Kumandang Teyosupi (Tahun 09: Hlm. 001–016), Swastika, 1930, #503
1. | Kumandang Teyosupi (Tahun 03: Hlm. 001–016), Swastika, 1923, #503. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kumandang Teyosupi. |
2. | Kumandang Teyosupi (Tahun 03: Hlm. 053–068), Swastika, 1923, #503. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kumandang Teyosupi. |
3. | Kumandang Teyosupi (Tahun 04: Hlm. 025–040), Swastika, 1924, #503. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kumandang Teyosupi. |
4. | Kumandang Teyosupi (Tahun 04: Hlm. 101–116), Swastika, 1924, #503. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kumandang Teyosupi. |
5. | Kumandang Teyosupi (Tahun 04: Hlm. 125–144), Swastika, 1924, #503. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kumandang Teyosupi. |
6. | Kumandang Teyosupi (Tahun 09: Hlm. 001–016), Swastika, 1930, #503. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kumandang Teyosupi. |
7. | Kumandang Teyosupi (Tahun 09: Hlm. 029–044), Swastika, 1930, #503. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kumandang Teyosupi. |
8. | Kumandang Teyosupi (Tahun 09: Hlm. 085–098), Swastika, 1930, #503. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kumandang Teyosupi. |
9. | Kumandang Teyosupi (Tahun 09: Hlm. 157–172), Swastika, 1930, #503. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kumandang Teyosupi. |
10. | Kumandang Teyosupi (Tahun 10: Hlm. 408–432), Swastika, 1931, #503. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kumandang Teyosupi. |
11. | Kumandang Teyosupi (Tahun 10: Hlm. 433–448), Swastika, 1931, #503. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kumandang Teyosupi. |
Pencarian Teks
Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].
No. 1 JANUARI 1930. TAHOEN IX. KOEMANDANG THEOSOFIE
DAGELIJKSCH REDACTIE:R. TRIHARDONO SOEMODIHARDJOp/a. DRUKKERIJ SWASTIKASOLO.
[Grafik]
ADMINISTRTIE: R. SOEMODIPOEROp/a. LOGE THEOSOFIESOLO.
Diterbitkan tiap-tiap bulan oleh Loge Theosofie Solo.
--- [0] ---
[Iklan]
--- [1] ---
Taman Kasunyatan.
Kawêdalakên sabên wulan sapisan, dening Lose Teyosupi ing Surakarta.
Juru ngarang pangarsa:Radèn Mas Partawiraya.
Juru ngarang: Radèn Ngabèi Dutadilaga, Radèn Kusumadiharja, Mas Ngabèi Suyarta.
Sadaya sami ing Surakarta.
[Grafik]
SATVAN NA'STI PARO DHARMAH.
Administrasi:Radèn Sumadipura.
Kantoripun manggèn ing Lose Teyosupi, Sala.
Rêgining lêngganan 1 taun f 3,60 arta lêngganan kêdah kabayar rumiyin.
Sêrat-sêrat karangan katampèkna dhatêng juru ngarang padintênan, Radèn Trihardono – Sumadiharja, adrès: pangêcapan: Swastika, Surakarta.
Tanggap Warsa.
[Dhandhanggula]
I. anjalirit ingkang sitarêsmi | lamat-lamat saya tanpa kăntra | lir linarut mêmanise | kari pêtêng manglimput | rêmêng-rêmêng pating karêlip | kang taranggana sumyar | winulat ngalangut | nyalèntrèng kang Himalaya | panthan-panthan larut kasilir ing angin | mawèh ascaryèng driya ||
II. gagad bangun wanci saput siti | ramyang-ramyang papêtêng wor padhang | kelut kalimput lawêne | tranggana lan sitèngsu | nora măntra kari jalirit | banguning kang kartika | nêdhêng tanggal sêpuh | sumoroting diwangkara | amarbabang kang mega sami lumindhih | ngrêgancang mega malang ||
III. mungup-mungup bagaskara mijil | anyrêmomong wèh kêkêsing prana | byar padhang cêtha pêthane | saliring kanang wujud | kang gumêlar ngèbêki bumi | mangkya ganti raina | sakabèhing makluk | samya wiwit nambutkarya | sapakolih manut wajibe pribadi | dera mamrih sarana ||
IV. nglêksanani karêping aurip | kang sinêdya praptaning sampurna | warna-warna tumindake | sawusing wanci surup | sèlèh karya angaring-aring | mamrih pirênèng prana | nulya mapan turu [tu...]
--- 2 ---
[...ru] | yèn wus tangi nambutkarya | mung mangkana laku jantraning dumadi | prapta pantoging sêdya ||
V. wola-wali ing lampah balèni | kongsi mulih ing pajar ulihan | nocogi kalamangsane | tumamèng ing aluhur | tan kawêngku anggêring urip | cakraning panggilingan | wus mulya sawastu | mardikantuk pamudharan | gantya mêngku kang mêngku wus dèn wêngkoni | kawasa amisesa ||
VI. lir mangkana lampitaning tulis | kang cinăndra awit tanggal tuwa | gagad bangun ing wancine | raina praptèng surup | nulya wêngi balining wanci | jantraning măngsakala | kalakon kacakup | kongsi praptane samangkya | mung mangkana ambalèni kang kawuri | babaring tanggal warsa ||
VII. salin taun mangkya kang gumanti | titimăngsa taun tigang dasa | pinarsudi widadane | katêkan kang kinayun | ingkang dadya jangkaning urip | musthi panthênging cipta | winantu ing laku | kanthi pratitising patrap | kinabulna kumandhanging teyosupi | mugi sami raharja ||
Redhaksi adminisêtrasi.
__________
Para ingkang Sami Anglêluri Piwulangipun Sang Buda.
Pêthikan saking buku Navolging van Buddha.
