin pangunjukan, kangge misungsung para brahmana ingkang sami sih tuwin sêtya dhatêng para Pandhawa. Wontênipun tatêdhan ingkang têwah saking pangwasaning srêngenge. Widura katundhung Prabu Dritarastra, amargi tansah atur pamrayogi supados sang prabu anindakna kautamèn. Dhatêngipun Widura ing palêrêmanipun para Pandhawa, tuwin wangsulipun malih amargi katimbalan Sang Prabu Dritarastra. Duryudana gadhah sêdya awon, badhe ngangkah sirnanipun para Pandhawa, ingkang sami wontên ing pambucalan, saking pangicuk-icukipun Karna. Rawuhipun Sang Wiyasa amênggak dhatêng Duryudana, supados nyandèkna anggènipun nêdya nangsaya Pandhawa. Cariyos lêlampahanipun Surabi. Rawuhipun Sang Metraya ing Astina, lajêng mratelakakên sadaya kadadosaning pandamêl awon dhatêng Prabu Dritarastra, sarta lajêng angêsotakên dhatêng Duryudana. Bima amêjahi Kirmira wontên ing paprangan. Tiyang Pancala tuwin narendra bôngsa Wrêsni sami amanggihi dhatêng Yudhisthira, amargi sampun sami mirêng pawartos kasoripun Yudhisthira nalika kasukan dhadhu. Dananjaya angrêrapu kanêpsonipun Sri Krêsna. Karêrantanipun Sang

--- 1 : 77 ---

Prabu Drupada sarêng pinanggih Sang Madawa. Bingahipun Sri Krêsna. Kasoripun Sowa. Sri Krêsna amboyongi Subadra saputranipun dhatêng Dwaraka, saha Dristhadyumna amboyong Drupadiputra dhatêng Pancala. Lumêbêtipun para Pandhawa ing Dwetawana. Wiraosanipun Bima, Yudhisthira kalihan Dèwi Drupadi. Sang Wiyasa rawuh wontên ing palêrêmanipun Pandhawa, sarta paring aji nama pratismriti dhatêng Yudhisthira. Sapêngkêripun Sang Wiyasa para Pandhawa lajêng sami ngalih dhatêng wana Kamyaka. Lampahipun Arjuna angupaya dêdamêl, kanthi kakêndêlan ingkang tanpa upami. Prangipun Arjuna kalihan Hyang Mahadewa ingkang mancala warna tuwa buru. Pêpanggihanipun Arjuna kalihan para Lokapala, saha lajêng pinaringan dêdamêl saking para Lokapala[6] wau. Inggahipun Arjuna dhatêng Kaendran, wigatos nyuwun dêdamêling para dewa, ingkang têmahanipun adamêl mirisipun Prabu Dritarastra. Karêrantan saha ngênêsipun Yudhisthira, nalika karawuhan Maharsi Brihaddhaswa ingkang pantês ingaji-aji, inggih ing wêkdal punika anggènipun Maharsi Brihaddhaswa amêdharakên cariyos sukci ingkang adamêl ngêrêsing manah, lêlampahan mêntalanipun Prabu Nala saha kasabaranipun [kasabara...]

--- 1 : 78 ---

[...nipun] Dèwi Damayanti. Punapadene Yudhisthira ugi winêjang kawruhipun tiyang kasukan dhadhu. Rawuhipun Rêsi Lomasa wontên ing palêrêmanipun Pandhawa, nalika mêntas saking kaswargan, sarta lajêng cariyos dhatêng para Pandhawa ingkang sami kantun wontên ing wana, prakawis lêlampahanipun Arjuna wontên ing kaswargan. Pandhawa anggènipun sami lêlana dhatêng panggenan sukci, supados sagêda salaras kalihan lêlampahanipun Arjuna wêkdal sinaraya ing dewa. Para Pandhawa anggènipun sami dhatêng ing panggenan sukci wau lajêng angsal nugraha. Maharsi Naraddha lêlana ing panggenan sukci nama Pulastha. Para Pandhawa anggènipun sami andalajah ing wana-wana. Icaling anting-antingipun Karna, amargi kapundhut Sang Hyang Endra. Sêsajinipun gaya ingkang sakalangung prayogi. Dongèng lêlampahanipun Rêsi Agastiya, prakawis anggènipun dhahar Asura Watapi, sarta pikramanipun angsal Dèwi Lopamudra, awit saking sangêting kapenginipun anurunakên wiji. Lêlampahanipun Rêsi Srêngga ingkang kacariyosakên wiwit lair sampun kados gêsangipun para brahma carya. Cariyos lêlampahanipun Rama, putranipun Sang Jamadagni ingkang misuwur sudira ing rananggana, sarta sirnanipun Prabu Kartawirya tuwin bôngsa Hehaya. Para Pandhawa

--- 1 : 79 ---

pinanggih kalihan bôngsa Wrêsni wontên ing panggenan sukci nama: Prabasa. Dongèngipun Sukanya, anyariyosakên lêlampahanipun Cyawana, putranipun Rêsi Brigu anggènipun damêl sêsaji soma katur dewa kêmbar nami Bathara Aswina wontên ing kadhatonipun Prabu Saryati. Awit saking anggènipun anglampahi sêsaji wau, Cyawana tampi nugrahaning dewa ginanjar awèt nèm. Cariyos lêlampahanipun Prabu Mandata. Cariyos lêlampahanipun satunggaling rajaputra asma Jantu. Lêlampahanipun Prabu Somaka ingkang kadugi angurbanakên putranipun kakung untang-anting nami Jantu, wasana lajêng apêputra satus. Dongèng pêksi dara kalihan alap-alap. Prabu Siwi dinadar dening Sang Hyang Endra, Hyang Agni, tuwin Hyang Darma. Dongèng nyariyosakên lêlampahanipun Sang Astawakra, anggènipun bêbantahan kalihan Wandi, putranipun Sang Waruna, ingkang misuwur winasis, wêkdal sami angèstrèni sêsajinipun Prabu Janaka. Wandi kasoran dening Sang Astawakra, sarta pisahipun Wandi kalihan sudarmanipun ingkang wontên ing dhasaring samodra. Lêlampahanipun Yawakrita, saha lêlampahanipun sang linangkung Rewiya. Angkatipun para Pandhawa dhatêng Gôndamadana, sarta lêrêmipun wontên ing

--- 1 : 80 ---

satunggaling pratapan nama Narayana. Inggahipun Bimasena dhatêng Gôndamadana, wigatos ngupaya sêkar tunjung, awit saking pamothahipun Drupadi. Wontên ing têngah-têngahing wana pisangan,[7] Bimasena pinanggih Anuman, putranipun Sang Pawana, ingkang misuwur sakêlangkung kêndêl. Bima lêlumban ing talaga, tuwin angosak-asik ron tunjung, prêlu badhe amêthik sêkaripun. Prangipun Bima kalihan para rasêksa sinakti, tuwin para yaksa, punapadene prangipun kalihan Maniman, ngantos pêjahipun Asura Jatha. Para Pandhawa pêpanggihan kalihan raja pinandhita jêjuluk Wrisaparwa. Bidhalipun dhatêng Arstisena, saha lêrêmipun wontên ing ngriku. Panggasahipun Dèwi Drupadi dhatêng Bima supados malês piawonipun Kurawa. Inggahipun Bima dhatêng pucaking parêdèn Kelasa. Prangipun Bima kalihan para yaksa sêkti ingkang tinindhihan dening Maniman, ngantos anggênjotakên bantala. Para Pandhawa kapanggih kalihan Hyang Wesrawana (Hyang Kuwera), sarta lajêng kapanggih kalihan Arjuna ingkang sampun ambêkta dêdamêling dewa pintên-pintên. Paprangan anggêgirisi sangêt. Inggih punika nalika Arjuna tandhing kalihan bôngsa Newatakawaca, ingkang dêdunung ing Iranyaparwa, saha prangipun Arjuna kalihan bôngsa

