Rănggawarsita kepada Winter, 9 September 1842

Judul
Sambungan
1. Purwadipura kepada Rănggawarsita, 26 Maret 1842. Kategori: Arsip dan Sejarah > Rănggawarsita, R. Ng.
2. Rănggawarsita kepada Nyonyah Eming, 13 Maret 1836. Kategori: Arsip dan Sejarah > Rănggawarsita, R. Ng.
3. Rănggawarsita kepada Purwadipura, 26 Maret 1842. Kategori: Arsip dan Sejarah > Rănggawarsita, R. Ng.
4. Rănggawarsita kepada Van Der Am, 5 Juni 1844. Kategori: Arsip dan Sejarah > Rănggawarsita, R. Ng.
5. Rănggawarsita kepada Van Der Am, c. Juni 1844. Kategori: Arsip dan Sejarah > Rănggawarsita, R. Ng.
6. Rănggawarsita kepada Winter. Kategori: Arsip dan Sejarah > Rănggawarsita, R. Ng.
7. Rănggawarsita kepada Winter, 1 Januari 1843. Kategori: Arsip dan Sejarah > Rănggawarsita, R. Ng.
8. Rănggawarsita kepada Winter, 1 Oktober 1842 (1). Kategori: Arsip dan Sejarah > Rănggawarsita, R. Ng.
9. Rănggawarsita kepada Winter, 1 Oktober 1842 (2). Kategori: Arsip dan Sejarah > Rănggawarsita, R. Ng.
10. Rănggawarsita kepada Winter, 10 Juli 1842. Kategori: Arsip dan Sejarah > Rănggawarsita, R. Ng.
11. Rănggawarsita kepada Winter, 13 November 1842. Kategori: Arsip dan Sejarah > Rănggawarsita, R. Ng.
12. Rănggawarsita kepada Winter, 15 Desember 1842. Kategori: Arsip dan Sejarah > Rănggawarsita, R. Ng.
13. Rănggawarsita kepada Winter, 15 Juli 1843. Kategori: Arsip dan Sejarah > Rănggawarsita, R. Ng.
14. Rănggawarsita kepada Winter, 16 Desember 1842. Kategori: Arsip dan Sejarah > Rănggawarsita, R. Ng.
15. Rănggawarsita kepada Winter, 16 November 1842. Kategori: Arsip dan Sejarah > Rănggawarsita, R. Ng.
16. Rănggawarsita kepada Winter, 2 Juni 1842. Kategori: Arsip dan Sejarah > Rănggawarsita, R. Ng.
17. Rănggawarsita kepada Winter, 20 April 1841. Kategori: Arsip dan Sejarah > Rănggawarsita, R. Ng.
18. Rănggawarsita kepada Winter, 22 Desember 1840. Kategori: Arsip dan Sejarah > Rănggawarsita, R. Ng.
19. Rănggawarsita kepada Winter, 22 Desember 1841. Kategori: Arsip dan Sejarah > Rănggawarsita, R. Ng.
20. Rănggawarsita kepada Winter, 23 Nopember 1842. Kategori: Arsip dan Sejarah > Rănggawarsita, R. Ng.
21. Rănggawarsita kepada Winter, 24 Januari 1843. Kategori: Arsip dan Sejarah > Rănggawarsita, R. Ng.
22. Rănggawarsita kepada Winter, 29 April 1841. Kategori: Arsip dan Sejarah > Rănggawarsita, R. Ng.
23. Rănggawarsita kepada Winter, 31 Oktober 1842. Kategori: Arsip dan Sejarah > Rănggawarsita, R. Ng.
24. Rănggawarsita kepada Winter, 7 November 1842. Kategori: Arsip dan Sejarah > Rănggawarsita, R. Ng.
25. Rănggawarsita kepada Winter, 8 Februari 1841. Kategori: Arsip dan Sejarah > Rănggawarsita, R. Ng.
26. Rănggawarsita kepada Winter, 9 September 1842. Kategori: Arsip dan Sejarah > Rănggawarsita, R. Ng.
27. Surat-menyurat Rănggawarsita, LOr 2235, #869. Kategori: Arsip dan Sejarah > Galeri.
28. Winter kepada Rănggawarsita. Kategori: Arsip dan Sejarah > Rănggawarsita, R. Ng.
Citra
Terakhir diubah: 18-08-2021