1. Kabèh titah iku kapengin mulya, mula angènthèngna pitulungan marang kabèh bae.(Mahawamsa: ch. 12).
2. Kagawa dhèwèke iku wêlas marang sakabèhing titah urip, mula banjur sinêbut suci.(Dhammapada: v. 270).
3. Kayadene iku kang rumêksa anake tumrap bêbaya, mangkono sabên wong anggone kudu anênangi kabêcikan kang tanpa watêsan, tumrap sakabèhing titah.(Metta-Sutta: v. 7).
4. Aja anatoni liyan, sarana tanduk kang tumrap sira dhewe ora kapenak linakonan.(Udanavarga: ch. 5, v. 18).
5. Ingsun tan bisa darbe sênêng, mênawa liyan ana kang susah, mula ingsun ngangkah nêdya amitulungi.(Jatakamala: Story 1).
6. Sarana sucining ati lan sawutuhing sih anggon ingsun nêdya tumindak kanggo liyan, kayadene kang tumrap ingsun dhewe.(Lalita Vistara: ch. 5).
--- 3 ---
Kumandhanging Jagad Katêntrêman.
Pangandikanipun jiwa luhur ingkang botên linairakên.
Pêthikan saking buku De Geest van het Ongeborene (III).
Wêlasa marang titah cilik-cilik kang padha sangsara, jalaran saka pirang-pirang èwu kang kanggo kurbaning panyoba (proefnemingen).
Ewadene tindak kalèru, kang padha isih anindakake pitêdah (proeven nemen) iku ing wêkasane kang padha saya gêdhe sangsarane. Awit kadadeyane panggawene kang nganiaya (wreedheid) iku bakal saya anggêgirisi. Ora ana kang bisa oncat saka apa kang bakal tinămpa, apa sawuse mati utawa ing uripe têmbe. Ora ana kadadeyan kang tanpa sabab, mangkono mungguh lakuning anggêr-anggêr. Jalaran saka tindak bêngis kang anggêgirisi, iku padha anuwuhake pirang-pirang kadadeyan, kang kudu dialami.
Mangkono iku bakal sinau sarana panandhange dhewe, mulane padha angemana lan rumêksaa marang kabèh kang urip.
Luputna kabèh kang anindakake mangkono iku. Ewasamono aja ngupaya pangayoman tumrap têtanggunganira dhewe, awit sira dhewe tumêka samêngko isih angrosakake, lan amêmani tindake para vivisector kang ora lumrah iku.
Saka kabêngisanira–kang wus maatus-atus taun–sira wus andumadèkake gêganthaning cipta, ing alam alus, iya dununging pakartining cipta, kang banjur ngalumpuk, lan banjur anyantosakake ardane para pangudi, kang anggêgilani. Sira uga mèlu ambiyantu marang panggawe kalèru iku, kagawa saka anggonira anyondhongi, utawa saka ringkihe anggonira ora anyondhongi, utawa manèh saka anggonira ora maèlu marang kaanan mangkono iku.
Apa sira ngarêpi marang vivisectie. kagawa sira angira (sanajan mangkono iku kalèru) manawa vivisectie mau bisa gawe undhaking waluyane lêlara. Sumurupa: manawa lêlara lan lara, iku tuwuh saka panggawene kang ora miturut marang anggêr-anggêr, lan sira ora bakal bisa unggul saka iku mau sarana anêrak manèh. Anggêr-anggêring dumadi, anggêr-anggêring [anggêr-...]
--- 4 ---
[...anggêring] sih lan adil, iku ora bisa dibrobosi.
Bokmanawa sira isih angira, manawa vivisectie iku bakal bisa amitulungi dawaning uripira, utawa uripe kang sira aji-aji. Ananging sanajan mangkono iku nyata utawa pancèn bisa, ewasamono ingsun amrayogakake luwih bêcik mati sarana kodrate, katimbang isih urip kang diusadani sarana gawe panandhange titah apa bae.
Kudu mangkono iku panêmunira, manawa sira nêdya anggolong maringsun.
Anggêr-anggêrira anglarangi marang mêmatèni (moord)–ewadene sira amatèni marang para kang anindaki rajapati (moordenaars) ... awit saka parentahing anggêr (in naam der wet). iya mung cipta, kang ora jujur kang nganggêp bênêr. Ananging anggêr-anggêring manungsa lan ciptane wong iku ora sampurna, kabèh mau padha ora kasinungan: kasucian.
Manawa ingsun tangi anèng bocah-bocahing băngsa kang bakal linairake, iku pamikire bakal murni, lan bakal padha ora mangêrti marang anggêr-anggêr, kajaba mung anggêr-anggêring sih.
Mangkono uga bocah-bocah mau bakal urip miturut ing anggêr-anggêr iku, kang ora susah nganggo pranatan saka gaweane dhewe. Lan manèh bakal sumurup ... kang sêsurupane iku luwih saka kang sira sumurupi.
Kajaba iku sira uga prêlu sumurup: manawa tumrap durjana (misdadiger).kang uga kadunungan: urip sajati, iku anindakake piala, iku uga lêlara, nanging dudu lêlaraning badan wadhag, kang amung dadi piranti bae.
Sira bisa anyirnakake badan, ananging manungsane isih lêstari urip.
Sira angluwari manungsa saka pawarangkaning badane–kang sawuse diadili (terechtstelling), nanging kaanane malah luwih anggêgirisi katimbang ing sadurunge. Saka kabèh pialane, kang uga kaisèn pangunêg-unêg lan kasêngitan, dhèwèke isih bakal anêrusake anggone amaratakake daya kang anuwuhake bêbaya, jalaran samêngko dhèwèke wus ora pinalangan apa bae lan uga ora pinalangan dening sapa bae.
Sasuwene urip sajati iku isih kakunjara ing badan, sira isih bisa angowahi panggawene kang ala iku, sira isih bisa angulatake lan ambêcikake.