--- 1 : 81 ---

Polama, tuwin Kalakeya, sadaya sirna dening kasêktènipun Arjuna. Arjuna ngatingalakên dêdamêling dewa dhatêng Yudhisthira, lajêng pinênggak Maharsi Naraddha. Andhapipun para Pandhawa saking Gôndamadana. Bima wontên ing wana kasaut ing naga sinakti agêngipun saparbata. Luwaripun Bima saking lêkêraning naga punika, awit saking pratitising jawabibun Yudhisthira dhatêng pitakenanipun naga wau. Wangsulipun para Pandhawa dhatêng wana Kamyaka. Wasudewaputra manggihi para Pandhawa malih. Rawuhipun Sang Maharsi Markandeya, lajêng andongèng warni-warni, kados ta: lêlampahanipun Pritu putranipun Wena. Lêlampahanipun Saraswati saha Rêsi Tarkya. Lajêng lêlampahanipun Matsya. Makatên ugi dongèng kina sanès-sanèsipun malih, kados ta: lêlampahanipun Endradyumna tuwin Dundumara. Lajêng lêlampahanipun satunggiling pawèstri sukci tuwin lêlampahanipun Sang Anggira.

Pêpanggihan saha wiraosanipun Dèwi Drupadi kalihan Satyaboma. Wangsulipun Pandhawa dhatêng Dwetawana. Arak-arakan badhe aningali pêdhèt, tuwin katawanipun Duryudana, sarta nalikanipun kawarôngka, lajêng linuwaran dening Arjuna. [Arju...]

--- 1 : 82 ---

[...na.] Pasupênanipun Yudhisthira bab kidang. Wangsulipun Pandhawa dhatêng Kamyaka malih. Ing parwa punika ugi anyariyosakên lêlampahan ingkang winastan: Wrihidronika. Angambali cariyos lêlampahanipun Durwasa. Jayadrata mandung Dèwi Drupadi. Bima anggènipun ambujêng pandung wau, lampahipun kados angin. Bima sagêd anyêndhal jamangipun Jayadrata. Parwa punika ugi angrêwrat cariyos lêlampahanipun Prabu Rama sakêlangkung panjang, sarta nyariyosakên kadibyanipun Prabu Rama, ngantos sagêd ngawonakên Rahwana wontên ing paprangan, nyariyosakên lêlampahanipun Sawitri. Sirnaning anting-antingipun Karna, amargi kapundhut Hyang Endra, saking bingahipun Hyang Endra, Karna lajêng kaparingan sakti (pangwasa), sakti wau amung sapisan kengingipun katamakakên dhatêng salah satunggaling mêngsahipun. Lajêng kasambêt cariyos ingkang kawastanan: Aranya, ing ngriku nyariyosakên Hyang Darma anggènipun paring pamrayogi dhatêng putranipun. Ugi mratelakakên kadospundi lêlampahanipun para Pandhawa wêkdal lumampah mangilèn, sasampunipun tampi ganjaraning dewa. Ingkang sampun kawursita ing nginggil wau sadaya, taksih kalêbêt ing parwa ôngka tiga nama: Aranyaka Parwa. [Par...]

--- 1 : 83 ---

[...wa.] Ing ngriku wontên 269 bab, kabage dados 11664 sloka.

Parwa sambêtipun punika sakêlangkung moncèr, nama: Wiratha Parwa. Sakawit anyariyosakên lêbêtipun Pandhawa dhatêng talatah Wiratha, wontên ing pasetran sapinggiring kitha. Para Pandhawa priksa kajêng sami ingkang sakêlangkung agêng, inggih ing ngriku anggènipun anyingidakên dêdamêlipun. Parwa wau anyariyosakên malêbêt tuwin pamanggènipun para Pandhawa, wontên ing salêbêting kitha kalihan anamur. Bab anggènipun Bima amêjahi ingkang ambêg daksiya Sang Kicaka, awit Sang Kicaka wau nêdya angrabi Dèwi Drupadi, botên sumêrêp bilih lampah ingkang makatên punika, amung sinurung saking pêpenginanipun kemawon. Duryudana anglampahakên têlik pintên-pintên ingkang sami julig-julig, sarta anyêbar undhang ingkang mratelakakên manawi botên nêdya anglacak musnanipun para Pandhawa. Lampahipun têlik botên sagêd kasêmbadan, awit kadênangan dening para putranipun Pandhu ingkang sami sinakti. Kajarahipun lêmbu ing Wiratha ingkang kaping sapisan dening bôngsa Trigarta, ing wasananipun ngantos dados prang sakêlangkung rame. Prabu Wiratha kapikut, lajêng karêbat dening Bima. Kajarahipun [Kajarahi...]

--- 1 : 84 ---

[...pun] lêmbu ing Wiratha ingkang kaping kalih dening bôngsa Kuru, sarta kaplajêngipun bôngsa Kuru kabujêng dening Arjuna kalihan piyambakan, wusana lêmbu ingkang kajarah wau, lajêng sami kauculakên malih. Prabu Wiratha anarimakakên putrinipun nama Dèwi Otari, tinampenan Arjuna lajêng kadhaupakên kalihan putranipun, ingkang mijil saking Dèwi Subadra, sinêbut Sang Abimanyu, inggih pangrurahing satru sêkti. Ingkang kawursita ing nginggil wau, kagolong parwa ôngka sakawan, nama: Wiratha Parwa. Sadaya wau pangriptanipun Sang Maharsi Wiyasa kadadosakên 67 bab, lajêng kabage dados 2050 sloka.

