Mahabharata, Dwipayana Wiyasa, 1927, #1120 (Bab 03–05)

Judul
Sambungan
1. Mahabharata, Dwipayana Wiyasa, 1927, #1120 (Bab 01). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata.
2. Mahabharata, Dwipayana Wiyasa, 1927, #1120 (Bab 02). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata.
3. Mahabharata, Dwipayana Wiyasa, 1927, #1120 (Bab 03–05). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata.
4. Mahabharata, Dwipayana Wiyasa, 1927, #1120 (Bab 06–19). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata.
5. Mahabharata, Dwipayana Wiyasa, 1927, #1120 (Bab 20–30). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata.
6. Mahabharata, Dwipayana Wiyasa, 1927, #1120 (Bab 31–41). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata.
7. Mahabharata, Dwipayana Wiyasa, 1927, #1120 (Bab 42–49). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata.
8. Mahabharata, Dwipayana Wiyasa, 1927, #1120 (Bab 50–58). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata.
Citra
Terakhir diubah: 09-06-2017

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Bab III. Posya Parwa.

Sang Soti anglajêngakên cariyosipun: wiyosipun Prabu Janamejaya, putranipun Prabu Parikêsid, kagungan kadang priya tiga, asmanipun Srutasena, Ugrasena,

--- 1 : 113 ---

tuwin Bimasena. Kacariyos nalika Sang Prabu Janamejaya dalasan para kadang tiga pisan wau sawêg sami anjênêngi sêsaji ingkang kajèjèr ngantos panjang sawêrni kados badaning naga, wontên ing Têgal Kuruksetra, wontên sêgawon anakipun Sarama (sêgawon èstri ing kaswargan) anyêlaki sêsaji. Sêgawon wau lajêng dipun gêbagi dening para kadangipun Prabu Janamejaya têtiga pisan. Sêgawon lumajêng wangsul dhatêng panggenaning biyungipun sarwi sêsambat. Sarêng Sarama priksa anakipun sêsambat angaru-ara, lajêng pitakèn, ucapipun: Pagene dene kowe asêsambat, gèr. Wangsulanipun: Aku dipilara sadulure Prabu Janamejaya. Biyungipun wicantên malih: Bokmanawa kowe gawe patrap kang ora bêcik, dadi bênêr bae digitikana. Anakipun mangsuli: Ora pisan-pisan aku tumindak kang ora prayoga, aku ora andilat martega sajèn, malah ngingêtake bae ora. Pun Sarama nalika mirêng wangsulaning anakipun makatên wau, sangêt karêrantan, mila lajêng nêdya pinanggih Prabu Janamejaya sakadangipun, ingkang taksih sami lênggah ing sacêlakipun sêsaji. Dupi sampun cêlak, Sarama matur sêmu sêrêng, têmbungipun makatên: Dhuh sang prabu, pedah punapa paduka amisakit [amisaki...]

--- 1 : 114 ---

[...t] anak kula ingkang botên anindaki kalêpatan, amargi anak kula botên andilat martega sêsaji, malah mandêng kemawon botên. Kala samantên sang prabu, punapadene para kadang amung sami kèndêl kemawon. Sarama lajêng wicantên malih: Ing sarèhning paduka amisakit anak kula ingkang botên dosa, mugi paduka sakadang tatiga pisan, anêmahana sangsara ingkang dhumawahipun botên kanyana-nyana.

Sang Prabu Janamejaya dupi midhangêt ucapipun Sarama ingkang mêkatên wau, dahat sumêlang ing panggalih, pramila sakêlangkung prihatos. Saparipurnaning sêsaji, sang prabu kondur dhatêng Astinapura, karsanipun badhe angupaya puruhita[1] ingkang sagêd adamêl sirnaning dosanipun, saha ingkang kawasa damêl cabaring sotipun sêgawon wau.

Ing satunggaling dintên Prabu Janamejaya putranipun Prabu Parikêsid, karsa anginggar-ingar panggalih, babêdhag dhatêng ing wana wawêngkon nagari Astina. Sadumugining wana sang prabu wuninga pratapanipun Rêsi Srutasrawa. Sang rêsi wau darbe suta jalêr nama Somasrawa, ingkang sangêt bêkti dhatêng lampahing kapandhitan. [kapandhi...]

--- 1 : 115 ---

[...tan.] Ing ngriku sang prabu lajêng têwah panggalihipun, kaparêng badhe mundhut sutanipun sang rêsi, wigatos badhe kadadosakên puruhitanipun, pramila sang prabu lajêng tindak dhatêng pratapanipun Sang Rêsi Srutasrawa. Sasampunipun pinanggih, sang prabu lajêng ngandika: Dhung sang rêsi, ingkang sampun amêngku ambêg nêm prakawis, mugi amaringna putra paduka dados puruhita kula. Sang rêsi sarêng mirêng pangandikanipun sang prabu makatên wau, lajêng umatur: Dhuh, dhuh, narendraning bawana, kawuningana, anak kula punika linairakên saking garbaning sarpa èstri, ingkang ngunjuk wiji (kama) kula, lare punika têtêp kasutapanipun, sampurna pangudinipun dhatêng Sêrat Wedha, saha tampi kanugrahaning kasutapan kula, mila kawawa anampèni pangwasa kula, sampun têtela pun Somasrawa badhe sagêd angêntas paduka saking salwiring panandhang, ingkang makatên wau kajawi pêpasthèn ingkang sampun tinamtokakên dening Hyang Mahadewa. Ananging kuciwanipun anak kula wau, anèh wêwatakanipun, inggih punika sabên wontên brahmana ingkang gadhah panêdha punapa kemawon, tamtu niyat dipun lêksanani. Manawi panjênênganipun sang prabu kaparêng ngagêm anak kula ingkang makatên punika sumăngga kapundhuta, supados dadosa kanthi paduka. Wangsulanipun Prabu [Pra...]

--- 1 : 116 ---

[...bu] Janamejaya: Sanadyan makatêna botên badhe kula sulayani. Sasampunipun katampèn, sami sanalika Sang Somasrawa lajêng katêtêpakên dados paranpara, sarta sang prabu lajêng kondur dhatêng Astinapura. Sadumugining kadhaton sang prabu ngandika dhatêng para kadangipun makatên: Kawruhana, iya iki brahmana ingkang ingsun pilih dadi paranpara, apa kang kinarêpake dening sang rêsi iku kudu dipituruti lan aja nganti disulayani. Para kadang sami mangayubagya. Sarêng sampun sawatawis dintên sang prabu lajêng anglurug prang dhatêng nagari Taksyasila. Kalampahan sagêd anêlukakên nagari wau.

Ing mangke gêntos ingkang kacariyos, anyarêngi lêlampahanipun Prabu Janamejaya wau, wontên lêlampahanipun satunggaling rêsi nama Ayodadomya. Sang rêsi wau darbe siswa tiga, wastanipun: Upamanyu, Aruni, tuwin Wedha. Ing satunggiling dintên Sang Ayodadomya dhawuh dhatêng Aruni, makatên pangandikanipun: Gèr, mênyanga sawah ambênakna wangan kang bêdhah tanggule. Aruni Pancala[2] inggal pangkat dhatêng panggenan ingkang sampun kadhawuhakên. Sadumuginipun ing sabin, tangguling wangan ingkang bêdhah wau lajêng inggal dipun urugi,

--- 1 : 117 ---

ananging tansah bêdhah-bêdhah kemawon, mila Aruni sakêlangkung prihatos ing manah dene botên sagêd anglêksanani dhawuhing gurunipun. Sanadyan makatêna kawontênanipun, Aruni botên kêmba, tansah ambudidaya sagêdipun amêpêti tangguling wangan ingkang bêdhah. Wêkasan Aruni lajêng têwah pamanggihipun, ucapipun makatên: Lah bêcike mangkene bae. Sarwi wicantên makatên wau Aruni tumuntên anggalorosakên badanipun, wontên ing tangguling wangan ingkang bêdhah wau, mila kalampahan toyaning wangan lajêng botên nyimpang dhatêng pasabinan malih.

Dupi sampun sawatawis dangu Aruni botên katingal mantuk, Sang Rêsi Ayodadomya lajêng andangu dhatêng para siswanipun ingkang taksih sami kantun wontên ing padhepokan, pangandikanipun makatên: Aruni Pancala lunga mênyang ngêndi, têka ora ana katon. Atur wangsulanipun para siswa: Aruni kesah dhatêng pasabinan, prêlu anglêksanani dhawuh paduka amêpêti tangguling wangan ingkang bêdhah. Wêkdal wau sang rêsi kaèngêtan, wêkasan lajêng angandika: Mara ayo padha digolèki.

Sadumuginipun ing sabin, Aruni botên wontên katingal, [katinga...]

--- 1 : 118 ---

[...l,] mila sang rêsi lajêng manguwuh sora: Aruni, Aruni, kowe ana ing ngêndi gèr. Aruni botên kasamaran, bilih ingkang anguwuh-uwuh wau gurunipun, mila enggal mêntas saking wangan, marêk ing ngarsaning gurunipun sarwi umatur: Kula wontên ing têmbinging wangan, ambêndung tanggulipun ingkang bêdhah sarana badan kula, awit kula sampun botên gadhah pamanggih sanèsipun malih, ingkang sakintên kenging kangge amêpêti wêdaling toya saking wangan, kajawi manawi kula tambak kalihan badan kula. Dene anggèn kula kamipurun anilar kawajiban, kesah saking wangan marêk wontên ing ngarsa paduka punika, amargi kula mirêng panguwuh paduka, saèstunipun sarêng kula tilar toyanipun lajêng mêdal saking wangan malih nyimpang dhatêng sabin, pramila sêmbah pangabêkti kula katura ing paduka. Samangke kula cumadhong dhawuh, kadospundi ingkang kêdah kula lampahi.

Pangandikanipun sang rêsi makatên: Sarèhning sira wus bisa amêpêti tanggul kang bêdhah, mulane wiwit titimăngsa iki sira arana: Udhalaka, jênêng iku minăngka ganjaraku, awit sira wus angèstokake dhawuhing gurunira, ing têmbe sira bakal bisa nampani kanugrahan, sarta sarupaning Wedha bakal bisa amadhangi marang batinira, mangkono uga sarupaning darma sastra. [sa...]

