Cênthini, Kamajaya, 1985–91, #761 (Jilid 05: Pupuh 333–349)

Judul
Sambungan
1. Cênthini, Kamajaya, 1985–91, #761 (Jilid 01: Pupuh 001–023). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Sêrat Cênthini.
2. Cênthini, Kamajaya, 1985–91, #761 (Jilid 01: Pupuh 024–039). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Sêrat Cênthini.
3. Cênthini, Kamajaya, 1985–91, #761 (Jilid 01: Pupuh 040–057). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Sêrat Cênthini.
4. Cênthini, Kamajaya, 1985–91, #761 (Jilid 01: Pupuh 058–073). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Sêrat Cênthini.
5. Cênthini, Kamajaya, 1985–91, #761 (Jilid 01: Pupuh 074–087). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Sêrat Cênthini.
6. Cênthini, Kamajaya, 1985–91, #761 (Jilid 02: Pupuh 088–107). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Sêrat Cênthini.
7. Cênthini, Kamajaya, 1985–91, #761 (Jilid 02: Pupuh 108–125). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Sêrat Cênthini.
8. Cênthini, Kamajaya, 1985–91, #761 (Jilid 02: Pupuh 126–142). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Sêrat Cênthini.
9. Cênthini, Kamajaya, 1985–91, #761 (Jilid 02: Pupuh 143–158). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Sêrat Cênthini.
10. Cênthini, Kamajaya, 1985–91, #761 (Jilid 02: Pupuh 159–174). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Sêrat Cênthini.
11. Cênthini, Kamajaya, 1985–91, #761 (Jilid 03: Pupuh 175–190). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Sêrat Cênthini.
12. Cênthini, Kamajaya, 1985–91, #761 (Jilid 03: Pupuh 191–207). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Sêrat Cênthini.
13. Cênthini, Kamajaya, 1985–91, #761 (Jilid 03: Pupuh 208–223). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Sêrat Cênthini.
14. Cênthini, Kamajaya, 1985–91, #761 (Jilid 03: Pupuh 224–238). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Sêrat Cênthini.
15. Cênthini, Kamajaya, 1985–91, #761 (Jilid 03: Pupuh 239–256). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Sêrat Cênthini.
16. Cênthini, Kamajaya, 1985–91, #761 (Jilid 04: Pupuh 257–272). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Sêrat Cênthini.
17. Cênthini, Kamajaya, 1985–91, #761 (Jilid 04: Pupuh 273–281). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Sêrat Cênthini.
18. Cênthini, Kamajaya, 1985–91, #761 (Jilid 04: Pupuh 282–293). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Sêrat Cênthini.
19. Cênthini, Kamajaya, 1985–91, #761 (Jilid 04: Pupuh 294–308). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Sêrat Cênthini.
20. Cênthini, Kamajaya, 1985–91, #761 (Jilid 04: Pupuh 309–321). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Sêrat Cênthini.
21. Cênthini, Kamajaya, 1985–91, #761 (Jilid 05: Pupuh 321–332). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Sêrat Cênthini.
22. Cênthini, Kamajaya, 1985–91, #761 (Jilid 05: Pupuh 333–349). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Sêrat Cênthini.
23. Cênthini, Kamajaya, 1985–91, #761 (Jilid 05: Pupuh 350–352). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Sêrat Cênthini.
24. Cênthini, Kamajaya, 1985–91, #761 (Jilid 05: Pupuh 353–355). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Sêrat Cênthini.
25. Cênthini, Kamajaya, 1985–91, #761 (Jilid 05: Pupuh 356). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Sêrat Cênthini.
26. Cênthini, Kamajaya, 1985–91, #761 (Jilid 06: Pupuh 357–358). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Sêrat Cênthini.
27. Cênthini, Kamajaya, 1985–91, #761 (Jilid 06: Pupuh 359–361). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Sêrat Cênthini.
28. Cênthini, Kamajaya, 1985–91, #761 (Jilid 06: Pupuh 362–364). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Sêrat Cênthini.
29. Cênthini, Kamajaya, 1985–91, #761 (Jilid 06: Pupuh 365–367). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Sêrat Cênthini.
30. Cênthini, Kamajaya, 1985–91, #761 (Jilid 06: Pupuh 368–372). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Sêrat Cênthini.
31. Cênthini, Kamajaya, 1985–91, #761 (Jilid 07: Pupuh 373–376). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Sêrat Cênthini.
32. Cênthini, Kamajaya, 1985–91, #761 (Jilid 07: Pupuh 377–382). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Sêrat Cênthini.
33. Cênthini, Kamajaya, 1985–91, #761 (Jilid 07: Pupuh 383–384). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Sêrat Cênthini.
34. Cênthini, Kamajaya, 1985–91, #761 (Jilid 07: Pupuh 385–388). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Sêrat Cênthini.
35. Cênthini, Kamajaya, 1985–91, #761 (Jilid 07: Pupuh 389–403). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Sêrat Cênthini.
36. Cênthini, Kamajaya, 1985–91, #761 (Jilid 08: Pupuh 404–427). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Sêrat Cênthini.
37. Cênthini, Kamajaya, 1985–91, #761 (Jilid 08: Pupuh 428–443). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Sêrat Cênthini.
38. Cênthini, Kamajaya, 1985–91, #761 (Jilid 08: Pupuh 444–456). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Sêrat Cênthini.
39. Cênthini, Kamajaya, 1985–91, #761 (Jilid 08: Pupuh 457–477). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Sêrat Cênthini.
40. Cênthini, Kamajaya, 1985–91, #761 (Jilid 08: Pupuh 478–506). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Sêrat Cênthini.
41. Cênthini, Kamajaya, 1985–91, #761 (Jilid 09: Pupuh 507–526). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Sêrat Cênthini.
42. Cênthini, Kamajaya, 1985–91, #761 (Jilid 09: Pupuh 527–547). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Sêrat Cênthini.
43. Cênthini, Kamajaya, 1985–91, #761 (Jilid 09: Pupuh 548–567). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Sêrat Cênthini.
44. Cênthini, Kamajaya, 1985–91, #761 (Jilid 09: Pupuh 568–583). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Sêrat Cênthini.
45. Cênthini, Kamajaya, 1985–91, #761 (Jilid 09: Pupuh 584–599). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Sêrat Cênthini.
46. Cênthini, Kamajaya, 1985–91, #761 (Jilid 10: Pupuh 600–607). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Sêrat Cênthini.
47. Cênthini, Kamajaya, 1985–91, #761 (Jilid 10: Pupuh 608–614). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Sêrat Cênthini.
48. Cênthini, Kamajaya, 1985–91, #761 (Jilid 10: Pupuh 615–618). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Sêrat Cênthini.
49. Cênthini, Kamajaya, 1985–91, #761 (Jilid 10: Pupuh 619–626). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Sêrat Cênthini.
50. Cênthini, Kamajaya, 1985–91, #761 (Jilid 10: Pupuh 627–637). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Sêrat Cênthini.
51. Cênthini, Kamajaya, 1985–91, #761 (Jilid 11: Pupuh 638–651). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Sêrat Cênthini.
52. Cênthini, Kamajaya, 1985–91, #761 (Jilid 11: Pupuh 652–665). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Sêrat Cênthini.
53. Cênthini, Kamajaya, 1985–91, #761 (Jilid 11: Pupuh 666–671). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Sêrat Cênthini.
54. Cênthini, Kamajaya, 1985–91, #761 (Jilid 11: Pupuh 672–678). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Sêrat Cênthini.
55. Cênthini, Kamajaya, 1985–91, #761 (Jilid 11: Pupuh 679–690). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Sêrat Cênthini.
56. Cênthini, Kamajaya, 1985–91, #761 (Jilid 12: Pupuh 691–694). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Sêrat Cênthini.
57. Cênthini, Kamajaya, 1985–91, #761 (Jilid 12: Pupuh 695–703). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Sêrat Cênthini.
58. Cênthini, Kamajaya, 1985–91, #761 (Jilid 12: Pupuh 704–707). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Sêrat Cênthini.
59. Cênthini, Kamajaya, 1985–91, #761 (Jilid 12: Pupuh 708). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Sêrat Cênthini.
60. Cênthini, Kamajaya, 1985–91, #761 (Jilid 12: Pupuh 709–722). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Sêrat Cênthini.
Citra
Terakhir diubah: 06-08-2021

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

333. Asmaradana

1. Ngambah tanah ing pasisir | lan rayi Sèh Agungrimang[1] | angulati mring kadange | miwah marang padhusunan | angin-angin warta |[2] angruruh mring kadangipun | mêksa datan angsal warta ||

2. lajêng samya wangsul nuli | marang dhukuh Wanataka | cinatur cêndhake wae | yata wau sêntananya | kang kantun Sokayasa | wus sinung wikan sadarum | si Monthèl ingkang dinuta ||

3. Wus kêbut sadaya sami | nusul carang Wanataka | nanging aicir lampahe | samana pan wus raharja | dhukuhe Agungrimang[3] | kunêng ingkang adhudhukuh | gantya ingkang kawarna-a ||

4. Sira Radèn Jayèngrêsmi | kang lami anèng ing Karang | kadi sarêng ing lampahe | lan kang rayi kesahira | nanging gênti kinandha | kacatur wau sang bagus | kanggêp pangawulanira ||

5. Marang ki agêng ing Kawis | malah ingambil atmaja | saking rêsêpe ing tyase | kadya putra (ng)gèn ayoga | Ki Agêng datan samar | marang sira sang binagus | ing têmbe antuk kamulyan ||

--- 5 : 52 ---

6. Pira ta laminirèki | (ng)gènnira anèng ing Karang | kinêmpit rina wêngine | mring ki agêng pan winulang | ngèlmu lêmbut lan kasap | kang ginendhong lan kinandhut | pan sampun têlas sadaya ||

7. Dhasar manahira lantip | ukur kumlebat kewala | kacandhak têkan bongkote | pan wus pinasthi dening Hyang | yèn bakal sinèrènan | ing ngèlmu kang agung-agung | dhasar nguni wus pawitan ||

8. Winulang kang rama nênggih | duk maksih nèng Sokaraja | marmanira ta ing mangke | lajêng ambantas kewala | sakèh ngèlmu sampurna | malah wus sinung jujuluk | mring rama ki agêng Karang ||

9. Sawab kawruh wus anunggil | sinung nama Amongraga | pan wus karan nama Êsèh | abdi kêmbar Gathuk Gathak | wus ingalih namanya | jênêng santri arannipun | wus ingalih Jamil Jamal ||

10. Abdi kala taksih alit | ing mangke tumut saparan | nahên ta samana rêkê[4] | ki agêng duk lagya lênggah | nèng ngèmpèr mêsjid (n)jaba | kang putra linggih ing ngayun | tumungkul sarya angrêpa ||

11. Ki agêng waspadèng aksi | tumingal marang kang putra | arum wau andikane | kadingarèn babo sira | marêk ing ngarsaningwang | apa na kang durung surup | bab ing basa iya ora ||

12. Lan dudu iku ya iki | sajatine iku iya | pan yêktine iya dede | apa mêksih rubêd nyawa | kang liningan tur sêmbah | inggih ing sawab pukulun | sadaya sampun kadhadha ||

13. Sanès kang puniku inggih | marmamba marêk ing tuwan | arsa pamit sayêktine | kesah angupaya kadang | kang amba turkên tuwan | inggih ing kantênanipun | pêjah atanapi gêsang ||