Suwawi kamirêngna, cariyos ingkang winiraos wontên ing parwa ôngka gangsal. Parwa wau limrahipun kawastanan: Udyoga Parwa. Dipun wiwiti saking anyariyosakên lêlampahanipun para Pandhawa, rikala makuwon wontên ing Upaplawiya, tansah sami angèsthi ungguling juritipun. Sang Arjuna, punapadene Duryudana, sami dhatêng ing Dwaraka pinanggih kalihan Sri Krêsna, sakalihipun wau sami pratela makatên: paduka kaparênga ambiyantu anggèn kula prang. Wangsulanipun Sri Krêsna ingkang luhur jiwanipun, makatên: Lah bêbanthènging manungsa, ingsun mung dadi juru awèh pamrayoga bae, nanging

--- 1 : 85 ---

ora mèlu ngawaki prang. Dene kang minôngka sisihan ingsun, wadyabala aksohini, iku êndi kang sira pilih. Awit saking Duryudana linimputan ing kabodhoan, sarta saking anggènipun ngangkah sakecaning badanipun piyambak, mila lajêng amilih wadya saaksohini. Arjuna milih Sri Krêsna, sanadyan panjênênganipun botên tumut nyarirani prang. Ing parwa punika ugi nyariyosakên lêlampahanipun narendra ing Madraka, nalika lumampah badhe ambiyantu Pandhawa, wontên ing margi kapisungsung Duryudana pèni-pèni rajapèni tuwin kasunggata, sasampunipun lajêng kasuwun kaparênga ambiyantu prangipun Kurawa. Prabu Salya sagah, nanging badhe ngajêngakên pinanggih para Pandhawa rumiyin. Panglipuripun Prabu Salya dhatêng Pandhawa sarana andongèngakên lêlampahanipun Hyang Endra nalika unggul yudanipun, mila Pandhawa lajêng amiji purohita-[8]nipun kautus dhatêng Kurawa. Prabu Dritarastra sasampunipun midhangêt cariyosipun purohita Pandhawa wau, prakawis ungguling prangipun Hyang Endra, lajêng dhawuh dhatêng paranpara Kurawa badhe kapiji dados utusan dhatêng Pandhawa, ananging kasandèkakên, amargi saking pamrayoginipun para nayaka, bilih sang

--- 1 : 86 ---

prabu kaparêng badhe rêrukunan, kêdah Sanjaya piyambak ingkang kautus andhawuhakên dhatêng Pandhawa. Prabu Dritarastra botên sagêd sare, amargi sumêlang ing panggalihipun, sarêng midhangêt kawontênanipun para Pandhawa, dalasan para mitranipun, kados ta Sang Wasudewaputra, tuwin sanès-sanèsipun malih. Inggih rikala punika anggènipun Widura angunjukakên atur pamrayogi dhatêng Prabu Dritarastra, supados anindakna kautamèn, aturipun wau awêwaton kawruh kawicaksanan. Ugi nyariyosakên Sang Sanat Sujata anggènipun anggêlar kawruh kawicaksanan luhur wontên ngarsanipun narendra ingkang sawêk kataman raos giris, sarta sakêlangkung prihatos. Enjingipun Sanjaya wontên ing ngayunanipun Prabu Dritarastra, anyariyosakên sintên sajatining kawontênanipun, Wasudewaputra tuwin Arjuna punika. Nalika sêmantên ingkang kaloka Risang Wasudewaputra anyarirani dados dutaning Pandhawa dhatêng Astinapura, karsanipun badhe amrih rukunipun Pandhawa kalihan Kurawa, karantên saking sihipun dhatêng sasamining manungsa. Sri Krêsna sangêt pangangkahipun sampun ngantos wontên cacongkrahan, ananging Duryudana botên nayogyani pamrayoginipun Sri Krêsna ingkang amrih

--- 1 : 87 ---

rukun wau. Ing parwa punika anyariyosakên lêlampahan: Dhamwadhwawa. Lêlampahanipun Sang Matuli ingkang luhur jiwanipun, anggèning badhe mikramèkakên putrinipun. Cariyos lêlampahanipun pujôngga agêng Sang Galawa. Nyariyosakên panggulawênthah tuwin pasinaon, ingkang kawarahakên dhatêng putranipun Sang Bidhula. Sri Krêsna angatingalakên pangwasaning yoga wontên ing antawisipun pasamuaning para narendra, wigatos amung kangge adamêl kêndhaking piawonipun para nayakanipun Duryudana tuwin Karna. Sri Krêsna anunggil sarata kalihan Karna. Pamrayoginipun Sri Krêsna dhatêng Karna, sarta panulakipun Karna dhatêng pamrayogi wau, kabêkta saking adigunging pambêganipun. Wangsulipun Sri Krêsna saking Astinapura jujug ing Upaplawiya, saha anggènipun ngandikakakên dhatêng para Pandhawa, bab kawontênaning lêlampahanipun, rikala wontên ing Astinapura. Wiraosanipun pangrurahing satru, inggih para Pandhawa, kalihan para narendra ingkang sami ambiyantu, sasampunipun sami mirêng pangandikanipun Sri Krêsna, lajêng wiwit tata-tata prang. Bidhalipun prajurit dharat, prajurit wahana turôngga, prajurit wahana rata tuwin prajurit wahana dirada, saking Astinapura dhatêng têgal [tê...]

--- 1 : 88 ---

[...gal] paprangan. Kawontênan kathahipun wadya Kurawa tuwin Pandhawa. Sarêng sampun kirang sadintên kalihan têmpuhing ayuda, Duryudana anêmtokakên Uluka lumampah dados utusan dhatêng Pandhawa. Cacahing prajurit wahana rata saking sawêrnining golongan, cariyos Amba. Ingkang kacariyos ing nginggil wau, sadaya kalêbêt wontên ing parwa ôngka gangsal, kawastanan: Udyoga Parwa. Ing Udyoga Parwa wau nyariyosakên prakawis anggènipun badhe rêrukunan tuwin tata-tata prang. Dhuh, para amêsu brata, pangriptanipun Sang Minulya Krêsna Dwipayana, parwa wau kadadosakên 186 bab, lajêng kabage dados 6698 sloka.

Sambêtipun parwa wau winastan: Bisma Parwa. Parwa punika ingkang kaèbêgan cariyos elok-elok. Kados ta: cariyosipun Sanjaya nalika pamangunipun pulo, ingkang limrahipun winastan ing Jambu. Kasupiting wadyanipun Yudhisthira, saha paprangan ingkang sakêlangkung rame, salêbêtipun sadasa dintên. Pangrapunipun Sang Minulya Wasudewaputra dhatêng Arjuna, sarana amêdharakên pêpathokaning kawruh kawicaksanan, sarta ugi amratelakakên rangu-rangunipun Arjuna. Dene rangu-rangunipun Arjuna wau, têmah saking sangêting [sangê...]

--- 1 : 89 ---

[...ting] sihipun dhatêng kadang warga (inggih punika kalampahan nalika badhe wiwit sami amangun yuda). Risang Wasudewaputra saking anggènipun nêdya damêl kamulyanipun Yudhisthira, sarêng wuninga karisakanipun Pandhawa, enggal-enggal mandhap saking kusiraning rata, lajêng manêmpuh ing mêngsah amung agêgaman sambuk, nêdya amrawasa dhatêng Sang Bisma. Ugi nyariyosakên panggasahipun Sri Krêsna dhatêng papêthinganing para senapati Sang Arjuna, ingkang asikêp gandhiwa, sarana tatêmbungan ingkang sagêd anênangi kasudiranipun. Sang Arjuna, inggih tatungguling wadya sikêp jêmparing, amapanakên Srikandhi wontên ing ngajêngipun, ing lêbêting rata titihanipun ingkang dipun kusiri Sang Madawa, wêkasan jêmparingipun Arjuna ingkang ampuh piyambak, sagêd tumancêp ing sariranipun Sang Senapati Bisma. Sarana jêmparingipun Arjuna, Sang Bisma sagêd kabuncang saking ratanipun. Ugi nyariyosakên nalika Sang Bisma sare wontên ing kasur jêmparing. Limrahing ngakathah parwa wau kawastanan parwa ingkang ôngka nêm saking Sêrat Mahabarata, sadaya wontên 117 bab, kabage dados 5884 sloka. Sang Wiyasa andhawuhakên, wontênipun kadadosakên samantên punika, mawi awêwaton Wedha.

