Ringkasan: Ranggawarsita menjawab pertanyaan tentang arti dan penggunaan kata : alun, karang, dan bonggan.
Kawula nuwun, atur sêmbah sungkêm kawula, pun Ngabèi Rănggawarsita, ingkang mugi-mugi kaonjuk ing sangandhap pinarakan paduka kangjêng rama.
Kawula nuwun, kawula sampun amundhi ing pêparing paduka sêrat. Mênggah ingkang dados dhawah pangandika paduka, kawula sampun sumêrêp sadaya, kawula nuwun ingkang punika, mênggah dhawah paduka andangu wardinipun ing têmbung ingkang kasêbut ing pêparing paduka sêrat. Kawula anyaosakên saking pamanggihipun ing manah kawula, anjawinipun saking karsa paduka, kados ing ngandhap punika.
- Alun
- tgêsipun labuhan. Anaming punika mawi dipun pangkat. Pangkat sae kalihan pangkat awon. Yèn pangkat sae dipun wastani lêlabuhan, kados upaminipun lêlabuhaning pandhita, yèn pangkat awon dipun wastani alun. Kados upaminipun, alun-aluning durjana, wondèntên ing sayêktosipun sami ugi, inggih alun-alun inggih lêlabuhan, [lêla...]
- [...buhan,] inggih lêlabêt.
- Karang
- tgêsipun dhusun. Karang pawidadarèn. Inggih padhêkahanipun ing widadari, karang abang, punika dhusun risak awit saking kabêsmi, dados ical ijêmipun ing pakarangan.
- Bonggan gawe
- tgêsipun manggan karya, ingkang wau aslinipun, măngga, tgêsipun têgêg, utawi anêlas. Wêwinihipun, măngga ing gawe, lajêng dados monggan gawe, lajêng dados manggan gawe, katêlahipun ing têmbung dados bonggan gawe.
Kaonjuk ing dintên Slasa tanggal kaping 13 wulan Sèptèmbêr ing taun 1842.
Kawula nuwun, kawula pun Ngabèi Rănggawarsita.