14. Kawula arsa udani | ki agêng mèsêm ngandika | adhuh putraningsun anggèr | aja maras atinira | prakara kadangira | wus antuk kamulyan agung | mèh timbang kalawan sira ||

15. Kawruhe lan sira nunggil | sawab guruning rinira | wus tau

--- 5 : 53 ---

wêruh ing kene | nanging ingsun tan wani (m)babar |[5] prênahe kadangira | nanging yèn sira drêng kulup | ngupaya ing arinira ||

16. Angetanna sira ugi | marang dhukuh Wanamarta | kaprênah kidul wetane | pêtilasan nagri Maja | -lêngka ana pandhita | lan dadi paguron agung | sagung bupati bang-wetan ||

17. Sawab sarwa-na sayêkti | apa kang tinakokêna | mring Bayi Panurta kuwe | ing kasap lêmbat tan kewran | marma saya kèh prapta | wong pasisir urut gunung | mila wismèng Wanamarta ||

18. Dene gurune ngong uning | pêngulu Cêrbon Dulsalam | iku kang dadi gurune | amulang Bayi Panurta | dhasar yêkti sarwa na | Ki Dulsalam yèn ing mungguh | tumibèng tanah bangwetan ||

19. Ngèlmune tan animbangi | yèn mungguh nèng kene nyawa | apan lumrah lan wong akèh | durung papak lawan sira | kang putra matur nêmbah | saking brêkah sang pukulun | awit pamulang paduka ||

20. Ki agêng ngandika malih | kapindhone Ki Panurta | adarbe atmaja wadon | warnane pan ayu pelag | aranne Tambangraras | dadya kondhange kikidung | asring dadya lilinduran ||

334. Dhandhanggula

1. Akèh para santri kang nêkani | sami kasmaran miyarsèng warta | apan ta nora katampèn | banjur wisma ing riku | marma pondhok jêjêl apipit | sudagar jor-jinoran | ing patukonipun | nora nana kang tinampan | wicarane besuk ingsun arsa krami | yèn olèh sênênging tyas ||

2. Miwah-wong gêdhe kèh duwe melik | nora nana ingkang wani mêksa | sawab wus (ng)guguru rêke | lawan wong wadon iku | wus winasis ngèlmu maknawi | wirasat pan wus wignya | dadya was pandulu | ngupaya kakung utama | ingkang pantês sinêmbah ing awal akir | iku kang ingupaya ||

--- 5 : 54 ---

3. Marma nuduh ingsun mring sirèki | ingsunkon mring Wanamarta sira | pêsthi sira yèn dhaupe | lan marganira têmu | lawan kadangira ing benjing | (m)buh sêsangkananeya | marga saking ngriku | dadine tyasira padhang | nging sarate dènasru amati-ragi | supayane Hyang Suksma ||

4. Asiha marang ing sira ugi | karêmêne Hyang Suksma wisesa | wong asring amatèkake | marang ing raganipun | lawan wong kang rêmên ngasêpi | yèku kêkasihing Hyang | seje lan wong kupur | dhasare linulu ing Hyang | ya wong dhasar ginadhang nêraka benjing | marma ngugung dening Hyang ||

5. Sèh Amongraga saya awingit | miyarsakkên andikaning rama | padhang nêrawang tingale | èngêt trahing linuhung | yata sigra dènnya tur bêkti | angaras dêlamakan | cinêcêp kang êmbun | apan sarwi binisikan | ing pangawruh kang ngilangkên ing sak sêrik | lan ênggènning Pangeran ||

6. Riwusnya mangkana lèngsèr aglis | datan kantun abdi kalihira | ki agêng sru pandongane | jinurungkên mring sunu | yata wau ingkang lumaris | andarung lampahira | tan ana lyan ketung | amung sihira Hyang Suksma | datan liyan kang pinêsthi ing pandêling | kèndêl-kèndêl yèn salat ||

7. Sawusing bakda sigra lumaris | ngetan bênêr (ng)gènnira lumampah | nurut dhusun pinggir lèpèn | akathah kang kadulu | akèh langên-langêning margi | dhusun kathah kang gêmah | palakirna agung | kapungkur ingkang padesan | yata ngambah tarataban pinggir wukir | têbih kang padhusunan ||

8. Tindaknya ris wau apan sarwi | tumingal langên-langêning marga | kadya anggugah driyane | pradapèng wrêksa lumung | apan samya nêdhêng asêmi | lagya katiban warsa | amuyêg dinulu | marga sunare sumêngka | wuryan ingkang marga kadya ngrujit ati | berag kanyaran warsa ||

9. Larah-larahing ara-ara kadi |[6] kang udaya kalèban ing ombak | pacing asêgêr sawange | srigunggu lawan sêmbung |

--- 5 : 55 ---

puspa lembong myang sanggalangit | kasêlan mandhalika | rumput-mrak angrêgu | nêlasah angadal-adal | kang wêlingi anurut têpining margi | marga lêbu apanas ||

10. Tindaknya lon wau kang kaswasih | nujwa mantêngah kang diwangkara | mangkana kandhêg lampahe | nèng ngandhap mandera gung | lajêng èrca rana[7] nèng bêlik | lan abdi sawusira | ngabêkti Hyang Agung | pan angêningakên cipta | sawusira abdi kalih amangani | orong-orong binakar ||

335. Wirangrong

1. Yata wusira anuli | sang brangta lampahnya alon | ngambah jurang sêngkan siluk-siluk | yèn jurang atrêbis | marga rumpil arampal | pan arang kambah ing jalma ||

2. Marga kapit ing cucuri | yèn wong kang tan sêdya layon | mangsa waniya ngambah ing ngriku | yèn wong misih mikir | enak lawan kapenak | mangsa ta silih ngimpiya ||

3. Liwat marga kang asungil | (m)bok ngambah liyane kono | tur mangsa kuranga liyanipun | margi ingkang radin | ingkang tau dènambah | ing manungsa pan akathah ||

4. Ing yêkti dhapur ngulati | sang brangta marga kang ewoh | ingkang nora kambah ing wong langkung | yata wau nuli | anênggêl minggah arga | nuju Asar wayahira ||

5. Yata nèng nginggil ningali | kidul wetan lèr lan kulon | nglimut pan anglamat dhusun-dhusun | tan awas ingaksi | miwah kang ardi kathah | pan samya êlêt jujurang ||

6. Nanging ardi alit-alit | sang brangta kasmaran anon | eca dènnya lênggah sela pingul | kang abdi mêtêki | yata wau samana | mèh ngayom Sang Hyang Pratangga ||

7. Ambarung swaraning pêksi | rêbut (ng)gon anèng kêkayon | putêr jalak menco pêksi siyung | prit-pêking salindhit | johan lan atat-kêmbang | kêdhasih munya ing tawang ||

--- 5 : 56 ---

8. Swaranira ngasih-asih | lir nangisi ingkang rawoh | mrak nyangungong kadya nyapèng tamu | kang satawana (n)jrit | anglir asung sasmita | sang brangta mèsêm ing driya ||

9. Akèh sato ing wana-dri | samya munya ting galêmbor | lêmbu singandaka lutung cênguk | pra samya awingwrin | uninga groning sima | mêncit ngungsèkkên tênaya ||

10. Samana wanci Mahêrib | umyung swara cênggèrèt-nong | barung kup-angkupan kongkang ngungkung | anèng rong lir gêndhing | patut lir mandra-raga[8] | rês-rês munya sasauran ||

11. Tangèh ucapêna sami | isining jurang tuwin rong | yata sang brangta sukèng ing kalbu | myarsa kèh kang uning | yata ing sawusira | bakda (ng)gènnira asalat ||

12. Lênggah sela wisnu radin | lajêng muji ing Hyang Manon | nora dhompo awas ing pandulu | wus ngumpul nganggêki | pranyata yèn utama | sira Ki Sèh Amongraga ||

13. Pratandha waspadèng èksi | ênggèning Suksma kinaot | pan sayêkti arang wong kang wêruh | marang Hyang Kang Luwih | lamun ta durung bisa | mati sajroning ngagêsang ||

14. Nadyan mangkonowa ugi | yèn sinung sihing Hyang Manon | arang kang waspada ing pandulu | ênggonning Hyang Widdhi | mendah dening akathah | kalamun sok pandhitaa ||

15. Sinung ilham ing Hyang Widdhi | mendah wali ting pragogok | yata ing ratrinya tan winuwus | samana wus enjing | Hyang Arka mèh sumirat | angganthêng[9] kang mega malang ||

16. Kwèh warnanira ingèksi | mega pindha kang wastra byor | dadu kuning rêkta wilis wungu | amemba manjêthi | umyung pêksi kang mangsa | wohing bulu lawan gruda[10] ||

17. Sato gora bibar sami | umuni pating galêmbor | mrak manguwuh kadya asung pemut | pêksi bêluk kadi | angatak uninira | sampun kadangon gingsira ||

--- 5 : 57 ---

336. Sinom

1. Sawusnya nitih ancala | Hyang Surya sang brangta nuli | tumurun saking aldaka | abdi kêkalih nèng wingking | praptaning ngandhap nuli | yata lajêng lampahipun | margèng jurang sasêngkan | parang rong pèrèng kapering | kang kandhêgan curi mingis lir sutikna[11] ||

2. Prandene mêksa dènambah | tan kengguh margi kang sungil | tan wontên baya kang ketang | amung andulwèng sawiji | kang karya bumi langit | kang pinanthêng ing pandulu | darung ing lampahira | sadina dènnya lumaris | pan ararywan sabên ing wêktu kewala ||

3. Bakdane nuli lumampah | ngetan bênêr (ng)gyan lumaris | yata aningali arga | agêng dhukuhe kaèksi | gêng gêng yèn tinon asri | pan anèng sukuning gunung | dhukuh punika aran | pan ing Taramaledari[12] | gunungipun ingaranan ardi Gora ||

4. Dadya dhukuh milu karan | dene ingkang apalinggih | ki buyut Wasibagêna | gêntur ing tapanirèki | dhasar ngèlmune luwih | pan dadya paguron agung | sagung patinggi desa | akathah sabatirèki | ingkang tumut wisma patangpuluh ana ||

5. Masjide katon anganggrang | pagêr tabag dènênjêdi | lir sa[...]un[13] saking kodahan[14] | balumbangira ngubêngi | ingon ulam mawarni | tharik sasêkaranipun | samya binatur sela | amêpêki sawarnining | naga puspa kumuning ngapit ing lawang ||

6. Kênanga nèng (n)jawi pisan | palakirna amêpêki | manggis dhuku lan pijêtan | gowok kêpundhung kêcapi | pêlêm duryan kuwèni | pakèl rambutan lan jêruk | srikayane ngayangan | mangsane lagya woh sami | angrêmbaka kang têbu-wulung-arjuna ||

--- 5 : 58 ---

7. Dhasar toyane tumumpang | wèh[15] anjog saking ing ardi | tibane pan tinalangan | kilèn[16] ngubêngi kikitri | ingkang wisma aparik | asêgêr-sêgêr dinulu | ki buyut wismanira | anèng têngah dènubêngi | ing wismane sagung para santrinira ||

