Mahabharata, Dwipayana Wiyasa, 1927, #1120 (Bab 31-41)

Bab XXXI. (Sambêtipun Astika Parwa).

Rêsi Sonaka ngandika: He, Sutaputra, ingsun takon marang sira, apa lupute Hyang Endra, sarta kapriye tindake kang diarani kurang ngati-ati mau, lan apa mulane dene laire garudha iku sambung lan kaanane para Walikilya anggone martapa, lan manèh apa sababe dene Sang Kasyapa iku sawijining brahmana banjur apêputra manuk. Kapriye dene garudha mau ora kêna kinalahake dening sarupaning titah, sarta ora bisa sirna. Malah bisa mênyang ing sadhengah panggonan kang dikarêpake, utawa kasinungan pangwasa bisa katêkan ing sasêdyane. Ing sarèhning kabèh mau wus kasêbut ana ing Purana, mêsthine sira bisa nyaritakake kabèh mau marang ingsun.

--- 1 : 273 ---

Aturipun Sang Soti: Dhuh, sang dwija, sajatosipun ingkang paduka dhawuhakên wau, inggih punika ingkang dados jêjêring Sêrat Purana, pramila sumôngga kapyarsakna dongèng kula punika.

Ing nalika Sang Rêsi Kasyapa, dewa juru anitahakên: asêsaji, wigatos kapengin kagungan putra, para rêsi, para jawata, tuwin para gandarwa, sami amitulungi. Bathara Endra kapatah angupaya kajêng bong. Para Walikilya tuwin para jawata sanès-sanèsipun, ugi sami darbe bubuhan piyambak-piyambak. Bathara Endra anggènipun mêndhêt kajêng wau ngantos saboboting ardi, ewadene pambêktanipun katingal botên rêkaos. Hyang Endra nalika wontên ing margi, priksa para Walikilya ingkang agênging sariranipun prasasat amung sajêmpolan asta, satunggal-tunggalipun sami ambêkta ron plasa nyalêmbar. Awit saking para Walikilya punika botên nate dhahar, mila sariranipun anggagang aking, kulitipun katingal kêlèt kalihan balungipun, saha sampun botên gadhah kakiyatan, sariranipun lêmês. Salêbêtipun lumampah sabên-sabên karungkêp kacêmplung ing toya ingkang wontên ing caluwêkaning tapakipun lêmbu, ngantos badanipun sami kalêproh. [ka...]

--- 1 : 274 ---

[...lêproh.] Sang Hyang Endra ingkang tansah ngatingalakên karosanipun, dupi anguningani para Walikilya wau, ing panggalih sakalangkung kagawokan, malah lajêng anggêgujêng, dene namung ambêkta ron salêmbar kemawon, lampahipun sampun galoyoran, mila lajêng dipun lancangi sarwi dipun langkahi sirahipun, ingkang makatên punika mratandhani ing panyamahipun. Tindakipun Bathara Endra makatên wau dahat adamêl runtikipun para Walikilya, mila ing wêkdal wau para Walikilya lajêng sami acêthik latu sêsaji, ingkang têmahanipun damêl sumêlanging panggalihipun Hyang Endra. Dhuh Sang Sonaka, para wicaksana ingkang têtêp dhatêng sêsanggêman sukci, inggih para Walikilya, anggènipun nêdya nandukakên wêwalês dhatêng Sang Hyang Endra, dipun pinangkani sarana ngêsokakên martega sukci ing latuning sêsaji, sarwi sakalangkung sêru anggènipun ngucapakên môntra, makatên ungêlipun: Muga ing têmbe ing antarane para jawata anaa Endra manèh, sarta Endra kang anyar mau bisaa têkan ing êndi-êndia panggonan kang kinarsakake, mangkono uga kasinungana kasêktèn linuwih, nganti angasorna ratuning dewa kang jumênêng samêngko iki. Nugraha kang tuwuh saka anggon ingsun mêsu brata, muga bisaa nganakake titah [ti...]

--- 1 : 275 ---

[...tah] kang lêpase lakune kaya kêclaping cipta, lan angebat-ebati tandange. Ratuning dewa ingkang wênang nampèni sêsaji sèwu, dupi miyarsa pujinipun para Walikilya wau, dahat sumêlang ing panggalih, mila lajêng minta pangayoman dhatêng Sang Rêsi Kasyapa ingkang sêtya dhatêng sêsanggêman. Sarêng Sang Prajapati Kasyapa tampi prasabênipun Hyang Endra, lajêng gupuh-gupuh amanggihi para Walikilya, sarwi pitakèn: Punapa pujinipun wau tamtu sagêd kalampahan: Para rêsi ingkang têtêp ing pangandika amangsuli dhatêng Sang Kasyapa: Inggih mugi têtêpa kados pangandika paduka punika: Sang Kasyapa tumuntên angarih-arih dhatêng para rêsi, makatên pangandikanipun: Dumadosipun dewaning tri bawana punika, saking sabdanipun Hyang Brahma, dhuh para tapa, kadospundi têka andika darbe cipta nêdya angwontênakên Endra malih, dhuh titah linangkung, ingatasipun andika botên prayogi manawi ambaèkakên pangandikanipun Hya[1] Brahma, mugi sêdya andika ingkang andika èsthi punika sagêd kasêmbadan, nanging sampun ngantos sami kados Endra ingkang sampun dumados samangke punika, Endra ingkang dumados saking pangèsthi andika wau, dadosa Endraning titah ingkang mawa êlar, punapadene kasinungana kasêktèn [kasêktè...]

--- 1 : 276 ---

[...n] ingkang tanpa timbang, sarta darbea trêsna dhatêng Bathara Endra, awit panjênênganipun tansah nêdya amituruti ing sapaminta andika: dupi para Walikilya midhangêt bêbolèhipun Sang Kasyapa, lajêng sami angluhurakên dhatêng sang rêsi, wasana lajêng umatur.

Aturipun para Walikilya: Dhuh, Sang Prajapati, èsthi kula sagêda wontên Endra malih, nanging lumantara saking paduka, pikajêng kula Endra ingkang dumados saking èsthinipun para Walikilya punika, miyosa saking garwa paduka. Sêdya kula makatên wau sagêda kalêksanan, awit saking idi paduka, botên langkung mênggah kalampahanipun sadaya punika prayogi kula sumanggakakên ing paduka:

Sang Soti anglajêngakên cariyosipun: Putranipun Hyang Dhaksa ingkang apêparab Dèwi Winata, pambêganipun utami, sêtya tuhu dhatêng sêsanggêman, sulistya ing warni, saha sarwa jinurung ing lêlampahanipun. Amargi sang dèwi saking kêpenginipun kagungan putra, mila lajêng ambangun tapa. Ing nalika Sang Kasyapa pêpanggihan kalihan para Walikilya wau, sang dèwi sawêk luwar saking anggènipun mêsu brata. Sasampunipun asêsuci, lajêng umarêk ing ngarsanipun Sang Kasyapa, ing môngka

--- 1 : 277 ---

sang dèwi ing wêkdal punika sampun dumugi mangsanipun, tuwuh wijinipun. Dupi sang dèwi sampun tata lênggah, Sang Rêsi Kasyapa ngandika: Hèh, musthikaning wanodya, wruhanira, anggon ingsun sêsaji kang lagi kapungkur iki, dadi jalaran tibaning nugrahanira, mula apa kang sira karêpake iku mêsthi bakal kalakon, sira bakal apêputra loro kang kawêca dadi prajurit linuwih, sarta ing têmbe bakal linuhurake ana ing jagad tatêlu. Putranira loro iku dumadi saka èsthine para Walikilya, lan saka gêgayuhan utama, awit dipinangkani saka sêsaji, dadi mêsthi bakal mulya sarta linuhurake ing tri bawana: Sang Kasyapa anglajêngakên pangandikanipun: Dibêcik pangrêksanira marang kêkandhutanira iku kang ing têmbe ginadhang dadi dewaning sagung tumitah kang amawa êlar. Sang rumêksa ing awang-awang kang ambêg sudira iku, kawasa mancala warna manuk apa kang kinarêpake.

Hyang Prajapati Kasyapa sangêt karênan ing panggalihipun dhatêng lêlampahan wau, mila lajêng pratela dhatêng jawata ingkang wênang nampèni sêsaji sèwu (Endra), makatên pangandikanipun: Ingjêngandika[2] ing têmbe badhe darbe kadang kêkalih ingkang sêkti amôndraguna, tur linangkung kasudiranipun. Kadang [Ka...]

--- 1 : 278 ---

[...dang] andika kalih wau tansah mirantos nêdya atur pitulungan ing ijêngandika, dados andika botên badhe manggih pakèwêd saking prajurit kêkalih wau. Mugi sampun prihatos, andika saèstu lêstari angratoni sagung dumadi. Mugi andika sampun angrèmèhakên malih dhatêng ingkang sami tansah amêdharakên kawicaksanan mênggahing Brahma, saha sampun anyênyamah malih dhatêng para Walikilya ingkang landhêping sotipun kadi balêdhèg, dupi Hyang Endra sampun tampi pratelanipun Sang Rêsi Kasyapa makatên wau enggal wangsul dhatêng Kaendran, tuwin lajêng sirna sumêlangipun. Dèwi Winata sakalangkung karênan, dene pangajêng-ajêngipun tamtu badhe kalêksanan, botên watawis dangu sang dèwi lajêng apêputra kalih, inggih punika Sang Aruna tuwin Sang Garudha. Sang Aruna ingkang miyosipun dèrèng môngsa, lajêng dados pacalangipun Bathara Surya. Dene Sang Garudha kawajibakên angratoni para pêksi. Dhuh paduka, sang rêsi têdhaking Brigu, samangke mugi kapiyarsakna cariyos kasudiranipun Sang Garudha.