Samăngsa urip sajati mau oncat saka urunge, lan ora kêna ingulatake dening manungsa, banjur gampang katarik ing wong kang
--- 5 ---
padha darbe cipta ala kaya dhèwèke, sarta ambêbujuk tumindaka ing panggawe ala, apamanèh kanggo pirantine, utawa saranane anggone anindakake pangunêg-unêge nêdya amalês.
Mangkono anggone angundhakake cacahing para kang anindakake panggawe mêmatèni (moordenaars) saka palilahing anggêr-anggêr mêmatèni (wettigemoord).
Mila ingsun pitutur ing sira: sira aja amêmatèni–sanajan durjana pisan uga aja sira patèni. Patine iku ora amitulungi sira–uga ora makolèhi tumrap dhèwèke dhewe.
Kaêrèha panggawene, ing sajrone sira angusadani jiwane. Pulasaranên kayadene wong lara, amarga dhèwèke iku lara ingatase kasusilane (zedelijk ziek). Jiwane iku isih anom–kayadene sira ing nguni–lan ringkih, bodho. Anglubèrna kawruh, lan kakuwataning kasusilanira (zedelijke kracht) marang dhèwèke. Katindakna anggêr-anggêring sih.
Manawa sira iku luwih tuwa lan luwih dhuwur kamajuanira, sira wajib anuntun, amulang apamanèh anrêsnani marang dhèwèke. Ananging samăngsa sira angrèmèhake lan amatrapi (terechtstellen) para durjana, iku amratandhakake manawa kacèke dhuwurira lan dhèwèke durung sapiraa. Ing kono sira kapitunan ingatase pangrêti lan sih, dadi iku kang anjalari tuking sakabèhe laku ala.
Ing ngêndi anggon ingsun bakal gumêlar, sakabèhing laku bêbêdhag (jacht) kang dianggo kasênêngan lan kanggo ulah raga, bakal dadi larangan. Sapa kang ambêbêdhag (jagen) utawa ambujuk marang liyan tumindaka ambêbêdhag, iku anêrak anggêr-anggêr kasusilaningsun (zedewet) kang awêwaton sih.
Coba rasakna:
Rêrêngganing anggon-anggon kang ginawe saka wulu lan walulange kewan (bont) kang sira sênêngi, awit saka ... akèh rêgane (akèhing rêga iku kang satêmêne pancèn larang saka panadhang lan uripe para kewan kang tanpa dosa).
Wulu-wulu (veeren), kang olèhe iku saka manuk kang dipatèni, lan bokmanawa amung tatu bae, kang manuk mau kapêksa aninggal susuhe dalah anake nganti mati kalirên ... prêlune mung supaya sira bisa anganggo tudhung endah (saka rêrêngganing wulu-wulu).
Walulanging titah, kang durung linairake, kabêdhèl saka guwagarbaning biyunge ... prêlu dianggo lurubing tanganira kang supaya alusa.
--- 6 ---
Anyumurupi kaanan mangkono iku gawe karêjoting urat kang dumunung anèng ingsun. Dadi wus tamtu bae manawa ingsun bakal angêdohi panggonan kang padha anganggo rêrênggan mangkono mau.
Apa sira ora krasa, manawa rêrênggan mangkono iku isi panggawe ala (vloek) ..., lan sing sapa, kang padha anggêpok, kagawa saka kapengine, utawa asore, iku uga antuk dayane kang anggêgirisi. Apa sira ora mangrêti, manawa kabrêgasaning panganggonira (tooi) iku anggêgilani lan anggêgirisi ana pandulune sapa kang kaya ingsun–andulu lan angrasa larane sarta mirise, kang rinasakake.
Kagawa saka dhêdhasaring kasusilan utawa wêlas asih, akèhing golonganira kang ora bakal gêlêm anindakake dhewe, nanging anglilahi liyan tumindak mangkono. Dadi sira iku uga mèlu kalepetan–sanajan amung saka anggonira ora darbe wêlas asih, kang andadèkake piala tumrap panduluningsun–saka panggawening liyan kang anindakake mêmatèni kanggo prêlunira lan kasênênganira, kang ora pratitis pamilihe.
Amêmatèni kanggo kasênêngan utawa ulah raga iku anggêgilani, luwih manèh ingatase para bocahing băngsa, kang bakal linairake, iku ora bakal padha anindakake mangkono.
Apa sira ora wus tau mlaku-mlaku urut ing patêgalan utawa alas, ing dina kang nyênêngake, yaiku yèn langite katon sumilak, sunaring surya amadhangi kêkayon lan godhong-godhong, mangkono uga ijoning sukêt sarta têtuwuhan padha tumanduk ing rasanira. Apa kabèh mau andayani sira: nêdya tumindak amêmatèni?
Apa sira ora wus tau angliwati tilasing kewan kang kataton, utawa kapranggul titah kang mèh tumêka ing pati, kagawa saka tindak kabêngisan, nanging durung nganti sirna babarpisan, kang katindakake para juru ambêbêdhag, kang panuju ulah raga. Apa sira ora tau sumurup kewan kang kêna ing bakungkung (kala) wêsi, lan apa sira ora tau sumurup kaya apa girise, sarta êntèking pangarêp-arêpe kang supaya bisaa luwar saka ing bakungkung mau.
Apa dhèk samono sira kaduga amatèni kewan mau, kang trêsna bangêt marang uripe, nalika ana ing hawa kang kapenak, lan angrasakake anake, kayadene sira. Apa sira dhèk samono darbe karêntêg nêdya amatèni titah kang amêmêlas, kang mung supaya sudaa cacahe, saka kang wus sira patèni.
Samono sira ora bisa amambêngi ardanira [ardani...]
--- 7 ---
[...ra] marang mêmatèni, lan marang wutahing gêtih, o, ing kono ingsun ora bakal angalang-alangi. Ananging sira aja angira, manawa sira bakal bisa lumêbu ing alam ingsun. Ingsun bakal rumêksa kasênêngan lan kaendahaning băngsa anyar tumrap dayanira, amarga kaananira samêngko iki angrusak kasuciane.