8. Pan kêkalih kêtibira | papat marêbotirèki | apan ta ngiras kêbayan | wong papat puniku nênggih | kêtib aran Nuripin | sawijine kêtib Samud | marêbot ki Jatruna | kalawan mêrbot Nurkasim | lawan Kêrtasapele Kêrtasapala ||

9. Ki buyut Wasibagêna | adarbe atmaja kalih | sami èstri kalihira | warnane samya yu luwih | yèn ing desa munjuli | duk samya birainipun | wastane kang atuwa | awasta Nikèn Pangliring | ingkang anèm wastanira ra Sumêkar ||

10. Kalangkung dinama-dama | marang rama sang ayogi | ing sapantêse wong arga | saking dêlape sasiwi | yata sang tapa nuli | pinarak langgar mumuruk | mring sagung santrinira | gumuruh santrinirèki | Nikèn Rara lan ibu ngaji nèng wisma ||

11. Pra samya amangku Kur'an | kang mulang ibunirèki | nahên wau kang lumampah | yata samana wus prapti | ing dhukuh Maledari | sang brangta rêsêp andulu | uning rakiting dhêkah | lan myarsèng kèh santri ngaji | pan kumêpyur èngêt duk kala nèng wisma ||

12. Yata laju lampahira | kèndêl sajawining kori | katuju ngênu samana | Kêrtisapele nèng (n)jawi | kagyat dènnya umèksi | wong ngadêg anèng ing pintu | bagus misih taruna | kang cahya amindha sasi | sigra Kêrtisapele manggihi nulya ||

13. Gupuh dènnya uluk salam | Kêrtisapele tanya ris | anak teja sulaksana | têmbe pun bapa umèksi | kang tinanya nauri | kewula[17] wong kawlasayun | santri saking ing Karang | nanging santri tanpa ngèlmi | anèng Karang tan antuk papan katiwar ||

14. Kalingan kang wus utama | marma kewala[18] puniki | ngumbara yêkti ngupaya | ing pandhita kang wus sidik | arsa ngrasèhkên [ngrasèh...]

--- 5 : 59 ---

[...kên] ngèlmi | warti ing riki pinunjul | buyut Wasibagêna | marma manirènggal prapti | manthuk-manthuk Kêrtisapele saurnya ||

15. (Ng)gih lêrês anak kang warta | sayêkti kangjêng kiyai | anak pangraoskawula | pun bapa dèrèng amanggih | kawruh kadi ing ngriki | kula punika kang wau | santri saking ing Tuban | lir pun anak wus ngêblêgi | kesah amba kasmaran kawruh utama ||

16. Nglêlana anjajah desa | sabên wontên wong kang lêwih | kawula dhatêngi apan | maksih apêtêng ing galih | dèrèng padhang samênir | sarêng ngriki kula rawuh | tyasngong padhang têrawang | marmamba wisma ing ngriki | saking dening karêm ngelmune sang tapa ||

17. Sang tapa[19] mèsêm ngandika | lah (n)dika aturna nuli | inggih dhatêng sang pandhita | kula pan arsa apanggih | Kêrtisapele gipih | praptèng ngayunan umatur | kawula tur uninga | ing tuwan lamun ing (n)jawi | wontên tamu ayun marêk ing paduka ||

18. Bagus pan maksih taruna | ngaku santri saking Kawis | rencange kêkalih kêmbar | têmbung yèn kawêlasasih | dene datanpa kanthi | nèng Karang tan antuk ngèlmu | sawab dening kalingan | ing santri gung agung sami | marma kesah arsa ngupaya tranging tyas ||

337. Kinanthi

1. Mung kantun santri gung-agung | sarêng miyarsa turnèki | marêbot yata sang tapa | pangandikanira aris | payo enggal aturana | aywa kasuwèn nèng (n)jawi ||

2. Lan kowe Sêpala gupuh | matura nyainirèki | konên asaji pawohan | lan enggal kon ngraratêngi | sêkul tanapi nyamikan | ing saanane dèn-aglis ||

--- 5 : 60 ---

3. Arsa dhadhayohan ingsun | wong wus luhung ngaku santri | ya enggal kang adinuta | langgare wus dèn-gêlari | kasah alus santri samya | kang ngaji wus kinèn mulih ||

4. Mung kantun santri gung-agung | taksih sami mangku tapsir | yata wus kerit samana | Sèh Amongraga wus prapti | nênggih sangajênging langgar | ki buyut kagyat duk uning ||

5. Anon cahyaning têtamu | gupuh dènnira nêdhaki | santri tumurun sadaya | yata sang brangta anuli | gupuh dènnya uluk salam | mèsêm Ki Wasi nauri ||

6. Sarwi nyandhak astanipun | mring sang brangta gya kinanthi | binêkta minggah ing langgar | ri wusnya tata alinggih | Ki Buyut Wasibagêna | nambrama marang têtami ||

7. Takèn ing kamulyanipun | sang brangta uwus wawarti | ki buyut rêsêp tumingal | marang wau ingkang prapti | jatmika sêmu agawat | anarka yèn wus linuwih ||

8. Wus kacihna ing pandulu | ing solah kalawan muni | ngakuwa santri urakan | mangsa kêna-a piningit | yèkti sêmune kêtara | ngakuwa bodho upami ||

9. yêkti kacihna ing wuwus | puniku kang dadi saksi | upama wong bodho ika | nanging angaku linuwih | nora susah binarengkal | pacêlathune katawis ||

10. Mangkono upaminipun | yèku maknawi sayêkti | wusnya dangu dènnya lênggah | ki buyut sigra nganthuki | mring kêtib Samud wus wikan | ing sêmunira sang rêsi ||

11. Nulya manjing wisma gupuh | kêtib Samud andhawuhi | ing garwane sang pandhita | yèn kang putra kinèn ngirid | nyaosna wohan mring langgar | ing tamu kang lagi prapti ||

12. Yata ni nyai agupuh | putra kinèn samêkta glis | nata pawohan nèng talam | cêpuke salaka putih | wohe wangèn suruh canang | apu campur sadak rawis ||

13. Nulya salin sinjangipun | kang sêpuh Nikèn Pangliring | lurik lasêm sinjangira | kêmbêne ijo pêlangi | asêngkang urubing damar | susupene roro sisih ||

--- 5 : 61 ---

14. Tikêl balung sêkar suruh | pupur lamat tan katawis | kêmbang mênur cundhukira | pasêmone yèn ingèksi | layak dimêr pagulingan | sang rara solah kêtawis ||

15. Rara Sumêkar pan sampun | asinjang lurik patani | kêmbên solok supe mirah | roro sami munggèng jênthik | sêngkangipun nata-brangta | pupur rêmu tan kêtawis ||

16. Cundhuk sêkar waja jamus | sang dyah sêmune liniring | layak rongèh pagulingan | solah bawane kêtawis | riwusnya samya samêkta | mêdal ibune angirid ||

17. nênggih ni rara kang sêpuh | kang (m)bêkta pawohanèki | kang nèm ambêkta pasêsan | têmbako anèng salêpi | rara kalih èsmu merang | umiyat marang têtami ||

18. Sang brangta nglirik andulu | ing solahe sang dyah kalih | kumêpyur karasèng nala | marang kadangira èstri | yata ing sapraptanira | ni nyai jajar alinggih ||

19. Lan raka kiyai buyut | putra kalih lunggwèng wuri | -ning ibu runcung kaliyan | tumungkul nanging anglirik | marang ing têtamunira | mênêng turida ing galih ||

338. Pucung

1. Kang pawohan nulya sinajèkkên sampun | mring ni nyai lawan | padudan têmbak[20] nèng salpi | ki parêbot Sapele anumêd pandam ||

2. Riwusira ni nyai anapa[21] arum | anak kaaturan | sadhatêng andika ngriki | matur nuwun wau kang sinung wacana ||

3. Kyai buyut nambung aris wuwusipun | anggèr amucanga | ududa dimène mari | sayahipun wong mêntas lumaku têbah ||

4. Kang sinung ling ngecani anggantèn gupuh | nulya sang atapa | ngatak mring garwanirèki | apa uwis nyai (ng)gènnira lah-olah ||

--- 5 : 62 ---

5. Lamun uwis bok saana-ananipun | iya ngarah apa | gupuh wau kang sinung ling | malbèng wisma malih lawan putranira ||

6. lajêng ngrakit sêkul wangi anèng sumbul | ulame mawarna | tinata munggèng ing piring | sawusira tinata anèng ing dhulang ||

7. Nikèn rara kang (m)bêkta lantinganipun | nèng bokor kuningan | rara kang nèm panjangnèki | kang ngrêrampa dhulang Sapele Sapala ||

8. Sapraptane ing langgar tinata gupuh | bok nyai kang nata | kèn rara nyaoskên kêndhi | ni Sumêkar anyaoskên panjangira ||

9. Gya tinumplak sêkul kang anèng ing sumbul | yata sawusira | ki buyut ngandika aris | mring sang brangta anak (n)dawêg wêwantingan ||

10. Sugatane ibunta sawontênipun | nuwun kang ingatak | ngecani sigra wawanting | kyai buyut lan garwane wanting samya ||

11. Nulya lêkas adhahar ing wong têtêlu | kèn rara kalihnya | lênggah wurine bunèki | tansah nglirik wau marang ingkang prapta ||

12. Amongraga (ng)gèn dhahar sadangunipun | puluke sakênthang | cilik agung dèn-galintir | kalêbu sathithik pan atop ping sanga ||

13. Kyai buyut ngalirik sadangunipun | ngartikèng wardaya | baya wus lawas wong iki | iya (ng)gonne nora kambon-kambon upa ||

14. (Ng)gonne mangan amung ngenaki tyasingsun | wong iki sunduga | bangêt (ng)gyan nêmu prihatin | kang mêngkana ki buyut osiking driya ||

15. Yata dangu dènnira dhahar anutug | ingundurkên nulya | dhadhaharan kang sumaji | warna-warna kang anèng tebok pulasan ||

16. Sêkul ulam ingundurakên ing pungkur | wus kinèn angêpang | mring kêtib marêbot sami | Jamal Jamil pan milu kêmbul anadhah ||

--- 5 : 63 ---

17. Tan winuwus ing solahira puniku | yata duk samana | Hyang Arka wus nitih wukir | lajêng sami totoya badhe asalat ||

18. Riwusira (ng)gèn angambil toya wulu | ni nyai lan putra | kalih sampun salat sami | kêtib Samud apan nulya lêkas adan ||

19. Sawusira adan lêkas sunat sampun | ki buyut wêcana | mring tamu kinèn ngimami | lah ta anak andika dadosa imam ||

20. Amongraga aturira manis arum | lêrêsipun tuwan | kang darbe wisma pan wajib | anauri ki buyut wajib wong brangta ||

339. Asmaradana

1. Lêrêsipun anak inggih | pun bapa angambil sawab | wong mêntas lalana mangke | sang brangta mèsêm gya lêkas | jumênêng dadya imam | nulya amaca Alkamdu | swaranira pait kelang ||

2. Tanduking sastra matitis | bênêr panjang cêndhakira | yata kang rara kalihe | gugur (ng)gènning makmum samya | pijêr miyarsakkên swara |[22] manahira kuwur-kuwur | asanès ingkang cinipta ||

3. Ingsun têdha dhayoh iki | awèta nèng kene mana | muga raganingsun kiye | pinaringna mring wong ika | iya karsaning rama | nuli ingsun (n)jaluk wuruk | ngong duga wong ika wignya ||