Dumugi samantên wêkasanipun bab kaping tigang dasa satunggal saking cariyos Astika, ing Adi Parwa.

--- 1 : 279 ---

Bab XXXII. (Sambêtipun Astika Parwa).

Sang Soti nglajêngakên cariyosipun: Dhuh têtungguling para brahmana, sawêg rampung kemawon para jawata anggènipun sami rakit gêlar, katungka dhatêngipun sang garudha ingkang lajêng anêmpuh barisaning para dewa. Dupi para dewa sampun priksa piyambak, bilih kasêktènipun sang garudha punika nyata linangkung, saking girisipun para dewa, lajêng sami andharodhog, tambuh-tambuh solahipun, têmahan lajêng campuh kalihan rowangipun piyambak. Ing antawisipun ingkang sami rumêksa amrêta, wontên satunggaling dewa ingkang sakalangkung sakti, prabanipun sumorot kadi sunaring kilat, pêparapipun: Bathara Bomana: undhagi ing kaswargan. Bathara Bomana wau lajêng pêpulih karisakanipun para jawata, anarajang sang garudha, tinadhahan lajêng dados prang sakalangkung rame, ananging botên watawis dangu, Bathara Bomana lajêng kapatuk dening sang garudha, dhawah ing siti ngantos kantaka, sariranipun tatu dening cucuk, cakar, sarta suwiwinipun sang garudha. Kêbêting suwiwi angwontênakên prahara agêng, nêmpuh ing siti adamêl ubaling lêbu mawulêkan,

--- 1 : 280 ---

Têmah ing têgal paprangan dados pêtêng dening lêbu, para jawata sami kêplêpêkên, wêkasan sami kapidhara tuwin botên priksa dhatêng mêngsahipun, satriya bawana sami kêtêr, jagad orêg, samodra kocak. Para jawata kathah ingkang sami nandhang kanin dening pangamukipun sang garudha.

Jawata ingkang anetra sèwu dhawuh dhatêng Bathara Bayu. Makatên pangandikanipun: He Bayu, enggal buncangên balêduk kang mangampak-ampak iki awit iku kawajibanira: Bathara Bayu ingkang kinawasa, sigra ambuncang balêdug, sirnaning lêbu, sang garudha katingalan malih, mila sigra kaêbyuk ing para dewa, ananging sang garudha ingkang sakalangkung sêkti wau lajêng nyabawa sakalangkung sora. Suwantênipun kapirêng gumaludhug anggêgirisi, kados sabawa ing nalika dintên wêkasaning yuga, dahat adamêl gègèring bawana. Sang garudha ratuning pêksi ingkang sakalangkung sêkti: juru anyirnakakên satru sêkti: dupi kaêbyuk ing kathah, lajêng anggêgana manglayang wontên ing sanginggiling barisanipun para dewa, ingkang tinindhihan Sang Hyang Endra. Ing wêkdal punika lajêng tinututan dening para jawata, sarwi anandukakên dêdamêlipun piyambak-piyambak, kados ta: sabêt, suduk, gada, waos, alugora,

--- 1 : 281 ---

jêmparing, cakra, tuwin sanès-sanèsipun. Sang garudha kinalang-kalang sarwi kinrutuk ing dêdamêl, saking sawêrnining keblat, ewadene sang garudha botên kewran, sarta botên suda kasudiranipun, malah saya waringutên pangamukipun. Sang Winataputra, wontên ing awang-awang katingal mancorong kadi baskara nêdhêng têngange. Dangu-dangu para jawata kasêsêr yudanipun, kathah ingkang nandhang kanin, rah muncrat saking ing lêngên, ing dhadha, ing sirah, tuwin sanès-sanèsipun, wêkasan para jawata lajêng sami mundur. Para sada saha gandarwa sami mundur mangetan. Para wasu tuwin rudra sami mangidul, para aditya mangilèn, dene Bathara Aswin sakalihan, mangalèr. Unduripun para jawata wau botên mawut-mawut, taksih lêstantun lumawan. Ingkang kapisah saking golonganipun, lajêng sami ngêmpal, sarta sakêdhap-sakêdhap kèndêl amaspadakakên mêngsahipun.

Rikala punika sang garudha ugi tandhing prang kalihan para yaksa, kados ta: Sang Aswakrandha ingkang linangkung kakêndêlanipun, Sang Renuka, Sang Kratanaka ingkang botên darbe wangwang. Sang Tapana, Sang Oluka, Sang Swanaka, Sang Nimèswa, Sang Praruja, tuwin Sang Pulina. Sang garudha sagêd mrawasa para [pa...]

--- 1 : 282 ---

[...ra] yaksa gêgêdhug wau, sarana panjawating suwiwi, kuku, tuwin cucukipun. Tandangipun sang garudha kadi dewa ingkang gêgaman: pinaka, manawi krodha arsa mangrurah satru. Campuhipun sang garudha kalihan para yaksa ingkang sami sura sêkti wontên ing awang-awang, bilih sinawang saking ngandhap, katingal pêtêng kadi olêkaning mêndhung, ingkang andhawahakên jawah êrah sakalangkung dêrês.

Sasampunipun para rasêksa sami sirna, sang garudha sigra anglajêngakên lampahipun, tumuju dhatêng panggenaning amrêta. Dupi sampun cêlak, sang garudha priksa manawi pandèkèkipun: amrêta, sakalangkung rêmpit. Sakubênging panggenanipun wau wontên latunipun agêng murub mangalad-alad, yayah sumundhul ing awiyat, sabên latu wau katêmpuh ing prahara, katingalipun saya anggêgirisi, angasorakên prabanipun srêngenge. Ing ngriku sang garudha ingkang kasumbaga kasêktènipun, lajêng amatêk aji, ngantos kaping sangang dasa rambahan, mila cucukipun lajêng dados sangang dasa. Saparipurnaning anggènipun matêk môntra, lajêng oncat saking ing ngriku, tumuju dhatêng lèpèn agêng-agêng, wigatos badhe angisèni cucukipun sangang dasa wau kalihan toyaning lèpèn. Sasampunipun [Sasampuni...]

--- 1 : 283 ---

[...pun] angêmut toya sadaya, enggal wangsul dhatêng panggenan latu, sarta lajêng amêjahi latu sarana toyaning lèpèn ingkang sampun kakêmbêng punika, kalampahan latu sagêd pêjah. Sapêjahing latu, sang garudha lajêng mancala warna dados pêksi alit. Wontênipun makatên wau, wigatos sagêda lumêbêt ing panggenan parimataning amrêta.

Dumugi samantên pungkasanipun bab kaping tigang dasa kalih, saking cariyos: Astika ing Adi Parwa.

Bab XXXIII. (Sambêtipun Astika Parwa).

Sang Soti anglajêngakên cariyosipun: Sang garudha ingkang mancala warna paksi alit punika, wulunipun mancorong kados kancana ingkang kasorotan ing surya, dene lumêbêtipun ing panggenan parimataning amrêta tanpa sangsaya, kadi lêbêting toya lèpèn dhatêng ing samodra, sanadyan panggenan wau kinêpang ing jôntra waja, wêngkunipun landhêp amingis-mingis kados lading pamarasan, sarta tansah mubêng sêsêr botên wontên kèndêlipun, ewadene sang garudha botên kewran. Pirantos ingkang anggêgirisi wau iyasanipun para jawata, wigatos kangge rumêksa amrêta, sarta kangge [kang...]

--- 1 : 284 ---

[...ge] nglêbur dhatêng sintêna ingkang nêdya andhustha, manawi tiningalan, mancorong kadi surya ing môngsa têngange. Rikala samantên sang garudha kanggêg sakêdhap wontên ing sacêlakipun jôntra wau, kalayan anggalih kadospundi anggènipun badhe lumêbêt. Pinanggihipun ing panggalih, sang garudha lajêng apatrap samadi, sanalika punika kawontênanipun lajêng dados sakalangkung lêmbat, sasampunipun enggal sumusup sasêlaning êlaripun jôntra ingkang sêsêr ubêngipun wau. Saking rikating anggènipun sumusup, sang garudha ngantos botên sagêd kasabêt ing êlaring jôntra. Sarêng sang garudha sampun sagêd nglangkungi jôntra kanggêg malih, sarwi maspadakakên ing pundi panggenaning soma (amrêta), ing ngriku panjênênganipun priksa wontên naga kêkalih sakalangkung agêng, sisikipun mancorong kados latu, tutukipun tansah anyêmburakên latu, mripatipun murub angêmu wisa, sarta tansah gambira tandangipun, kadi badhe nyaut-nyauta dhatêng ingkang cêlak ing ngriku, ngantos damêl kêkêsipun ingkang tumingal. Sintên ingkang kapandêng ing naga kêkalih wau mêsthi kabêsmi, ewadene sang garudha botên wangwang dening ingkang makatên punika, enggal amêndhêt balêthok, tumuntên kapopokakên ing mripatipun naga. Sarêng [Sa...]

--- 1 : 285 ---

[...rêng] naga sampun botên sagêd andulu, lajêng kinabruk, kalih pisan sami sirna. Sasirnaning naga, sang garudha lajêng amêndhêt amrêta. Dupi amrêta sampun karêgêm, jôntra ingkang wontên ing sakubênging panggenan wau lajêng dipun risak, wusana tumuntên mabur angêmbara ing awiyat, rêkaosing sarira botên karaosakên, sarta botên karsa ngunjuk amrêta ingkang kabêkta wau, dene anggènipun ngambara ing awang-awang ngantos anyurêmakên diwangkara.