Sapa kang nêdya mèlu anggandhèng ranteningsun, iku kudu aja amêmatèni, sanajan kewana galak. Dhasaring kewan galak iku tumuwuh saka kabêngisanira. Kagawa ing nguni-uni–pirang-pirang kauripan kang wus kapungkur–akèh kewan tutut kang kanggo ajagan ambêbêdhag, dadi sira iku wus gawe kaploroting darajade dumunung ing băngsa alasan (wilde rassen), kang samêngko banjur sira girisi dhewe. Sira wus anandur kabêngisanira marang para kewan mau. Kewan sijine padha amăngsa kewan liyane, awit saka panuntune manungsa. Dhasare anggone dhêmên matèni–kang dumunung ing sakabèhing titah–iku wite saka manungsa.
Pancèn gêdhe kaluputane manungsa tumrap marang golonganing kewan. Besuk apa anggone manungsa angrilakake, angrusak kaluputane mau, lan nêdya amaluyakake sarana tindak sih, kang bisa angilangake anggone mêmatèni.
Manungsa iku ing nguni, lan samêngko, kang agawe bleroning larase kodrat, gawe cacade pakaryane juru andumadèkake (scheppers). Manungsa iku dadi pêpalanging karsane Pangeran anggone nêdya anêtêpi. Ewasamono manungsa isih tinitahake–sarta isih prêlu dianggo dadia narendra kang kuncara tumrap pakaryan iku. Pangeran amaringi marang manungsa: ngakoni anane (zelf-erkenning) lan kakuwatan kang kanggo amêmikir, kang supaya dianggoa ambabar wataking gustine dhewe. Ewasamono pêparinging Pangeran iku padha ora ditêtêpi.
Ananging ing têmbe manungsa bakal saya mundhak anggone ngakoni marang anane (zelf-erkenning), dhèwèke bakal krasa marang pribadining Gusti iya pribadining kabèh tumitah iki, lan kabèh urip sumurup manawa siji. Ing kono dhèwèke bakal anyirnakake piala, kang wus katindakake ing nguni. Lan manèh bakal sinau asih marang kabèh, kayadene sihe marang awake dhewe.Kajaba saka iku, sanajan kewan cilik-cilik (Ongedierte) lan uga kang sira arani: kewan kang angribêdi (Kwelgeesten).
Kewan-kewan mau tuwuh saka kasêngitanira, saka alane ciptane manungsa. Aja angira,
--- 8 ---
manawa sira bisa luwar saka kewan-kewan mau sarana disirnakake. Kabèh mau dumadining ciptanira. Lan cipta iku bakal maujud, sarta banjur dirosakake dening sêruning rasa kasêngitan, kang isih sira anggo amêmatèni.
Mangkono iku mungguh kaanane, tumraping sapa kang mangrêti marang anggêr-anggêr. Kang mangrêti marang anggêr-anggêr mau–kaanane–cêtha anèng alam alus, nanging ora kawruhan dening manungsa, kang padha wuta kagawa saka pangrêncana kabodhoan lan piala.
Sumurupana anggêr-anggêr iku lan tindakna. Ing kono sira bakal mangrêti sarta cêtha pandulunira.
Kamèrèn lan alaning atinira: kamurkan sarta kabêngisanira: anggonira angrèmèhake, lan ora sucinira, apamanèh alaning ciptanira, kang sira sidhêm kanthi dhêdhêmitan, sarta saya gêdhe dayane ing sabên dinane–malah sabên jam–kang sira sêbar, kang banjur tumuwuh dadi kewan cilik-cilik kanthi dhasar kang angrêncana sira dhewe.
Angrusak badan-badan iku ora bisa anyirnakake cipta kang tumuwuh dadi uripe kewan cilik-cilik iku. Bisane kalakon sirna sira kudu angilangi sêsatron, sêsêngitan, agawe miris, sarta alaning ciptanira. Amung sarana sucining gagasan–sarana cipta asih–anggonira bisa anyirnakake pangswasa, kang wus sira gawe ing nguni (utawa dina dhèk wingi uga) saka ciptanira dhewe kang tanpa wêlasasih.
Para pandhita–lan uga para manungsa lumrah–iku padha anêksèni manawa ora ana kewan sawiji bae, utawa kewan cilik-cilik kang angribêti ing dhèwèke, kang urip miturut anggêr-anggêring sih kang agung, lan asih marang kabèh kang urip.
Ana măngsakalane sira bakal angakoni, apa kang ingsun sumurupi: manawa kabèh kang ambêkan, iku padha ambabar urip siji. Sapa kang matèni, iku angrusak urip saka kawujudane–kang ing wêkasane atêgês: manawa dhèwèke ambêthot Pangeran saka ing badan kang kanggo ambabarake karsane.
Pangeran iku iya kabèh urip.
Urip, iya kakuwatan winadi, kang manungsa ora bisa mambêngi (bedwingen) iku pribadining Pangeran, iya urip siji kang nyata ing jroning kabèh iku, ing sira, lan ing ingsun.
--- 9 ---
Ing Dalêm Wêwêngkoning Pêpadhangipun Kawruh Kasunyatan.(In het Licht der Theosofie).
Mêmayu jagad risak.(De Wederopbouw eener Verbrijzelde Wereld).
Suraosing sêsorahipun Dr. A. Besant wontên ing Concert-gebouw ing kitha Amsterdam nalika kaping 2 Agustus 1921. dipun mirêngakên sadhengah tiyang.
(IV).
