Ringkasan: Ranggawarsita memberi khabar kepada Winter, bahwa istrinya melahirkan anak laki-laki. Ia pinjam uang Rp. 10,- untuk beaya kelahiran tersebut. Pengembaliannya pada saat menerima bayaran dari Van Der Vlis supaya langsung dipotong.
Kawula nuwun, atur sêmbah sungkêm kawula pun Ngabèi Rănggawarsita, ingkang mugi-mugi konjuk ing sangandhapipun pinarakan paduka kangjêng rama.
Kawula nuwun, gêpah kawula saos unjuk ing panjênêngan paduka, kawula anyaosi uninga, yèn kala wau wanci pukul gangsal, kawula gadhah rare saking bojo wingking mêdal jalêr, saking pangèstu paduka wilujêng ing sadayanipun.
Ingkang kaping kalihipun. Kawula nuwun sarèhning ing dintên punika kawula nuju kasêpênan arta, dados kawula kamipurun saos unjuk anênangis ing panjênêngan paduka, bilih parêng kalilan saking karsa paduka, kawula kamipurun nyuwun nyambut kagungan paduka arta saking 10 rupiyah kimawon. Kawula nuwun mênggah ingkang kawula saosakên ing panjênêngan paduka, benjing bilih kawula tampi saking Tuwan phan Dhêr Phlis, panjênêngan paduka karsaa anyêngklong kimawon.
Kawula nuwun, mênggah ingkang punika, asangêt-sangêt atur pênangis kawula, ingkang mugi-mugi wontêna sih pitulung paduka.
Konjuk ing dintên Salasa tanggal kaping 22 wulan Dhesèmbêr 1840.
Kawula nuwun. Kawula pun Ngabèi Rănggawarsita.
Punika sêrat ingkang mugi-mugi konjuk ing sangandhap pinarakanipun ingkang rama kangjêng tuwan juru basa.