Wontên ing margi sang garudha kapapak kalihan Bathara Wisnu, panjênênganipun sakalangkung rêna dhatêng lêkasipun Sang Winataputra, dene kadugi nglilahakên gêsangipun, kangge kaprêluwaning liyan. Hyang Wisnu ingkang botên wangwang dhatêng saliring pangrisak, lajêng asêsanti jaya-jaya, sarta ngandika: Hèh garudha, ingsun arsa matêdhakake nugraha marang sira, mula sira sun wênangake darbe panyuwun, apa sakarêpira mêsthi bakal ingsun pituruti. Aturipun sang garudha makatên: Kula kaparênga manggèn wontên ing nginggil paduka. Kajawi punika sang garudha ugi darbe panyuwun malih, aturipun makatên: Kula mugi kinalisna saking sawêrnining sêsakit tuwin pêjah, sanadyan kula botên ngunjuk amrêta. Dhawuh pangandikanipun Bathara Narayana: Panyuwunira [Pa...]

--- 1 : 286 ---

[...nyuwunira] iku ingsun parêngake. Sang garudha lajêng umatur malih: Pukulun, kawula adrêng nêdya amisungsung ing paduka, mila mugi kadhawuhna kemawon, punapa ingkang dados kaparêng paduka. Dhawuh wangsulanipun Hyang Wisnu, supados sang garudha dadosa titihanipun. Sang garudha nyandikani, mila lajêng kaparêng manggèn wontên salêbêting ratanipun Hyang Wisnu, cêlak kalihan tancêpan: kakôndha[3] sarta lajêng paring dhawuh makatên: Kajaba iku sira iya bakal manggon ing sadhuwur ingsun, sang garudha ingkang sakalangkung lêpas ibêripun, lajêng matur: Pukulun, kawula amung sumôngga ing karsa paduka. Sasampunipun makatên, sang garudha anglajêngakên lampahipun. Saking santêring ibêripun, ngantos adamêl kawiranganipun angin.

Sang garudha têtungguling titah ingkang sami awujud pêksi, amargi ambêkta amrêta, mila dipun tututi dening Hyang Endra. Dupi samantên sagêd katututan, lajêng pinupuh ing dêdamêlipun ingkang awujud balêdhèg, ewadene botên môntra-môntra anêdhasi, malah lajêng matur kalayan têmbung arum sêmu mèsêm: Pukulun, balêdhèg botên sagêd adamêl sakiting jasat kula, ewadene kula inggih tansah angluhurakên dhatêng Sang Rêsi Paddhici ingkang balungipun pinuja

--- 1 : 287 ---

dados balêdhèg, punapadene kula ugi amundhi-mundhi ing panjênêngan paduka. Murih dadosa pratôndha bilih anggèn paduka namakakên dêdamêl dhatêng kula wau botên lêpat, kula badhe andhawahakên êlar kula. Sasampunipun umatur makatên, sang garudha enggal andhawahakên êlaripun salêmbar. Kathah titah ingkang sami bingah dene sagêd nyumêrêpi êlaripun sang garudha ingkang karêntahakên wau, dados kapengenipun badhe nyumêrapi sagêd kalêksanan. Sasampunipun sami priksa manawi êlaripun sang garudha punika têtela sakalangkung adi, lajêng sami anguwuh: Manuk kang anduwèni êlar iki prayoga sinêbut suparna (têgêsipun, kang duwe wulu endah), ing nalika Hyang Purandara sampun nguningani piyambak kasêktènipun sang garudha, lajêng anêksèni manawi sang garudha punika titah linangkung, wasana lajêng paring pangandika makatên:

Pangandikanipun Hyang Endra: Hèh ratuning manuk, ingsun kapengin nguningani sapira takêring kasantosanira, sarta kapengin mêmitran ing salawas-lawase lan sira.

Dumugi samantên wêkasanipun bab kaping tigang dasa tiga saking cariyos: Astika ing Adi Parwa.

--- 1 : 288 ---

Bab XXXIV. Sambêtipun Astika Parwa.

Sang Soti anglajêngakên cariyosipun: Atur wangsulanipun sang garudha: Dhuh Hyang Purandara, mugi karsa paduka punika sagêda kalêksanan. Kawuningana pukulun, sayêktosipun awis titahing bathara ingkang satimbang kalihan kaprawiran kula. Dhuh dewa ingkang wênang nampèni sêsaji sèwu, para sarjana punika saèstunipun botên purun nyariyosakên kalangkungan tuwin lêlabêntanipun piyambak, ananging awit saking ing mangke kula sampun dados mitra paduka, sarta paduka andangu prakawis punika, saèstu kula badhe ngaturakên sadaya ing kawontênanipun. Tiyang nyariyosakên kasaenanipun piyambak punika, manawi botên wontên prêlunipun, lakar kirang prayogi. Kawuningana pukulun, wulu kula satunggal punika kemawon sampun kawawa anjunjung alam-alam sadaya dalah saisinipun, ingkang ebah utawi ingkang botên ebah, botên mawi angêncêngakên ototing jasat kula.

Sang Soti anglajêngakên cariyosipun: Dhuh Sang Sonaka, dupi sang garudha sinakti wau matur makatên,

--- 1 : 289 ---

narendraning para dewa lajêng mangsuli pangandika, ingkang wigatosipun amung kangge rumêksa karaharjaning bawana, pangandikanipun makatên: Ingsun ngandêl marang aturira mau, sarta ora ana sêsikune sira nyaritakake kabèh mau, mula ing samêngko sira kudu anampani sih katrêsnan ingsun, kang arupa nêdya mêmitran lan sira ing salawas-lawase, kongsi kandhasing ati. Manawa amrêta ora migunani tumraping sira, apa ora luwih bêcik sira balèkake marang ingsun bae, karana sing sapa anampani amrêta saka pawèwèhira mau, mêsthi bakal dadi mungsuhe para jawata. Atur wangsulanipun sang garudha: Anggèn kula kamipurun angrêbat amrêta punika, amargi wontên sababipun ingkang wigatos, ewadene kula ugi botên badhe lajêng anglilahakên amrêta punika kaunjuk ing sadhengah titah, pramila murih prayogining lampah, manawi amrêta sampun kula sèlèhakên, mugi enggal karêbata. Dhawuh wangsulanipun Hyang Endra: Bangêt ing panarimaningsun marang sira, dene sira wus awèh pamrayoga mangkono mau. Hèh ratuning manuk, samêngko tampanana nugrahaningsun marang sira, apa kang sira jaluk.

Ing wêkdal wau sang garudha katêtangi nêpsunipun dhatêng para putranipun [putra...]

--- 1 : 290 ---

[...nipun] Dèwi Kadru, tuwin kèngêtan dhatêng sangsaranipun ingkang ibu, dene ngantos dados rencang tumbasan, awit saking cidranipun Dèwi Kadru. Ewadene ingkang makatên punika namung tumusan saking sotipun Sang Aruna dhatêng ibunipun, ing wasana sang garudha lajêng dhatêng Sang Hyang Endra makatên: Pukulun, sanadyan kula darbe pangwasa kawawa angrisak mêngsah, ewadene kula botên badhe lênggana dhatêng dhawuh timbalan paduka. Dhuh Bathara Sakra, kaparênga para naga kinawasa punika dadosa têdha kula. Dhawuhipun Sang Hyang Endra: Sêdyanira iku mêsthi kalakon, sarta antinên ing kene sadhela. Sasampunipun ngandika makatên, ratuning dewa enggal marêk ing ngayunanipun Bathara Ari: dewaning dewa, sarta pêpundhènipun para yogi. Sang Hyang Endra manêmbah lajêng ngaturakên kawontênaning lêlampahan, wiwitan ngantos dumugi wêkasan, wasana Hyang Wisnu amarêngakên sadaya panyuwunipun sang garudha. Dupi sampun kadhawuhan makatên wau, Hyang Endra enggal wangsul pinanggih kalihan sang garudha malih, sarta ngandika: Manawa soma wus sira sèlèhake nuli ingsun rêbut. Sasampunipun ngandika makatên, Hyang Endra tumuntên paring nugraha dhatêng sang garudha, sarta lajêng musna. Sang garudha enggal angayuh gêgana [gê...]

--- 1 : 291 ---

[...gana] nêdya marêk ingkang ibu.

Botên watawis dangu sang garudha manggihi para naga sarwi asuka-suka, ucapipun makatên: Sumôngga kapriksanana, amrêta sampun kula bêkta, punapa kaparêng lajêng kula sèlèhakên wontên ing sanginggilipun rumput: kusa punika. Dhuh para naga, sumôngga sami lênggah ingkang sakeca, sarta lajêng angunjuka amrêta, ananging utaminipun sampeyan kêdah sêsukci rumiyin, kalayan anglênggahana samêsthining lampah kados wêwarahing agami. Sarèhning kula sampun sagêd minangkani sapanêdha sampeyan, mila wontêna pangandika sampeyan, wiwit ing dintên punika tiyang sêpuh kula kaluwarana saking anggènipun dados rencang tumbasan. Wangsulanipun para naga: Panjalukira dak pituruti. Sasampunipun, para naga lajêng sami asêsuci kados ingkang kasêbut ing sastra, amêmuji saha nglampahi sawarahing agami. Saparipurnanipun lajêng enggal sami wangsul kalayan asuka-suka, dene sami kalampahan pangajêng-ajêngipun badhe angunjuk amrêta. Ananging kawuningana, sadumuginipun ing tumpukaning rumput kusa, amrêta sampun botên wontên, ewadene para naga sami narimah andilati rumput kusa ingkang mêntas katumpangan: amrêta

--- 1 : 292 ---

wau. Rikala para naga andilati rumput kusa, ilatipun lajêng sami sigar dados kalih, dene rumput kusa amargi sampun kapandukan dayanipun amrêta, wiwit ing dintên punika kaanggêp rumput sukci. Enggaling cariyos, sang garudha sampun sagêd angrêbat amrêta ingkang wontên ing karang kadewatan, kapasrahakên dhatêng para naga ingkang lajêng sami sigar ilatipun, awit andilat rumput kusa ingkang mêntas katumpangan amrêta. Kalampahanipun sadaya wau ugi saking pambudidayanipun sang garudha.