--- 1 : 119 ---

[...stra.] Sasampunipun Udhalaka tampi dhawuhing gurunipun, lajêng mantuk dhatêng nagarinipun, sarta punapa ingkang sampun dados pangandikaning gurunipun wau, tansah cumithak wontên ing batosipun.

Siswanipun Sang Rêsi Ayodadomya ingkang nama Upamanyu, ing satunggiling dintên kadhawahan dening gurunipun makatên: Gèr Upamanyu, sira angopènana sapi. Upamanyu matur sandika lajêng angèn lêmbu. Upamanyu anggènipun angèn ngantos sadintên muput. Ing wanci sontên saantukipun saking angèn, Upamanyu lajêng marêk ing gurunipun, sadumugining ngarsanipun sang rêsi piyambakipun manêmbah sarta lajêng mangraup ing pada. Nalika gurunipun priksa bilih Brahmana Upamanyu badanipun taksih katingal sêgêr, lajêng andangu makatên, pangandikanipun: Saka ngêndi antukira pangan, dene badanira têka banjur kalimis, atur wangsulanipun Upamanyu: Mênggah anggèn kula angsal tatêdhan saking papariman. Gurunipun ngandika malih: Olèh-olèhane anggonira papariman, ora kêna sira pangan sadurunge sira aturake marang gurunira. Brahmana Upamanyu sasampunipun tampi dhawuhing gurunipun ingkang makatên wau lajêng kesah, sarta sapintên angsal-angsalaning anggènipun papariman, [pa...]

--- 1 : 120 ---

[...pariman,] kaaturakên dhatêng gurunipun, wasana sadaya lajêng katampi saha Upamanyu botên dipun paringi panduman. Sanadyan kados makatên tindaking gurunipun, ewadene Upamanyu botên anggrêsah sarta lajêng kesah angèn lêmbu malih. Ing wanci sontên, Upamanyu saantukipun saking angèn marêk ing ngarsaning gurunipun, manêmbah saha mangraup pada kados padatanipun. Sarêng gurunipun priksa bilih badanipun Upamanyu taksih katingal sêgêr kemawon, lajêng andangu. Pangandikanipun makatên: Upamanyu, olèh-olèhane anggonira papariman, wus sira aturake kabèh, lan ingsun ora ngèngèhake kang kanggo panganira, apamanèh kang sira anggo anyêmbuh kakuwatanira. Aturipun Upamanyu: Dhuh guru, sasampunipun kula papariman ingkang angsal-angsalanipun konjuk ing paduka sadaya, kula lajêng papariman malih kangge jagining têdha kula piyambak. Sarêng gurunipun mirêng aturing siswanipun ingkang makatên wau, lajêng ngandika malih: Kang mangkono iku dudu lêkas kang prayoga kanggo rasana anggonira nêdya ngèstokake dhawuhing gurunira. Tindak kang mangkono iku gawe sudane pangane wong liya, kang uripe uga saka anggone papariman. Sajatine pangupa boga kang kaya patrapira mau,

--- 1 : 121 ---

amratandhani saka pangăngsa-angsaning atinira. Upamanyu sagah badhe angèstokakên dhawuhing gurunipun, sarta tumuntên kesah angèn malih ngantos sadintên muput. Sabibaring angèn ing wanci sontên, Upamanyu ugi kados padatanipun, marêk ing guru manêmbah lajêng mangraup pada. Rikala gurunipun priksa bilih Upamanyu badanipun taksih katingal sêgêr kemawon, enggal andangu dhatêng Upamanyu, pangandikanipun makatên: Upamanyu, samêngko apamanèh kang sira bukti, dene badanira isih katon sêgêr bae, măngka olèh-olèhane anggonira papariman, wus êntèk sira pisungsungake ing gurunira, sarta sira banjur ora papariman manèh kang kanggo kabutuhanira dhewe. Aturipun Upamanyu: Dhuh guru, samangke kula gêsang sangking puhaning lêmbu. Gurunipun mèsêm sarwi ngandika malih: Ingatase sira ora bênêr, yèn banjur andhaku puhan, awit sira durung olèh palilahing gurunira. Upamanyu angrumaosi kalèntuning tindakipun, saha lêrêsing dhawuhing gurunipun, mila inggih lajêng kesah angèn malih. Saantukipun saking angèn Upamanyu lajêng marêk ing gurunipun kados padatanipun, badanipun inggih taksih katingal sêgêr kemawon, gurunipun [gurunipu...]

--- 1 : 122 ---

[...n] andangu malih: Gèr, Upamanyu, ingsun sumurup manawa sira wus ora olèh panduman saka anggonira papariman, kang katur marang gurunira, uga ora papariman manèh kang kanggo panganira dhewe, sarta iya ora ngombe puhaning sapi kang sira êngon, têka badanira isih katon sêgêr bae, kapriye manèh budidayanira bisane olèh pangan. Atur wangsulanipun Upamanyu: Dhuh guru, samangke kula amung nêsêp unthuk ingkang mêdal saking cangkêming pêdhèt, samăngsa pinuju anêsêpi biyungipun. Gurunipun amèsêm sarwi ngandika: Jêbèng, Upamanyu saka pangiraningsun, pêdhèt kang utama iku amarga saka wêlase marang sira, mêsthine bae anggone nusu luwih saka satakêre, dadi akèh puhane kang diilêrake. Samêngko marènana anggonira nglakoni kaya patraping pêdhèt, sumurupa tumraping sira ora wênang manawa banjur anêsêp puhan, kang wus dadi pandumaning pêdhèt. Sasampunipun Upamanyu sagah badhe angèstokakên dhawuhing gurunipun, lajêng mêdal badhe angupakara lêmbu kados padatanipun. Awit saking Brahmana Upamanyu bêkti sangêt dhatêng gurunipun, lajêng botên tumindak papariman malih, botên ngunjuk puhaning lêmbu, sarta botên anêsêp ilêring pêdhèt.

--- 1 : 123 ---

Kacariyos pun Upamanyu ing satunggaling dintên, wontên ing wana, karaos sakalangkung luwe padharanipun, wêkasan anêdha roning kajêng arka.[3] Sanalika wau, awit saking kapandukan dayaning ron arka, ingkang raosipun kumramyas, gêtar, saha pait sêmu asin, maripatipun Upamanyu dados wuta, wusana saking bingunging manahipun Upamanyu ngantos kacêmplung ing luwêng. Kawuningana, dupi surya wiwit silêm ing pucaking rêdi, măngka Upamanyu dèrèng katingal mantuk, gurunipun andangu dhatêng siswa sanèsipun, wontên punapadene Upamanyu dèrèng wontên katingal mantuk, atur wangsulanipun siswa ingkang dinangu, manawi Upamanyu angèn lêmbu kados padatanipun.

Sang rêsi ngandika: Upamanyu ingsun pênggak aja kongsi mangan manèh, sarupane kang wus katuturake, bokmanawa iku andadèkake pinggête atine, katăndha kongsi wêngi ora ana mulih, mara padha diupaya. Sasampunipun ngandika makatên, sang rêsi lajêng dhatêng ing wana kadhèrèkakên para siswanipun, sadumugining wana lajêng sami cêluk-cêluk: Upamanyu, Upamanyu, sira ana ngêndi anggèr. Nalika Upamanyu mirêng panguwuhing gurunipun lajêng ambêngok, aturipun makatên: Dhuh guru,

--- 1 : 124 ---

kula wontên ing salêbêting luwêng. Gurunipun andangu kadospundi mula bukanipun, dene manggèn wontên ing nglêbêting luwêng. Atur wangsulanipun Upamanyu: Sêkawit kula nêdha roning arka, mripat kula nuntên wuta wasana kula kacêmplung ing luwêng. Satêlasing aturipun Upamanyu, gurunipun lajêng paring pangandika makatên: O, ênggèr, sira manêmbaha marang jawata kêmbar kang pêparap Bathara Aswin, sakarone iku dhukuning para dewa, panjênêngane supaya paring nugraha marang sira, mêsthi sira bakal bisa andulu manèh. Dupi Upamanyu sampun tampi dhawuhing gurunipun ingkang makatên wau, lajêng wiwit wicantên mêmuji ing Bathara Aswin, sarana angucapakên tatêmbungan ingkang kacêtha wontên ing rik wedha. Wontênipun kados ing ngandhap punika.

Dhuh paduka ingkang dumados sadèrèngipun wontên tumitah. Dhuh, dhuh, paduka ingkang tumitah rumiyin piyambak, paduka kawêdhar wontên ing nglêbêtipun sadaya wujud, ingkang dumados saking anasir gangsal, mugi kula winênangna sagêd anampèni lumunturing sih paduka awarni kawruh, ingkang badhe anêwahakên pangwasa samăngsa pinêlêng. Amargi pangwasa paduka tanpa watêsan, paduka sanyataning pangwasa linangkung, paduka kukila ingkang adi êlaripun, pamapaning êlar wontên ing sarira paduka, [padu...]

--- 1 : 125 ---

[...ka,] kados manawi paduka amencok wontên ing sadhengah kêkajêngan. Paduka ingkang sampun botên kasinungan watak tigang prakawis, ingkang limrah kadarbe ing satunggal-tunggaling jiwa. Paduka sampun botên wontên timbanganipun, saha gumêlar paduka wontên ing sagung dumados punika, wontên ing pangwasanipun.

Paduka garudha kancana, inggih sariraning kawontênan ingkang kawasa anglêbur sadaya dumados. Paduka ingkang sampun botên sagêd kalèntu, sarta botên wangwang dhatêng karisakan. Paduka sajatining dêdamêl linangkung ingkang êmpanipun kalihan adil, sarta botên badhe nguciwani manawi kapêngkok ing pakèwêd, paduka têtela kawasa mangrèh măngsakala. Sasampunipun paduka andumadosakên surya lajêng andumadosakên taun, ingkang katênun saking bênang pêthak tuwin cêmêng awujud wanci rintên kalihan dalu. Asarana tênunanipun wau, paduka lajêng anêtêpakên lampahing kawontênan kalih prakawis, ingkang amung kadarbe dening para jawata tuwin para pitri.[4] Pêksining agêsang ingkang sampun kapikat dening măngsakala, inggih sêsulihing rasa jati, ingkang pangwasanipun tanpa wêkasan, sampun paduka [padu...]

