Ringkasan: Keterangan nama-nama 4 orang narapidana yang ada di Pojok, karena surat keterangan yang di Pojok terbatas. Oleh karena itu dibuatlah salinan lengkap dengan keterangan jenis kesalahan, lamanya dihukum, dan selesainya hukuman.
Atur kula Radèn Tumênggung Amongpraja, kunjuk ingkang panjênêngan Kyai Lurah, Kangjêng Radèn Adipati Sasradiningrat. Kawula ngaturakên pamundhutipun kangjêng tuwan mayor, residhèn ing Surakarta Adiningrat. Pratelanipun têtiyang prantean 4, ingkang wontên ing Pojok, mila kangjêng tuwan residhèn mundhut awit dening sêrat karampungan ingkang wontên ing Pajok[1] ical kabêsmèn. Ingkang punika kula la[2] inggih ngaturakên têtêdhakan lêpiyanipun karampungan buk prantean, wondening ingkang konjuk ing ngandhap punika.
Nomêr | Namanipun | Griyanipun | Dosanipun | Krampungan pradata dalêm | Karante lamènipun | Awit karante wulan | Taun ăngka | Dumugènipun luwar wulan | Taun ăngka |
---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|
1 | Mrêtajaya | Krajanitèn | mandung | Radèn Tumênggung Amongpraja | 4 taun | Dulkangidah ping 10 | Jimakir, 1762 | Dulkangidah ping 10 | Je 1766 |
2 | Prayuda | Krajanitèn | mandung | Radèn Tumênggung Amongpraja | 4 taun | Dulkangidah ping 10 | Jimakir, 1762 | Dulkangidah ping 10 | Je 1766 |
3 | Căndra | Dhusun Garu | mandung | Radèn Tumênggung Amongpraja | 4 taun | Bêsar kaping 15 | Jimakir, 1762 | Bêsar kaping 15 | Je 1766 |
4 | Sutawijaya | Dhusun Garèn | mandung | Radèn Tumênggung Amongpraja | 4 taun | Jumadilakir ping 17 | Alip 1763 | Jumadilakir ping 17 | Dal 1767 |
1 | Pojok. (kembali) Pojok. |
2 | lajêng. (kembali) lajêng. |