Sambêtipun malih kawastanan: Drona Parwa. Inggih punika [puni...]

--- 1 : 90 ---

[...ka] parwa ingkang isi lêlampahan warni-warni, tuwin elok-elok, ingkang minôngka bêbukanipun, anyariyosakên nalika guru agêng Sang Drona, katêtêpakên dados senapatining wadya Kurawa. Guru ingkang sudibya wau sagah badhe amikut sang ambêg adil Yudhisthira wontên ing paprangan, makatên wau anjalari karênanipun Sang Duryudana. Nyariyosakên unduripun Arjuna saking têgal paprangan, sasampunipun ajêng-ajêngan kalihan para sansaptaka, lajêng mêjahi Bagadata, ingkang kalangkunganipun kados pangejawantahing Hyang Endra wêkdal wontên ing paprangan, sirnaning Bagadata wau dalah sadiradanipun nama: supritika. Sirnanipun priya nem-neman Sang Abimanyu, ingkang ing wêkdal punika umuripun dèrèng wontên kalih dasa taun, rikala mêngsah Sang Jayadrata tuwin tatungguling para maharata pintên-pintên, ingkang ajênging prangipun wau tanpa kanthi sarta botên wontên ingkang mitulungi. Sasirnanipun Abimanyu, Arjuna riwut pangamukipun, mêngsahipun ingkang pêjah ngantos pitung aksohini, sarta amêjahi Jayadrata. Bima ingkang balung tuwin ototing baunipun sakalangkung rosa, punapadene tatungguling prajurit wahana rata Risang Satyaki, sami manêmpuh gêlaring pabarisanipun [pabarisani...]

--- 1 : 91 ---

[...pun] Kurawa, ingkang botên kenging kasasak mêngsahipun, sanadyan para dewa pisan saèstu botên kuwawa amiyak, ewadene mêksa dipun lêbêti dening prajurit kêkalih, ingkang sami linangkung kakêndêlanipun wau. Wontênipun papêthinganing prajurit kêkalih punika purun anêrajang dhatêng pabarisanipun mêngsah ingkang makatên wau, awit saking anggènipun sami angèstokakên dhawuhipun Sang Yudhisthira, pinrih ngupaya Arjuna. Tumpêsipun para sansaptaka, kakantunanipun ingkang sampun sami pêjah. Drona Parwa wau nyariyosakên pêjahipun: Alamwusa, Srutayu, Jalasandha, Somadati, Wiratha, kusir rata linangkung Sang Drupada, Gathutkaca, tuwin sanès-sanèsipun malih. Ugi nyariyosakên Risang Aswatama nalika mirêng pawartos sirnaning sudarmanipun, sakêlangkung nêpsu sarta lajêng anglêpasakên jamparing ingkang anggêgirisi sangêt nama: Nayarana. Ugi nyariyosakên unggulipun Bathara Rudra, nalika kobaripun nagari tiga, lajêng rawuhipun Sang Wiyasa, andhawuhakên bab unggulipun Arjuna tuwin Kesawa. Inggih punika parwa ôngka pitu saking Sêrat Barata, ing ngriku mratelakakên asmanipun para narendra tuwin para rajaputra ingkang sampun sami karsa amungkasi sugêngipun. [su...]

--- 1 : 92 ---

[...gêngipun.] Drona Parwa kabage dados 170 bab, slokanipun wontên 8909. Risang Parasaraputra ingkang sampun nguningani sajatining kawruh Barata, sagêdipun tampi sakathahing kawruh wau, saking anggènipun manungku puja sêmèdi.

Sambêtipun malih nama: Karna Parwa. Ingkang cacriyosanipun sakêlangkung angedap-edapakên, ing parwa punika anyariyosakên lêlampahanipun ingkang wicaksana, narendra ing Madraka, kasuwun supados kaparênga angusiri ratanipun Karna. Sirnanipun Asura Tripura. Unduripun Karna kalihan angucap wêngis, mawi mratelakakên kuciwanipun pangrakiting gêlaripun Kurawa. Ugi nyariyosakên dongèng pêksi dhandhang poyok-pinoyok kalihan banyak. Lajêng pêjahipun Pandya dening Aswatama, ingkang luhur jiwanipun. Sirnanipun Dhandhasena tuwin Dhandha. Nalika Yudhisthira kataman ing bêbaya prang tandhing kalihan Karna, dipun sumêrêpi dening para satriya. Darêdahipun Yudhisthira kalihan Arjuna, sarta Sri Krêsna lajêng angarih-arih kanêpsonipun Arjuna. Ugi nyariyosakên lêlampahanipun Bimasena nalika anêtêpi prasêtyanipun, inggih punika sasampunipun anyuwèk dhadhanipun Dusasana, wontên ing têngah-têngahing [têngah-têngah...]

--- 1 : 93 ---

[...ing] paprangan, lajêng angokop êrah ing jêjantungipun Dusasana. Pêjahipun Karna nalika prang tandhing kalihan Arjuna. Para ingkang sami maos Sêrat Barata, amêstani parwa wau ôngka wolu, sadaya wontên 69 bab. Slokanipun wontên 4964.

Ing mangke nyariyosakên parwa, ingkang ngêwrat lêlampahan sae-sae, nama: Salya Parwa. Prabu Salya, narendra ing Madraka, kajumênêngakên dados senapating wadyabala Kurawa. Sasampunipun para satriya linangkung, sami tumpês tapis, lajêng gêntos-gêntos amratelakakên prangipun para prajurit wahana rata. Pangamukipun sang ambêk sudira, Senapati Salya, sirna dening jêmparingipun sang ambêg adil Yudhisthira. Sangkuni kasambut ing adilaga, dening astanipun Sahadewa. Sasampunipun prang barubuh, wadyabala Kurawa kantun sakêdhik, ingkang taksih sami gêsang. Duryudana lumajêng dhatêng talaga, sarta sêsingidan ing salêbêting toya, ngantos sawatawis dangu. Awit saking cariyosipun juru mikat pêksi, Bima sagêd priksa dhatêng tindakipun Duryudana, ingkang makatên wau. Wêdalipun Duryudana saking dhasaring talaga, jalaran botên kuwawi mirêngakên panantang, tuwin pangerang-erangipun Yudhisthira. Rawuhipun Balarama, nalika sawêg nêdhêng

--- 1 : 94 ---

ramening prangipun Bima, tandhing kalihan Duryudana. Lajêng nyariyosakên kasukciyanipun Dèwi Saraswati. Kawusananipun prang gada. Pêpêsing pupunipun Duryudana, dening gadanipun Bima, ingkang dhumawahipun mawa swara anggêgirisi. Sadaya wau sami kawursita ing parwa ôngka sanga, inggih parwa ingkang nyariyosakên lêlampahan elok-elok wau. Salya Parwa punika kabage dados 59 bab, pangriptanipun Sang Wilasa (pujôngga ingkang sampun anggêlarakên suwuripun para Kurawa), kadadosakên 3220 sloka.