4. Mangkana osiking galih | nora pijêr asêmbahyang | ing batin seje dèname | nanging mèlu rubuh-gêdhang | yata wusnya samana | prapta Ngisa bakda sampun | lajêng sami lênggah tata ||

5. Nyamikan sumaos ngarsi | ni nyai maksih alênggah | anèng keringe kakunge | putra kalih wurinira | kêtib lan mêrbot samya | maksih ngadhêp sang awiku | santri kèh nèng jawi aglar ||

6. Nulya ki buyut lingnya ris | marang ing sang wau prapta | anak ala nganggur mangke | dimèn tanak lalungguhan | (n)dawêg sami rêrasan | angrasèhkên babing ngèlmu | pun anak wus akacihna ||

--- 5 : 64 ---

7. Ingsun duga wus winisik | kanyatan duk dadi iman[23] | ukung tanduke atètèh | ngakuwa bodho tan kêna | matur Sèh Amongraga | marma mariki wakingsun | kapanggih lawan paduka ||

8. Arsa ngrasèhakên ngèlmi | mangke paduka ngandika | langkung saking sukuringong | idhêp-idhêp tuwan mulang | (n)dawêg tuwan ucapna | kang dados raosing kalbu | ki buyut gumuyu mojar ||

9. elok kang ujar puniki | kang suntakokkên dènnira | êndi ênggonne Hyang Manon | Amongraga saurira | wikana yèn lêrêsa | dene ênggonne Hyang Agung | pan wontên ing gêdhong rêtna ||

10. Jatine tigang prakawis | punika amba miyarsa | ki buyut aris wuwuse | anèng ngêndi prênahira | lan paran têgesnèka | kang aran gêdhong di-luhung | Sèh Amongraga saurnya ||

11. Rumiyin kula miyarsi | nè [...] |[24] [...] mukmin kabèh |[25] puniku jatine uga | pamiyarsa kawula | tuduhe gêdhong di-luhung | ênggonne pasisimpênan ||

12. Karsane Hyang Maha Sukci | marma ingaran rêtneka | pan puniku sajatine | ingaran iku sosotya | adiluwih punika | iku ing pamyarsaningsun | wikana lêpat lêrêsa ||

13. Yèku sosotyaning bumi | ingaran kêmbanging jagad | kêkasihira Hyang Manon | Ki Buyut kalangkung suka | pêthuk ing karsanira | sigra dènnya ngrangkul gupuh | wus babo iku larangan ||

14. Pan dêdalan laku iki | pilih pilih kang uninga | wis mandhêg samono bae | lah anggèr aywa dinawa | ngucap basa punika | mangsa kuranga cinatur | malih manira têtanya ||

15. Lahir batin sarinèki | apa sayêktine tunggal | nora pisah ing karone | sakuthu roro-roronya | Mongraga aturira | rumiyin amba angrungu | inggih kang catur punika ||

--- 5 : 65 ---

16. Wikan yèn lêrêsa ugi | yèn ing jasad tuwan ika | yèn pinèt nama laire | nadyan ing batin tan beda | tuwan lawan kawula | tunggal jatining sukmèku | ing lair sêpuh paduka ||

17. Ing batin sayêkti sami | tan wontên anèm sêpuha | mèsêm ki buyut dêlinge | ana malih ujaringwang | kaya pa karsanira | anama salah karungu | alim lawan kawruhira ||

18. Kaya pa badan puniki | dene ta ingaran tunggal | kang kaya puniku rêke | Amongraga saurira | bedane kawruh ika | lan kawruh rêke puniku | dhingin miyarsa manira ||

19. Apan ta ingaran alim | kang manjing ing jiwa raga | kang dadi rasa-jatine | kanugrahan jatineka | manira amiyarsa | jatining sastra puniku | lir êmas timbul ing toya ||

340. Maskumambang

1. Kyai buyut malih wuwusira aris | kang ngawruhi ika | têgêse ta kadipundi | Amongraga saurira ||

2. Ingkang kawruh sajatinira anênggih | tinggal kang tan luwar | wiyose Hyang Suksma luwih | ngèlmu kawruh jatinira ||

3. Tan kêkalih pralambine ingkang ngèlmi | lir sêkul upama | ingkang pinangan saari | wontên dene kawruhira ||

4. (Ng)gih puniku kang darbèni pangan singgih | ki buyut karênan | miyarsa panjawabnèki | yata angrangkul anulya ||

5. Sarwi angling dhuh anakingsun gusti |[26] ujare tan bisa | dene ki uwis winasis | lah ta nyai nora ilang ||

6. Ênggon para angrêngga anakirèki | nyai têtakona | sampurnaning salat daim | sun duga anakmu wignya ||

7. Ya dimène si rara padha miyarsi | sira sok têtanya | maring sun durung dumêling | ni nyai ngangsêg asigra ||

8. Sarwi muwus anakingsun wong asigid | kawula anêdha | sapangat andika singgih | pun biyang andika-wulang ||

9. Malah mandar samya tinuladha sami | dhatêng rayi (n)dika |

--- 5 : 66 ---

pan sami kasêngsêm ngèlmi | Amongraga saurira ||

10. (Ng)gih punapa ingkang dinangu ing mami | ni nyai lingira | sunat prêlu lawan jati | atine[27] kadi punapa ||

11. Amongraga mèsêm saurira aris | manira miyarsa | têgêse prêlu puniki | dhingin gumanti mring sunat ||

12. Ni (m)bok nyai nauri wacana aris | têgêse punapa | ingkang prêlu jatinèki | Amongraga saurira ||

13. Têgêsipun kang prêlu punika singgih | langgêng kajatènnya | kang langgêng tan kêna gingsir | aranne rêke sarengat ||

14. Pinangeran tan kêni lêngganèng pêsthi | anglakoni amar | agung paedahe singgih | ingkang têka ing têgêsnya ||

15. Yèku bakal tampi ganjaranne benjing | sasampune ika | têgêse lampah sêjati | apan sayêktine salat ||

16. Sadurunge têlas lampahe puniki | tan na ukum baya | ni nyai amuwus aris | kang sunat paran têgêsnya ||

17. Amongraga alon anauri aris | kang sunat têgêsnya | margane langgêng puniki | dene iya ananira ||

18. Yèn wus têkèng paranning laku puniki | tandha yèn (n)tuk sawab | padhang paningalirèki | ya awas jatining lampah ||

19. Ni (m)bok nyai tanya wuwusira malih | sunat prêlu ika | apa kêna yèn tinunggil | anèng ing lêmah punika ||

20. Amongraga saurira rum amanis | pêsthi lamun kêna | kang sampun tumêkèng jati | lan yèn têlas lakune ka ||

21. Wus tan nganggo etanging wêktu puniki | lampah wong utama | sawab-tinunggil karyèki | têgêse wus nèng ngayunan ||

22. Lan kawruhe tan kandhêg daluwang mangsi | pan wus olèh sawab | marma tan ngetang ngabêkti | ing wêktu rêke wus tunggal ||

23. Ni (m)bok nyai aris atêtanya malih | anak wontên basan | sintên ta namanirèki | puniku roh têtêmênan ||

--- 5 : 67 ---

341. Mêgatruh

1. Amongraga alon wau wuwusipun | manira miyarsa warti | yèku kanugrahaningsun | ni nyai amuwus aris | marmane ngaran mêngkono ||

2. Ingaranan kanugrahan marmanipun | Amongraga anauri | marma ingaran puniku | yêkti wêwayanganèki | wêwayangane Hyang Manon ||

3. Ni (m)bok nyai takèn malih manis arum | anama salah kadyèki | ing jroning kakung puniku | wanita sajatinèki | nênggih sajroning wong wadon ||

4. Ana kakung kadiparan têgêsipun | Amongraga anauri | nênggih ing pangrunguningsun | sajatining kakung singgih | sayêkti ananing êroh ||

5. Ingkang murba misesa jisim pan iku | nyawa aran mêksih èstri | dene mêksih kapurbèku | ananing roh iku singgih | dudu lanang kang sayêktos ||

6. Satuhune lanang ananing Hyang Agung | dene tan ana murbani | ni nyai malih amuwus | kang pawèstri kadipundi | lah jawabên anakingong ||

7. Amongraga saurira manis arum | pan ora beda puniki | nênggih wong wadon puniku | kêlawan wong lanang sami | sami wajib olah-batos ||

8. Ni (m)bok nyai malih atêtanya arum | sapa Pangeranirèki | lah payo ucapna gupuh | lah aja nganggo kêkêlir | Amongraga saurnya lon ||

9. Apan ingsun Pangeran sajati iku | datan ta saking ing kami | andika lan kawulèku | yaktine tan beda ugi | tan kêkalih atunggil (ng)gon ||

10. Langkung suka ki buyut dènnira ngrungu | yata sadalu tan guling | (ng)gènnira arêbut kawruh | kêtib marêbot tan guling | (ng)gènnira mirsakkên[28] (n)dongong ||

--- 5 : 68 ---

11. Rara kalih kalangkung kasmaran ngrungu | angalêm sajroning galih | iki si wong bagus tulus | widagda angulah ngèlmi | sun sêngguh durung kinaot ||

12. Nora larang iya wong mêngkono iku | dènrewangi adol tapih | ingsun têtêdha wong bagus | lawasa ana ing ngriki | duweya êsir maring ngong ||

13. Tan kawuwus kang raras sajroning kalbu | yata ki buyut lingnya ris | adhuh anggèr anakingsun | dènlawas anèng ing ngriki | arinta wulangên karo ||

14. Sun srahakên marang ing sira satuhu | nadyan têmbe ana sudi | kang kuwasa anakingsun | anglakèkna rinta benjing | suka lila raganingong ||

15. Amongraga aturira manis arum | langkung nuhun kawulènggih | ing sih paduka kang dhawuh | botên sagêd mêmangsuli | nanging apuntên kemawon ||

16. Pan kawula mung nyipta nyipêng sadalu | sirik yèn wêwaha malih | pintên banggi ta ing pungkur | yèn mugi sami basuki | pêsthi wangsul raganingong ||

17. Yèn kêpanggih putranta ingkang sunruruh | pêsthi amba nuli bali | sang pandhita aris muwus | andika-upaya pundi | kang sinung ling matur alon ||

18. Ngongupaya marang nagari Mantarum | inggih kalamun kapanggih | sabab kathah rencangulun | kang anèng nagri Mantawis | bok bilih wontên ing kono ||

19. Wus tinatur[29] kabèh mulabukanipun | sang tapa sarêng miyarsi | Amongraga wartanipun | tambuh waspanya duk mijil | ni nyai lan putra karo ||

20. sarêng myarsa ing tutur tri sênggruk-sênggruk | ki buyut ngandika aris | marang garwa lawan sunu | wis padha aywa na nangis | mundhak susah kang badyandon ||

--- 5 : 69 ---

21. Iya balik sira anggèr lawan ingsun | padha (n)jurung puji dhikir | sêlamête nèng dêlanggung | lan mugi enggala panggih | ingkang padha dènupados ||

22. Iya dimèn anakira enggal wangsul | wis aja kakeyan pikir | kang garwa kèndêl gèn muwus | saksana mêmêkas aris | mring kang putra wantos-wantos ||