Sang garudha dahat suka sokur ing dewa, dene ibunipun sampun luwar saking anggènipun dados boyongan, mila lajêng lêlangên dhatêng ing wana kalihan ingkang ibu, sarta lininggamurda dening para pêksi, dene panjênênganipun sampun anindaki pakaryan agêng, saha ambêbingah ingkang ibu sarana môngsa sarpa pintên-pintên.

Sintêna ingkang mirêng cariyos wau, punapa nyariyosakên wontên ing pasamuwanipun para brahmana, tamtu minggah swarga, sata tampi nugraha, minôngka ganjaran anggènipun sanpun[4] nyariyosakên kalangkunganipun sang garudha.

Dumugi samantên wêkasanipun bab kaping tigang dasa sakawan, saking perangan Astika, ing Adi Parwa.

--- 1 : 193[5] ---

Bab XXXV. Sambêtipun Astika Parwa.

Sang Rêsi Sonaka ngandika: Anggèr, Sutaputra, ingsun, apadene para ambangun tapa iki, wus sira caritakake lêlakone para naga anggone kaêsotake ibune kang pêparap Dèwi Kadru, lan lêlakone Dèwi Winata anggone diêsotake dening sutane. Anjaba iku, sira uga wus nyaritakake mula bukane Dèwi Kadru lan Dèwi Winata anggone padha tômpa nugraha saka garwane, sarta wus amratelakake jêjuluke putrane Dèwi Winata karo pisan, nanging sira durung nyaritakake pêparape para naga mau. Ingsun lan para tapa iki padha kêpengin sumurup.

Aturipun Sang Soti: Dhuh, paduka ingkang abôndha kasutapan. Kawuningana, kula botên badhe nyariyosakên naminipun para naga wau sadaya, mindhak adamêl kêmbanipun ingkang sami midhangêtakên, mila ingkang badhe kula aturakên, namung pêparapipun para têtungguling naga kemawon, sumôngga sami dipun gatosna.

Ingkang pambajêng nama: Naga Sesa, lajêng Naga Basuki, [Basu...]

--- 1 : 194[6] ---

[...ki,] Naga Ewarata, Naga Taksaka, naga Karkotaka, Naga Dananjaya, Naga Kalakeya, Naga Mani, Naga Purana, Naga Pinjaraka, Naga Elapatra, Naga Wamana, Naga Nila, Naga Anila, Naga Kalmasa, Naga Sawala, Naga Aryaka, Naga Ugraka, Naga Kalasapotaka, Naga Suramuka, Naga Dadimuka, Naga Bimala Pindhaka, Naga Apta, Naga Karotaka, Naga Sangka, Naga Walisika, Naga Nisthanaka, Naga Emaguha, Naga Nahusya, Naga Pinggala, Naga Bahyyakarna, Naga Asthipadha, Naga Mudgara Pindhaka, Naga Kambala, Naga Aswatara, Naga Kaliyaka, Naga Wrêta, Naga Samwartaka, Naga Patma, Naga Mahapadma, Naga Sangkamuka, Naga Kusmandhaka, Naga Semaka, Naga Pindharaka, Naga Karawira, Naga Puspadhan Sêtraka, Naga Wilwaka, Naga Wilwa Pandhara, Naga Musikadha, Naga Sôngkasiras, Naga Purnabadra, Naga Haridraka, Naga Aparajita, Naga Jyotika,

--- 1 : 295 ---

Naga Sriwaha, Naga Korawya, Naga Dritarastra, Naga Sangkapindha, Naga Birajas, Naga Subau, Naga Salipindha, Naga Prabakara, Naga Asthipindha, Naga Pitaraka, Naga Sumuka, Naga Konapasaka, Naga Kutara, Naga Kunjara, Naga Kumuda, Naga Kumudhaksya, Naga Titiri, Naga Alika, Naga Kardhama, Naga Baumulaka, Naga Karkana, Naga Akarkara, Naga Kundhodhara, tuwin Naga Maodhara.

Dhuh papêthinganing para dwija, sadaya wau pêparapipun para têtungguling naga, kula botên ngaturakên namanipun ingkang botên dados pangagêng, awit mindhak adamêl kêmbanipun ingkang sami mirêngakên. Dhuh sang rêsi, têdhak turunipun para naga wau kathahipun tanpa wicalan, bilih angèngêti kathahipun ingkang ngantos mayuta-yuta punika, kados botên prêlu dipun cariyosakên sadaya. Dhuh, sang tapa, punapa wontên tiyang ingkang kadugi nacahakên kathahing sawêr isining donya punika.

Dumugi samantên wêkasanipun bab kaping tigang dasa gangsal, saking [sa...]

--- 1 : 296 ---

[...king] perangan Astika ing Adi Parwa.

Bab XXXVI. (Sambêtipun Astika Parwa).

Pangandikanipun Rêsi Sonaka: Anggèr. Sira wus mratelakake pêparape para têtungguling naga kang sinakti, lan ora gampang kinalahake. Sawuse para naga mau kaêsotake ibune, bajur kapriye lêlakone.

Wangsulanipun Sang Soti: Naga Sesa ingkang kalangkunganipun kasusra ing jagad, ing nalika samantên lajêng nilar ibunipun, prêlu ambangun tapa. Sang Naga Sesa sêtya tuhu dhatêng sêsanggêman, dene ingkang dipun bukti namung hawa, anggènipun tapa wau pindhah-pindhah panggenanipun, wontên ing ardi Gandara, ardi Wadari, ardi Gohkarna, wana Puskara, lajêng wontên ing sukuning ardi Himawat. Anggènipun tapa wontên ing ardi tuwin wana-wana wau, milih panggenan ingkang wontên toyanipun sukci. Inggih wontên ing ngriku punika Sang Naga Sesa anggènipun nêtêpi sêsanggêmanipun, amêlêng cipta tuwin mangrèh pêpenginanipun. Saking agênging kasutapanipun, ngantos sariranipun katingal aking, bayunipun asat, wasana [wa...]

--- 1 : 297 ---

[...sana] lajêng kawuningan ing Sang Hyang Brahma. Malah Hyang Brahma ngantos kawiyos pangalêmbananipun, manawi ingkang mêsu brata punika tatela santosa tekadipun, pangandikanipun Hyang Brahma makatên: He Sesa, kang sira gayuh iku apa, dene sira agêntur tapa, muga nugrahane sagung dumadi isining tri bawana iki, padha anyêmbuha kalêksanane pangèsthinira mau. He, titah kang ora kalepetan ing dosa, sêruning bratanira iku agawe sangsarane sagung dumadi. Sesa, enggal mratelakna sêdyanira kang sira pusthi ing têlênging batinira.

Atur wangsulanipun Naga Sesa: Para kadang kula ingkang nunggil sayayah rena sami ambêk angkara murka, mila kula botên kadugi tatunggilan kalihan piyambakipun. Mugi sêdya kula makatên punika dipun parêngna, kadang-kadang kula wau tansah cacongkrahan kemawon, sarta agêng kêmèrènipun. Mila kula lajêng ambangun tapa punika, amargi kula sampun botên kapengin pinanggih kalihan para kadang kula. Para kadang kula punika botên nate ngatingalakên kasaenan saha katrêsnanipun dhatêng kadangipun nak-dhèrèk, putranipun ibu Dèwi Winata, malah sami gêthing, môngka putranipun ibu Dèwi Winata punika langkung santosa katimbang kayan [ka...]

--- 1 : 298 ---

[...yan][7] para kadang kula, awit angsal nugrahanipun eyang Rêsi Kasyapa ingkang luhur budinipun. Dados para kadang kula punika botên rumaos manawi kalêrês sadhèrèkipun ênèm, mila kula lajêng sumingkir ambangun tapa nêdya ambucal dhiri kula ingkang warni sarpa punika, wigatos sampun ngantos sagêd sêsrawungan kalihan para kadang kula wau. Sanadyan ing têmbe bilih kula sampun kalampahan sagêd santun warni, kula ugi botên nêdya tatunggilan kalihan piyambakipun.

Satêlasing aturipun Naga Sesa, Hyang Brahma ngandika makatên: O, Sesa, ingsun ora kasamaran marang kalakuane sadulurira kabèh, apadene ingsun wuninga yèn para sadulurira mau bakal padha kataman ing bêbaya gêdhe, kang minôngka paukuman anggone wus gawe kawirangane ibune. Wruhanira, nanging kang dadi panulake bêbaya mau wus ingsun samêktani, dadi sira aja mrihatinake marang kadang-kadangira. He, Sesa, sira sun parêngake darbe panyuwun, apa kang sira karêpake. Barêng ingsun anguningani marang sêdyanira mau karênan bangêt, mula ing dina iki sira sun paringi nugraha. He, papêthinganing naga, bêkja dene sira gêlêm anglakoni tapa brata, muga amimbuhana santosaning kautamanira.

--- 1 : 299 ---

Atur wangsulanipun Sang Naga Sesa makatên: Dhuh, sêsêmbahanipun sagung dumados, pangajêng-ajêng kula mugi kula lêstantun sêngsêm dhatêng kautamèn, saha rumaosa mulya anglampahi tapa brata, namung punika panyuwun kula pukulun.

Pangandikanipun Hyang Brahma: He, Sesa, ingsun bangêt kacaryan nguningani sihira marang katêntrêman, sarta anggonira nêdya akurban dhiri, ananging saka karsaningsun, katêntrêman saka anggonira kurban dhiri mau sira anggoa gawe karahayoning sagung dumadi, wruhanira Sesa, sarèhning jagad iki durung bisa santosa adêge, mula sangganên, dimène banjur santosa.

