Ringkasan: Ranggawarsita belum dapat menyerahkan tugas penulisannya tentang bahasa kawi kepada Winter karena sakit.
Kawula nuwun, atur sêmbah sungkêm kawula pun Ngabèi Rănggawarsita, ingkang mugi-mugi konjuk ing sangandhapipun pinarakan paduka kangjêng rama.
Kawula nuwun, kawula sampun amundhi ing pêparing paduka sêrat. Mênggah ingkang dados dhawah paduka, kawula sampun sumêrêp sadaya.
Kawula nuwun, mênggah kagungan paduka Kawi kêbetan punika, kawula kamipurun nyuwun inah benjing Rêbo sontên utawi Kêmis enjing, bilih wilujêng kawula sagêd anyaosakên, sêdhêng ragi kathah, milanipun makatên. Ing dintên punika sawêg angsal sakêdhik. Awit panyêrat kawula mawi kèndêl. Amargi kawula sawêg dipun ganjar sakit panas. Wiwit kala Sênèn ingkang sampun kapêngkêr punika ngantos dumugi ing dintên Sabtu wingi, kala wau
dalu kawitipun dhangan, ngantos dumugi enjing punika ragi sakeca, saking pakêkintên kawula bilih ing sadintên mangke botên angot, kados lajêng saras babar pisan. Kawula nuwun ingkang punika botên langkung amung ingkang mugi-mugi wontêna paring paduka maklum ingkang agêng, kalayan kawula nyuwun pangèstu paduka ingkang mugi-mugi lajênga saras ing sadintên mangke sakit kawula punika.
Konjuk ing dintên Akhad tanggal kaping 8 wulan Phèbêrwari ing taun 1841.
Kawula nuwun, kawula pun Ngabèi Rănggawarsita.