23. Amongraga saurira manis arum | yèn ugi sami basuki | pêsthine manira wangsul | ni nyai wacana malih | wêlasa arimu karo ||

24. Yata datan winuwus ing solahipun | samya angêtêrkên nuli | ki buyut lan kêtibipun | samya angatêr ing jawi | (ng)gènnya wangsul jawi dhukoh ||

25. Yata Ki Sèh Amongraga lampahipun | padhukuhan wus kawuri | abdi kêkalih tan kantun | lumampah truntunan wukir | andarung lampahe kang wong ||

342. Pangkur

1. Lêpas lampahe sang brangta | Amongraga jumênêng anèng wukir | manjing ing guwa asamun | alênggah jroning guwa | asêmbahyang anèng jroning guwa ngriku | sabakdane salat (n)donga | lajêng mawantah amuji ||

2. Tan wontên ingkang kacipta | mung sihing Hyang pinandêng jroning ati | samana apan sadalu | anèng sajroning guwa | enjingira sang monêng wus mêdal gupuh | saking wau jroning guwa | lajêng lampahira aris ||

3. Anêrajang jurang sêngkan | pan tumawing parang rêjêng anggawing | asiluk singub-singub |[30] jurang trêbis katingal | panggrit ingkang[31] ori wor panggriting têpung | sumyak swaraning cêmara | kumrisik kang wuluh gadhing ||

4. Kumrawak swaraning toya | ron cêmara kadya surak (m)barungi | satawana munyêng bulu | pan kadya anêmbrama | mrak nyêngungong pêksi kwèh munya gumuruh | samya mangsa wohing gurda | enggar manahe sang brangti ||

--- 5 : 70 ---

5. Sang brangtarsa anupiksa | swaraning kang kinjêng tangis anèng prih | lir dyah rinabasèng[32] kakung | pangrêngihe kapyarsa | lir pamane nèng tilam kawratan lulut | padhapaning[33] jring kumêlap | kadya angawe upami ||

6. Mring wau sang Anggungrimang | sang brangta yata mèsêm jro ngati |[34] sadina dènnya lumaku | kèndêl-kèndêl yèn salat | duk samana ngandhap Asar wayahipun | lajêng minggah ing aldaka | sayah araryan alinggih ||

7. Anèng sela sumayana | pucak arga nèng sandhaping kusambi | Jamal Jamil ting kalêthus | amangan woh kêmlaka | lawan kêtos kang matêng-matêng wohipun | sang monêng mèsêm umiyat | ningali kang abdi kalih ||

8. Adangu dènnira raryan | yata kagyat anon dhukuh rêspati | sukuning Sêndhara gunung | anggêggêng katupiksa | wastanipun ing dhukuh Andongtinunu | dene namaning kang tapa | nama Ki Sèh Suksma-sidik ||

9. Mung wowolu sabatira | ingkang (n)jaga marang Ki Suksma sidik | pandhita wadad puniku | darbe putra satunggil |[35] (n)gèn ananggih[36] anèng sapucuking gunung | tan karuwan kang susuta | manggih kala maksih alit ||

10. Mèh kadi rare titiban | saking dening pandhita drêng sisiwi | mangke pan diwasa sampun | langkung sihe sang tapa | pan ingugung ing sapantêse wong gunung | mring rama wus sinung aran | nikèn rara Pamêgatsih ||

11. Klangkung karêm ing ibadah | saking dening ginulang siyang ratri | mring kang rama yêktinipun | marma sang dyah tan nyipta | palakrama saking kasêngsêm ing ngèlmu | pasêmon ladak agawat | ngêgungkên yèn sugih ngèlmi ||

--- 5 : 71 ---

12. Inguni pan wus kalakyan | pan akathah sagung para pêtinggi | kang sami kasmaran ngrungu | ing wartane ni rara | andhatêngi akathah ingkang kawangsul | saking dening tan kaduga | sang rara panjaluknèki ||

13. Tan anjaluk raja brana | mung angajak bantah kang ngèlmu gaib | nadyan para santri agung | kang prapta tan kawawa | angêsorna ing ngèlmunira sang ayu | undure amèt upaya | dhuyung sumbaga lan dhêsthi ||

14. Akathah ingkang misaya | ing paekan anging tan anêdhasi | nanging wêntala sang ayu | nahên kang anèng arga | Amongraga tumurun saking ing gunung | osik badhe umampira | maring dhukuh kang kaèksi ||

15. Dadya laju lampahira | pan sinêru lampahira sang brangti | nurut èrèng-èrèng gunung | samana pan wus cêlak | nênggih lawan dhukuh ing Andongtinunu | sukunira kang lèr wetan | lawan kang Sêndhara wukir ||

16. Masjide katon anganggrang | pan acèkli kèdêran dening warih | balumbang gung keringipun | ingidêran tunjung bang | tunjung putih irim-irim tunjung biru | têrate mangsanya sêkar | ganggêng lawan ganggong wilis ||

17. Masjide binatur sela | ompakipun pan sela ingukir |[37] pagêre tabag ingapu | korine kir-ukiran | mastakane rineka-reka apatut | tilase pinayu anyar | ijo lir dhinandhang gêndhis ||

343. Dhandhanggula

1. Jajar kalih wisma cèkli-cèkli | mandhapane nênggih dhinêkêt kewala |[38] lan wisma tinalang bae | latar rêsik dinulu | tiris wulan lan tiris gadhing | têpung mubêng pemahan | wohan wangèn agung | sêla-sêla tiris (ng)gènnya | pêlataran pêthetane sawo manggis | dhuku lawan pijêtan ||

--- 5 : 72 ---

2. Pêlêm pakèl jambu lan kuwèni | lagya mangsanira awoh samya | kilèn pandhapa masjide | sasêkarane agung | tan ana lyan tanêmanèki | pan amung kêmbang-kêmbang | pra samya binatur | ing sela pingul sadaya | amêpêki sadaya warnane sari | mangsane lagya sêkar ||

3. Campur gandaning pudhak sisilir | rum ulêgan ambune angambar | pandhansari pipinggire | ingkang balumbang agung | sobrah ningkang pandhan kinardi | sapênêtting ulam |[39] tambra lukas mangut | ulame pan warna-warna | yèn mangsane Asar samya dènpakani | kathah mungguh sadaya ||

4. Toya muncar dumilah awêning | we tumurun kang saking aldaka | apan tinalang anjoge | iline maring dhusun | tan wus ucapêna ingkang sri | rakite padhêkahan | asingêr apatut | cacade cilik kewala | yata ingkang lumampah pan sampun prapti | jawining pakarangan ||

5. Nahên Hyang Arka wus nitih wukir | sang abrangta kêndêl[40] ngandhap gayam | jabaning lawang korine | pan ana sêndhangipun | witing gayam apan ngubêngi | ing sêndhang pangasonan | wong èstri ing ngriku | rabinira para sabat | lan malihe yèn ki sèh mênthas[41] ningali | kakaring mirsa têgal ||

6. Sakundure ngriku (ng)gèn susuci | lajêng (ng)gènnya ngambil toya kadas | anèng ing ngriku jujuge | yata samana nuju | Ki Sèh Sidik saking ing têgil | mantuk angiring sabat | sang rara pan tumut | umiring marang kang rama | yata kagyat Ki Sèh Sidik aningali | kang lênggah pinggir sêndhang ||

7. Santri bagus warnanya nom pêkik | yata lajêng (ng)gènnya uluk-salam | Sèh Amongraga mulya[42] ge | ngadêg aris sumaur | ya ngalekum salam ilahi | jawab tangan sawusnya | Sèh Sidik amuwus | anak teja sulaksana | têmbe mirsa pun bapa kêlawan malih | ngajêng paran sinêdya ||

8. Amongraga pan wus awawarti | wismanira tuwin kang sinêdya | marmamba kampir yêktine | kêdalon lamun asung | ing sawêngi amba nyukêri | nênggih masjid paduka | ki sèh sarêng ngrungu [ngru...]

--- 5 : 73 ---

[...ngu] | kalangkung awlas ing driya | osiking tyas wus narka yèn wong linuwih | sasolahe katara ||

9. Lah cahyane kang dadya pandêling | nyana yèn dudu santri la-ala | nulya sang dyah sadangune | mandêng marang kang rawuh | èsmu kenyut dènnya ningali | salamine sang rara | pan dèrèng kagumur | tumingal marang ing priya | pan lagya ki sang dyah osik jroning galih | wong iki wus watara ||

10. Ing praptane baya (ng)gawa dhêsthi | pinasangkên ana ing dêdalan | katara ragèngsun kiye | gorèh mulat wong iku | sun watara asugih ngèlmi | pawartane ing Karang | (ng)gonne wong linuhung | sukur ki dalêm bisaa | anglêgakkên marang manahingsung[43] singgih | dhèdhèkan[44] pangawulan ||

11. Ki Sèh Suksma-Sidik ngandika ris | sukur pun anak sudi kampira | mring dhepok kawula mangke | nulya ingajak laju | (n)jujug masjid lênggah surambi | sang brangta eram mulat | anon rakitipun | pasang pasanging sêkaran | lan rêsike palataran karang asri | nêdhêng mangsa wohira ||

12. Dènnya lênggah nèng wêwulang[45] sami | nanging rinangkêpan kasah anyar | sang tapa nganthuki age | marang ing sabatipun | santri Juris uningèng wangsit | kêlawan Ki Nur Surat | mring têgal angundhuh | timun kêrai sêmangka | kimpul kênthang kêtela talês wi gêmbili |[46] santrine kang sakawan ||

13. Amad Iman lawan Amad Kasim | Ki Nuridin lawan Amad Badar | kinèn misaya ulame | Mat Asrun lan Nur Samut | lan rabine kinèn ngrewangi | nèng pawon mring ni rara | kang mring têgil rawuh | tuwin kang misaya ulam | pan sadaya sami lajêng dènratêngi | pan ingolah mawarna ||

14. Wusnya matêng nulya dènwadhahi | anèng piring tinata ing dhulang | sêmangka timun kraine | tinata panjang watu | kimpul kênthang uwi gêmbili | tinata panjang-ilang | pêlêm pakèl jambu | kuwèni lawan srikaya | winadhahan nèng bokor kuningan sami | sêkul wus winadhahan ||

--- 5 : 74 ---

15. Anèng sumbul yata sang dyah nuli | pan inguwuh marang ingkang rama | kinèn anyaosakên jambe |[47] nulya sang rara gupuh | malbèng wisma anulya salin | asinjang mori pêthak | kêmbên dara-muluk | asêngkang urubing damar | pupuripun alamat datan katawis | dhasar kuning ni rara ||

16. Susupene apan kalih sisih | sêkar sêdhah lan sasra-ludira | munggèng ênthik-ênthikane | wusnya dandan sang ayu | lajêng nata pawohanèki | anèng talam kuningan | cêplukipun pênyu | lajêng malih tinimbalan | mring kang rama nulya sang rara agipih | mêdal nyangga pawohan ||

17. Langkung merang mulat ing têtami | sarimpungan dènnira lumampah | lir wong mêndêm ing pucunge | Yata Mongraga (n)dulu | têka msêm sajroning galih |[48] nênggih sang rara nulya | lênggah wurinipun | ning rama sang tapa nyandhak | kang pawohan sinaosakên ing ngarsi | sarya ngling mring kang prapta ||