Kawuningana, mênggah praja makatên, pranatan manut kawontênanipun ingkang dipun pranata, dede barang tarekahan. Sang Plato nalika ing kina sampun ngandika, bilih praja punika saminipun badan manungsa, ngantos dumuginipun sapriki makatên punika taksih tumindak. Pranatan makatên têmtu wontên pirantosipun ingkang kêdah katata, botên beda kados badaning manungsa, ugi gadhah pirantos warni-warni, kados ta: utêk, paru, urat, pangrêmêkaning têtêdhan, bau suku tuwin sapanunggilanipun, sadaya wau sami tumindak ing damêl piyambak-piyambak. Sanadyan bab punika têtela botên kenging dipun selaki, nanging sabab dening punapa têka têtiyang ingkang minăngka praboting praja botên kamanah sumêdya dipun dandosi (murih cog kalihan dhêdhasaripun) botên ngèngêti bilih praja punika pranatan manut kawontênanipun ingkang dipun tata, măngka jêjêging praja punika gumantung wontên ing têtiyang prabotipun, ingkang sagêd medahakên kuwarasaning kasagêdan, tuwin rosaning manahipun. Sumăngga kula aturi ngèngêti dhatêng lampahing êrah ing salêbêting badan, upami botên sae lampahipun, sampun saèstu anjalari botên sakecaning badan, dene sakecaning badan manawi sae lampahipun êrah. Ingkang kaupamèkakên lampahing êrah punika mênggah tumraping praja, lampahing among dagang, para nangkoda sami ngêdum amradinakên barang-barang kabêtahanipun tiyang sanagari, sarta ngesahakên barang-barang ingkang sampun botên kangge wontên ing ngriku, dhatêng tanah-tanah sanèsipun ingkang sami ambêtahakên barang-barang wau. Dene wontênipun barang-barang kabêtahanipun nagari, punika ingkang ngwontênakên para juru damêl pamêdal, kados ta para among tani, para kriya tuwin sapanunggilanipun. Makatên punika saminipun ing badan manungsa, pirantos pangrêmêkaning tatêdhan, nampèni sawarnining tatêdhan ingkang lajêng dipun êjur, sarinipun kawradinakên ing badan sakojur,
--- 10 ---
têmah andadosakên lêma sarta suburing tumuwuhipun, dene ampasipun kabucal.
Utêk, punika saminipun tumrap praja, sakathahing para sagêd, para putusing pamarsudi, para undhagi kawruh lair, para ulah budi, para ulah raosing batos, para undhagi pamarsudining kuwarasan, tuwin sakathahing para undhagi ing guna pangawikan, sadaya punika dados kabêtahanipun praja tumrap ing pamanahan.
Upami wontên tiyang dhasaring kabatosanipun rêmên dados tukang damêl pamêdal (kriya, tani, tuwin sapanunggilanipun) măngka lajêng dipun sinaokakên wontên ing pamulangan, ingkang ing ngriku namung mulangakên pangulahing nalar kemawon, punika nama ngêngècèr piwulang, awit tiyang wau badhe botên migunani tumrap adêging praja. Măngka sakathahing para kriya punika minăngka dados pikuwating praja, saminipun manawi ing badan manungsa, sakathahing otot.
Mênggah praja kasamèkakên badaning manungsa makatên wau, punapa wontên nalisiripun, kados botên, amila praja punika sadèrèngipun nyumêrêpi wêwadosing saêbab-êbabipun pakaryan kados ing ngajêng wau, salaminipun botên sagêd sae pranataning tumindakipun. Awit saking awêwaton kasêbut nginggil punika, prayoginipun sakathahing lare ing salêbêting praja, kêdah dipun dèkèki griya pamêrdi, murih sawarnining dhêdhasar tuwin kawontênanipun ingkang sampun kinodrat, sagêd kababar dados kasagêdan, kados ing samêsthinipun piyambak-piyambak, dados ing têmbe lare-lare wau sami sagêd tumindak ing damêl kangge ing nagarinipun, kanthi kakiyatan tuwin kasagêdan linuhung. Manawi sampun sagêd kalampahan makatên, ing salêbêting praja badhe botên wontên raos botên narimah malih, awit lare-lare wau tumandangipun ing damêl botên sulaya kalihan kasagêdanipun ingkang sajati, mila raosing manahipun sênêng ayêm. Pandamêlan ingkang runtut kalihan kodrating kasagêdanipun ingkang nandangi, punika kalêksananipun kanthi suka bingahing manahipun, kosokwangsulipun manawi sulaya kalihan kodrating kasagêdanipun, kajawi ngrêkaos ugi botên sae.
Awit saking atur kula sadaya wau, tamtunipun wontên ingkang ngandika: kabèh iya bênêr lan bêcik, nanging ing nagara, sok ana panggawean kang mêsthi kudu disambut, măngka ora ana wong gêlêm nandangi, yèn mangkono iku kapriye. Bab makatên punika, saking pamrayogi kula, kêdah anggêgasah tiyang dipun êbang-êbang ingkang tiyang ngantos botên sagêd botên [botê...]
--- 11 ---
[...n] purun nandangi, dados inggih sawêrni pêksan. Ngêbang-êbang wau kadospundi tumindakipun, lah makatên: upaminipun wontên pandamêlan kasar tuwin awrat, măngka kêpêksa mêsthi kêdah dipun tandangi, botên kenging botên, punika langkung rumiyin jêngandika sadaya kêdah sami ngulir budi, ngangkah sagêdipun nganggit pirantos mêsin, dene ingkang garap pandamêlan punika kêdah ngangge tiyang ingkang sakintên badhe sagêd ngrampungakên kalihan rikat, nanging dede tiyang tukang ngrêsiki urung-urung toya. Prêlunipun supados para garap wau tumuntên sagêd ngaso nyakecakakên badan, sarta nyênyênêng manahipun, punapadene kêdah kabayar ingkang kathah, murih tiyang wau sagêd ngawontênakên pirantosipun piyambak, ingkang kenging kangge sarana ngindhakakên tumangkaring panggêsanganipun.
