Ringkasan: Ranggawarsita mengajukan pinjam uang Rp. 5,- (mengajukan gaji bulan depan yang belum sampai), karena keponakannya yang sejak kecil ikut, kini meninggal dunia.
Kawula nuwun, atur sêmbah sungkêm kawula, pun Ngabèi Rănggawarsita, ingkang mugi-mugi konjuk ing sangandhapipun pinarakan paduka kangjêng rama.
Kawula nuwun. Gêpah kawula saos unjuk ing panjênêngan paduka, kala wau dalu wanci pukul kalih kapenakan kawula èstri ingkang wontên ing kawula alit mila, punika ngajal. Amargi sakit wêtêng.
Kawula nuwun ingkang punika, sarèhipun asangêt-sangêt ing kasusahan kawula, dados kawula kamipurun saos unjuk atawan-tawan tangis agêgulungan ing sangandhapipun pinarakan paduka, bilih parêng kalilan saking karsa paduka, bok inggih ingkang mugi-mugi wontêna sih wilasa paduka amaringi êmpingan saking sawulan kimawon. Dados 5 rupiyah, kawula nuwun asangêt-sangêt ing panggêgubêl [panggêgu...]
[...bêl] kawula.
Konjuk ing dintên Kêmis tanggal kaping 29 wulan April 1841.
Kawula nuwun, kawula pun Ngabèi Rănggawarsita.
Punika sêrat ingkang mugi-mugi konjuk ing sangandhap pinarakanipun ingkang rama kangjêng tuwan juru basa, ingkang dahat asih trêsna ing amba.