--- 1 : 126 ---

[...ka] rêbat saking rêgêmaning măngsakala wau, ingkang lajêng paduka lêbêtakên wontên ing kamulyan. Sadaya ingkang taksih sami silêm wontên ing kabodhoan, punika paduka upamèkakên: kawasesa dening wêwatakaning kawontênan ingkang maujud. Lêmbu tigang atus sawidak, ingkang dados sasulihipun dintên tigang atus sawidak, punika angwontênakên pêdhèt satunggal, inggih punika taun, dene pêdhèt wau dados juru anitahakên, saha juru angrisak sagung dumados. Kalampahanipun para mangudi kasunyatan, sagêd angsal puhaning kawruh sajati, inggih saking pitulunganing pêdhèt wau. Măngka ingkang anitahakên pêdhèt wau, botên sanès inggih paduka.

Taun punika kenging kaupamèkakên gulunging rodha, ingkang katancêpan êlaring rodha pitung atus kalih dasa iji. Dene ingkang kaupamèkakên êlaring rodha cacah pitung atus kalih dasa wau, petanging rintên tuwin dalu ing dalêm sataun, măngka buwêngipun ingkang tanpa wêkasan punika, minăngka pralambanging petanganipun wulan kalih wêlas, rodha wau kaèbêgan ing paracidra tuwin botên mawang dhatêng karisakan. Ugi kangge pralambangipun sadaya titahing donya, tuwin ing alam [a...]

--- 1 : 127 ---

[...lam] sanès-sanèsipun, dene ingkang ambiyantu ubênging rodha măngsakala wau, botên sanès inggih paduka, Hyang Aswin.

Rodhaning măngsakala ingkang măngka pralambanging taun, gulungipun ugi dados pralambanging măngsa nênêm. Mênggah kathahing êlar ingkang tumancêp wontên ing gulung wau, wontên kalih wêlas, inggih punika minăngka pralambangipun: gêgambaran kalih wêlas ingkang dumados saking paklêmpakaning lintang-lintang.[5] Rodhaning măngsakala wau ingkang andhawahakên wohing pandamêlipun sadaya dumados. Inggih ing rodha wau kahyanganipun para dewa ingkang sami mangwasani măngsakala. Inggih paduka pukulun, ingkang kawasa angluwari kula saking ubênging rodhanipun măngsakala, kula punika titah ingkang sakêlangkung apês, dene dahat winasesa pangwasanipun ingkang anggêgirisi sangêt. Dhuh Bathara Aswin, panunggalipun anasir gangsal prakawis, paduka maujudipun sêdya ingkang anguwoh kasênêngan ing donya, saha ing alam sanès-sanèsipun, mugi paduka kaparênga angêntas kula saking wasesaning anasir gangsal golongan, sanadyan paduka punika Brahma ingkang luhur, ewasamantên paduka [padu...]

--- 1 : 128 ---

[...ka] lêstantun amakarti wontên ing donya, maujud sadaya kaendahan, ingkang adamêl sênênging jagad.

Sakawit paduka anitahakên keblad sadasa, lajêng anitahakên srêngenge tuwin langit, kalih pisan wau prênahipun sami wontên ing nginggil, pramila para rêsi sami asêsaji dhatêng surya, anut salimrahing sêsaji dhatêng surya. Makatên ugi para dewa tuwin para manungsa inggih sami asêsaji dhatêng sadaya ingkang kêdah kaaturan sêsaji, sarta lajêng suka sokur ing manah, dupi angundhuh wohipun.

Anggèn paduka angwontênakên sakathahing sêsawangan, punika saking pamoring warna têtiga, inggih saking pamoring warna têtiga wau pinangkanipun sagung dumados, ingkang dados jajibahanipun para jawata tuwin manungsa, sajatosipun inggih warna tiga wau ingkang anggêsangi sadaya dumados.

Dhuh Bathara Aswin, kula angluhurakên asma paduka. Punapadene kula ugi angluhurakên langit, awit punika iyasan paduka. Têtela paduka ingkang matêdhakakên wohipun sadaya pandamêl. Măngka sanadyan para jawata pisan ugi botên linêpatakên saking wohing pandamêlipun. Dados amung paduka ingkang botên badhe angundhuh wohing pandamêl.

--- 1 : 129 ---

Paduka sudarmanipun sadaya dumados. Sadaya ingkang maujud jalêr punapa èstri punika inggih paduka. Inggih paduka ingkang ambukti sagung dhêdhaharan, ingkang pawingkingipun lajêng dados kawontênan cuwèr mawa daya gêsang saha êrah. Jabang bayi ingkang nêmbe lair punika nêsêp susuning biyungipun, têtela paduka jabang bayinipun. Dhuh Hyang Aswin, mugi paduka kaparêng amangsulakên pramananing pamawas kula, murih paduka têtêp minăngka dados pangayoman kula.

Jawata kêmbar, inggih Hyang Aswin, dupi midhangêt atur panglinggamurda ingkang makatên wau, lajêng mangejawantah sarta ngandika makatên: Bangêt panarimaningsun marang ing sira, mara tampanana pangan kang sun ulungake iki, lan nuli buktinên. Atur wangsulanipun Upamanyu: Dhuh Bathara Aswin, inggih dununging sasêmbahan kula, dèrèng wontên tatalanipun, manawi pangandika paduka botên kalêksanan, ananging kawuningana kawula ajrih ambuktia tatêdhan punika, sadèrèngipun kula aturakên ing guru kula. Hyang Aswin ngandika: Ing nguni gurunira wus tau darbe paminta maring sun, duk samana ingsun uga paring panganan, kaya kang dak ulungake marang sira iki. Ewadene banjur binukti padha sakala, ora dadak kaaturake marang gurune dhingin, [dhingi...]

--- 1 : 130 ---

[...n,] mula prayoga anulada lêlabêtane gurunira bae. Rikala Upamanyu dipun pangandikani makatên wau, lajêng umatur malih: Mugi paringa sagunging pangaksama, sadèrèngipun dhêdhaharan punika kula aturakên ing guru kula, kula botên badhe kadugi ambukti. Dhawuhipun Hyang Aswin: Ingsun sakêloron, kacaryan mulat bêktinira marang guru, untuning gurunira iku wus dadi wêsi, nanging untunira bakal dadi kancana. Pandulunira bisa waluya jatining nguni, sarta sira bakal nampani kamulyan.

Sasampunipun kèndêl pangandikanipun Bathara Aswin, pandulunipun Upamanyu wangsul sami sanalika kados ing nguni-uni, mila enggal umarêk ing gurunipun, sasampunipun mangabêkti, lajêng ngaturakên lêlampahanipun, ing purwa madya wasananipun botên wontên ingkang kalangkungan. Gurunipun suka amarwatasuta, lajêng ngandika: Sakèhing Wedha lan darma sastra, bakal amadhangi marang sira. Kados ingkang kawursita ing nginggil wau, kawontênaning cobi ingkang sampun dipun tampi Sang Upamanyu.

Siswanipun Rêsi Ayodadomya ingkang satunggalipun malih nama Wedha. Ing satunggiling dintên sang rêsi dhawuh dhatêng Wedha: Gèr,

--- 1 : 131 ---

Wedha, sira anambuta karya ana ing wisma bae, sarta ladènana gurunira. Wedha anggènipun anambut karya ngantos kados lêmbu ingkang kadamêlakên wontên ing pasabinan, tansah kasangsaya ing bêntèring srêngenge, miwah asrêping toya, ngêlak sarta luwe, ewadene salaminipun Wedha anglampahi makatên wau botên nate anggrêsah, sarta Wedha ngantos dangu kalampahanipun sagêd tampi panarimahing gurunipun, wêkasan Wedha lajêng tampi nugraha saking gurunipun, sagêd andarbe sawarnining kawruh. Makatên punika cobi tumrap kasêtyanipun Wedha.

Dupi Wedha sampun sarwa widakda, sarta antuk palilahing gurunipun, enggal mantuk dhatêng wismanipun, sarta lajêng dados brahmana ingkang winastan: Brahmana angrukti bale wisma[6] salêbêtipun Brahmana Wedha wontên ing padununganipun piyambak, sampun amulang siswa tiga, ewadene piyambakipun babarpisan botên nate mulang dhatêng siswanipun, bab sacaraning para siswa anindakakên kuwajiban, tuwin bab sacaranipun siswa ingkang angèstokakên dhawuhing guru, sanadyan kalih prakawis wau makangsali tumrap dhirinipun sang brahmana, awit panjênênganipun [panjênênga...]

--- 1 : 132 ---

[...nipun] sampun nate ngraosakên, mênggah rêkaosipun siswa ingkang nindaki makatên punika, mila samangke nêdya angêngènthèng pakaryaning siswanipun.

Botên watawis dangu kalihan Brahmana Wedha anggènipun nilar asramaning gurunipun, Prabu Janamejaya tuwin Prabu Posya ingkang sêkalihipun wau sami darahing satriya, sami mêrtamu dhatêng padununganipun Sang Brahmana Wedha, wigatos sang brahmana kasuwun kaparênga dados gurunipun sang prabu sakalihan, amulang kawruh kasuksman (Upadyana).

Ing satunggiling dintên, Brahmana Wedha badhe angèstrèni sêsaji ingkang têbih saking padhepokanipun, sang brahmana dhawuh dhatêng siswanipun nama Utanka, supados anyulihi ing panjênênganipun. Pangandikanipun makatên: Utanka, apa kang kudu katindakake ing sajroning padhepokan, iku tindakna, aja kongsi kalirwakake. Sasampunipun mitungkas makatên, Brahmana Wedha lajêng bidhal.