Bokmanawi jêngandika gumun, dene pandamêlan kasar tur panggarapipun namung sakêdhap, têka kêdah kabayar kathah, sanadyan ngantos dangua pisan panggarapipun, lêrêsipun namung tampi bayaran sakêdhik. Samangke kula pitakèn, sabab dening punapa bayaran kathah punika namung kasukakakên dhatêng tiyang satunggal kalih kemawon, ngantos mèh botên nguman-umani dhatêng ingkang kathah-kathah sanèsipun. Wujudipun: para undhagi ing kagunan, punika anggènipun nandangi pandamêlanipun sampun mawi sênênging manahipun, upami anggambar, punika botên namung sumêdya pados arta kemawon, sanadyan gambaripun wau botên badhe pajêng kasade, ewadene mêksa dipun tandangi awit sumêdya ngatingalakên kasagêdanipun, dening kapengin misuwur sarta dipun gumuni. Kenging punapa dene tiyang ingkang nyambutdamêl kanthi sênênging manah kados makatên, têka dipun rêgèni kathah.
Sabab dening punapa para priyagung punika blanjanipun sami kathah-kathah, măngka anggènipun nindaki pandamêlanipun kanthi pangwasa. Tiyang ingkang nyambutdamêl kanthi pangwasa tuwin ambawani ngêrèhakên nagari, punika manahipun langkung sênêng katimbang kalihan tampi arta pituwasipun. Swantên kula punika tumrap ingkang sami mirêngakên, bokmanawi kados swantên ing ing salêbêting pasupênan, ananging tumindaking nagari ing tanah Indhu ngangge wêwaton makatên punika, sampun kalampahan pintên-pintên èwu taun. Para sagêd ing jaman samantên, limrahipun malah para mlarat-malaratipun tiyang. Manawi tiyang punika ahli budi, măngka ngantos sagêd dados tiyang sagêd, tiyang wau lajêng rumaos gadhah wajib ngêbèrakên kasagêdanipun kalihan lêlahanan, dhatêng ingkang sami kêpenging sagêd kados piyambakipun, minăngka pasumbangipun dhatêng nagari. Tiyang sagêd makatên punika sampun botên wênang anggayuh kasugihan, awit inggih
--- 12 ---
kasagêdanipun punika ingkang minăngka kasugihan. Golonganing para sagêd ing tanah Indhu kala rumiyin, punika malah para mlarat-malaratipun tiyang, ingkang kathah gêsangipun dipun sanggi utawi angsal pisungsung saking têtiyang kawulaning praja, awit para sagêd wau nganggêp dhatêng kasugihan punika rèmèh. Dene ingkang kasinungan kasugihaning nagari, sabageyan agêng para nangkoda tuwin para manggaota ing bab pambudidayaning têdha utawi barang-barang kabêtahan sanèsipun, awit pancèn golonganing tiyang makatên punika bageyanipun kêdah nglêmpakakên kasugihan. Sabên tiyang sugih rumaos gadhah wajib dados juru pamupu beyaning nagari, sarana manggaota ambudidaya pamêdal têdha tuwin barang kabêtahan, utawi sarana sêsadean minăngka anggènipun maradinakên ambage kabêtahaning tiyang kathah isining nagari. Malah dumugi sapriki para băngsa lampah dagang ing tanah Indhu taksih sami nglêstarèkakên purun ngragadi, manawi wontên iyasan-iyasan utawi tanduk ingkang sêdyanipun dhatêng kautamèn, sarta taksih purun ngingoni dhatêng para kawêlasasih. Golonganing băngsa makatên punika, manawi wontên iyasan candhi-candhi utawi sanès-sanèsipun, sami ngêdalakên waragad agêng-agêng. Dene bab kautamèn ingkang kula aturakên wau sapriki taksih tumindak, prêlunipun namung minăngka wêwah-wêwahing pamardi, murih Indhu sagêda dados tanah linangkung ing jagad. Atur kula punika botên saking gagasan kula piyambak, naning saking anggèn kula sampun nyinau dhatêng cariyos lêlampahanipun Indhu ing jaman ingkang sampun kapêngkêr. Lêlampahanipun Indhu ingkang makatên punika, awit saking sadaya sami têtêp-têtêp dhatêng wajibipun, têmah anjalari dhatêng awèting karaharjanipun praja.
Wontên saprakawis malih ingkang prêlu kula aturakên, caranipun tiyang Indhu wontên ing nagarinipun piyambak, gêsangipun sami rêrukunan kalihan sanak kadang warganipun, anggènipun gêgriya nunggil dados sakukuban. Anak jalêr sanadyan sampun semah, taksih lêstari manggèn nunggil sagriya kalihan tiyang sêpuhipun, kakêmpalan para kadang warga sanèsipun. Anak èstri manawi sampun imah-imah, tumut ingkang jalêr, ugi manggèn tatunggilan kalihan marasêpuh. Dados caranipun tiyang Indhu punika manawi gêgriya sami gagrombolan nunggil sabatih-sabatih, têrkadhang sagrombol-grombolaning batih wau, cacahipun ngantos wontên ingkang langkung saking satus kadang warga sami nunggil sagriya. Awit saking pamatuh dhatêng cara makatên, têmah lajêng dados dhêdhasaring manah, limrahipun tiyang Indhu sami gagrombolan [gagrombo...]
