Ringkasan: Ranggawarsita mengucapkan terima kasih (tentang ?), karena menurut perhitungan orang Jawa, bila sudah tanggal 27 bulan Ruwah, berarti acara nyadran atau mengadakan sedekah Ruwahan tinggal ada waktu 3 hari lagi.
Kawula nuwun. Atur sêmbah sungkêm kawula, pun Ngabèi Rănggawarsita, ingkang mugi-mugi kaonjuk ing sangandhap pinarakan paduka kangjêng rama.
Kawula nuwun. Jrih kawula saos unjuk ing sangandhap pinarakan paduka, bilih parêng kalilan saking karsa paduka, kawula nuwun, kawula kamipurun nyuwun pitêrangan mênggah ingkang dados atur panuwun kawula punika, milanipun makatên. Sarèhipun ing wulan Ruwah punika sampun tanggal kaping 27, ingatasipun tiyang Jawi anggènipun sidkah tuwin nyadran aming kantun tigang dintên punika.
Kawula nuwun ingkang punika kangjêng rama, atur panuwun kawula ingkang mugi-mugi wontêna sih wilasa paduka.
Kaonjuk ing dintên Akhad tanggal kaping 1 wulan Oktobêr ing taun 1842.
Kawula nuwun, kawula pun Ngabèi Rănggawarsita.