Utanka ugi lajêng ngalih manggèn wontên ing padhepokaning gurunipun, sarta tansah angèngêt-èngêt dhatêng pitungkasing gurunipun. Dupi sampun sawatawis dintên, Utanka anggènipun anyulihi kuwajibaning gurunipun, para rencang pawèstri ing padhepokan, [pa...]

--- 1 : 133 ---

[...dhepokan,] sami sowan ngadhêp wontên ing ngajêngipun Utanka, sarta lajêng sami umatur, ucapipun makatên: Dhuh, Utanta,[7] ing dintên punika garwanipun guru paduka sampun dumugi mangsanipun anglampahi kawajibaning pawèstri ingkang kawêngku ing priya, ing măngka guru andika pinuju botên wontên, ing sarèhning andika sampun pinarêngakên anyulihi mêngkoni padhepokan, punapa botên prayogi manawi andika lajêng anindakakên saprêlunipun, anêtêpi wajibing tiyang ingkang dados wêwakil. Sang Utanka sarêng mirêng rêmbag makatên wau, lajêng amangsuli dhatêng para rencang pawèstri makatên: Ora wajib aku nindakna laku kang mangkono, apamanèh pamrayoga iki mung tuwuh saka panêmune wong wadon, sarta aku uga ora tămpa dhawuhe guruku, manawa kudu anindakake lêkas kang ora pantês linakonan mau.

Sarêng sampun sawatawis dangu gurunipun dhatêng, dupi mirêng sadaya lêlampahan wau sakalangkung suka sokur ing dewa, wasana lajêng dhawuh dhatêng Utanka: Gèr, Utanka, apa baya kang ingsun ganjarake marang sira, dene anggonira lêladi maring sun wus ora nguciwani kabèh, kang mangkono iku amimbuhi gêdhening sih ingsun marang sira. Mula samêngko sira banjur wus ingsun lilani

--- 1 : 134 ---

mulih marang wismanira dhewe, wis ênggèr nuli mangkata, muga kalakona kabèh kang sira gayuh.

Rikala Utanka tampi dhawuhing gurunipun makatên wau lajêng manêmbah sarwi umatur: Dhuh guru, mugi kula kaparênga anglampahi kawajiban saprakawis malih, pundi ingkang paduka parêngakên, amargi wontên wêwangson: tiyang mulang măngka kalèntu pamulangipun, kosokwangsulipun, tiyang winulang kalèntu panampinipun, tiyang kalih wau badhe katiwasan salah satunggal, amargi lajêng mamêngsahan, awit saking punika sanadyan kula sampun tampi palilah kesah saking ing ngriki, ewadene kula taksih nêdya atur pisungsung ing paduka, punapa ingkang sayogi kapisungsungakên ing guru. Sarêng sang brahmana mirêng aturipun Utanta ingkang makatên wau lajêng mangsuli: Antinên sawatara, ênggèr. Sarêng sampun dipun sarantosakên sawatawis, gurunipun dèrèng ngandika punapa-punapa, Utanka enggal umatur malih: Mugi paduka tumuntên paring dhawuh dhatêng kula, pisungsung wujud punapa ingkang paduka kaparêngakên, dhawuhing gurunipun: Heh Utanta, kêkasih ingsun, wus marambah-rambah sira matur manawa sira kapengin amisungsung, minăngka pituwas anggonira wus winulang. Mara samêngko lumêbua ing ngomah, matura marang [ma...]

--- 1 : 135 ---

[...rang] garwaningsun, kang prayoga sira pusungsungake, iku miturut apa kang dadi pamilihing garwaningsun banjur pinangkanana. Utanka lajêng enggal umarêk ing garwaning gurunipun, sarwi umatur: Kula sampun tampi palilahing guru kula mantuk dhatêng griya kula piyambak, măngka lêrêsipun kula dèrèng kenging kesah saking ngriki, sadèrèngipun kula ngaturakên piwalês kautamèn dhatêng guru kula, awit saking punika kula kumêdah badhe atur pisungsung, minăngka tăndha panuwuning manah, anggèn kula sampun winulang salwiring kawruh, mila pisungsung punapa ingkang paduka karsakakên, mugi paduka kaparêng lajêng andhawuhakên. Garwanipun sang brahmana lajêng andhawuhakên makatên: Sira amarêka Prabu Posya, nyuwuna anting-anting kang diagêm sang pramèswari, sawuse kaparêng nuli gawanên mrene. Antara patang dina êngkas bakal ana dina sukci, ing dina mau aku kawajiban anêmoni para brahmana kang bakal padha bujana ing padhepokan kene, anting-anting mau bakal ingsun anggo nêmoni. Utanka tumuli lakonana dhawuh ingsun iki, manawa bisa kalêksanan sira mêsthi bakal nêmu kabêkjan, ananging yèn ora bisa kalakon sira bakal nêmu sangsara.

Satêlasing pangandikaning garwanipun sang brahmana, Utanka pamit [pami...]

--- 1 : 136 ---

[...t] lajêng pangkat. Wontên ing margi Utanka kapapak tiyang jalêr agêng inggil numpak lêmbu sakêlangkung agêng, tiyang wau anguwuh-uwuh dhatêng Utanka, ucapipun makatên: Hèh Utanka, panganên talethonge sapi iki. Utanka botên purun anglêksanani, tiyang wau lajêng wicantên malih: He, Utanka nuli panganên, aja anggagas mungguhing sababe, kawruhana gurunira uga wus tau mangan iki. Ing ngriku Utanka lajêng purun nêdha talethong, tuwin angumbe uyuhing lêmbu wau. Sabibaring anggènipun nêdha, Utanka lajêng ngadêg, wisuh tuwin angucapi tutukipun, tumuntên anglajêngakên lampah.

Sadumugining kadhatonipun Prabu Posya, Utanka priksa sang prabu lênggah wontên ing dhampar, mila enggal umarêk sarwi asêsanti kaluhuranipun sang prabu, wasana lajêng umatur: Sinuhun, sowan kula ing ngarsa paduka punika, wigatos badhe darbe panyuwun. Sasampunipun sang prabu angaturakên pambagya sarta ngancarani palênggahan dhatêng sang brahmana, lajêng ngandika: Bagawan, mugi lajêng kadhawahna kadospundi ingkang kêdah kula lampahi. Aturipun Utanka: Sinuhun, sowan kula ing ngarsa paduka punika, wigatos badhe nyuwun anting-anting ingkang kagêm pramèswari nata, parlu badhe kula pisungsungakên dhatêng [dha...]

--- 1 : 137 ---

[...têng] guru kula, paduka punapa kaparêng kanthi dhanganing panggalih, amaringakên anting-anting ingkang dados panyuwun kula wau.

Pangandikanipun Prabu Posya: Mugi sang bagawan kaparênga tindak dhatêng kadhaton, pinanggih kalihan pramèswari piyambak, sarta lajêng amundhuta anting-anting wau. Utanka lumêbêt ing kadhaton. Sarêng pramèswari nata botên katingalan, lajêng wangsul marêk sang nata malih sarwi umatur: Sinuhun, ingatasipun paduka botên prayogi, manawi andhawuhakên pangandika ingkang botên nyata, dene pramèswari paduka botên katingal lênggah wontên ing gêdhong palênggahanipun. Rikala sang prabu midhangêt aturipun Brahmana Utanka ingkang makatên wau, lajêng amangsuli pangandika: Bagawan, mugi kaparênga angèngêti kawontênan paduka pribadi, bokbilih sang bagawan taksih kalepetan ing rêrêgêd, awit ambukti dhêdhaharan ingkang botên sukci. Kawuningana, pramèswari kula punika wanita ingkang sukci, mila sampun saèstu botên sagêd kadulu dening sintêna ingkang botên sukci, ugi botên sagêd angatingali dhatêng sintêna ingkang taksih kalepetan ing dosa.

Utanka kèndêl sakêdhap, wasana lajêng umatur: Kaluhuran [Kaluhura...]

--- 1 : 138 ---

[...n] dhawuh pangandika paduka sang prabu, kabêkta saking jujuling manah, anggèn kula sêsukci nalika mêntas ambukti tatêdhan, amung kalihan ngadêg kemawon. Sang prabu ngandika malih: Manawi botên kalèntu, wontên pêpali ingkang mungêl makatên: sêsukci botên kenging kalihan jumênêng, sarta botên kenging katindakakên salêbêtipun lumampah. Utanka ngakêni lêrêsing pangandikanipun sang prabu, mila lajêng dhatêng patirtan, lênggah majêng mangetan, anukcèni suku, asta, saha pasuryanipun, sasampunipun lajêng anêcêp toya sukci ingkang asrêp utawi botên munthuk rambah kaping tiga kalihan botên nyuwantên, punapadene anggènipun ngunjuk toya wau, kêdah ngantos karaos dumugi ing padharan. Sasampunipun lajêng angucapi pasuryan kaping kalih, angusapi tingal, talingan, tuwin peranganing badan sanès-sanèsipun kalihan toya. Saparipurnaning anggènipun sêsukci, Sang Utanka wangsul dhatêng ing kadhaton malih, ing wêkdal wau lajêng sagêd wuninga dhatêng pramèswari. Pramèswari nata panampènipun dhatêng sang brahmana kalayan prayogi, sarta lajêng ngancarani palênggahan sarwi umatur: Punapa kasugêngan rawuhipun sang bagawan wontên ing dhatulaya ngriki, sarta punapa ingkang dados kaparêngipun sang bagawan, mugi tumuntên kadhawuhna, supados [supado...]

--- 1 : 139 ---

[...s] kula lajêng sagêd anglêksanani. Sang Utanka umatur: Dhuh sang pramèswari, mugi kaparênga paduka amaringakên anting-anting agêm paduka punika dhatêng kula, wigatos badhe kula pisungsungakên dhatêng guru kula. Sang pramèswari dahat kacaryan ing panggalih sarêng midhangêt aturipun Sang Brahmana Utanka ingkang makatên wau, awit kawistara manawi sang brahmana agêng sihipun, mila lajêng dipun pituruti. Sang pramèswari ing wêkdal wau lajêng lukar agêmipun anting-anting katampèkakên dhatêng Sang Brahmana Utanka sarwi ngandika: Anting-anting punika tansah kaupaya dening Taksaka (ratuning para naga) awit saking punika mugi ingkang ngatos-atos pambêkta paduka.