Atur wangsulanipun Naga Sesa: Dhuh, pêpundhèning sarwa dumados, saha ingkang anggung matêdhakakên nugraha, sarta pangeraning bawana, kula badhe ngèstokakên timbalan paduka anyanggi bawana. Dhuh, dewaning sagung tumitah, mugi lajêng kaparênga anumpangakên ing sirah kula.

Hyang Brahma ngandika: He, naga linuwih, enggal manjinga ing dhasaring pratala, jagad bakal bêngkah kanggo dalanira. Wruhanira Sesa, awit sira kaduga nyôngga bawana, mula sira bakal antuk nugraha.

--- 1 : 300 ---

Sang Soti anglajêngakên cariyosipun: Naga Sesa, ratuning sadaya naga, saha sêpuh piyambak ing antawisipun sakathahing naga, enggal amblês lumêbêt ing siti ingkang bêngkah wau, nêdya dhatêng dhasaring pratala. Kalampahan jagad dipun sunggi ing sirahipun ratuning naga punika.

Pangandikanipun Hyang Brahma: He, Sesa, sira iku sajatine Bathara Darma, awit sira kawawa anyôngga jagad ijèn sarana rosaning badanira. Sira iku wus ora siwah lan ingsun, utawa Bathara Balawit (Endra).

Sang Soti anglajêngakên cariyosipun: Kacariyos Sang Naga Sesa, inggih Hyang Ananta ingkang linangkung kasudiranipun, lêstantun dadunung sadhasaring pratala, angèstokakên dhawuh timbalanipun Hyang Brahma, anyanggi bawana. Nalika wau Hyang Brahma lajêng dhawuh dhatêng putranipun Dèwi Winata ingkang asêsilih sang garudha, supados dadosa kanthinipun Hyang Ananta.

Dumugi samantên wêkasanipun bab kaping: tigang dasa nêm: saking perangan Astika, ing Adi Parwa.

Bab XXXVII. (Sambêtipun Astika Parwa).

Sang Soti angandika: Kawuningana, sarêng Sang Naga Basuki [Ba...]

--- 1 : 301 ---

[...suki] mirêng sotipun ingkang ibu, lajêng ngupaya rekadaya sagêdipun nyabarakên sot wau. Enggalipun Sang Naga Basuki lajêng atêtaringan kalihan para kadang-kadangipun, inggih punika Sang Erawata tuwin sanès-sanèsipun malih, punapa ingkang prayogi kêdah dipun lampahi.

Pangandikanipun Sang Naga Basuki dhatêng para kadangipun makatên: Dhuh, para ariningsun kang ora darbe dosa, sira wus padha ngrungu dhewe marang sote ibu, mula samêngko kapriye mungguh pambudidayanira, awit ujaring wasita sot iku iya kêna dicabarake, ananging soting ibu marang suta-sutane iku ora gampang cinabarake. Rikalane ingsun midhangêt êsote ibu kang dipangandikakake ana ing ngarsane Hyang Brahma kang sipat langgêng, kang ora kêna kinira-kira, iya kang sipat kasunyatan sajati iku, atiningsun bangêt gêtêre, karana ingsun rumôngsa yèn para naga wis mêsthi bakal padha nêmahi bilai. Pageneya dene ana ibu ngêsotake marang suta-sutane, Hyang Brahma mung angèstrèni bae. Muga padha andadèkna sêmurupira, anggon ingsun anglumpukake sira kabèh ing dina iki, wigatine nêdya ingsun ajak rarêmbugan, kapriye kapenake murih para sarpa bisane padha nêmu rahayu. Sira [Si...]

--- 1 : 302 ---

[...ra] aja kongsi padha katalumpe, sira iku padha kasinungan kawicaksanan, dadi mêsthi ora kewran ananggulangi kasangsaran kang bakal tumiba, mula samêngko sira padha nglairna sapanêmunira dhewe-dhewe, kapriye bisane Prabu Janamejaya wurung anggone karsa sêsaji naga. Manawa sêsaji mau bisa wurung, dadi para naga ora bakal anêmahi pati siya-siya. Mara padha nulata lêkase para dewa duk ing kuna, nalika angupaya musnane Bathara Agni kang sêsingidan ing sajroning guwa.

Sang Soti anglajêngakên cariyosipun: Para naga putranipun Dèwi Kadru, sarêng dipun pangandikani makatên dening kadangipun sêpuh, Sang Naga Basuki, lajêng sami nglairakên pamanggihipun piyambak-piyambak. Para naga wau racakipun sami wasis rarêmbagan. Sawênèhing naga wontên ingkang lajêng matur: Prayoginipun kula kemawon mancala warna dados têtungguling para brahama, lajêng ngaturi pamrayogi dhatêng Prabu Janamejaya makatên:

Sinuhun, sêsaji paduka punika mugi kasandèkna kemawon, amargi botên wontên pigunanipun. Naga sanèsipun, ingkang rumaos langkung patitis, lajêng umatur makatên: [ma...]

--- 1 : 203[8] ---

[...katên:] Manawi saking pamanggih kula, para naga punika wontêna ingkang mancala warna dados nayakanipun kinasih Prabu Janamejaya, awit panjênênganing nata punika, manawi kagungan karsa ingkang wigatos, saèstu têtaringan rumiyin kalayan nayakanipun, ing ngriku supados lajêng gadhaha atur pamrayogi ingkang suraos nyandèkakên karsanipun sang prabu anggèning badhe sêsaji naga. Sang prabu tamtu kêparêng andhahar pamrayogi wau, awit sang nata andugi manawi ingkang gadhah atur wau nayakanipun kêkasih sayêktos, mênggah prayogining aturipun makatên: Sinuhun, mugi sampun asêsaji makatên, awit sêsaji punika botên namung saprakawis kemawon, taksih kathah sanès-sanèsipun ingkang botên damêl karisakaning titah. Sarta ingkang mancala warna dados nayaka wau supados lajêng mratelakna sakathahing lampah tuwin kadadosanipun pandamêl amamêjahi, ingkang dipun tindaki tiyang wontên ing donya tuwin alam sanès-sanèsipun, sarta sampun ngantos kèndêl-kèndêl pangangkahipun, manawi sêsaji wau dèrèng dipun sandèkakên. Anjawi punika wontêna salah satunggalipun sadhèrèk ingkang kapatah, supados anyakoti dhatêng sintêna tiyangipun ingkang anjurungi karsanipun sang

--- 1 : 304 ---

prabu, punapa malih anyakoti dhatêng tiyang ingkang mangrêtos dhatêng lampah-lampahipun sêsaji naga. Kados ta: brahmana ingkang kapatah mangagêngi sêsaji, manawi pangagêngipun pêjah, lampahing sêsaji mêsthi botên sampurna, malah ugi kêdah amêjahi sintêna ingkang priksa wêwatoning sêsaji naga wau, inggih punika tiyang ingkang piniji dados: ritwija (brahmana ingkang ngucapakên mantraning sêsaji).

Wontên malih naga ingkang sawatawis sae pambêganipun, gadhah atur pamrayogi dhatêng parêpataning para naga: lampah ingkang makatên punika saking pamanggih kula taksih kirang prayogi. Kawuningana, sintêna ingkang mêjahi brahmana, mêsthi manggih papa, dados anggèn kula nyandèkakên sêsaji wau kêdah sarana lampah ingkang adil, pandamêl botên adil punika ngrisakakên jagad. Naga sanèsipun lajêng nyambêti atur makatên: Prayoginipun kula sagêlêngan wontêna ingkang dados mêndhung cêmêng, lajêng dados jawah dêrês, amêjahi latuning sêsaji. Wontên malih sanèsipun ingkang matur makatên: ing wanci dalu sadèrèngipun sêsaji wau dipun wiwiti, kula badhe manjing ing pasamuan, wigatos andhustha bokor ingkang isi soma, icaling soma saèstunipun lajêng damêl [damê...]

--- 1 : 305 ---

[...l] kandhêging sêsaji. Salêbêtipun ingkang sami sêsaji opyak ngupaya soma, lajêng katrajanga kemawon dening barisanipun para naga, tamtu sami giris, manawi botên makatên, para naga kêda[9] nrajang sarta anyirnakakên dhatêng ingkang sami sêsaji, utawi para naga mugi sami angrêgêdana sakathahing sajèn, naga sanèsipun malih matur: Langkung prayogi mancala warna: ritwija kemawon, sarta samôngsa sêsaji sampun dipun wiwiti, lajêng angraridhu panggalihipun sang prabu, dene pangridhunipun mau sarana matur makatên: Kula enggal kaparingana epahan anggèn kula sêsaji. Tamtunipun sang prabu lajêng èmêng ing panggalihipun, amargi saking punika sang prabu lajêng amituruti ing panyuwunan wau. Wontên malih naga ingkang ngaturakên pamanggihipun makatên:

Sawanci-wanci manawi sang prabu kaparêng cangkrama ing narmada punapa ing samodra, badhe kula tukup kemawon, kula bêkta dhatêng karatonipun para naga sarta lajêng kula kunjara, dados lajêng botên sagêd angwontênakên sêsaji. Naga sanèsipun malih ingkang rumaos langkung mursid tinimbang sadaya wau, matur makatên: Langkung prayogi kula kanthi sadhèrèk sawatawis, sami sowan ing ngarsanipun Sang Prabu Janamejaya,

--- 1 : 306 ---

bilih sampun pinanggih badhe lajêng kula sedani kemawon, manawi sang prabu sampun kalampahan seda, saèstunipun talajêring kasangsaran ingkang badhe kasandhang para naga sampun ical, dados manawi makatên sampun rampung. Dhuh, para naga, ingkang pamirêngipun alêlantaran netra, sarèhning sampun wontên pamanggih pintên-pintên ingkang sami kaaturakên para sadhèrèk kula, mila ing mangke mugi tumuntên dipun rampungi, pundi ingkang prayogi dipun lampahi. Sasampunipun wontên ingkang gadhah atur makatên wau, sadaya para naga lajêng sami mandêng dhatêng Sang Basuki ingkang tansah nglalimbang salêbêting panggalih, wasana Sang Basuki ngandika makatên:

He, para kadang ingsun, panêmu kabèh mau kaya durung ana kang prayoga dilakoni, ingsun durung condhong marang panêmune para kadang kang wus ingsun rungokake mau, dene kang prayoga kanggo rumêksa karahayonira kabèh, kiraningsun mung kudu nyuwun sih pangayomane rama Sang Rêsi Kasyapa kang liwih[10] mungguhing kawicaksanane. Dhuh, para kadang ingsun, samêngko ingsun dhewe durung darbe panêmu, êndi kang dadi saranane kanggo ngayomi marang karahayonira kabèh, môngka bênêr luputing tindak iku dumunung dadi têtanggungan ingsun. Mulane

--- 1 : 307 ---

êndi kang ingsun kira prayoga, iya kudu banjur padha ditindakake.