344. Pucung

1. Lah ta (n)dawêg amucanga putraningsun | nuwun kang ingatag | sang tapa angling mring siwi | rara apa uwus (ng)gonmu olah-olah ||

2. Ingkang putra matur bibisik yèn sampun | kang rama ngandika | payo ladèkna tumuli | ngarah apa ing saanane kewala ||

3. Yata gupuh sang dyah malbèng wisma sampun | sang tapa ngandika | marang sèh Amongraga ris | lah punika anak rayi jêngandika ||

4. Mung sapele anak paparing Hyang Agung | matur kang liningan | pun êmbok wontên ing pundi | sang pandhita gumuyu ing saurira ||

5. Wus tinutur wau ing sadayanipun | mèsêm Amongraga | nahên ta sang rara nuli | wusnya ngrakit dhahar gya binêkta mêdal ||

--- 5 : 75 ---

6. Santri kalih kang ngrampa dhudhulangipun | ingkang isi ulam | sumbul binêkta wong siji | kang nyamikan apan ta dadi sadhulang ||

7. Nikèn rara kang (m)bêkta lantinganipun | ing sapraptanira | ing langgar lajêng sinaji | sêkul sumbul pan wus tinumplêk ing panjang ||

8. Ulamipun tinata tharik nèng ngayun | pan awarna-warna | yata wusira anuli | sang pandhita ngancarakên (n)dawêg anak ||

9. Wêwantinga sugatane rinirèku | sawontêne uga | sugatane tiyang ngardi | kang liningan nuwun anyandhak lantingan ||

10. Atuturuh sang pandhita gya tuturuh | dyan lêkas adhahar | adangu dènnira bukti | sawusira lajêng linorotkên[49] samya ||

11. Lawan sabat lan rencanging tamu kêmbul | gantya kang dhaharan | sinaosakên ing ngarsi | sang pandhita lan tamu dhahar nyamikan ||

12. Duk samana nuju Mahrib wancinipun | dyan sami totoya | angambil toya kadasi | sabat wolu ngambil toya wulu samya ||

13. Jamal Jamil wus angambil toya wulu | wusnya lajêng adan | sajak Carêbon anggalik | sami eram sagung ingkang amiyarsa ||

14. Dhasar bêsus Ki Jamal yèn karya têmbung | wusnya sami sunat | Jamil ingkang angamati | Amongraga pinêksa pan dadya iman[50] ||

15. Anuruti dadya iman[51] sawusipun | bakda gya pujiyan | riwusnya anulya dhikir | wusing dhikir lajêng dènnya maos donga ||

16. Wusnya (n)donga lajêng sêsalaman sampun | nulya tata lênggah | sigra panganan sumaji | yata kalihira adhahar nyamikan ||

17. Sang pandhita aris pangandikanipun | dhatêng Amongraga | anak ala nganggur sami | inggih saking dèrèng sumurup kawula ||

--- 5 : 76 ---

18. Nêdha brêkah pun bapa sayêktinipun | dhumatêng pun anak | punapa samiya ugi | rahsanipun ngèlmu ing ngriki lan Karang ||

19. Amongraga mèsêm aris sauripun | punapa sanèsa | pan inggih namaning ngèlmi | yèkti sami ing ngriku lawan ing ngrika ||

20. Sanèsipun ing ngriki lêbêt kalangkung | kathahên wangsulan | sanès kalawan ing Kawis | Gathak Gathuk botên kathahên karenah ||

21. Sang pandhita aris wau wuwusipun | anak yèn pun bapa | inguni manira manggih | kang wirayat saking titiyang mulana ||

22. Nanging nora kinabarkên yêktinipun | pan sabên micara | ingumpêtan dèn-jarwani | marma taksih rêbut manahe pun bapa ||

23. Amongraga aris wau aturipun | lah tuwan jarwakna | kawula lajêng miyarsi | sang pandhita aris dènnira wacana ||

24. Inggih wiwitane kang jagad puniku | mring Hyang Maha Mulya | pundi kang kinarya dhingin | Amongraga sumaur apan datolah ||

25. Tinibakkên puwat babu Hawa nêngguh | duk lagine apan | nèng sirahe Adam singgih | arannipun pan aran betal mukadas ||

26. Ingkang betal-mukadas ing têgêsipun | têgêse pan sirah | pangaksi nèng netra nênggih | duk nèng kuping kanan wau kayat rannya ||

27. Duk nèng kuping kiwa wilayat rannipun | yèku nur sanyata | duk nèng mata têngên singgih | pan ingaran rasa jati nênggih ika ||

28. Sotya kiwa sari-rasa wastanipun | duk nèng gulu kiwa | wau-wahit wartanèki | duk nèng dhadha wahit wau wastanira ||

29. Duk nèng ngati sirolah pan namanipun | sang tapa angucap | duk lagi nèng pusêr iki | (ng)gih punika anak wastane punika ||

30. Amongraga aris wau sauripun | duk nèng pusêr ika | jamilah wastane nênggih | duk lunga mring sêgara rante ika |[52]|

--- 5 : 77 ---

31. Duk tumurun nutpah namane punika |[53] duk nèng kêmpung rannya | abah[54] wastanipun singgih | anèng têngah kalam apan ingaranan ||

32. Nokat duk nèng pucuking kalam puniku | naptu gaib apan | duk tiba mêwadhah singgih | lir mas timbul tumiba ing babu Kawa ||

345. Maskumambang

1. Ingaranan nênggih wadi lawan mani | maningkêm[55] wêwadhah | wadi ênggonning raswèki | madi (ng)gih ênggonne rasa ||

2. Mani sêjatine rasane puniki | kang maningkêm ika | duk kêmpêl rasa sêjati | kakung kalawan wanodya ||

3. Manthuk-manthuk pandhita atakèn malih | dadine punapa | wadi madi lawan mani | lan anggèr tuwan jarwakna ||

4. Amongraga mèsêm saurira aris | wadi dadi ika | puputih ing mata kalih | madi irêng-irêng mata ||

5. Maningkêm[56] pan dadi ugêr netra kalih | lawan dadi ika | duk kêmpêl tibaning kalih | anèng wêwadhah punika ||

6. Sajatine datulah jatining urip | pandhita lingira | apa rupane raswèki | Amongraga saurira ||

7. Kang rasa iku rupane anglir gêtih[57] | nging dudu ludira | anênggih ingkang puniki | lawan kaya daging ika ||

8. Nanging dudu jatining daging anênggih | apan johar awal | pan têgêse johar iki | puniku apan sosotya ||

9. Pan puniku ingkang dinadèkkên dhingin | roh ilapi ika | sang tapa atakèn malih | paran têgêse punika ||

--- 5 : 78 ---

10. Ya ingkang roh ilapi ta kadi pundi | anggèr padhangêna | Amongraga mèsêm angling | têgêse roh urip ika ||

11. Kang ilapi têgêse trêsandhaning sih | kinarya pratandha | artine ingkang ilapi | sajroning urip pan ana ||

12. Wus kalingling dening Sukma kang linuwih | nanging nora kenging |[58] yèn ngugêmana puniki | nênggih kang sami ingucap ||

13. Datan kenging tungkul wong angulah ngèlmi | yèn anggung jubriya | lir wong ngambil minèng kali | ulam sakêdhung pan sirna ||

14. Mêksa adrêng pangêmèke tan amikir | pijêr suka-suka | pakewuh tan dènkawruhi | tan wruh yèn sinisil baya ||

15. Pan puniku lambange wong ulah ngèlmi | pan kudu prayitna | lan malih ngêdohkên kibir | sang tapa angrangkul agya ||

16. Sarwi angling putraningsun wong asigid | sun nyana tan limpat | ing kawruh ingkang sêjati | Amongraga saurira ||

17. Drêmi-drêmi pun paman kewala niki | sagêd amicara | yêkti tan sagêd nglampahi | yata wau nikèn rara ||

18. Sadangune nèng wurine ramanèki | mirsakên[59] kang sabda | (ng)gènnira abantah ngèlmi | tyasira agarunêkan ||

19. Osiking tyas nyata wong wasis[60] wong iki | kaya iki uga | kang pantês ingsun ngèngèri | yèn badhe sual manira ||

20. Pan mangkana sang rara osiking galih | yata sang pandhita | alon awacana aris | marang ing Sèh Amongraga ||

21. Lah ta anak arinta punika inggih | bok andika wulang | darbe kawruh pan inguni | kawula tari akrama ||

22. Nora ayun yèn tan wontên kang njawabi | ing pangawruhira | Amongraga msêm angling |[61] kawula ayun miyarsa ||

23. Ing kawruhe bilih kawula puniki | sagêd anglêgakna | ing manahipun manawi | karya dana kasampurnan ||

--- 5 : 79 ---

346. Asmaradana

1. Sang tapa suka kêpati | angling marang putranira | lah rara majuwa age | matura dhewe kakanta | lah iya ngarah apa | apan wus manjing sadulur | anggêpku mring kakangira ||

2. Aywa donya nadyan ngakir | manjinga dadi atmaja | insa Allah anggêpingong | yata sang rara gya lênggah | ing keringe kang rama | matur minta apura gung | dhatêng Ki Sèh Amongraga ||

3. Sampun paduka mastani | mring kawula wong gumisa | pan têtakèn sayêktine | Amongraga msêm lingnya |[62] nadyan awak-manira | tan rumangsa yèn linuhung | lagi rarasan kewala ||

4. Basa kang uwis kawijil | pan inggih tungtun-tungtunan | kiyai kalawan ingong | balik ta payo ucapna | iya pangawruhira | pira barane wakingsun | kalamun bisa ambatang ||

5. Kang rama nambungi angling | lah rara payo ucapna | buntêlanmu salawase | sunduga mangsa susaha | yêktine kakangira | rara Mêgatsih amuwus | amba miyarsa wirayat ||

6. Makatên mèlipun singgih | pundi kang sung wruh ing tingal | pan salah dalil tingale | anglir muksa jiwa raga | kakung miyat wanita | Amongraga mèsêm muwus | yèku manira miyarsa ||

7. Kang badan roh iku singgih | linairkên rasaneka | amung kang roh ilapine | kang tanpa jisim punika | rohani rabani ka | dene anane puniku | marmane ana roh nyawa ||

8. Ingaranan roh ilapi | pan kinarya kênyatahan | ni rara malih atakèn | budi lan nêpsu punika | amarah mutmainah | budi luamah puniku | inggih pintên warnanira ||

9. Kang nêpsu amarah pundi | inggih kalawan supiyah | pundi kang ingaran mangke | budi nêpsu maring ala | Amongraga saurnya | nêpsu amarah puniku | ingkang karêm maring ala ||

10. Kang tan surut ingkang galih | sadhengah nêpsu punika | puniku amarah rêke | dene nêpsu mutmainah | kang rêmên kabêcikan | tuhu wêca karêpipun | luamah kang maring laba ||

11. Supiyah karêpirèki | maring ingkang dudu iya | amarah mumulang rêke | mring sagung panggawe ala | kang luamah sasmita [sas...]