Sapunika gêntos amratelakakên kawontênanipun: Soptika Parwa. Ing ngriku nyariyosakên, lêlampahan ingkang damêl ngêrêsing manah. Sapêngkêripun para Pandhawa ing wanci dalu wau, para prajurit rata ingkang sami sinakti, Krêtawarma, Krêpa, tuwin Dronaputra, sami dhatêng Têgal Kuru. Ing ngriku sami priksa, Duryudana gêlasaran wontên ing siti, pupunipun pêpês, sarta gêgodros ludira. Papêthinganing prajurit rata Sang Aswatama, atmajanipun Maharsi Drona, priksa kawontênanipun Duryudana ingkang makatên wau, sakêlangkung ing pamurinanipun, mila lajêng aprasêtya: Aku ora sèlèh gêgaman, sadurunge numpês wong

--- 1 : 95 ---

Pancala, dalah Drêsthadyumna pisan, apadene para Pandhawa, sawadyabalane kabèh. Sasampunipun Aswatama prasêtya makatên wau, prajurit têtiga punika, tumuntên sami lumêbêt ing wana, anilar Duryudana. Ing wêkdal samantên lajêng katungka ing wanci sêraping surya. Nalika prajurit têtiga wau sami linggih wontên ing sangandhaping kajêng baniyan agêng, inggih wanci dalu punika, sami priksa pêksi darès amêjahi dhandhang pintên-pintên, dene darès anggènipun mêjahi dhandhang wau, saking satunggal-satunggal. Nalika Aswatama priksa kawontênan makatên wau, lajêng katêtangi pangunêg-unêging manahipun, èngêt dhatêng siya-siyanipun Drêsthadyumna, nalika mrawasa sudarmanipun. Wasana katêwahan osiking manah, nêdya anyidra wadyabala Pancala, ingkang sawêg sami sakeca anggènipun tilêm. Sarêng dumugi ing gapuraning pakuwon, Aswatama priksa rasêksa agêng inggil, yayah sumundhul ing antariksa, wujudipun anggêgirisi sangêt, inggih punika ngatingalipun ingkang ambaurêksa gapura. Rasêksa wau kawasa anulak salwiring dêdamêlipun Aswatama, mila Aswatama inggal asêsaji, dhatêng Bathara Rudra ingkang anetra tiga. Aswatama kalihan para ingkang sami ambiyantu, [ambiya...]

--- 1 : 96 ---

[...ntu,] inggih punika: Krêpa, tuwin Krêtawarma, lajêng sami anyidra dhatêng para putranipun Dèwi Dropadi. Bôngsa Pancala, Drêsthadyumna, tuwin para satriya, dalah sakulawarganipun, ingkang sami tilêm kapati ing dalu punika, sarta botên pisan-pisan sami anyana, manawi badhe kadhatêngan bêbaya, sampun sami anêmah pêjah siya-siya. Dene ingkang botên sirna, namung para Pandhawa gangsal kalihan Satyaki. Kalampahanipun para Pandhawa, tuwin Satyaki sagêd oncat, saking panêmpuhing bêbaya agêng wau, amargi sami angèstokakên dhatêng pamrayoginipun Sri Krêsna. Kusiripun Drêsthadyumna anusul dhatêng para Pandhawa, ngaturakên kawontênan tumpêsipun bôngsa Pancala, ingkang sawêg sakeca anggènipun sami tilêm, sami sirna dening atmajanipun Drona. Sarêng Dèwi Dropadi midhangêt pawartos sirnanipun para putra, kadang, rama, tuwin wadyabala, sakêlangkung duka, lajêng marêg ing ngarsanipun Sang Yudhisthira, sarwi matur manawi badhe anganyut tuwuh. Bima ingkang kasudiranipun adamêl mirising mêngsah, rikala mirêng prasêtyanipun Dropadi ingkang makatên wau, lajêng kawijil prasêtyanipun, badhe adamêl panarimahipun Dropadi. Bima enggal amêndhêt gada, lajêng anututi putraning gurunipun (Aswatama), mila makatên, [makatê...]

--- 1 : 97 ---

[...n,] amargi saking botên narimah, dhatêng cidranipun Aswatama. Dronaputra, awit ulap dhatêng krodhanipun Bimasena, saha sampun kapèpèt, punapadene saking sangêting nêpsunipun, enggal angêmbat jêmparing kaswargan, mawi dipun sangèni makatên: panah iki dadia jalaran patine para Pandhawa. Ananging Sri Krêsna ugi lajêng andhawuhakên sabda: panah iku aja bisa anêdhasi. Mila kalampahan cabar èsthinipun Aswatama. Arjuna angèsthi sanjata panulak. Sang Dipayana punapadene Sri Krêsna, dupi priksa manawi Aswatama gadhah pêngangkah, badhe damêl pêpêjah sakêlangkung kathah, lajêng sami angêsotakên dhatêng Aswatama, mila adamêl kanggêging sêdyanipun Aswatama. Kalampahan Pandhawa sagêd amêndhêt pupuk sêsotya, ingkang wontên ing sirahipun kusir sinêkti Aswatama wau, mila sangêt andadosakên sukaning panggalih, ingkang ngantos tanpa upami. Pupuk sêsotya wau lajêng katampèkakên dhatêng ingkang sangêt karêrantan Dèwi Dropadi. Parwa ôngka sadasa, ingkang sampun kawursita ing nginggil wau winastan: Soptika Parwa. Pangriptanipun Sang Wiyasa, parwa wau kabage dados 18 bab, slokanipun wontên 870. Sajatosipun, Soptika Parwa punika kadhapuk [kadha...]

--- 1 : 98 ---

[...puk] dados satunggal kalihan: Esika Parwa.

Gêntos parwa ingkang kaping sadasa, anyariyosakên: Stri Parwa. Angêwrat lêlampahan ingkang sangêt adamêl gêtêring manah. Wiwitipun nyariyosakên kawontênanipun ingkang wicaksana Prabu Dritarastra, anggèning karêrantan panggalihipun, awit kèngêtan sirnaning para putra, têmahan anganggêp mêngsah dhatêng Bimasena. Sang prabu angrêmuk rêca tosan, ingkang kadèkèkakên Sri Krêsna, wontên ing ngarsanipun sang prabu: (kangge lintunipun Bima). Widura anglêlipur narendra ingkang sangêt kawlasarsa punika, sarana dipun èngêtakên dhatêng wêdharing piwulang kasampurnan, wasana sagêd dados pambirating sêngsêmipun Sang Prabu Dritarastra, dhatêng kasênêngan donya. Tindakipun Prabu Dritarastra kalihan sungkawaning panggalih, dhatêng Têgal Kuru, sarta karômpa-rômpa para putri, saisining kadhaton Astinapura. Udrasanipun para putri, garwanipun para satriya ingkang sami kasambut ing adilaga. Prabu Dritarastra tuwin Dèwi Gêndari sakêlangkung runtik, sarta lajêng kèmêngan ing panggalih. Para putri priksa sakathahing kunarpanipun satriya pintên-pintên, ambalasah wontên ing têgal paprangan, inggih punika: para putra, sadhèrèk, rama, tuwin kulawarganipun para putri wau. [wa...]