Atur wangsulanipun Sang Utanka: Paduka mugi sampun ngantos nyumêlangakên prakawis pambêkta kula, kawuningana, Taksaka inggih ratuning naga botên sagêd angasorakên dhatêng kula. Sasampunipun matur makatên, Sang Utanka pamit tumuntên mêdal marêk Sang Prabu Posya, sarwi umatur: Dhuh narendraning bawana, ing mangke sampun lêga manah kula. Sang prabu amangsuli pangandika: Sêdya utami punika botên tamtu sagêd kasêmbadan sami sanalika, paduka sayogi dadosa tamu kula, awit saking punika kula badhe atur sêsaji sradda, mugi bagawan kaparênga [kapa...]

--- 1 : 140 ---

[...rênga] lêrêm sawatawis. Aturipun Sang Brahmana Utanka: Inggih sinuhun, kula badhe anglaksanani dhawuh paduka, pramila dhêdhaharan ingkang sukci tumuntên kadhawahna angladosakên. Sang prabu amarêngakên punapa ingkang sampun dados panyuwunipun sang brahmana, punapadene pasunggatanipun sang prabu katingal sakalangkung prayogi.

Kacariyos sarêng Sang Utanka priksa manawi dhêdhaharan ingkang kêsagahakên wau wontên ingkang katutan rikma saha sampun asrêp, sang brahmana lajêng manggalih bilih dhêdhaharan punika botên sukci, wasana lajêng matur dhatêng sang prabu makatên: Dhuh sinuhun, paring paduka sêgah punika sanès tatêdhan ingkang sukci, sarèhning makatên kawontênanipun, paduka badhe nandhang wuta. Prabu Posya lajêng ngandika: Bagawan pratela bilih dhêdhaharan pisêgah kula punika botên sukci, măngka sayêktosipun sukci, mila sot paduka wau saèstu botên badhe katêmahan. Sang Utanka matur malih: Paduka paring sêgah tatêdhan ingkang têmên botên sukci, ewadene paduka botên kaparêng ngakêni, ingkang makatên punika sanès lênggahipun para narendra, pramila mugi narimaha tampi cobining dewa, wuta paningal paduka.

--- 1 : 141 ---

Prabu Posya sarêng priksa bilih dhêdhaharan wau sanyata botên sukci, panjênênganipun ugi lajêng ngrumaosi dhatêng kalêpatanipun, pramila lajêng ngandika dhatêng sang brahmana, manawi dhêdhaharan wau têmên botên sukci, awit sampun asrêp, saha katutan rikma, tatela bilih dhêdhaharan punika wau dipun ratêngi dening pawèstri ingkang wudhar gêgêlungipun, ing ngriku sang prabu lajêng matur sarwi angrarêpa dhatêng Sang Utanka, pangandikanipun makatên: Dhuh, sang tapa, dhêdhaharan pisêgah kula wau têmên asrêp saha karêgêdan ing rikma, tatela pangruktinipun botên kanthi pangatos-atos, ingkang punika mugi sang bagawan kaparênga angrêntahakên pangaksama dhatêng kalêpatan kula, saha paringa barkah sampun ngantos kula kalampahan wuta. Aturipun Brahmana Utanka makatên: Punapa ingkang sampun kula ucapakên, saèstu badhe kalampahan, paduka tamtu kalêksanan wuta, ananging sanadyan badhe kalampahan makatên, ewadene ing têmbe paduka badhe sagêd waluya jati kados ing nguni-uni, pramila pangandika paduka ingkang wigatos anyabarakên sot kula wau mugi kaparênga anjabêl. Prabu Posya mangsuli pangandika makatên: Dhuh sang tapa, kula botên kuwagang anjabêl pangandika ingkang sampun kawiyos, [kawi...]

--- 1 : 142 ---

[...yos,] malah runtiking panggalih kula dumugi sapriki dèrèng sagêd kawasesa, saèstunipun paduka katêmbèn dhatêng wêwatakan makatên punika, amargi ambêgipun para brahmana punika, alus kadosdene martega ingkang sawêk mêntas kinêbur, ananging ampuhing pangandikanipun, kados lading pamarasan, dados kosokwangsul kalihan wêwatakaning para satriya. Manawi para satriya punika ucapipun alus kados martega ingkang mêntas kinêbur, dene pamanahanipun landhêp kados dêdamêl ingkang mêntas kaungkal. Awit saking punika kula botên kadugi anjêbêl pangandika kula, kabêkta saking wantêring mêmanahan kula, botên langkung sang bagawan lajêng kaparênga anglajêngakên lampah paduka kemawon. Atur wangsulanipun Sang Utanka: Kula ngaturakên manawi dhêdhaharan paring paduka wau botên sukci, kalampahan samangke sang prabu angrarêpa dhatêng kula, kajawi punika suwau sang prabu ngandika manawi sot kula botên badhe katêmahan, amargi paduka galih manawi anggèn kula mratelakakên botên sukcining dhêdhaharan punika kalèntu, măngka sanyatanipun pancèn lêrês, mila sabda paduka tamtu botên katumusan, mugi kayêktosana atur kula sadaya wau têmtu botên wontên ingkang cidra. Satêlasing pangandikanipun [pangandikanipu...]

--- 1 : 143 ---

[...n] Brahmana Utanka lajêng madal pasilan, sarwi ambêkta anting-anting.

Wontên ing margi Sang Utanka priksa satunggaling tiyang papariman, ingkang warninipun botên murwat, tiyang papariman wau saking katêbihan sampun kawistara, manawi nêdya amapakakên lampahipun Sang Utanka, sarta sakêdhap katingal, sakêdhap ical. Kalêrêsan ing wêkdal wau Sang Brahmana Utanka kraos badhe tatoyan, mila anting-anting ingkang kabêkta kasèlèhakên wontên ing siti, dene sang brahmana lajêng lumampah dhatêng panggenan ingkang wontên toyanipun. Salêbêtipun Sang Utanka tatoyan, tiyang ingkang katingal kados tiyang papariman wau, enggal amurugi anting-anting ingkang katilar ing siti kapêndhêt sarta lajêng kabêkta lumajêng. Sang Utanka sasampunipun tatoyan, tumuntên sêsukci sarwi manêmbah ing dewa tuwin para gurunipun, saparipurnanipun enggal lumajêng anututi dhatêng tiyang papariman ingkang mêndhêt anting-anting wau. Pambujêngipun Sang Utanka ngantos sawatawis dangu, wêkasan sagêd katututan, tiyang papariman kenging kacêpêng lajêng kasêndhal, sami sanalika sirna wujuding kamanungsanipun, wangsul sajatining wujudipun piyambak dados Taksaka, tumuntên lumêbêt ing rong.

--- 1 : 144 ---

Sang Taksaka têrus anglajêngakên lampahipun dhatêng padununganipun piyambak, inggih punika dhatêng karatonipun para naga, ingkang dumunung wontên ing dhasaring pratala.

Ing wêkdal wau Sang Utanka kèngêtan piwêlingipun sang pramèswari, mila nêdya anututi Sang Taksaka. Êrong ingkang linêbêtan ing Sang Taksaka wau, dipun kêdhuki kalayan kêthokan êpanging kêkajêngan, ingkang botên sapintêna angsal-angsalanipun. Bathara Endra wêlas anguningani sangsaranipun Sang Utanka ingkang makatên punika, pramila enggal anurunakên balêdhèg (bajra) kautus amitulungi dhatêng Sang Utanka. Bajra sumusup wontên ing kajêng dêdamêlipun Sang Utanka, mêdhar prabawa, sami sanalika êrong watu dados sakalangkung wiyar. Kala samantên Sang Utanka lajêng enggal lumêbêt ing rong, sadumuginipun ing dhasaring pratiwi, Sang Utanka priksa alaming para naga ingkang wiyaripun tanpa watêsan, inggih ing ngriku punika dunungipun kadhatonipun nagaraja. Pintên-pintên suyasa agêng-agêng sakalangkung adi, sinung pêpanggungan inggil-inggil. Malige, yasakambang, ing sasêla-sêlaning suyasa, sami kinêbon ing kêmbang-kêmbang sakalangkung asri. Gapura agêng pintên-pintên, griya panggenan tatingalan, tuwin palinggaraning para naga, [na...]

--- 1 : 145 ---

[...ga,] ingkang kathahipun maatus-atus. Rikala punika Sang Utanka angluhurakên para naga, sarana amêdharakên sloka ingkang ungêlipun kados ing ngandhap punika:

Dhuh, paduka para naga, wadyanipun Prabu Erawata, ingkang adamêl ulabing mêngsah manawi amangun yuda. Bilih angêdalakên dêdamêl, angêndhanu kadi mêndhung ing măngsa jawah, ingkang binarung ing kilat thathit aliwêran, binuncang ing prahara mawulêkan. Dhuh putranipun Erawata, ingkang suwarninipun sakalangkung adi, tuwin ngagêm anting-anting ingkang sumorot amăncawarni. Suwarni paduka botên pae kalihan diwangkara ing nêdhêng têngange. Ing pagisikaning lèpèn Gangga ingkang iring lèr kathah karaton naga, inggih ing ngriku punika panggenan ingkang kula tamtokakên kangge angluhurakên para naga. Sintên ta ingkang rêmên molah wontên ing bêntèring surya, kajawi Sang Erawata. Manawi Sang Dritarastra (sadhèrèkipun jalêr Sang Erawata) alêlangên kaayap ing para naga 28008 iji, inggih paduka para naga ingkang sami kagungan sadhèrèk sêpuh Sang Erawata, sarta ingkang tansah cêlak saha rinakêtakên dening Sang Dritarastra tuwin Sang Erawata, kula sumungkêm ing paduka sadaya.

Dhuh Sang Taksaka, ingkang ing nguni angadhaton wontên ing Kuruksetra [Kuru...]