--- 13 ---
[...lan] gêsangipun, ingkang atêgês rukun sasami-sami, pandum-pinanduman sami ngraosakên pêdhês asinipun, beda kalihan cara ing ngriki, gêsangipun tiyang sami bèk-êbèkan piyambak-piyambak. Dene panganggêpipun tiyang Indhu dhatêng lare-lare, botên ketang anakipun sintên kemawon, botên beda kados anakipun piyambak, dipun warah tuwin dipun gêgulang ing kasaenan, punapadene dipun wuruk, sami kemawon kalihan anakipun piyambak, sarta dipun opèni kalihan gêmati. Samangke watakipun tiyang Indhu ingkang makatên wau, ingkang kathah sampun santun dados watak bèk-êbèkan, jalaran saking anggènipun sarawung kalihan tiyang kilenan. Wiwit sarawung kala samantên lajêng saya têbih sungsatipun kalihan ingkang sampun, tiyang ingkang tumindak kados lami sakêdhik sangêt, ingkang kathah sampun lajêng manut cara kilenan. Sanadyan makatên kadadosanipun, ewadene tabêting dhasar rukun taksih wontên, katăndha saking kawontênanipun siti dhusun, caranipun taksih dipun garap tiyang sadhusun sami anggadhahi dados satunggal, namung papan pemahanipun kemawon ingkang dipun bakokakên dados gadhahanipun tiyang sabatih-sabatih, sarta ing ngriku taksih mawi lunggèn siti kangge pakêbonan, dene rajakayanipun tiyang sadhusun sami dipun êngèn dados satunggal, wontên ing papan pangenan ingkang ugi dados gadhahanipun tiyang sadhusun.
Manawi tiyang ningali tatanan Indhu cara kina, sadaya sami kemawon, mila katêmahanipun ing ngriku botên nate wontên siti dhusun ingkang dipun pêcah-pêcah dados gadhahanipun tiyang satunggal-satunggal. Awit saking punika, wradin-wradin ngadat kalimrahan tuwin kasugihanipun tiyang ing dhusun-ingadhusun racak mèh sami kemawon. Dangu-dangu saking sakêdhik cara makatên wau dipun ewahi manut anggêr-anggêring nagari samangke, dhusun ingkang suwaunipun gadhah wênang milih tiyang kangge lêlurahipun piyambak, dipun icali, lajêng dipun dèkèki priyantun saking kaparêngipun pamarentah. Priyantun makatên punika dangu-dangu lajêng botên nama dados rencangipun dhusun, nanging malah dados pamlindêr dhusun, awit ingkang dipun pandêng namung pamarentah nginggilipun kemawon, ngangge sarana ancik-ancik ngandhapipun. Awit saking makatên dadosipun, tiyang Indhu lajêng kapengin wangsulipun tatanan lami, ingkang suraos badhe mranata tuwin ngêrèhakên kabêtahanipun tiyang siti piyambak = Zelf-bestuur.
Samangke prêlu kula ngaturi wuninga dhatêng ingkang sami dêdunung wontên ing nagari Walandi, supados [supa...]
--- 14 ---
[...dos] sami anggalih ingkang lêbêt sangêt. Tanah Jawi, punika ngadat kalimrahanipun, punapadene tatacaranipun ingkang sampun dados kasênênganing manah, sakawit aslinipun ugi saking Indhu, sarta sampun tumanêm ing batos, măngka pangangkahipun tatanan cara kilenan badhe ngicali ingkang sampun dados kasênênganing manah wau, punika nama cêngkah kalihan kawula tiyang siti, mila samangke kantun milih, pundi ingkang prayogi: mangsulakên raos kasênêngan ingkang sampun tumanêm ing manah wau, punapa aluwung kawangsulakên botên dados wawêngkonipun.
__________
Sawatawis Sêsêrêpan, Bab Malêman saha Laelatul Kodar.
Kasêrat dening: Tri Hardana – Sumadiharja.
(I).
Tumrap tiyang ingkang ahli raos, ningali gumêlaring malêman, inggih punika saperangan agêng saking adat caranipun têtiyang Islam ing tanah Jawi, sami masang ting warni-warni wontên ing ngajênging griyanipun ngantos sadalu muput, parlu kangge madhangi radinan–sampun mêsthi lajêng mangêrtos, punapa ta wigatosipun malêman punika, sarta kadospundi têgêsipun: Laelatul Kadar: ingkang sami dipun ajêng-ajêng dening satunggal-tunggalipun tiyang Islam, sagêdipun manggih punapa angsal Lalelatul Kadar wau. Dene miturut gumêlaripun sapunika, lajêng mawi pasamuan warni-warni, punika kalêbêt wêwahan utawi susulan enggal, ingkang namung maligi: têgês sênêng-sênêng. Nanging ing sadèrèngipun mawi wêwahan pasamuan warni-warni kados gumêlaripun sapunika, wiwit kina-makina sabên malêm isi (21, 23, 25, 27, 29) inggih namung manjêr ting sadalu muput, wontên ing bale pakaranganipun piyambak-piyambak. Dados ingkang minăngka pasêmonipun malêman wau awujud: ting: ingkang têgêsipun dhatêng: pêpadhang, nadyan badhe kapêtha mawi wêwangunan ingkang kados punapa kemawon, ewadene inggih botên badhe nyêbal saking nami: ting: wau punika, mawi clupak sarta sumbu, utawi lilin kasumêt padhang. Dados badhe dipun ingar-ingêra ingkang kadospundi kemawon, inggih mêksa anggadhahi pasêmon dhatêng: pêpadhang. Sasampunipun angsal pêpadhang, lajêng dipun angge madhangi margi, supados para têtiyang ingkang langkung ing margi ngriku, sagêd angsal pêpadhang, botên kasandhung-sandhung lampahipun. Dados pangajêng-ajêng murih angsala: Laelatur Kadar, punika têgês angupados pêpadhang, inggih punika pêpadhanging budi,
--- 15 ---