Dumugi samantên wêkasanipun bab kaping tigang dasa pitu saking perangan: Astika ing Adi Parwa.

Bab XXXVIII. (Sambêtipun Astika Parwa).

Sang Soti ngandika: Ing nalika Naga Elapatra mirêng pamrayoginipun para kadang, lajêng mratelakakên punapa ingkang sampun dipun sumêrêpi, wicantênipun makatên: Kawuningana para kadang, sêsaji naga ingkang badhe dipun wontênakên Sang Prabu Janamejaya punika, tamtu kalampahan, dados sampun botên kenging dipun budi wandenipun. Sarèhning Sang Prabu Janamejaya punika narendra têdhak Pandhawa, mila anjalari tuwuhing raos kula ajrih, dalasan para kadang sanès-sanèsipun. Têdhak Pandhawa punika manawi kagungan karsa, botên wontên titah ingkang sagêd angalang-alangi. Dhuh, naga raja, sintêna ingkang kapandukan ing papêsthèn, punika pangayomanipun inggih namung dhatêng papêsthènipun, sampun têtela botên wontên pangayoman malih-malih.

Enggalipun ingkang dados witing sumêlangipun para naga, punika [pu...]

--- 1 : 308 ---

[...nika] papêsthèn ingkang badhe dhumawah ing para naga, mila inggih amung kêdah pasrah dhatêng papêsthèn kemawon. Sumôngga sami dipun piyarsakna atur kula, dhuh para kadang, nalika sot wau kawiyos saking tutukipun ibu, kabêkta saking girising manah, kula lajêng andhêlik wontên ing sangandhaping palênggahanipun, sadangunipun wontên ing ngriku, kula mirêng aturipun para jawata dhatêng Sang Hyang Brahma makatên: Dhuh, Hyang Brahma, inggih dewaning dewa, sintên ta tiyang sanèsipun malih ingkang candhala ing budi, kajawi namung pun Kadru, dene sasampunipun katurutan anggènipun kapengin asêsuta, wusana sutanipun lajêng dipun êsotakên piyambak, langkung malih anggènipun angêsotakên wau wontên ing ngayunan paduka. Dhuh, Hyang Brahma, kadospundi dene paduka ugi anjurungi kemawon, katôndha paduka lajêng ngandika: Kalakona sêdyanira iku. Pukulun, para dewa sami kapengin sumêrap, kadospundi dene paduka botên kaparêng mambêngi sêdyanipun Kadru, ingkang makatên punika, dhawuh pangandikanipun Hyang Brahma makatên: Sarpa iku rikat bangêt dadine bêbranahan, môngka mratah padha watak candhala, wujude anggêgirisi lan ambêbayani. Kagawa saka ênggon [êng...]

--- 1 : 309 ---

[...gon] ingsun nêdya amrih karaharjaning kang sarwa tumitah, mula ingsun anjurungi bae marang sote Kadru kang mangkono mau. Sayêktine kang bakal bisa sirna iku mung sakèhing sarpa kang padha kasinungan wisa mandi, lan dhêmên nyakot marang sapadha-padhane dumadi, sarta gêlêm nyakot marang titah kang ora luput marang dhèwèke. Utawa kang jalaran saka prakara sapele. Ananging sarpa kang ora dosa, apadene kang utama pambêgane, ora bakal kabrastha ing gêni sêsaji. Mula padha piyarsakna pangandikaningsun iki. Ing têmbe manawa wus têkan môngsakalane para sarpa padha tinumpês, uga ana sarpa kang bisa oncat saka bêbaya gêdhe iku, karana bakal ana maharsi kang linairake dadi darahe bôngsa Yayawara, jêjuluke: Jaratkaru, maharsi iku lêpas budine, sêngsêm marang kasutapan, nganti bisa mangrèh kamurkane. Rêsi Jaratkaru iku ing têmbe bakal asêsuta priya kang bêkti marang kasutapan, sêsilihe Astika, iya sutane Jaratkaru iku kang bakal kawasa ngandhêgake sêsajine Prabu Janamejaya. Ing kono bisane para naga kang padha ambêg utama oncat saka bêbaya, kang arupa kabrastha ing gênining sêsaji. Satêlasing pangandikanipun Sang Hyang Brahma, para jawata lajêng umatur malih: Dhuh,

--- 1 : 310 ---

paduka ingkang sampun botên kasamaran dhatêng saliring lêlampahan ingkang dèrèng saha sampun kadadosan, Rêsi Jaratkaru, inggih pêpêthinganing para muni ingkang gêntur kasutapanipun, saha linangkung ing kasêktènipun, punika kalampahanipun asêsuta patutan saking sintên. Pangandikanipun Sang Hyang Brahma makatên: Wruhanira, papêthinganing brahmana sinakti mau bakal asêsuta mijil saka wanodya kang sêsilihe uga Jaratkaru. Naga Basuki, ratuning para naga, darbe kadang wadon asêsilih Jaratkaru kaya kang wus ingsun dhawuhake mau. Iya sutane Rêsi Jaratkaru kang lair saka Jaratkaru iku kang bisa ngluwari naga.

Lajênging wicantênipun, Naga Elapatra: Para dewa lajêng sami ngucap sêsarêngan: Kaluhuran pangandika: Sasampunipun para jawata matur makatên wau, Sang Hyang Brahma lajêng botên katingalan. Dhuh, kakang Prabu Basuki, manawi botên kalèntu, ari paduka Dèwi Jaratkaru ugi wontên ing ngriki, mugi kakang prabu kaparênga amasrahakên ari paduka dhatêng Maharsi Jaratkaru, murih kalêksananipun kados ingkang sampun kula aturakên wau, kangge paliyasing girisipun para naga. Kawuningana kakang prabu, Maharsi Jaratkaru [Ja...]

--- 1 : 311 ---

[...ratkaru] ingkang têtêp dhatêng sêsanggêman, ing têmbe badhe andon lêlana, wigatos angupaya jatukrama. Kakang prabu, dados kula sampun nyumêrapi piyambak, sarana ingkang badhe dados panulakipun bêbaya agêng punika.

Dumugi samantên wêkasanipun bab kaping tigang dasa wolu saking perangan Astika ing Adi Parwa.

Bab XXXIX. (Sambêtipun Astika Parwa).

Sang Soti ngandika: Dhuh, sang rêsi, dupi para naga mirêng cariyosipun Naga Elapatra ingkang makatên wau, lajêng sami sirna sumêlangipun, saha lajêng sami saur pêksi: Prayogi, prayogi. Wiwit nalika samantên, Naga Basuki lajêng karsa anggulawênthah piyambak dhatêng kadangipun èstri ingkang pêparap Dèwi Jaratkaru, supados ing têmbe sagêd kasêmbadan ing sapangajêng-ajêngipun.

Botên watawis dangu kalihan lêlampahan ingkang kawursita ing nginggil. Para dewa kalihan para asura sami parêpatan, anggènipun sami badhe angêbur kahyanganipun Hyang Baruna. Naga Basuki, têtungguling para naga, kapiji dados tangsul ingkang kagubêtakên wontên ing pirantos pangêburan. [pangê...]

--- 1 : 312 ---

[...buran.] Saparipurnaning karya, sang naga lajêng marêk ing ngayunanipun Sang Hyang Brahma, sêsarêngan kalihan para jawata sanès-sanèsipun, sadumugining ngayunanipun Sang Hyang Brahma, para dewa lajêng umatur makatên: Kawuningana pukulun, Naga Basuki punika sayêktosipun sawêk nandhang prihatos, awit angèngêti êsoting biyungipun, pramila paduka mugi kaparênga angicali prihatosing manahipun, isthanipun kadosdene andudut jêmparing ingkang tumancêp ing jêjantungipun. Karantên pangangkahipun Basuki, botên sanès amung mamrih rahayunipun para naga. Pun Basuki, sampun amitulungi saha mêmitran kalihan para dewa, dhuh, sasêmbahaning para jawata, mugi anglunturna sih paduka dhatêng Basuki, murih dados usadaning prihatosipun.

Timbalanipun Sang Hyang Brahma: He, sira kang tan kêna ing pati, aturira kabèh mau wus ingsun panggalih suwe, mula Basuki nuli anglakonana kaya kang wus diucapake Elapatra, karana iki wus cêdhak lan kalamangsane. Wruhanira, sarpa kang bakal anêmahi pati, iku mung kang ambêg angkara bae, dene kang padha ambêg utama malah antuk nugraha. Maharsi Jaratkaru samêngko wus lair ana ing marcapada lan amêsu brata, mula Basuki [Basu...]

--- 1 : 313 ---

[...ki] nuli amasrahna kadange wadon marang kêkasih ingsun Rêsi Jaratkaru mau. He, para dewa, wruhanira, apa kang wus katuturake dening Elapatra iku nyata kabèh, lan wus ora ana sarana liyane manèh kang kêna kanggo gawe rahayuning para naga, kajaba mung iku mau.