--- 1 : 99 ---

[...u.] Sri Krêsna angrêrapu panggalihipun Dèwi Gêndari ingkang sawêk duka, awit saking sirnanipun para putra wayahipun. Prabu Dritarastra narendraning bôngsa Kuru ingkang bèrbudi, amiwaha pambêsminipun kunarpaning para narendra. Nalika Yudhisthira angladosakên sêsaji awarni pangunjukan, katur dhatêng yitmaning para narendra, ingkang sami lena wontên ing palagan agêng Têgal Kuru, Dèwi Kunthi walèh manawi Karna punika putranipun ingkang pambajêng. Sadaya punika kacariyos wontên ing parwa ôngka sawêlas. Lêlampahan ingkang kawrat ing parwa punika, sakêlangkung damêl trênyuhing manah, ngantos asring adamêl runtuhing waspa. Stri Parwa kabage dados 27 bab, slokanipun wontên 775.

Kasambêtan parwa ôngka kalih wêlas, dipun wastani: Santi Parwa. Lêlampahan ingkang sami kawursita ing parwa punika, sagêd anêwahakên kalantipan, sakawit nyariyosakên: kaduwunging panggalihipun Yudhisthira, awit angèngêti anggèning sariranipun sampun dados jalaran sirnaning kadang kadeyanipun kapêrnah: rama, sadhèrèk jalêr, putra, paman saking ibu, guru, tuwin kadang warganipun ingkang garwa. Ing ngriku ugi nyariyosakên nalika Sang Bisma salêbêtipun nandhang roga, sare wontên [wontê...]

--- 1 : 100 ---

[...n] ing kasur jêmparing, ewadene taksih kaparêng amêdharakên piwulang, wajibing tiyang anambut karya. Piwulang wau agêng pigunanipun tumrap para narendra, ingkang sami rêmên olah ing kautamèn, makatên ugi Sang Bisma angandikakakên wajibing tiyang, manawi kataman lêlampahan ingkang dhatêngipun botên kanyana-nyana, tuwin panitikanipun manawi badhe dhumawah ing lêlampahan wau. Bilih tiyang anggènipun ngudi suraosipun parwa wau ngantos titi, badhe sampurna kawruhipun dhatêng piwulang darma. Santi Parwa anawung piwulang wêwadosing kawruh kasampurnan jati. Inggih parwa kaping kalih wêlas punika, ingkang tansah ginilut ing para sarjana. Sadaya wontên 339 bab, kabage dados 14732 sloka.

Ing mangke dumugi: Anusasana Parwa. Parwa punika sakêlangkung sae. Ingkang minôngka bêbukanipun, anyariyosakên nalika Yudhisthira têntrêm malih panggalihipun, awit saking midhangêt piwulangipun Sang Bisma, inggih putranipun Bagirati, prakawis tataning darma. Pilahing darma saha arta, lajêng kasambêtan piwulang, utaminipun tiyang ingkang ngêgungakên wêlas asih, punapadene mratelakakên lampahipun tiyang ingkang nêdya anyumêrêpi, wohing pandamêl wêlas asih wau. Utaminipun [Uta...]

--- 1 : 101 ---

[...minipun] tiyang wèwèh. Piwulang têtêping sêsaji. Wajibipun satunggal-tunggaling tiyang. Piwulang kasusilan, sarta agênging nugrahanipun tiyang ingkang sêtya dhatêng olah kasunyatan. Nyariyosakên kanugrahanipun para Brahmana, tuwin sakathahing lêmbu. Piwulang wêwadosing darma, ingkang sambêt kalihan êmpan tuwin papanipun, sadaya wau sami kawursita wontên ing parwa pêpilihan, ingkang dipun wastani: Anusasana Parwa. Ing ngriku ugi nyariyosakên, beda-bedanipun salwiring lêlampahan, dene ingkang minôngka wasananing parwa kaping tiga wêlas punika, nyariyosakên inggahipun Sang Bisma dhatêng kaswargan. Inggih Anusasana Parwa punika, ingkang anggêlar bab wêwijanganing darmanipun sadaya manungsa, ngantos salêsih. Sadaya ingkang kawarsita ing parwa wau, kaperang dados 146 bab, kapêcah dados 8000 sloka.

Kawuningana, parwa ingkang kaping kawan wêlas nama: Aswamedika Parwa. Ing ngriku nyariyosakên, lêlampahanipun Gamwarta kalihan Maruta. Lajêng kasambêt cariyos para Pandhawa anggènipun manggih rajabrana agêng, warni kancana pintên-pintên, ugi nyariyosakên kawontênanipun Parikêsid, ingkang lairipun sampun pêjah, awit kobar dening sanjatanipun [sanjata...]

--- 1 : 102 ---

[...nipun] Aswatama, nalika taksih wontên ing guwagarbaning ibu, ananging lajêng sagêd gêsang malih, saking pangwasanipun Sri Krêsna. Prangipun Arjuna kalihan para narendra, ingkang sami andhaku kapal sêsaji, ingkang dipun êngèn Arjuna sadèrèngipun kasajèkakên. Ugi nyariyosakên gênging kasudiranipun Arjuna, wêkdal tandhing tiyang sakalihan Wabruwahana putranipun Arjuna piyambak, ingkang mijil saking Dèwi Citranggada, putrinipun angkat narendra ing Manipura. Dongèng garangan ingkang kacariyosakên, nalika sêsaji kapal, parwa punika ingkang kawastanan: Aswamedika Parwa, sarta angêwrat lêlampahan sae awarni-warni. Sadaya wau wontên 103 bab, pangriptanipun Sang Wiyasa, ingkang nguningani dhatêng sajatining kawruh wau, kadadosakên 3320 sloka.

Samangke dumugi parwa kaping gangsal wêlas, nama: Asramawasika Parwa. Sakawit anyariyosakên Prabu Dritasastra sasampunipun sèlèh kaprabon, lajêng lumêbêt ing wana, kadhèrèkakên Dèwi Gandari kaliahn Widura. Kacariyos Dèwi Prita (Kunthi) ingkang sampun kasusra bêkti dhatêng para pinisêpuh, dupi midhangêt lêlampahan makatên wau, amilalu

--- 1 : 103 ---

nilar kadhatonipun putra, lajêng andhèrèkakên Prabu Dritarastra. Ing parwa punika ugi nyariyosakên, lêlampahan sakalangkung elok, inggih punika Prabu Dritarastra sagêd pinanggih kalihan yitmanipun para putra, wayah, saha para narendra sanès-sanèsipun, ingkang sampun sami suwarga, awit saking pangwasanipun Sang Wiyasa. Mila sang prabu lajêng sirna rudatosing panggalihipun, wasana Sang Prabu tuwin pramèswari Dèwi Gandari, sami tampi nugrahaning dewa. Ugi nyariyosakên nugrahanipun Sang Widura, ingkang têwah saking utamining pambêganipun.