inggih têgêsipun: Kuran, utawi Furkon. Kuran utawi Furkon, punika têgêsipun: pêpadhang: ingkang sagêd amilahakên utawi ambedakakên antawisipun ingkang lêrês kalihan ingkang lêpat, ingkang langgêng kalihan ingkang ewah gingsir (kenging risak) tuwin sapanunggilanipun. Dados sintêna ingkang sampun sagêd ngungalakên urubing budinipun (ngurubakên latuning kawicaksanan) punika tiyang ingkang sampun sagêd dumugi ing sajatining wiweka. Dados Kuran wau mênggahing kajatènipun, atêgês: pêpadhang-budi-kawicaksanan. Dene kitab Kuran ingkang sampun mawi sêratan, punika pangandikaning titah luhur ingkang sampun sagêd angurubakên latuning kawicaksanan, utawi sinarira ing budinipun, inggih punika kacariyosakên Kangjêng Nabi Muhamad, sabên-sabên karawuhan Jibril, ingkang angêmban dhawuhing Allah, supados paring pitêdah margi lêrês dhatêng têtiyang kathah. Dados sawarnining kitab suci utawi buku-buku piwulang, ingkang mijil saking tutukipun para titah luhur ingkang sampun asarira budi, punika sadaya inggih Kuran, nadyan badhe dipun namèkakên punapa kemawon, miturut basanipun piyambak-piyambak, nanging mênggahing kajatènipun inggih kitab Kuran. Wontênipun beda-beda mênggahing caranipun mulang utawi dhapukaning piwulangipun, punika namung miturut dhatêng jaman saha kamajênganing darajadipun têtiyang ing wêkdal wau, sarta sadaya têmbung-têmbungipun punika wontên ingkang walaka, ugi kathah ingkang anggadhahi suraos lêbêt. Makatên wau namung miturut dhatêng panampinipun tiyang piyambak-piyambak, manut sapintên darajating kamajênganipun, inggih samantên punika angsalipun panduman saking pêpadhangipun piwulang wau. Nanging gumêlaripun piwulang wau mêsthi botên pilih-pilih, kados upaminipun surya ingkang nyorotakên pêpadhang saha bêntèripun. Ing pundi-pundi sami kemawon anggèning nampi soroting pêpadhangipun surya, botên wontên ingkang dipun langkungi, utawi dipun kirangi padhangipun, amung sapunikanipun gumantung dhatêng ingkang sami nampèni, miturut wêwatêkanipun saha kamajênganing jiwanipun piyambak-piyambak. Nadyan surya punika adil anggèning nyorotakên bêntèripun dhatêng salumahing bumi, ewadene tosan punika langkung bêntèr katimbang kêkajêngan, anggèning sêsarêngan nampi soroting surya, amargi watakipun saha dhasaripun pancèn beda.
Sapunika anglajêngakên mênggah ingkang dados wosipun malêman sabên wulan Ramlan, inggih punika: ngupados pêpadhang (kawicaksanan). Kawicaksanan punika kaupamèkakên latu [la...]
--- 16 ---
[...tu] ingkang sagêd anglêbur sadaya dosa, têgêsipun: rèhning pandamêl dosa punika pinangkanipun saking anuruti panuntuning sifat madzmunah (wataking khewaninipun), mila kawicaksanan wau ingkang minăngka pambirating bêbandan-bêbandan ingkang tuwuh saking nafsu-nafsuning pribadi asor. Makatên punika sampun cocog kalihan têgêsipun wulan Ramlan. Ramlan punika pakêcapan Jawi, luguning têmbung Arab: Romadon (Romadhon), miturut Bausastra Arab: Komoesoen Moehid karanganipun: Majdudin Mohamad bin Yakub, têmbung: Romadon, punika asli saking têmbung: romad têtêsipun:
a. Sangêt-sangêting măngsa bêntèr, amarêngi lampahing surya wontên ing têngah lêrês (tumbuk). Rehning sabên wulan Ramlan, ing tanah Ngarab mrika nyarêngi kalihan măngsa bêntèr wau, mila ing wulan punika lajêng kanamèkakên: wulan Ramlan, têmbungipun Arab: syahru romadon (syahru = wulan, romadon = ramlan).
b. Daya bêntèr punika sagêd nipisakên barang ingkang atos, mila lajêng kaangge makna: anggêmblèng. Gêmblèng tosan sapanunggilanipun bangsaning barang ingkang atos, isbat dhatêng atosing manah.
c. Têmbung Romadon, ugi kalêbêt asmaning Pangeran(Asma-ul-Husna) têgêsipun: dzat kang anglêbur dosa. Mila ing wulan wau limrahipun lajêng kaanggêp: sae-saening măngsa ingkang sagêd ambrastha pintên-pintên dosa.
Sapunika gêntos angupadosi têgês-têgêsipun têmbung: syahru: ingkang limrahipun amakna wulan. Miturut Bausastra kasêbut ing ngajêng, kajawi amakna wulan, ugi taksih anggadhahi makna sanèsipun malih, inggih punika:
a. Wong kang wêruh, têgêsipun tiyang ingkang anggadhahi ngilmu. Sagêdipun tiyang sumêrêp (mangrêtos) punika manawi sampun tumindak angalami piyambak dhatêng lêlampahan. Dene mangêrtos ingkang sawêg dados gagasan (gêganthan) margi saking maos buku utawi dipun cariyosi tiyang sanès (tweede handsch kennis) punika dede nama wêruh, mila pangêrtosipun wau lajêng winastan taksih dèrèng têtêp dados kawruhipun (negatief). Awit saking punika tumrap sintêna ingkang sampun pêpak kawruhipun, margi sampun angalami warni-warnining lêlampahan, punika sinêbut tiyang ingkang gadhah kawruh utawi ngilmu. Ngilmu inggih anggadhahi têgês: wicaksana. Kawruhipun tiyang ingkang makatên punika sinêbut Eerste handsch kennis (kawruh saking anggènipun angsal piyambak, sarana makripatipun piyambak).
__________
DERMA.
Untuk sekolah Ashrama di kp. Kandangsapi Solo.
Sudah menerima derma dari Radèn Ngabèi Doetodilogo banyaknya f 8.- dan dari Radèn Ngantèn Ngabèi Doetodilogo banyaknya f 2.- Kedermawaan mana, atas nama sekolah Ashrama di kampung Kandangsapi Solo, saya aturkan banyak trima kasih, mudah-mudahan dapat menambah kemajuannya sekolah tersebut.
Kepala sekolah Ashrama.
Tjan Ing Tjwan.
--- [29] ---