--- 1 : 146 ---

[...ksetra] tuwin ing wana Kandhawa, kula ugi manêmbah ing paduka, pramila mugi wontêna karsa paduka amaringakên wangsul anting-anting kula. Sang Taksaka sakalihan Sang Aswasena, ingkang tansah sami rêrakêtan, paduka sami angadhaton wontên ing têpining lèpèn Iksyumati ingkang dumunung wontên ing Kuruksetra. Kula ugi angluhurakên dhatêng ingkang kalokèng rat Sang Srutasena, arinipun Sang Taksaka, saha ingkang angadhaton wontên ing panggenan sukci nama: Mahadyumna, dene anggènipun sasana wontên ing ngriku punika, wigatos anggayuh sagêda jumênêng dados ratuning naga.

Brahmana Rêsi Utanka tansah manglinggamurda ing para nalaraja,[8] kados ingkang sampun kawursita ing nginggil, ewadene anting-antingipun mêksa botên kawangsulakên, dupi sampun têtela manawi anting-antingipun botên kawangsulakên, Sang Brahmana Rêsi Utanka sakêlangkung kaèmêngan ing panggalih, mila tansah manolèh mangiwa manêngên. Ing ngriku panjênênganipun anguningani pawèstri kêkalih sami nênun sinjang, ing salêbêting tropongipun isi bênang ingkang sakalangkung lêmbat, dene bênangipun ingkang dipun pênthang warninipun cêmêng tuwin pêthak. Anjawi punika sang brahmana rêsi ugi priksa jăntra ingkang mawi êlar

--- 1 : 147 ---

kalih wêlas, kaubêngakên dening jêjaka nênêm, sarta priksa satunggaling priya anuntun kuda sae wandanipun. Sang Brahmana Rêsi Utanka tumuntên anguwuh dhatêng têtiyang wau, dene panguwuhipun mawi dipun pinangkani angucapakên măntra kados ingkang kasêbut ing ngandhap punika:

Buwênging jăntra pinerang dados kawan likur perangan, punika atêgês gantos-gumantosing rêmbulan (wulan kaping kalih wêlas, panglong kaping kalih wêlas), dene êlaripun wontên tigang atus iji, punika tansah dipun ubêngakên dening jêjaka nênêm (măngsa) ingkang botên wontên kèndêlipun. Pawèstri wau dados pralambanging kodrat, ingkang tansah nênun sinjang ngangge bênang cêmêng tuwin pêthak, dene pikajêngipun anêdahakên manawi alam punika sami limput-linimputan, dalah saisèn-isènipun ingkang sami dêdunung wontên ing ngriku. Dhuh, dhuh, inggih paduka ingkang sikêp sanjata balêdhèg, inggih paduka pangayomaning sagung dumados, sarta pangrurahing witri tuwin namuci. Paduka titah linangkung ingkang asingêp cêmêng, sarta anggêlar ingkang sanyata tuwin ingkang cidra. Inggih paduka ingkang kagungan kuda momotan asli saking dhasaring samodra, dene kuda punika botên liya inggih panjanmanipun [panjanmanipu...]

--- 1 : 148 ---

[...n] Sang Hyang Agni (dewaning latu). Dhuh, Purandara, kula manêmbah ing paduka, inggih paduka pangeraning tri bawana ingkang luhur pribadi.

Wasana priya ingkang anuntun kuda wau, lajêng amangsuli pangandika dhatêng Brahmana Rêsi Utanka makatên: Panêmbahira mau andadèkake karênaningsun, mulane sira ingsun parêngake darbe panyuwun kang bakal ingsun pituruti. Aturipun Brahmana Utanka: Mugi para naga sagêda sami kasoran dening kula. Priya wau ngandika malih: Sira anyêbula sarupaning bolongan kang ana ing badane jaran iki. Brahmana Utanka angèstokakên dhawuh tumuntên anyêbul sadaya bolongan ingkang sami wontên ing badaning kuda wau, sanalika sadaya bolongan sami angêdalakên latu ingkang mangalad-alad, saha kukus sakalangkung kathah. Lajêng anyalad tuwin anyulêgi padununganing para naga. Sang Taksaka dahat kagawokan sarta sakalangkung maras, nyumêrapi mangalad-alading latu tuwin sulêging kukus wau, mila Sang Taksaka enggal linggar saking kadhaton, tumuntên anyêlaki Sang Utanka sarwi mangarih-arih: Dhuh bagawan, mugi paringa sagunging pangaksama dhumatêng kula. Sumăngga lajêng anampènana anting-anting paduka. Sang Utanka ugi

--- 1 : 149 ---

lajêng anampèni anting-antingipun.

Sasampunipun anampèni anting-anting, Sang Utanka angunandika salêbêting panggalih: Ing dina iki kabênêr dina sukci dadi iya esuk iki garwane guruku, gone karsa angagêm anting-anting kang dak gawa iki, ing măngka samêngko isih samene adohe, kapriye baya anggonku anêksèkake kasêtyanku marang panjênêngane. Salêbêtipun Sang Utanka kèmêngan panggalihipun, priya ingkang anuntun kuda wau tumuntên anguwuh dhatêng Sang Utanka: Hèh, Utanka, tugangana[9] jaran iki, sira bakal bisa tumêka ing padhepokaning gurunira padha sanalika. Sang Utanka manêmbah lajêng anyengklak kuda, namung sakêdhaping netra sampun dumugi ing padhepokaning gurunipun.

Ing wanci enjing nyarêngi ing dintên pangkatipun Sang Utanka saking kratoning naga, garwanipun Sang Rêsi Wedha sabibaring sasukci lajêng lênggah sarwi anyêrati rikmanipun, kalihan anglocita ing salêbêting panggalih, bilih dhatêngipun Utanka botên sagêd anêtêpi ing wanci ingkang sampun dipun sanggêmi, badhe kaêsotakên. Sadanguning garwanipun Sang Rêsi Wedha anglocita salêbêtipun panggalih makatên wau, Sang Utanka dhatêng manêmbah sarwi angaturakên anting-anting. Garwaning Sang Rêsi Wedha lajêng angandika: [angandi...]

--- 1 : 150 ---

[...ka:] Bageya satêkanira gèr, lan kawruhana, têkanira iki ambarêngi ing wanci gon ingsun arêp nganggo anting-anting mau, dadi samêngko sira ora dosa, malah anampani kanugrahan, muga gêgayuhanira kalakona kabèh.

Brahmana Utanka lênggah sarwi tumungkul, ing batos angajêng-ajêng rawuhing gurunipun. Botên watawis dangu gurunipun rawuh, ingkang lajêng ngandika makatên: Apa padha raharja satêkanira ênggèr, apa mulane dene kongsi suwe têmên lakunira. Sang Utanka umatur: Dhuh guru, saantuk kula saking kadhatonipun Prabu Posya, lampah kula rinubeda dening Taksaka ratuning naga. Kula ngantos kapêksa dhatêng ing alaming para naga, wontên ing ngriku kula priksa kênya kêkalih sami nênun, dene bênangipun ingkang katênun warninipun cêmêng kalihan pêthak.

Dhuh guru, mugi paduka kaparênga amêdharakên sasmita punapa kawontênan ingkang makatên punika. Anjawi punika wau kula ugi wuninga jăntra mawi êlar kalih wêlas, kaubêngakên tanpa kèndêl dening jêjaka nênêm, punika wigatosipun punapa. Sarta malih sintên satunggaling priya ingkang kula sumêrapi ing wêkda wau, sarwi anuntun kuda agêng anggêgirisi, saha punapa ingkang amimba warna kuda agêng ingkang angebat-ebati [angebat-eba...]

--- 1 : 151 ---

[...ti] punika. Punapadene rikala bidhal kula saking ngarsa paduka ngriki badhe sowan Sang Prabu Posya, wontên ing margi kula pinanggih kalihan satunggaling priya agêng inggil awahana lêmbu, ingkang sakalangkung agêng, priya wau amêksa dhatêng kula supados nêdhaa talethonging lêmbunipun, ucapipun makatên: Hèh, Utanka, mara panganên talethonge sapi iki, ing nguni gurunira uga wus amangan talethonge sapi iki. Kula ugi lajêng anglêksanani sapakènipun priya wau, dene priya punika wau sintên. Dhuh guru, mugi paduka kêparênga anggancarakên kawontênan sadaya wau.

Sarêng gurunipun midhangêt aturipun Sang Utanka ingkang makatên punika lajêng amangsuli pangandika: Mungguh kênya loro kang sira sumurupi iku pêparape Dèwi Data lan Dèwi Widata, dene bênange kang irêng lan putih warnane iku atêgês rina lan wêngi. Jăntra kang êlare rolas, diubêngake dening jêjaka nênêm, iku pralambanging taun, kang binage dadi nêm măngsa. Dene priya kang nuntun jaran iku Hyang Parjanya pribadi. Iyaiku dewaning udan. Kang mindha jaran, iku Hyang Agni, dewaning gêni. Sapi kang sira sumurupi ana ing dalam, rikalane sira mangkat saka ing kene, iku Sang Erawata ratuning Dwipangga, [Dwi...]

--- 1 : 152 ---

[...pangga,] kang anitihi iku Hyang Endra. Dene talethonging sapi kang sira pangan iku Amrêta, mulane sira bisa rahayu lumêbu ing karatoning naga, karana sira wus ambukti Amrêta. Sumurupa ênggèr, Hyang Endra iku mitraningsun, kang amarga panjênêngane mau rêmên atêtulung, nuli angatingalake sihe marang sira. Awit saka iku mula sira bisa bali mrene kalawan rahayu lan anggawa anting-anting. Hèh kêkasihing dewa, samêngko sira sun lilani aninggal gurunira, lan ing têmbe sira bakal anampani nugraha gêdhe.

Sasampunipun tampi dhawuh makatên wau, Brahmana Rêsi Utanka lajêng manêmbah pamit anilar padhepokan. Saunduripun saking ing ngriku botên lajêng dhatêng padununganipun piyambak, ananging awit saking panggalihipun taksih nawung duka dhatêng para naga, sêdyanipun badhe anandukakên piwalês dhatêng Sang Taksaka, mila lampahipun lajêng anjujug dhatêng ing Astinapura. Sadumuginipun ing Astina Sang Maharsi Utanka pratela dhatêng ingkang jagi gapura, bilih panjênênganipun badhe pinanggih kalihan Sang Prabu Janamejaya. Rikala punika sang prabu sawêg kondur saking anggènipun ambêdhah nagari Taksasila, taksih sineba ing para nayakanipun. Sang brahmana rêsi inggal [ingga...]