Ing parwa wau ugi nyariyosakên Risang Gawalganaputra (Sanjaya) ingkang sampun sagêd mangrèh kamurkanipun, sarta têtêp ing kawajibanipun dados nayaka waktra, inggih tampi nugraha. Dene kawontênanipun Gawalganaputra punika sarwa jinurung. Ing ngriku ugi nyariyosakên, nalika ingkang ambêg adil Risang Yudhisthira, karawuhan Maharsi Naraddha. Wigatos paring pawartos tumpêsipun bôngsa Wrêsni. Ingkang kapratelakakên ing nginggil wau sadaya, dipun wastani: Asramawasika Parwa. Parwa wau isi 42 bab, lajêng kabage dados 1506 sloka.

--- 1 : 104 ---

Kawuningana, sambêtipun parwa ingkang sampun kacariyos ing nginggil nama: Mosala Parwa. Ing ngriku ngêwrat cariyos ingkang adamêl ngêrêsing manah, inggih punika lêlampahanipun para bêbanthènging bôngsa Wrêsni, ingkang sami pinunjul ing kakêndêlanipun, saha ingkang sami mawa ciri wontên ing salah satunggaling paperanganing sariranipun, minôngka dados panêngêran, bilih punika bôngsa Wrêsni ingkang murni. Sanadyan kawontênanipun bôngsa Wrêsni punika kados makatên, ewadene sarêng kenging sotipun satunggaling maharsi, bôngsa Wrêsni wau sami anêmahi pêjah tatumpêsan, awit saking anggènipun sami bôndayuda kalihan bangsanipun piyambak, wontên ing têpining samodra, ngangge dêdamêl rumput nama: Eraka, sarta rumput wau nalika katamakakên, lajêng sami dados balêdhèg, ingkang minôngka dados jalaraning lêlampahan makatên wau, saking anggènipun para bôngsa Wrêsni sami ngunjuk waragang ngantos kaladuk, têmahan andadosakên ing kasupènipun. Sri Balarama tuwin Sri Krêsna, sasampuning bangsanipun sami anêmahi pêjah, panjênênganipun ugi lajêng sami sirna dening wasesaning môngsakala.[9] Ing wêkdal punika tatungguling para manungsa, [ma...]

--- 1 : 105 ---

[...nungsa,] inggih Risang Arjuna, têdhak dhatêng ing Dwarawati (Dwaraka), sarêng nguningani nagari wau pinanggih suwung, kabêkta saking sangêting trisnanipun Risang Arjuna dhatêng bôngsa Wrêsni, ngantos andadosakên rudatosing panggalihipun, Sang Arjuna lajêng amiwaha layonipun ingkang paman saking ibu, inggih punika papêthinganing bôngsa Yadu (Wrêsni), Risang Wasudewa. Sasampunipun paripurna ing pamiwahanipun, Arjuna lajêng dhatêng ing pagisikaning samodra, ing ngriku Arjuna priksa para pêpilihaning bôngsa Yadu, sami pêjah pating balasah jalaran saking anggènipun wuru. Sabibaring ambêsmi kunarpanipun Sang Balarama miwah Sri Krêsna, punapadene para bôngsa Yadu sanès-sanèsipun, Sang Arjuna lajêng angirit para pawèstri, lare-lare, tuwin tiyang sêpuh, ingkang sampun sami jêmpo, sami kabêkta dhatêng ing nagari Astina. Wontên ing margi Sang Arjuna katêmpuh ing bêbaya agêng, ing ngriku Arjuna priksa dhatêng kuciwaning langkapipun ingkang nama Gandhiwa, tuwin sadaya dêdamêlipun ingkang saking kaswargan, pramila lajêng sirna kasudiraning panggalihipun, wasana awit saking dhawuhipun Sang Wiyasa, Arjuna lajêng marêk ing raka Prabu Yudhisthira, wigatos nyuwun palilah, badhe gêsang kados sacaraning para Sanyasa. Ingkang ngêwrat cariyos ing

--- 1 : 106 ---

nginggil wau, parwa ôngka nêmbêlas, kawastanan: Mosala Parwa. Sadaya kabage dados 8 bab, pangriptanipun Sang Wiyasa ingkang lêbda dhatêng pangudining kasunyatan, kadadosakên 320 sloka.

Ing mangke kasambêtan parwa ôngka pitulas, ingkang dipun wastani: Mahaprasthanika Parwa. Sakawit anyariyosakên para Pandhawa sami sèlèh kasatriyanipun, lajêng sami lêlana brata kaêtut wuri Dèwi Dropadi. Lêlampahanipun para Pandhawa kalihan Dèwi Dropadi wau, kawastanan: Mahaprastha. Nalika anggènipun para Pandhawa andon lêlana wau, dumugi ing têpining samodra ingkang toyanipun abrit, pinanggih kalihan Bathara Agni. Sasampunipun para Pandhawa angluhurakên ngangge samêsthining patrap ingkang katur dhatêng para dewa, Hyang Agni mundhut wangsul, langkap gêgadhuhanipun Arjuna ingkang misuwur nama Gandhiwa. Ugi nyariyosakên Dèwi Dropadi tuwin para ari, sasampunipun lajêng sami gêntos-gêntos lena dhumawah ing siti, ananging Prabu Yudhisthira sampun botên tumolèh malih, anglêstantunakên lampahipun. Ingkang kawarsita ing nginggil wau nama: Mahaprasthanika Parwa, inggih punika parwa ingkang kaping pitulas, pangriptanipun ingkang wicaksana [wi...]

--- 1 : 107 ---

[...caksana] Sang Wiyasa, kadadosakên tigang bab, slokanin[10] wontên 320.

Sapunika gêntos parwa ingkang kaping wolulas, parwa punika bèntên sangêt kalihan sanès-sanèsipun, amargi nyariyosakên lêlampahan kawontênanipun ing kaswargan, mila parwa wau dipun wastani: Sarga Parwa. Bêbukaning cariyos inggih punika tumurunipun rata ing kaswargan, amêthuk Prabu Yudhisthira, inggih ingkang ambêg adil, ananging Sang Prabu Yudhisthira botên kaparêng anglêksanani minggah dhatêng kaswargan, kabêkta saking sih trêsnanipun dhatêng sêgawon, ingkang tansah atut wuntat ing panjênênganipun, kajawi manawi kalihan sêgawonipun wau. Awit saking santosaning panggalihipun Sang Prabu Yudhisthira dhatêng kautamèn, Bathara Darma (dewaning adil) ingkang mancala warna dados sêgawon wau, lajêng badhar jumênêng wontên ing ngarsanipun Sang Prabu Yudhisthira. Kasambêt cariyos inggahipun Prabu Yudhisthira dhatêng kaswargan, sadumuginipun ing ngriku, sang prabu kapapakakên kalihan utusan kaswargan, ingkang lajêng anguningakakên kawontênan ing yomani dhatêng sang prabu, wêkasan ngantos andadosakên rudatosing panggalihipun. Ing wêkdal wau sang prabu ngantos sagêd kapirêng sasambatipun [sa...]