Sang Soti anglajêngakên cariyosipun: Kawuningana, Sang Naga Raja Basuki ingkang tansah anawung prihatos, amargi dipun êsotakên ibunipun, ing nalika mirêng dhawuhipun Hyang Brahma makatên wau, ing batos sampun kadugi anglilahakên kadangipun èstri dhatêng Rêsi Jaratkaru, mila saunduripun saking kahyanganipun Hyang Brahma, Naga Basuki lajêng dhawuh dhatêng para naga, supados sami ngulat-ulatakên dhatêng Rêsi Jaratkaru, sarta amirêngna dhatêng sadaya pangandikanipun, dhawuhipun makatên: Manawa Sang Maharsi Jaratkaru wis darbe osik nêdya nambut silaning akrama, enggal tutura marang ingsun, krana wus têtela karahayone para naga iku, gumantung ing wasesane sang rêsi.

Dumugi samantên wêkasanipun bab kaping tigang dasa sanga saking perangan Astika ing Adi Parwa.

--- 1 : 314 ---

Bab XL. (Sambêtipun Astika Parwa).

Rêsi Sonaka ngandika: He, Sutatanaya, ingsun kapengin miyarsa, apa mulane dene rêsi linuwih kang kasumbaga iku, sarta kang sira sêbut Sang Jaratkaru mau kalane ana ing marcapada, diarani mangkono. Mara pratelakna, apa wrêdine Jaratkaru iku.

Wangsulanipun Sang Soti: Ujaring pawartos, jara punika atêgês karisakan. Dene wrêdinipun karu, agêng. Dados têgêsipun: Jaratkaru punika karisakan agêng. Anggènipun dipun wastani makatên wau, amargi sariranipun sang rêsi punika ingkang suwau agêng, ananging saya dangu lajêng saya dados alit, awit saking bantêring tapa bratanipun. Dhuh, sang brahmana, pawèstri kadangipun Naga Raja Basuki punika, ugi apêparap Jaratkaru, amargi kawontênanipun sang dèwi ugi kados sang rêsi.

Sang Rêsi Sonaka ingkang luhur ing budi, dupi midhangêt atur cariyosipun Sang Ograsrawaputra, sakalangkung karênan ing galih, wusana lajêng ngandika malih dhawuhipun makatên: Kawruhana, pancèn iya bênêr mangkono iku wrêdine: Jaratkaru.

--- 1 : 315 ---

Lajênging pangandikanipun Sang Sonaka makatên: Kabèh caritanira mau wus ingsun piyarsakake, samêngko ingsun kapengin krungu carita lêlakon laire Rêsi Astika.

Rikala Sang Soti dipun pangandikani makatên wau, lajêng wiwit cariyos malih, dene cariyosipun, botên siwah kalihan ingkang kacariyos ing: sastra.

Cariyosipun Sang Soti: Sang Naga Basuki, ingkang adrêng nêdya misungsungakên kadangipun èstri dhatêng Sang Rêsi Jaratkaru, dhawuh dhatêng para naga supados sami angintipa salampahipun sang muni ingkang wicaksana, saha sêtya tuhu ing sêsanggêman, punapadene sêngsêm amêsu brata punika. Ananging ngantos dangu sang maharsi wau botên darbe sêdya nambut silaning akrama, awit kasêngsêm dhatêng pangudining kawruh, sarta dhatêng kasutapan, pangangkahipun botên badhe angutahakên mani. Sang rêsi tansah alêlana ngidêri bawana, nanging botên nêdya ngupaya jatukrama.

Dhuh sang brahmana, sarêng sampun antawis dangu kalihan lêlampahanipun Rêsi Jaratkaru ingkang kasêbut ing ngajêng wau, wontên satunggaling narendra têdhaking Korawa, ajêjuluk

--- 1 : 316 ---

Mahaprabu Pariksit. Kawontênanipun sang prabu wau sampun botên siwah kalihan ingkang eyang buyut, inggih punika Mahaprabu Pandhu. Otot saha balunging sarira sakalangkung santosa. Misuwur titis anjêmparing, sarta sêngsêm babêdhag sato wana. Sabên dintên tansah lêlana wontên ing wana-wana, nangsaya kidang, sangsam, baruwang, sima, banthèng, saha sato galak sanès-sanèsipun. Pinuju ing satunggaling dintên, sang nata anjêmparing sangsam kalihan jêmparingipun ingkang sakalangkung ampuh, nanging sangsamipun botên lajêng sagêd pêjah sami sanalika, taksih sagêd lumajêng lumêbêt ing pagrumbulan. Sang nata enggal anglacak sangsam ingkang sampun kenging jêmparing wau, sarwi nyampirakên gandhewa ing pamidhanganipun, garumbul ing sakiwa têngênipun ngriku kaosak-asik, bêbasan ron mangkurêp dipun lumahakên, ingkang malumah dipun kurêpakên, kadosdene lêlampahanipun Bathara Rudra nalika anututi sangsam ingkang kanin dening jêmparingipun. Panglacakipun ugi kalihan mikul gandhewa, wasana sangsam lajêng mancala warna dados sajèn, ingkang sinajèkakên ing panjênênganipun Sang Hyang Rudra. Kawuningana sang rêsi (Sonaka), ingkang sampun kalampahan, sang prabu punika manawi anjêmparing

--- 1 : 317 ---

botên nate ngaping kalih, ewadene nalika samantên sanadyan panjêmparingipun botên lêpat, nanging sangsam taksih kêbat plajêngipun, sarta lajêng ical larinipun, ingkang makatên punika sêmunipun kados anyasmitani badhe muksanipun sang prabu. Rikala samantên sang prabu saya purêngên panglacakipun dhatêng sangsam, mila saya nêngah lêbêtipun dhatêng wana, dangu-dangu sang prabu kêraos sakalangkung sayah tuwin kasatan sangêt, ing ngriku panjênênganipun priksa satunggaling muni, mila enggal dipun parêpêki. Ing wêkdal punika sang muni wau sawêk pinuju lênggah wontên ing kandhang lêmbu kalihan tutukipun katadhahakên pêrêsaning lêmbu, ingkang tètès saking cangkêmipun pêdhèt ingkang sawêk anêsêp. Saking sangêting sayah saha kasatanipun, mila sang prabu enggal anyêlaki sang muni, langkapipun kaandhapakên saking pamidhangan, lajêng kacangking ing asta kiwa. Dupi sampun cêlak sang prabu lajêng andangu dhatêng sang muni, pangandikanipun makatên: Dhuh, brahmana, mugi andadosna priksa jêngandika, kula punika Mahaprabu Pariksit, putranipun Sang Abimanyu. Dumugi kula ing ngriki punika wigatos anglacak sangsam ingkang lumajêng amargi kataman jêmparing kula, punapa jêngandika priksa plajênging sangsam bêbujêngan kula wau. Sang muni

--- 1 : 318 ---

botên mangsuli pandangonipun sang prabu, awit sang muni sawêg anglampahi tapa ambisu. Sarêng sang prabu pandangonipun botên dipun wangsuli, lajêng mêngku bêbêndu, langkapipun kacuthikakên bathang sarpa, lajêng kasampirakên ing pundhakipun sang tapa, ewadene sang tapa botên keguh dening panyamahipun sang prabu ingkang makatên punika, sarta sang muni lêstantun botên karsa ngandika. Nalika sang prabu priksa manawi patrap saha pasêmonipun sang tapa botên ewah kalayan suwaunipun, lajêng lilih dukanipun, malah lajêng piduwung dhatêng tindakipun panyamah wau, mila lajêng kundur dhatêng Astinapura. Dene sang muni kala samantên taksih anglajêngakên ngunjuk tetesaning pêrêsan lêmbu ingkang dipun sêsêp pêdhètipun. Sang muni ingkang ambêg paramarta botên kasamaran, manawi Prabu Pariksit, gêgembonging para narendra ing donya punika, botên nate murang tataning kawajibanipun, mila sang prabu botên kaêsotakên, sanadyan sang prabu wau sampun anyênyamah dhatêng sariranipun, makatên ugi sang prabu anggènipun sampun nyênyamah punika, saking botên priksanipun, manawi punika satunggaling rêsi ingkang ambêg utami.

Gêntos ingkang kacariyos, sang rêsi wau kagungan putra

--- 1 : 319 ---

kakung apêparab Rêsi Sringin. Sanadyan Rêsi Sringin punika taksih jêjaka, ewadene sampun sêsêm[11] dhatêng tapa brata, sakalangkung sêkti saha têtêp dhatêng sêsanggêman, ananging pambêganipun brangasan, sarta kanêpsonipun botên gampil dipun lipur, ewadene Rêsi Sringin punika bêkti saha angluhurakên sangêt dhatêng gurunipun, sabên linggih piyambakan, tamtu angèsthi karaharjanipun ingkang sarwa tumitah.

Anyarêngi lêlampahan ingkang kawursita ing nginggil, Rêsi Sringin tampi dhawuhing gurunipun, bilih sampun kaparêng mantuk dhatêng padununganipun piyambak, rikala Rêsi Sringin wau lampahipun dumugi ing sacêlaking padhepokanipun tiyang sêpuhipun, kapapak kalihan mitranipun nama Krisa, sutanipun satunggiling rêsi. Ing ngriku mitranipun wau sasêmbranan, pangangkahipun namung nêdya gêgujêngan kemawon, Rêsi Sringin ingkang watakipun brangasan, môngka kasinungan kasêktèn, candranipun kados wisa mandi, dupi mirêng cariyosipun Krisa, ingkang mratelakakên bilih tiyang sêpuhipun Rêsi Sringin, sampun kacêcamah ing tiyang, sang rêsi sakalangkung bramantya.