--- 1 : 153 ---

[...l] marêk ing sang prabu, lajêng angluhurakên asmanipun, sarana wicara arum, ingkang suraos anênangi dhatêng panggalihipun sang prabu. Makatên pangandikanipun: Dhuh, dhuh, tatungguling para narendra, mugi sampun kabêsturon tansah angeca-eca kadi pratingkahing rare alit, amargi taksih wontên prakawis ingkang prêlu paduka uningani.

Sang Soti anglajêngakên cariyosipun:

Sarêng Sang Prabu Janamejaya midhangêt pangandikanipun Sang Brahmana Rêsi Utanka ingkang makatên wau, gurawalan amapagakên, sarwi angancarani palênggahan. Sasampunipun sami satata lênggah sang prabu lajêng matur dhatêng sang brahmana. Makatên pangandikanipun: Kabêkta saking sih kula dhatêng têtiyang isining nagari kula, mila kula tansah amrih kuncaranipun băngsa kula ingkang tatela sami utami pambêganipun. O, bagawan, mugi lajêng kadhawuhna punapa ingkang kêdah lajêng kula lampahi, saha prakawis punapa ingkang dados jalaraning rawuh paduka wontên ing karaton kula.

Kacariyos, tatungguling para brahmana, inggih Sang Maharsi Utanka, ingkang sampun kinacèk kalihan para utami, sasampunipun kawangsulan pangandika makatên wau dening narendra ingkang kasumbaga [ka...]

--- 1 : 154 ---

[...sumbaga] ing jagad, lajêng angandika makatên: Dhuh narendraning bawana, punapa ingkang badhe kula aturakên punika, sayêktosipun kuwajiban paduka, sumăngga kapiyarsakna atur kula. Kawuningana, ing nguni ingkang dados jalaraning muksanipun rama paduka Sang Prabu Parikêsid, punika saking pandamêling Taksaka. Pramila bilih sang prabu sambada ing karsa, mugi kaparênga pêpulih sedanipun rama paduka wau, amalês piawoning sawêr ingkang dahat sikara punika. Saking pamawas kula sapunika sampun dumugi ing mangsanipun, piwalês wau dipun tandukakên. Pramila sang prabu mugi kaparênga bidhal ing dintên punika, angrabasa sang nagaraja. Awit rama paduka punika botên dosa, ing măngka sarpa kamipurun anyakot, ingkang lajêng anjalari muksanipun. Wangsul dhatêng kamulanipun malih, inggih punika dhatêng anasir gangsal prakawis, kados kawontênanipun kêkajêngan, ingkang kabêsmi sinambêr ing gêlap. Pun druhaka nagaraja sasampunipun kasinungan pangwasa, lajêng kumlungkung sarta angugung piawonipun, inggih punika lajêng kumawani anyakot rama paduka Sang Prabu Parikêsit, ingkang salingga bathara saha dados pangayomanipun para raja pandhita. Sang Kasyapa, ratuning dhêdhukun, nalikanipun badhe amitulungi rama paduka sang prabu, [pra...]

--- 1 : 155 ---

[...bu,] awit saking patrap kaculikanipun sarpa, têmahan wangsul botên saèstu amitulungi. Dhuh sang prabu, dene lêkas ingkang prayogi piyambak, kangge angrabasa pun ambêk culika wau, botên liya amung lajêng kabêsmia kemawon, wontên ing latuning sêsaji ingkang kawastanan: sêsaji naga. Sumăngga sang prabu mugi tumuntên andhawuhakên mirantos sêsaji. Inggih amung makatên punika margi ingkang utami tumrap paduka, kangge anandukakên piwalês muksanipun rama paduka sang prabu. Punapadene lampah makatên punika satunggiling kabêkjan sarta pisungsung paduka ingkang agêng tumrap ing kula. Dhuh sang nata ingkang ambêg utami, mila makatên, awit Taksaka ingkang kumalungkung wau ugi sampun angrubeda lampah kula, rikala kula anglampahi kawajiban sukci, angèstokakên dhawuhing guru kula.

Sang Soti anglajêngakên cariyosipun makatên: Rikala Prabu Janamejaya midhangêt cariyosipun Maharsi Utanka ingkang makatên wau lajêng katêtangi, wêlas panggalihipun dhatêng ingkang rama, wasana sangêt anginggit-inggit dhatêng Sang Taksaka. Aturipun Sang Brahmana Rêsi Utanka wau adamêl runtiking panggalihipun sang prabu, candranipun kadosdene latu [la...]

--- 1 : 156 ---

[...tu] kurban ingkang ginrujug ing martega sukci. Sanadyan sang prabu ing wêkdal sêmantên taksih wontên ing ngarsanipun Sang Maharsi Utanka, saking sêruning dukanipun, sami sanalika wau lajêng andangu dhatêng para nayaka, punapa ingkang dados dhadhakaning muksanipun ingkang rama. Ing salajêngipun, awit saking aturipun Sang Maharsi Utanka, bab lêlampahanipun ingkang rama wau andadosakên karêrantaning panggalihipun sang prabu.

Makatên wêkasanipun bab ingkang kawastanan Posya Parwa, golongan ing Adi Parwa, saking Sêrat Mahabarata ingkang binarkahan.

Bab IV. Poloma Parwa.

Rêsi Ograsrawa, inggih Sang Soti, ingkang lêbda dhatêng Sêrat Purana, putranipun Sang Lomaharsana, rikala wontên ing wana Nemisya, tumut angèstrèni sêsaji ingkang kawontênakên dening Sang Sonaka, ugi ingkang pêparap Sang Kulapati. Sêsaji wau kawontênakên ing sabên kalih wêlas taun sapisan, sarta kanamakakên: sêsaji sonaka. Nalika samantên Sang Soti wontên ing antawisipun para tapa, ingkang ing wêkdal wau ugi sami angèstrèni sêsaji, panjênênganipun [pa...]

--- 1 : 157 ---

[...njênênganipun] jumênêng, anguncupakên astanipun sarwi ngandika makatên: Dhuh para tapa, anggèn kula nyariyosakên lêlampahanipun Brahmana Rêsi Utanka sampun tamat, inggih amargi saking lêlampahanipun Sang Utanka ingkang makatên wau, wontên sabagiyaning sababipun ingkang sagêd anêwahakên jalaran anggènipun Sang Prabu Janamejaya angwontênakên sêsaji naga. Dhuh para tapa, ing mangke kadospundi ingkang dados panujuning pangalih[10] paduka, kula prêlu nyariyosakên punapa malih. Para tapa lajêng mangsuli pangandika makatên: Dhuh, Lomaharsanaputra, kula sadaya sami darbe panyuwun ing paduka, saèstunipun paduka kaparêng amituruti. Pramila manawi andhanganakên ing panggalih, mugi kaparênga anyariyosakên cariyos ingkang luhur-luhur. Amung kemawon anggèn paduka amiwiti, angêntosana rawuhipun guru kula Sang Sonaka ingkang wêkdal punika taksih angrukti latu sukci wontên ing sanggar palanggatan. Panjênênganipun punika lêbda dhatêng cariyosipun para dewa tuwin asura. Makatên ugi jêmbar kawruhipun dhatêng babad ingkang nyariyosakên lêlampahanipun para manungsa, naga, tuwin gandarwa. Dhuh Sang Soti, kajawi punika sang brahmana linangkung wau wontên ing

--- 1 : 158 ---

wiwahaning sêsaji ngriki kapilih dados pangajêng. Panjênênganipun punika linangkung ing guna pangawikanipun, sêtya dhatêng sêsanggêman, guru ingatasipun dhatêng sastra[11] saha aranyaka,[12] têtêp dhatêng pangandika, trêsna dhatêng katêntrêman, pangrurahing angkara murka, sêngsêm dhatêng kasutapan, miturut sawêwarahing agami. Pramila kula sadaya prayogi, manawi angluhurna ing panjênênganipun. Mangke manawi panjênênganipun wau sampun lênggah, paduka kaparênga lajêng têtarosan, kalayan tatungguling para dwija punika, cariyos punapa ingkang dipun parêngakên.

Sang Soti angandika malih: Kasinggihan pamrayogi paduka punika. Bilih mangke Sang Minulya Maharsi Sonaka sampun lênggah satata, măngka kaparêng dhawuh dhatêng kula, saèstu kula lajêng nyariyosakên sawarnining lêlampahan ingkang sukci-sukci. Dèrèng kèndêl anggènipun sami imbal wacana, kasaru miyosipun Sang Sonaka, ingkang mêntas anglampahi kawajibanipun, dados ulu-uluning sêsaji, tuwin asêsanti dhatêng para dewa, punapadene amulyakakên dhatêng yitmanipun para lêluhur, sarana sêsaji toya. [to...]

--- 1 : 159 ---

[...ya.] Kala samantên panjênênganipun Sang Sonaka lajêng lênggah, tatunggilan kalihan para tapa wontên ing pasamuwaning sêsaji. Sarêng para ritwika[13] tuwin saddhassya[14] sampun sami wangsul sarta satata lênggah wontên ing ngriku, Sang Sonaka lajêng awiwit angandika.

Bab V. (Sambêtipun Poloma Parwa).

Pangandikanipun Sang Sonaka makatên: Ênggèr, Lomaharsanatanaya, ing nguni sudarmanira wus tamat pasinaone, sarta lêbda marang sagung Layang Purana, apadene wus puruhita marang Sang Krêsna Dwipayana bab carita Barata. Apa sira uga wus nyumurupi kabèh mau. Layang-layang kuna kang padha ngêmot dêdongengan kang anêngsêmake ati, utawa kang isi babat lêlakone lêluhuring para wicaksana kang wiwitan, iku ingsun wus karungu kabèh, saka caritane sudarmanira. Mula samêngko, kang dhingin ingsun kêpengin miyarsa caritanira lêlakone darah Brigu, muga sira andhangana, nyaritakake bab mau. Ingsun, apadene para tapa kabèh iki, wus padha samêkta nêdya anggatèkake marang caritanira.