--- 1 : 108 ---

[...sambatipun] para ari, ingkang angêrêsakên manah, amargi sami anandhang siksanipun Bathara Yama, sasampunipun punika lajêng nyariyosakên Hyang Endra tuwin Hyang Darma, sami angrawuhi Prabu Yudhisthira, anêdahakên dhatêng panggenanipun para ingkang sami nandhang dosa. Kasambêt lêlampahanipun Prabu Yudhisthira wêkdal anilar adêging kamanungsanipun, sarana anggêbyur lèpèn Gangga kaswargan (samodraning kamulyan) inggih ing ngriku punika, padunungan ingkang sampun dados samêsthining kukubanipun Prabu Yudhisthira, saking anggènipun sampun anglampahi pandamêl kautamèn, mila sang prabu lajêng karaos mulya sarta sangêt linuhurakên dening Hyang Endra, tuwin para jawata sanès-sanèsipun. Dhuh, para ambangun tapa, miturut dhawuhipun ingkang linangkung Sang Maharsi Wiyasa, parwa punika wau dipun wastani: parwa ôngka wolulas, pandhapukipun kadadosakên 5 bab, dene slokanipun 209.

Kawuningana, sadaya lêlampahan ingkang kabage dados wolulas parwa, punika inggih ingkang sampun kula aturakên kalayan rêrancagan wau, ananging wontên wêwahanipun malih kalih parwa nama: Hariwangsa, tuwin Wawisya Parwa. Dene Hariwangsa Parwa punika rinipta dados 12000 sloka.

--- 1 : 109 ---

Wêwahan Hariwangsa tuwin Wawisya Parwa wau, sami kawrat wontên ing bab ingkang kawastanan: Sanggraha Parwa.

Sang Soti anglajêngakên cariyosipun makatên: kawuningana, wadyabala kathahipun wolulas aksohini sami ngêmpal dados sapanggenan, wigatos badhe sami apêpêrangan, campuhipun sakalangkung anggêgirisi, dene laminipun ngantos wolulas dintên, sanadyan tiyang sampun marsudi Sêrat Wedha sêkawan pisan, dalah saangga tuwin saopanisatipun, nanging botên sumêrap dhatêng cariyos Barata, tiyang wau dèrèng kenging kaanggêp wicaksana. Sang Wiyasa, ingkang kawicaksananipun tanpa watêsan, andhawuhakên bilih Sêrat Mahabarata punika, angêwrat katranganipun: arta, darma, tuwin kama. Sintêna tiyangipun ingkang sampun nate mirêngakên cariyos Barata, saèstu lajêng botên talatos mirêngakên cariyos sanès-sanèsipun. Pêpindhanipun kados tiyang ingkang sampun nate mirêngakên aruming suwantênipun paksi kokila jalêr, tamtu lajêng botên sênêng mirêngakên suwantêning gagak. Upaminipun kadosdene gumêlaring alam têtiga (triloka) punika dumados saking dhêdhapukanipun anasir gangsal, makatên [ma...]

--- 1 : 110 ---

[...katên] ugi kawêdharing suraos punika, awit saking para pujôngga sae anggènipun andhapuk tatêmbungan, dhuh, para brahmana, botên bèntên kalihan kawontênanipun titah sakawan warni (titah ingkang manak, titah ingkang ngêndhog, titah ingkang dumados saking rêrêgêd, tuwin tatuwuhan) punika dumadosipun manawi sampun dumugi ing mangsanipun, makatên ugi kababaripun Sêrat Purana, sarêng wontên Babad Barata. Kados tatêwahing pangrêtos, tatela saking pakartining pamikir, makatên ugi lampahing sêsaji tuwin tatacara, punika anut lampahing jaman. Ing donya botên wontên sêrat ingkang agênging pigunanipun kadosdene cariyos Barata, mila limrahipun sabên tiyang sami rêmên. Papindhanipun kados kawontênanipun tatêdhan ingkang makangsali tumraping badan. Pangungsêdipun para pujôngga dhatêng cariyos Barata, punika kadosdene abdi ingkang ngangkah indhaking balanjanipun, tamtu tansah nêdya adamêl lêganing panggalihipun bandara ingkang sae pambêganipun. Kadosdene para asrama ingkang kawajibakên angrukti bale wisma, saèstu botên badhe kawon kalihan asrama sanèsipun (ingkang kawastanan para asrama punika tataraning darajadipun para ingkang wontên ing asrama, kados ta:

--- 1 : 111 ---

pandhita, sanyasi, brahma carya, tuwin sapanunggilanipun malih. Makatên ugi kawontênanipun kidung Barata, saèstu botên kasoran dening kakidungan anggitanipun para pujôngga sanès-sanèsipun.

Dhuh, para tapa, mugi tansah sami anindakna pandamêl ingkang èsthining panggalih tumuju dhatêng kautamèn, amargi inggih amung pandamêl utami ingkang dados mitranipun tiyang ingkang sampun dêdunung wontên ing alam alus. Para tiyang ingkang sami sagêd sangêt rumêksa dhatêng bôndha, tuwin angêmong dhatêng semah, punika tamtu botên badhe sagêd kasinungan pambêgan utami, awit sanès bôndha makatên wau ingkang widada ing salami-laminipun. Sêrat Barata ingkang kawêdharakên saking ciptanipun Sang Wiyasa, punika sampun botên wontên timbanganipun, inggih punika piwulang sajatining kautamèn saha kasukciyan. Barata sagêd dados panêbusing dosa, tuwin sagêd adamêl têwahing kautamèn. Sintêna ingkang mirêng cariyos Barata, punika sampun botên prêlu adus tirta puskara kang sukci. Brahmana ingkang nandhang dosa saking pakartining ciptanipun ing wanci siyang, punika sadaya dosanipun wau badhe sagêd sirna, sarana maos Sêrat Barata ing wanci sêraping surya, samantên ugi dosa ingkang [ing...]

--- 1 : 112 ---

[...kang] linampahan ing wanci dalu, awit saking tindak, pangucap, tuwin saking ciptanipun, ugi sagêd luwar saking dosanipun, sarana maos Sêrat Barata ing wanci palêthèking surya. Tiyang misungsung lêmbu satus ingkang singatipun kablongsong kancana, dhatêng brahmana ingkang lêbda dhatêng Wedha, tuwin kawruh sanès-sanèsipun, punika nugrahanipun sami kalihan tiyang ingkang sabên dintên mirêng cariyos Barata. Sanadyan samodra agêng punika sagêd sinabrangan sarana numpak baita, makatên kawontênanipun cariyos sukci ingkang kathah sangêt dêdongenganipun, tuwin agêng pigunanipun, saha lêbêt suraosipun wau, sagêd kawudharan sarana maos peranganing Sêrat Barata ingkang kawastanan: Parwa Sanggraha.

Makatên wêkasanipun bab ingkang kawastanan: Parwa Sanggraha ing Adi Parwa, saking Sêrat Mahabarata ingkang binarkahan ing dewa.

Catatan kaki:

1. tuwin (kembali)
2. § sandi. (kembali)
3. § Sri Krêsna. (kembali)
4. asêsilih (kembali)
5. § pada. (kembali)
6. § Golonganing para dewa. (kembali)
7. § Wana ingkang kathah witipun pisang. (kembali)
8. § Paranpara. (kembali)
9. § Dumugi ing papêsthènipun. (kembali)
10. slokanipun (kembali)