Cariyosipun Sang Krisa makatên: He, Sringin, sanadyan kowe lagi mudhun saka parapèn, sarta kasinungan kasêktèn [kasê...]

--- 1 : 320 ---

[...ktèn] linuwih, ewadene bok aja kumlungkung. Kawruhana, sudarmamu mêntas dicêcamah ing wong, pundhake disampiri bathang sarpa, mulane aja sok umuk marang wong kang sapapak pundhak karo kowe. Para anaking rêsi iku mratah padha wêruh marang kasunyatan, sêngsêm marang tapa brata, lan wus tômpa nugraning[12] dewa. Êndi tandhane yèn kowe iku wong priya, dene pundhake wong tuwamu kongsi bisa kalakon disampiri bathang sarpa, têka ora timbang têmên lan kumlungkunge ambêgmu. He, papêthinganing para muni, sudarmamu ora nandukake wêwalês marang kang wus nyênyamah marang dhèwèke, nanging karêrantaning atiku kaya aku dhewe kang nandhang panyamah.

Dumugi samantên wêkasanipun bab kaping: sakawan dasa, saking cariyos Astika, ing Adi Parwa.

Bab XLI. (Sambêtipun Astika Parwa).

Sang Soti angandika: Nalika Rêsi Sringin ingkang kinawasa mirêng panguman-umanipun Rêsi Krisa makatên wau, sarta mawi mratelakakên manawi pundhaking tiyang sêpuhipun kasampiran bathang sarpa, lajêng jaja bang mawinga-winga sarwi andik pamandêngipun dhatêng Rêsi Krisa, ananging aris wêdaling wicaranipun, ucapipun [ucapi...]

--- 1 : 321 ---

[...pun] makatên: Mara pratelaa, apa mulane dene wong atuwaku pundhake kongsi disampiri bathang sarpa. Wangsulanipun Rêsi Krisa: Sumitra, nalika Prabu Pariksit babêdhag, kalunta-lunta kongsi têkan pratapane sudarmamu, ing kono sang prabu anggone nyampiri bathang sarpa ing pundhake.

Rêsi Sringin pitakèn: Wong tuwaku wus anglakoni kaluputan apa, têka sang prabu banjur mêngku dêduka mangkono mau. He, Krisa, nuli wangsulana pitakonku, supaya kowe banjur bisa wêruh marang kasêktèn nugrahane anggonku ambangun tapa.

Wangsulanipun Rêsi Krisa makatên: Prabu Pariksit, putrane Sang Abimanyu, kalane babêdhag, anjêmparing mênjangan, sanadyan kêna anggone jêmparing, ananging mênjangane isih bisa mlayu lumêbu ing grumbul. Sang prabu nuli anglacak mênjangan kang lumayu mau lacaking mênjangan saya nêngah, suwe-suwe banjur ilang tanpa tilas. Nalika samana sang prabu mandhêg milang-miling ngiwa nêngên, wêkasan priksa marang sudarmamu, sarta banjur diparêpêki lan dinangu, nanging sudarmamu ing wêktu iku ora mangsuli pandangone sang prabu mau, jalaran lagi nglakoni tapa ambisu. Môngka sang prabu bangêt sayahe lan kasatan, [ka...]

--- 1 : 322 ---

[...satan,] mula nêtêr-nêtêr pandangune bab playune mênjangan kang kanin mau. Sanadyan mangkonoa, sudarmamu iya isih ora mangsuli, malah nolèh bae ora. Awit saka mangkono iku andadèkake dukane sang prabu sarta nuli nyuthik bathang sarpa sarana langkape, banjur kasampirake ing pundhake sudarmamu. O, Sringin, têtela yèn sudarmamu iku sawijining pandhita sukci, mula iya ora obah saka palungguhane. Nalika sang prabu priksa yèn sudarmamu ora mingkêt saka palinggihan, sêmune kaduwung sarta nuli kondur marang nagarane, kang aran: Astinapura.

Sang Soti nglajêngakên cariyosipun: Satêlasing cariyosipun Rêsi Krisa, Rêsi Sringin netranipun amrêbabang kadi urubing dahana. Saking sangêting nêpsunipun, ngantos kawêdal êsotipun dhatêng sang prabu, langkung malih sarêng sang rêsi anggêpok toya, saya botên kawawa ngampah kanêpsonipun, ucapipun Rêsi Sringin, makatên: Ratu druhaka, kang angêndhong-êndhong dosa, dhêmên anyênyamah brahmana sarta bungah gawe surêming suwure têdhak Kuru amarga wus anyampiri bathang sarpa ing pundhake wong tuwaku, mula saka pangwasane êsotku, pitung dina saka dina iki, sang

--- 1 : 323 ---

prabu mêsthi kendhang mênyang kayangane Bathara Yama. Sang Taksaka, ratuning sarpa kang linuwih, mêsthi bakal katuwuhan osik nêdya nyirnakake ratu druhaka iku.

Sang Soti anglajêngakên cariyosipun: Rêsi Sringin sarêng sampun ngêsotakên Prabu Pariksit, lajêng gêgancangan dhatêng dhepoking tiyang sêpuhipun, sadumugining padhepokan, priksa sudarmanipun sawêg linggih wontên ing kandhang lêmbu, pundhakipun taksih wontên bathangipun sarpa sumampir. Nalika wau Rêsi Sringin katêtangi malih pamuring-muringipun, saking sangêting nêpsunipun ngantos ngutahakên waspa sarwi matur dhatêng sudarmanipun makatên: Rama, wiwit kula mirêng pawartos manawi paduka nandhang kalingsêman, ingkang awit saking dêksuranipun Prabu Pariksit, ratu ingkang ambêg daksiya, saking kagèting manah kula, ratu ingkang candhala ing budi wau lajêng kula êsotakên. Cêcêmêring bôngsa Kuru pun Pariksit, badhe ngraosakên tumamaning sot kula. Pitung dintên saking titimôngsa punika, Sang Nata Taksaka ratuning sarpa, tamtu badhe nguntapakên lêbêtipun ratu druhaka punika dhatêng yomani ingkang sakalangkung anggêgirisi. Rikala samantên, sudarmanipun Rêsi Sringin lajêng mangsuli dhatêng sutanipun ingkang taksih nêpsu wau

--- 1 : 324 ---

makatên: O, katiwasan ênggèr, tindakira iku ora dadi sarjuning atiningsun, yèn pandhita sajati mêsthi ora bisa tumindak mangkono. Apa sira wus kalalèn ênggèr, yèn ingsun lan sira iki padha manggon ing nagarane narendra binathara iku. Sumurupa, iya panjênênganing nata iku kang angayomi ingsun lan sira. Ratu kang ngasta pusaraning praja iku sanadyan kaya apa bae tindake, wajib diapura dening wong kang ana ing wawêngkone, luwih manèh ingatasing wong kang kaya ingsun iki. Wruhanira, yèn sira ngrusak darma, darma iya bakal angrusak marang sira. Upama para pandhita iku ora kaayoman pangwasaning panjênêngan nata, mêthi padha katiwasan, amarga banjur ora bisa nganakake sêsaji kaya kang kinarêpake ing agama, kang awit kaayoman dening pangwasane sang prabu kang adil, têmahan para pandhita bisa tômpa nugraha kang tanpa upama. Sarèhne sang prabu iku kang ngasta pangwasa, dadi wajib ingapura. Sang Prabu Pariksit iku bêcik pambêgane, ora siwah lan kang eyang buyut anggone ngayomi marang para tapa, ora beda kaya ratu anggone ngayomi marang wadya sarta kawulane. Narendra kang sêngsêm mêsu brata mau kalakone tumindak [tu...]

--- 1 : 325 ---

[...mindak] kaya kang wus kalakon iki, mung amarga saka winasesa dening sayahing sarirane sarta kasatan, ora wuninga yèn ingsun lagi pinuju tapa ambisu. Praja kang tanpa ratu iku mêsthi tansah karusakan, narendra kawajiban angukum marang kang padha nêrak wêwalêring nagara, wong kang wêruh ing kukum, iku antuk katêntrêman, karana wong mangkono mau mêsthi padha têtêp marang wajibe, dadi sêsajine ora kêna rinubeda. Kang nêtêpake pranataning agama iku narendra, agama kang nêtêpake anane kratoning swarga, narendra kang ngayomi marang wong gawe sêsaji manawa rinubeda, dene sêsaji iku agawe rênane para dewa. Para dewa kang anurunake udan, udan kang marakake thukuling têtuwuhan kang mawa kawarasan lan migunani tumraping manungsa. Sang manu ngandika: Kang murba masesa pranataning manungsa iku pangwasane padha lan brahmana sapuluh kang ngudi Wedha. Prabu Pariksit, kang sêngsêm mêsu brata mau, anggone tumindak mangkono iku kagawa saka ora wuningane yèn ingsun lagi tapa ambisu, môngka panjênêngane kabênêran sayah sarta kasatan bangêt, ênggèr, kapriye dene sira banjur wanuh wani nglakoni panggawe kang tanpa wisesa. Sanadyan ingsun dhewe uga ora

--- 1 : 326 ---

bênêr manawa angêsotna marang panjênêngane, luwih manèh sira.

Numugi[13] samantên wêkasanipun bab kaping: sakawan dasa satunggal, saking perangan Astika ing Adi Parwa.

Catatan kaki:

1. Hyang (kembali)
2. Ijengandika (kembali)
3. § Gêndera têtêngêr. (kembali)
4. sampun (kembali)
5. [293] (kembali)
6. [294] (kembali)
7. kalayan (kembali)
8. [303] (kembali)
9. kêdah (kembali)
10. luwih (kembali)
11. sêngsêm (kembali)
12. nugrahaning (kembali)
13. Dumugi (kembali)