Ringkasan: Jawaban Ranggawarsita atas pertanyaan arti kata-kata, dan ada pengakuan darinya bahwa jawaban ini bersifat pendapat pribadi (memang terlihat ada kecenderungan dalam memberi arti bersifat kontekstual, itu pun rasanya agak dipaksakan).
Kawula nuwun. Atur sêmbah sungkêm kawula, pun Ngabèi Rănggawarsita, ingkang mugi-mugi kaonjuk ing sangandhap pinarakan paduka kangjêng rama.
Kawula nuwun. Kawula anyaosakên têgêsipun ing pitêmbungan. Sawêg pamanggihipun ing manah kawula, anjawinipun saking karsa paduka, ing ngandhap punika wijang-wijangipun.
- Abong
- Watawis kawula: êbong, Ja: punika namanipun juru nêtaki.
- Adum-aduman
- Sami kalihan adhum-adhuman. Ja: punika gunêm-gunêman wados.
- Ajêm
- Ka, sidhêm. Utawi sêpên ingkang botên wontên swaranipun punapa-punapa.
- Adraba
- Ka, asalipun adrawa, amèlèr, aluluh. Purbanipun ing têmbung drawa.
- Agirna
- Ka: atata.
- Ayum-ayuman
- Ka: ayêm-ayêman.
- Aksa
- Ka, tingal, ucap.
- Alan
- Ka, risak.
- Aluk
- Ka, karuk, towong.
- Aluwan
- Ka, pancuran toya
- Aloran
- Aloran
- Aluran
- Ka, urutan.
- Alpa
- Ka, kirang, cacad.
- Ambusun
- Ka, amuloni jujutan.
- Ambaka
- Ka, walèh.
- Amlu
- Ka, anyurêng.
- Amaratrana
- Ka, amêjahi.
- Anjir
- Ka, nanging sampun dados Jawi, mèh satêngah kados ancêr-ancêr.
- Angkêb-angkêb
- Ja, krama ngoko, punika iringipun ingandhêman.
- Anjan
- Ka, sungsangan.
- Anjana
- Ka, sami kalayan anjanma, anitis dhatêng tiyang.
- Anggata
- Ka, anitèni.
- Angglah
- Ka, angrêgêdi.
- Anglah
- Ka, sakit [saki...]
- [...t]
- Angluh
- Ka, amimbuhi sakit.
- Arena
- Ka, nanging sampun dados Jawi, krama ngoko, abêbêrah utawi angalap epah.
- Arunan
- Ka, sorotan.
- Asalingga
- Ka, rêdi.
- Siwesa
- Ka, asisiyan.
- Asuman
- Ka, prihatinan.
- Ujubriya
- A, [Huruf Arab: 'ujubriya] tgêsipun [Huruf Arab: 'ujub] anggawokakên. Inggih punika pandamêl ingkang lumampah dipun gawoki ing akathah, tgêsipun, [Huruf Arab: riya'] angatingalakên. Inggih punika pandamêl ingkang amrih katingala ing akathah.
- Ujub
- A [Huruf Arab: 'ujub] tgêsipun têmbung, anaming dede têmbung sêrat. Punika têmbung wicantên.
- Anggèr
- Punika sami kalayan ênggèr, anaming bilih dipun damêl ukantên anggèr punika manginggil. Ênggèr punika mangandhap.
- Ardawalika
- Ka, sawêr ingkang anglangkungi panjang.
- Arbangiyah
- A, [Huruf Arab: 'arba'iyah] tgêsipun etang sakawan.
- Edab
- Ja: krama ngoko, anaming asal saking Arab: [Huruf Arab: i'jab] tgêsipun langkung eram.
- Èbèr
- Ka, nanging sampun dados Jawi, krama ngoko, tgêsipun gêlar, utawi èrèt.
- Ajat
- A, [Huruf Arab: hajat] tgêsipun karsa, milanipun sidêkah punika dipun wastani khajab. Tgêsipun dunungipun ing karsa wontên ing sidkah punika.
- Asêman
- Ja: krama ngoko, tgêsipun landhêsan, utawi sêlanipun ing dariji.
- Uda-uda
- Ka, nyuda-nyuda.
- Untrung
- Ka, lumampah ingkang andarung.
- Umpluk
- Ka, gêmuh.
- Abing
- Ka: bêngkolang,
têpak ingkang kadamêl amêndhêt walang, utawi têpak ingkang kadamêl garanipun ing dhêdhaharan sate pênthul. - Angyudanagari
- Anut jhamanipun ing nagari.
Kaonjuk ing dintên Arbo tanggal kaping 16 wulan Nophèmbêr ing taun 1842.
Kawula nuwun, kawula pun Ngabèi Rănggawarsita.
Punika sêrat, ingkang mugi-mugi kaonjuk ing sangandhap pinarakanipun ingkang rama, kangjêng tuwan juru basa, ingkang sakalangkung asih trêsna tuhu ing salami-laminipun.