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Ringkasan: Surat R. Ng. Ranggawarsita kepada Winter tentang permohonan pinjam uang Rp. 25,- yang akan digunakan membayar kewajibannya ke kraton. Uang tersebut, bila berkenan akan diperhitungkan dengan pekerjaan yang dilaksanakan, tetapi bila tidak, akan dikembalikan setelah bulan puasa.

Rănggawarsita kepada Winter, 9 September 1842: Citra 1.1 dari 1
Rănggawarsita kepada Winter, 9 September 1842: Citra 1.2 dari 1
Rănggawarsita kepada Winter, 9 September 1842: Citra 1.3 dari 1

Kawula nuwun, atur sêmbah sungkêm kawula, pun Ngabèi Rănggawarsita, ingkang mugi-mugi kaonjuk ing sangandhap pinarakan paduka kangjêng rama.

Kawula nuwun, jrih kawula saos unjuk ing panjênêngan paduka, kawula kamipurun atawan-tawan tangis agêgulungan wontên ing sangandhap pinarakan paduka, awit saking judhêgipun manah kawula kapundhutan takêr têdhaking nagari, punika bilih parêng kalilan saking karsa paduka, kawula kamipurun anyaosakên gêgantosan awak kawula, kaonjuk ing panjênêngan paduka, kawula anênuwun sih pitulung nyambut kagungan paduka yatra saking salangkung rupiyah kimawon. Mênggah awak kawula wau kawula nuwun sumăngga ingkang dados karsa paduka, ingkang saupami ing wingking bilih sampun rampung paring paduka padamêlan, ingkang sawêg kawula garap punika, panjênêngan paduka taksih kêrsa amaringi padamêlan malih, ingkang sakintên kawula sagêd, kawula nuwun inggih sandika, wondèntên ingkang saupami panjênêngan paduka ing wingking sampun botên paring padamêlan malih dhatêng kawula, kawula nuwun benjing bakda Siyam punika kawula anyaosakên kagungan paduka yatra 25 rupiyah wau, ingkang sayêktosipun atur kawula punika.

Kawula nuwun ingkang punika kangjêng rama, atur panuwun kawula wau, ingkang mugi-mugi wontêna sih wilasa paduka, inggih sadasa-dasa kadospundi, sarèhipun ingkang kawula tênga-tênga, ing salami-laminipun. [sa...]

[...lami-laminipun.] Saha ingkang kawula andêlakên ing raintên dalu, aming panjênêngan paduka, kawula punika rumaos botên sagêd angaturi wewangsul ing gêngipun sih trêsna paduka dhatêng kawula ingkang lumintu amawantu-wantu sanityasa, kawula nuwun botên langkung anjawi aming anyaosakên utami têmênipun ing manah kawula kimawon.

Ing wusananipun. Kawula nuwun mênggah atur kawula sadaya wau, ingkang mugi-mugi sampun andadosakên sandeyanipun ing galih paduka kangjêng rama, ingkang makatên punika awit saking bingungipun ing manah kawula anggèn kawula badhe angladosakên yatra takêr têdhaking nagari.

Kaonjuk ing dintên Jumngah, tanggal kaping 9 wulan Sèptèmbêr, ing taun 1842.

Kawula nuwun, kawula pun Ngabèi Rănggawarsita.

Punika sêrat ingkang mugi-mugi kaonjuk ing sangandhap pinarakanipun ingkang rama, kangjêng tuwan juru basa, ingkang sakalangkung asih trêsna tuhu ing salami- laminipun.