--- 5 : 80 ---

[...mita] | abangsa setan puniku | bêrkêthuthur lumprah lengkrah ||

12. Rara Mêgatsih ling malih | budi andhap luhur ika | Amongraga lon saure | kang luhur iku tan ana | ingkang luwih utama | dene kang luwih puniku | budi sasmitaning Suksma ||

13. Kang satêngah dènaranni | budi tuduh maring ala | ana kang ngucap mangkene | dene kang mau prayoga | ing mêngko têka ala | kupur kang ngucap puniku | (m)bodhokkên marang Hyang Suksma ||

14. Tan wruh yèn Hyang Maha Sukci | kang aparing bêcik ala | budi iku satêmêne | pratandha karsaning Suksma | èstu tan amêmada | lan ana malih winuwus | puniku ayun waspada ||

15. Tan kêna asalah dalih | kang badan êroh punika | nênggih sakawan kathahe | nyawa jasmani punika | ingkang ingakên tunggal | roh rasa-jati puniku | yèku roh ilapat ika ||

16. Dudu nyatanipun singgih | nanging tunggal ingkang karsa | kang rabani iku rêke | nyataning dat ilapi ka | sipat lawan apêngal | Mêgatsih malih amuwus | pundi kang jati punika ||

17. Amongraga anauri | kang aran kados punika | kêlawan sangkan paranne | duk laire iku iya | lali rusakan ing dyah | laline rasa akumpul | dening tinggal kang murcita ||

18. Duk laline rasa iki | kakung sumuking wadana | kumêsar tan ana rêke | marma yun gambuh ing tingkah | Mêgatsih aturira | pratelakna têgêsipun | kang badan punika uga ||

347. Gambuh

1. Amongraga amuwus | yêkti tingal kang mandêlik iku | cipta prapta ing manahira sayêkti | limut suh sirna awimbuh | jisim johar ingkang layon ||

2. Rasa ingkang kadulu | jasmani ingkang asung puniku | têgêsipun duk acampuh rasa jati | wanodya kalawan kakung | jasat arannira rêko ||

3. Jasmani duk lagyèku | tampi rasa saking angganipun | apan

--- 5 : 81 ---

iya dadi sêsamanirèki | dadya têmahe puniku | wanodya kang angsung raos ||

4. Rahsa maningkêm[63] iku | wanita kang rahmani puniku | sayêktine jisim iku kang atampi | Mêgatsih malih umatur | inggih kawula atakon ||

5. Kang roh ilapi iku | inggih ta paran ing têgêsipun | Amongraga alon dènnira nauri | roh rabani ingkang tuhu | kang lanang maningkêm[64] yêktos ||

6. Warna lir motyarèku | roh rahmani nênggih priyanipun | roh ilapi yèku uga nami jinis | dudu badan sanyawèku | kang jasmani yèku rêko ||

7. Ngakên raga suksmèku | jisim alus aranne puniku | kang rohani tanpa rupa warna singgih | lir sêkar pralambangipun | kakung kombang angganing wong ||

8. Duk mangrabasèng santun | sari utama wadon puniku | marma ayun awas yèn sira nèng dhiri | duk lagi mêgar kang kudhup | yèku lambange kemawon ||

9. (n)Jaba prênahing madu | poma dènawas ing prênahipun | yèn wus awas mêsthi wruh asmaragami | yèn kang utama yêkti wruh | nanging arang singa kang wong ||

10. Kang wruh bangsa puniku | yèn kang datan matêng ciptanipun | yata dhêlêng ni rara Mêgatsih nuli | angartika jroning kalbu | nyata pinunjul iki wong ||

11. Nora larang wong iku | sunrowangi adol tapih ingsun | salawase ana-a ing kênê uwis | iya palakrama ingsun | mangkono osiking batos ||

12. Amongraga amuwus | pagene mèndêl apa wus surup | yèn wus surup mênèk ana ingkang kari | kang rama nambungi wuwus | sundugi anggèr wus katog ||

13. Rara matur agupuh | marang kakangira apa uwus | mung samono kang lawas sira (m)bêthithil | kang putra alon turipun | pan wus têlas aturingong ||

--- 5 : 82 ---

14. Nanging kawula sampun | padhang nêrawang ing nalaningsun | ingkang rama gumuyu abêlik-bêlik | lah nora pira-a iku | kalamun amung samono ||

15. Rara uwus bêjamu | lan maninge pan wus kalbèng wuwus | sapa-sapa kang madhangkên tyasirèki | amawongan sira iku | putra lèngsèr wangsul ing (ng)gon ||

16. lajêng lênggah tumungkul | Sèh Amongraga mèsêm andulu | nikèn rara kesah malbèng wisma nuli | samana apan sêdalu | (ng)gènnya ngagêm ngèlmu raos ||

17. Pukul pat wancinipun | sang tapa aris ngandikanipun | mring kang putra Sèh Amongraga bibisik | barang rèh ing karsanipun | Amongraga matur alon ||

18. Amba langkung anuwun | ing pasihanta ingkang dhumawuh | pan ing mangke amba tan purun nglampahi | kajawi kalamun sampun | kapanggih saduluringong ||

19. Pêsthi amba yèn wangsul | anut ing karsa ingkang puniku | yèn ing mangke têbih botên darbe pikir | sang tapa langkung angungun | pitêkur sarwi andongong ||

20. Wusana ris amuwus | marang kang putra sarwi angrangkul | nanging poma anakingsun wong asigid | yèn ugi sampun kapangguh | kang para upaya karo ||

21. Poma-poma nakingsun | nuli wangsula ke gupuh |[65] ing pêsthine lawas enggal ingong anti | Sèh Amongraga umatur | yèn saèstuwa kalakon ||

22. Panggih kang mara ruruh | pan sayêkti manira awangsul | kados botên kula anyidrani jangji | sang tapa lêga tyasipun | yata Amongraga gupoh ||

23. Jawat asta angujung | pamit lumèngsèr saking ing ngayun | lajêng gupuh dhatêng abdi Jamal Jamil | sang tapa lan sabatipun | ngatêr sajawining dhukoh ||

24. Wusnya mangkana wangsul | sang tapa yata samya lumaku |

--- 5 : 83 ---

sampun lajêng lan santrinira kakalih | andarung ing lampahipun | tan miris myat ing margèwoh ||

348. Gurisa[66]

1. Sêmana wus byar raina | kang mega malang sumirat | ganthêng nèng pucaking ngardi | akèh warnane kadulu | ana lir wastra manjêthi | ana pindha muteara | wênèh ana wastra wungu | rinenda pinggire murub ||

2. Obah buron agung-agung | andaka maesa-danu | pating galêro mongira | muni nèng panggènannira | mangsane duk mulih lagya | saking (ng)gènnira mamangsa | pan wus adate kang sima | yèn dalu kesah mamangsa ||

3. Ulihe yèn mèh raina | sanès buron akèh padha | yèn dalu lumrahe turu | yèn mèh raina pan swara | ting galêmbor badhe saba | barung wre kalawan lutung | wrangutan lan uwa-uwa | gumêr munya ing kêkaywan ||

4. Sang Hyang Pratangga amungub | munggèng pucaking aldaka | gumêdêr swaraning pêksi | rêbut wohing bulu gurda | cocak jalak-pênyu johan | kuthilang kathik kêdhawa[67] | drêkuku putêr sulindhit | prit jowan[68] lan bêranjangan ||

5. Anggèr[69] manahe sang brangta | tumon pêksi kèh swaranya | kadhali munya ing tawang | kaswasih yèn piniarsa | kadya ngandhêga ing laku | pêksi bêluk munya nglamat | kadya ngenggalnya ing lampah | sang branta[70] msêm wardaya |[71]|

6. Wruh sasmitaning kang pêksi | yata ris ing lampahira | marga nuting wana pringga | mudhun jurang minggah arga | tan wontên durgama ketung | ing cipta ageya wêruh | dhukuhe Bayi Panurta | ya kang aran Wanamarta ||

--- 5 : 84 ---

7. Raina wêngi lumaku | kèndêl-kèndêl yèn asalat | nurut Kêndhêng lampahira | datan kawarna ing marga | yata samana wus prapta | talatahing Majalêngka | enggar lampahe sang brangta | lajêng wau lampahira ||

8. Anujwa pêcat rakitan | Jamal Jamil kinèn tanya | marang wong (ng)giring maesa | atakèn ing Wanamarta | kang tinakèn saurira | punika ingkang katingal | dhukuh kang gênggêng punika | (ng)gih kang aran Wanamarta ||

9. Andika lajêng kewala | ing mangke mêsthi kadulu | masjide agêng aluhur | lan malih kawula tanya | andika ing santri pundi[72] | sumaur ingkang tinanya | manira santri atêbah | saking ing Bantên yêktinya ||

10. Marma drêng mring Wanamarta | manira miyarsa warta | yèn Ki Sèh Bayi Panurta | sabar tur lila ing donya | anuntun ing wong (m)balilu | marma santrinira agung | punapa inggih yêktinya | sumaur kang sinung wuwus ||

11. Tan dora ingkang atutur | inggih saèstu mangkana | ambêge Bayi Panurta | marma sagung pra dipatya | (ng)guguru ambêg ambapa | tan cuwa barang karsane | sawabe Bayi Panurta | ngiwa panêngêne kêna ||

12. Lan malih santrine agung | kawula dèrèng uninga | kang kadya ing Wanamarta | kèhe santri kang ngluwihi | kados kawan èwu ana | kawula duk maksih bocah | sagung pasantrèn uninga | dèrèng wontên kang tumimbang ||

13. Lir Wanamarta kèhipun | dhasar papanne prayoga | mirah ingkang palakirna | bêras datanpa ajiya | marma santri têbih-têbih | kathah kang prapta ing riku | pan uwus adating santri | marani kang mirah têdha ||

14. Kawula pan dèrèng lawas | umantuk saking ing ngriku | salawase pan kawula | dadi santrine Ki Bayi | Amongraga nambung wuwus | kalamun wontên wong prapta | inggih sintên kang jinujug | umatur dalêm (n)jujuga ||

--- 5 : 85 ---

15. Inggih putrane panggulu | puniku kang pinitaya | dhatêng Ki Bayi Panurta | wastanipun Jayèngwèsthi | sabên wontên wong kang prapta | inggih anjujug ing riku | pan sampun wisma pribadi | sakiduling masjid mangu ||

16. Dene warujune aran | anênggih Ki Jayèngraga | pan inggih kalih punika | singa ingkang jinujuga | jêr atmajanipun jalu | pan amung kalih punika | pambajêngipun pawèstri | wastanipun Tambangraras ||

17. Kawula dèrèng amangguh | wanodya kadi punika | putrane Bayi Panurta | apike kagila-gila | duk kawula ingkang wau | inggih taksih anèng ngrika | asring mêningi kawula | kang wong prapta têka lunga ||

18. Anake pêtinggi desa | tanapi anak sudagar | tukonne pan jor-jinoran | sami kawangsul sadaya | wit sang rara botên kêna | tinari mopo kewala | mring rama aturira |[73] benjang kawularsa krama ||

19. Yèn wontên sênênging nala | botên kudu dèntukoni | lan botên melik kawula | wong kang bagus awibawa | sanadyan cebol bucuwa | lamun panuju kawula | badan kawula sumangga | yèn wus kalbu pêthèk ulun ||

20. Marma Ki Bayi kalangkung | susah mirsa turing putra | kalamun pinêksa-pêksa | ature pan kudu lunga | marma kang rama mupus |[74] nauri kang namur laku | manira sawêg angrungu | wanodya tan arsa krama ||

21. Manawi inggih puniku | ngupados santri utama | angling malih kang wong ika | pan wus pirang-pirang puluh | santri têbih-têbih prapta | sami santri jadhug-jadhug | prandene tan na kinarsan | kawêlèh pan sami griya ||