Atur wangsulanipun Sang Soti makatên: Sadaya sêrat ingkang [ing...]

--- 1 : 160 ---

[...kang] sami kaparsudi dening para brahmana, saha ingkang sampun kawêdharakên dening Sang Wesampayana, punika sadaya sampun dados kasagêdan kula, sarta sadaya ingkang sampun kaparsudi dening sudarma kula wau, sampun kula sumêrêpi sadaya. Dhuh, têdhaking Brigu, sumăngga kapiyarsakna lêlampahanipun para darah Brigu, ingkang sampun asring kacariyosakên, saha sampun asring kamirêngakên dening para minulya têdhaking Brigu. Sang Brigu punika ingaji-aji dening Hyang Endra, para jawata, para rêsi, tuwin maruta (sawarnining angin). Dhuh tatungguling para muni, ingkang rumiyin kula kaparênga nyariyosakên aluraning darah Brigu ingkang ugi sampun kawursita wontên ing Sêrat Purana.

Sang Maharsi Brigu ingkang sampun antuk nugrahaning dewa, kados ingkang kawursita ing nginggil, punika ingkang dumadosakên Hyang Brahma pribadi, saking dayaning latu sêsajinipun Hyang Waruna. Maharsi Brigu punika apêputra kakung asêsilih nama Cyawana, sarta Cyawana wau sangêt dipun sihi dening ingkang rama. Sang Cyawana apêputra Sang Pramati, ingkang pambêganipun sakêlangkung utami. Dene Sang Prêmati apêputra Sang Ruru, patutan saking Dèwi Gritaci (juru bêksa ing kaswargan). Kacariyos [Kacari...]

--- 1 : 161 ---

[...yos] Sang Ruru apêputra Sang Sunaka, mijil saking ingkang garwa Dèwi Pramadwara. Dhuh Sang Sonaka, panjênênganipun punika inggih lêluhur paduka, kasusra sulistya ing warni, utami ing tindakipun, bêkti dhatêng kasutapan, saha kaluhurakên ing ngakathah, titi dhatêng anggêr-anggêr, tuwin pinunjul ing antawisipun para sujana, ingkang sami marsudi Wedha. Sang Sunaka wau luhur pambêganipun, têtêp ing pangandika, dhaharipun tata sarta sukci.

Pangandikanipun Sang Sonaka: Ênggèr, atmajane sang suta, ingsun takon marang sira, apa mulane têka putrane Maharsi Brigu mau sinung nama Sang Cyawana, mara nuli caritakna kaanane kabèh.

Atur wangsulanipun Sang Soti makatên, Maharsi Brigu anggarwa Dèwi Puloma, ingkang sakalangkung dipun sihi. Pikramanipun Maharsi Brigu kalihan Dèwi Puloma wau, pantês tinêpa-têpa, sarta botên antawis lami lajêng anggarbini. Rikala Dèwi Puloma ingkang sukci saha santosa panggalihipun, punika sampun sawatawis sêpuh anggènipun anggarbini, Maharsi Brigu ingkang kasumbaga ing antawisipun para bêkti dhatêng agami, mendra saking padalêmanipun, wigatos nêdya anênukci sarira [sari...]

--- 1 : 162 ---

[...ra] sarana tapa brata. Ing satunggiling dintên wontên rasêksa ingkang dhatêng wontên ing padhepokanipun Sang Maharsi Brigu, dene namanipun rasêksa ingkang dhatêng wau Puloma. Dupi rasêksa wau lumêbêt ing padalêman, priksa garwanipun Sang Maharsi Brigu ingkang sulistya ing warni, saha botên wontên kuciwanipun, andadosakên kumênyuting manahipun, pramila rasêksa lajêng nêdya anandukakên lampah cidra. Rikala samantên Dèwi Puloma ingkang sulistya ing warni, anyunggata dhatêng rasêksa Puloma awarni wowohan tuwin pala kapêndhêm wêdalan saking wana sacêlaking padhepokanipun. Kawuningana, kados punapa bingahing manahipun rasêksa wau, nalika priksa sang dèwi angladosakên pasunggatanipun punika, osiking manahipun sang dèwi nêdya dipun bêkta lumajêng.

Samêngko kalakon sêdyaku. Makatên ucapipun rasêksa Puloma, kalihan anubruk garwanipun Sang Brigu, ingkang lajêng kabêkta lumajêng. Sajatosipun Dèwi Puloma ingkang manis èsêmipun punika, ing nguni sampun dipun pacangakên kalihan raksasa wau, dening ingkang rama, ewadene sang dèwi lajêng kadhaupakên angsal Sang Rêsi Brigu, sarta dhaupipun wau ngangge sacaraning agami. Dhuh, turasing Brigu, prakawis punika [pu...]

--- 1 : 163 ---

[...nika] anjalari sakiting manahipun, pun rasêksa ingkang ngantos tanpa upami, pramila raksasa Puloma ing wêkdal samantên lajêng gadhah pamanggih, bilih ing wanci punika prayogi sangêt kange ambêkta lumajêng garwanipun Sang Brigu.

Kacariyos raksasa Puloma, nalika taksih wontên ing padalêmanipun Sang Brigu, sumêrap latu sêsaji murub akantar-kantar wontên ing sanggar pamêlêngan. Pun rasêksa pitakèn dhatêng latu sêsaji wau, ucapipun makatên: Dhuh, Hyang Agni, pawèstri punika sintên ingkang wajib angrabi, ing sarèhning paduka punika sinêbut: tutuking jawata, mila inggih paduka ingkang wênang anjawab atur pitakèn kula punika. Kawuningana, pawèstri ingkang sulistya ing warni punika suwaunipun sampun kapacangakên kalihan kula, ananging pawingkingipun sang dèwi lajêng kadhaupakên kalihan Rêsi Brigu, dening sudarmanipun ingkang awon pambêganipun, ing mangke mugi paduka kaparênga paring pitêdah dhatêng kula kalayan salêrêsipun, punapa pawèstri punika kenging kaanggêp dados semahipun Brigu. Manawi kula kaèngêtan dhatêng pun Brigu, anggènipun angrabi pacangan kula, inggih pawèstri ingkang nawon kêmit bangkekanipun punika, andadosakên bêntèring manah kula. Pramila sapunika sarêng kula pinanggih [pi...]

--- 1 : 164 ---

[...nanggih] ijèn kalihan pawèstri wau, lajêng têwah sêdya kula badhe ambêkta lumajêng.

Sang Soti anglajêngakên cariyosipun: Rasêksa Puloma anggènipun matur dhatêng jawataning latu ingkang makatên wau ngantos marambah-rambah, ananging Bathara Agni ajrih amangsuli pitakènipun rasêksa Puloma, pramila Puloma matur malih: Dhuh, dewaning latu, ingkang ngumandhang ing dalêm sagung dumados, paduka ingkang dados sêksinipun, sintên ingkang wajib tampi ganjaran, angrabi pawèstri ingkang sulistya ing wani punika. Dhuh, paduka ingkang sayogi linuhurakên, mugi kaparênga andhawuhakên salêrêsipun, punapa Brigu botên nama andhaku wanodya ingkang sampun kula pilih dados semah kula punika. Mugi paduka kaparêng amêdharakên sanyatanipun, punapa sang dèwi punika sanès pawèstri ingkang ing ngajêng sampun kula pilih. Manawi kula sampun tampi dhawuh wangsulan paduka, sanadyan pawèstri punika sampun dados semahipun Brigu, mêksa badhe kula bêkta lumajêng saking ngarsa paduka ngriki, sumăngga paduka kaparênga tumuntên andhawuhakên karampungan.

Sang Soti anglajêngakên cariyosipun malih: [ma...]

--- 1 : 165 ---

[...lih:] Jawata ingkang amêngku urup pitu wau, dupi midhangêt aturipun raksasa Puloma kados ingkang sampun kapratelakakên ing ngajêng, dahat kèmêngan ing panggalih, karantên panjênênganipun botên karsa ngandika dora, ananging ulab dhatêng sotipun Maharsi Brigu. Mila ngantos sawatawis dangu botên ngandika punapa-punapa, wasana lajêng angandika kalihan aris: Hèh, raksasa, sajatine Dèwi Puloma iku ing nguni wus sira pilih dadi somahira, mung bae ing nguni anggonira anêngêri ora manut pranatan sukci, sarta ora kanthi panalăngsa. Mulane wanodya kang kaloka mau nuli tinarimakake marang Brigu, minăngka lirune anggone kêpengin tămpa nugraha, awit saka iku banjur ora sida kadhaupake kalawan sira. Hèh, raksasa, kawruhana, Maharsi Brigu anggone angrabi wanodya kang endah iku awêwaton Wedha, apamanèh rikalane anindakake, iya ana ing ngarsaningsun, dene wadone iyaiku. Dadi ingsun iki kang minăngka sêksine kabèh mau. Ingsun ora karsa angucapa kang ora nyata. Hèh, raksasa linuwih, sing sapa dora ora bakal linuhurake ana ing donya.

--- 1 : 166 ---

 


§ Paranpara utawi guru. (kembali)
§ Aruni asli saking nagari Pancala. (kembali)
§ Namanipun ing basa Latin "Asclepias gigantia". (kembali)
§ Para lêluhur. (kembali)
§ Signs of the Zodiax. (kembali)
§ Brahmana angrukti bale wisma, punika namining pêpangkataning para ambangun tapa. (kembali)
Utanka. (kembali)
nagaraja. (kembali)
tunggangana. (kembali)
10 panggalih. (kembali)
11 § Sêrat-sêrat sukci. (kembali)
12 § Sêrat-sêrat sukci. (kembali)
13 § Para brahmana ingkang kawajiban ngrukti sêsaji. (kembali)
14 § Para brahmana ingkang kawajiban ngrukti sêsaji. (kembali)