Ringkasan: Ranggawarsita mengajukan permintaan 2 botol brandhewin, dan 2 botol anggur merah kepada van der Am, karena ada keperluan.
Ingkang sêrat, saha atur tabe pakurmatan ingkang akathah-kathah, saking ingkang saudara, Radèn Ngabèi Rănggawarsita, katur ingkang saudara, Kangjêng Tuwan Pandhita Phan Dêr Am.
Kula nuwun. Manawi dados parêngipun ing galih sampeyan saudara, kula kamipurun nyuwun pitulung inuman, brandhêwin saking kalih botêl, anggur merah saking kalih botêl. Badhe wontên damêlipun prêlu.
Ingkang punika saudara, mugi wontêna sih pitulung sampeyan.
Ingkang saudara, Radèn Ngabèi Rănggawarsita.
Ngalamat sêrat dhumatêng ingkang saudara, Tuwan Juru Basa Wintêr.