22. Sami ngupaya paekan | awit karsane Ki Bayi | mring santri sapa kang bêgja | saking susah myat ing putra | kalakon sami ngupaya | nanging sang rara wêntala | luput ing pêsthi[75] sumbaga | tuwas kabèh ngacung samya ||

--- 5 : 86 ---

349. Pucung

1. Marmanipun kèh-akèhe ana muwus | sundaga ni rara | buntêt tan darbe nyêmimik | milanipun sakèhing wong tinampikan ||

2. Yèn lumrahe wong gênge samana iku | pêsthine pan ana | ingkang pinilih sawiji | iku nora (n)dadak tinampik sadaya ||

3. Yèn wong buntêt andadak kakèhan wuwus | pan inggih akathah | kang muwus kadi puniki | pan gumujêng wau Ki Sèh Amongraga ||

4. Angling kadi botên kang kados puniku | sawêg dèrèng arsa | ngupaya jodho prayogi | ingkang kangge awal akir ingupaya ||

5. Dadi ingsun ngrungu ing wartinirèku | manah mundur mara | bok manira dènaranni | darbe niyat marang ing èstri punika ||

6. Tur ta baya pisan-pisan raganingsun | nyipta-a punika | mung sêdya ngupaya ngèlmi | (n)dadak nuju ing riku wontên brusahan ||

7. Wong kang angon maesa ris sauripun | kang amba wicara | pan wus sawarsa puniki | yèn ing mangke têntrêm tan wontên pawarta ||

8. Winginipun kawula saking ing ngriku | tinjo sanak lara | ala nganggur awakmami | anakokkên puniku kang kula ucap ||

9. Pan saèstu sampun tan wontên wong rawuh | mikir bab punika | sang monêng mèsêm jro ngati | duk samana Hyang Arka nitih ancala ||

10. Yata angling Amongraga manis arum | ngong langkung narima | pitêdah-para mring mami | lah ta sampun manira lajêng kewala ||

11. Kang liningan muwus aris aturipun | (m)bok enjing kewala | lamun sutah dalêm kampir | ing pagriyan kawula yèn parêng lêga ||

12. Yèn lajuwa sampun katanggêlan dalu | apan èwêd-aya | yèn prapta awêngi-wêngi | yèn kaparêng ing benjang-enjang kewala ||

--- 5 : 87 ---

13. Marma kula aturi kèndêl sadalu | ing wismakawula | yèn tan arsa sare panti | asareya wontên ing masjid paduka ||

14. Pintên banggi kewala yèn sagêd tumut | jriyah ngatêrêna | kalamun lujêng saratri | sadayane kêrandhah Bayi Panurta ||

15. Mring kawula apan ta wus padha wanuh | kang dados gêbayan | punika pun santri Luci | lêrêsipun nak-sanak lawan kawula ||

16. Suka ing tyas sang brangta sarêng angrungu | aris saurira | kisanak para ngecani | anyukêri sawêngi nèng wismanira ||

17. Lah punapi maksih doh wismanirèku | kang tinanyan lingnya | dhukuh mêncil kang kaèksi | lah ta ênggèh andika dhingin mantuka ||

18. Ri sang wisma anginthar mantuk rumuhun | sapraptaning wisma | wus mangsit mring rabinèki | lajêng manggil ing baturira sêkawan ||

19. Mung wong papat kang tumut wisma ing ngriku | yata sami prapta | wong papat wus dènpoyani | suka lajêng ngrewangi ing rabinira ||

20. Olah-olah ing pawon langkung abikut | ri wusnya mangkana | sang wisma mêthuk wus panggih | lan sang brangta nulya lajêng ingaturan ||

21. Sapraptane ing dhukuh sang brangta mangu | myat ing palakirna | mawarna langgare cèkli | hèr tumumpang lan rêsik ing palataran ||

22. Sang wisma ling paran ing karsanta nêngguh | punapa pinarak | ing wisma tuwin surambi | anauri mênêt surambi kewala ||

23. Nulya lajêng mring surambi tata lungguh | Mahrib wayahira | lajêng ngambil arastuti | lan sang wisma salat Mahrib praptèng Ngisa ||

24. Wusnya bakda pan lajêng atata lungguh | sang wisma angundang | mring rubiyah kinèn nuli | amêdalna saanane kang sugata ||

25. Kang inguwuh ni rubiyah langkung gugup | anata sugata | ri sampunira anuli | apan nulya sinaosakên mring langgar ||

--- 5 : 88 ---

26. Gya tinata sêkul ulam anèng ngayun | sang wisma wacana | lah (n)dawêg tuwan wêwanting | sugatane inggih (m)bokayu andika ||

27. Kang sinung ling ngecani wêwanting gupuh | dyan lêkas anadhah | sêkantuk dènnira bukti | sang kaswasih kêlangkung kapiutangan ||

28. Mring sang wisma dene cakuting kêlangkung | yata sawusira | ambêng ingundurkên maring | Jamal Jamil athêkul dènnira mangan ||

29. Bêsngèk têlu lan pindhang sacuwo gêmpur | (n)dhok kamal sapanjang | sirna datan wontên kari | tumpêng kalih bebas imbuh sêkul bodhag ||

30. Langkung merang sang brangta dènnira (n)dulu | angling ring sang wisma | adhi sampun isin-isin | pan ing ngriki pan wus wismaning[76] priyangga ||

31. Anauri Jamal Jamil (ng)gih (ng)gihipun | kadipundi kakang | pangraosipun pun rayi | yèn mawiya ringa-ringa mring pun kakang ||

32. Nadyan inggih sanak têmbene kapangguh | pangraos kawula | lir tunggil sayayah bibi | Ki Nuripin gumuyu asuka-suka ||

33. Tan kawarna ing dalu datan winuwus | yata byar raina | lajêng salat Subuh nênggih | sak-bakdane lajêng lênggah ngèmpèr samya ||

34. Sang brangta gya alon wau wuwusipun | dhatêng ingkang wisma | paran ing karsanirèki | punapèstu milwèng anut ing kawula ||

 


§ Prayoginipun | Anggungrimang |. (kembali)
§ Kirang sawanda, prayoginipun | angangin-angin |. (kembali)
§ Prayoginipun | Anggungrimang |. (kembali)
rêké. (kembali)
Lebih satu suku kata: nanging sun tan wani (m)babar. (kembali)
§ Kakathahên sawanda, prayoginipun | ra-ara kadi |. (kembali)
èrcarana = èr + carana. (kembali)
§ Prayoginipun | manda raga |. (kembali)
anggameng. (kembali)
10 § Prayoginipun | gurda |. (kembali)
11 § Prayoginipun | sutiksna |. (kembali)
12 § Prayoginipun | Tatarmalédari |. (kembali)
13 Ada huruf yang tidak dapat dibaca. (kembali)
14 § Prayoginipun | kadohan |. (kembali)
15 § Prayoginipun | wè | [wé]. (kembali)
16 § Prayoginipun | kalèn |. (kembali)
17 § Prayoginipun | kawula |. (kembali)
18 § Prayoginipun | kawula |. (kembali)
19 § Prayoginipun | sang brangta |. (kembali)
20 § Prayoginipun | têmbat |. (kembali)
21 anyapa (Jawa baru). (kembali)
22 Lebih satu suku kata: pijêr myarsakkên swara. (kembali)
23 § Prayoginipun | imam |. (kembali)
24 Kurang tujuh suku kata: 8a, sebagian dari gatra ini tidak tercetak. Soeradipoera (1912–5): nèng sajroning badan kita (Pupuh 20.11.2). (kembali)
25 Kurang empat suku kata: 8e(o), sebagian dari gatra ini tidak tercetak. Soeradipoera (1912–5): nabi wali mukmin kabèh (Pupuh 20.11.3). (kembali)
26 Kurang satu suku kata: Sarwi angling adhuh anakingsun gusti. (kembali)
27 § Prayoginipun | artiné |. (kembali)
28 § Prayoginipun | myarsakken |. (kembali)
29 § Prayoginipun | tinutur |. (kembali)
30 Kurang satu suku kata: asiluk asingub-singub. (kembali)
31 panggriting kang. (kembali)
32 § Prayoginipun | rinabasèng |. [Asli tidak ada tanda referensi untuk catatan kaki ini]. (kembali)
33 § Prayoginipun | padapaning |. [Asli tidak ada tanda referensi untuk catatan kaki ini]. (kembali)
34 Kurang satu suku kata: sang brangta yata mèsêm jroning ati. (kembali)
35 Biasanya guru lagu a: satunggal. (kembali)
36 (ng)gèn anenggih. (kembali)
37 § Kirang sawanda, prayoginipun | apan |. (kembali)
38 Lebih dua suku kata: mandhapane nggih dhêkêt kewala. (kembali)
39 Kurang satu suku kata: sapênêtaning ulam. (kembali)
40 kèndêl. (kembali)
41 mêntas. (kembali)
42 nulya. (kembali)
43 manahingsun. (kembali)
44 dhegdhegan. (kembali)
45 § Prayoginipun | welulang |. (kembali)
46 § Kakathahên sawanda, prayoginipun | kimpul kênthang talês lawan wi gêmbili |. [Soeradipoera (1912–5): kimpul kênthang talês lawan wi gêmbili (Pupuh 24.12.9)]. (kembali)
47 Lebih satu suku kata: kinèn anyaoskên jambe. (kembali)
48 Kurang satu suku kata: têka mèsêm sajroning galih. (kembali)
49 linorodkên. (kembali)
50 § Prayoginipun | imam |. (kembali)
51 § Prayoginipun | imam |. (kembali)
52 § Kirang sawanda, prayoginipun | duk alunga |. (kembali)
53 Biasanya guru lagu u: puniku. (kembali)
54 § Prayoginipun | albah |. (kembali)
55 § Prayoginipun | manikem |. (kembali)
56 § Prayoginipun | manikem |. (kembali)
57 § Prayoginipun | Rasa iku rupané pan anglir gêtih |. (kembali)
58 Biasanya guru lagu a. Soeradipoera (1912–5) kengang (Pupuh 26.12.2). (kembali)
59 § Prayoginipun | myarsakken |. (kembali)
60 § Prayoginipun | nyata winasis |. (kembali)
61 Kurang satu suku kata: Amongraga mèsêm angling. (kembali)
62 Kurang satu suku kata: Amongraga mèsêm lingnya. (kembali)
63 § Prayoginipun | manikem |. (kembali)
64 § Prayoginipun | manikem |. (kembali)
65 § Prayoginipun | nuli wangsula marang ke gupuh |. (kembali)
66 Variasi dari nama tembang: Girisa. (kembali)
67 § Prayoginipun | kedawa |. (kembali)
68 § Prayoginipun | cowang | = emprit. (kembali)
69 § Prayoginipun | Enggar |. (kembali)
70 brangta. (kembali)
71 Kurang satu suku kata: sang brangta mèsêm wardaya. (kembali)
72 § Prayoginipun | santri ing pundi |. (kembali)
73 Kurang satu suku kata: mring kang rama aturira. (kembali)
74 Kurang satu suku kata: marmane kang rama mupus. (kembali)
75 § Prayoginipun | dhesthi |. (kembali)
76 § Prayoginipun | wismané |. (kembali)