Rănggawarsita kepada Winter, 7 November 1842

Judul
Sambungan
1. Purwadipura kepada Rănggawarsita, 26 Maret 1842. Kategori: Arsip dan Sejarah > Rănggawarsita, R. Ng.
2. Rănggawarsita kepada Nyonyah Eming, 13 Maret 1836. Kategori: Arsip dan Sejarah > Rănggawarsita, R. Ng.
3. Rănggawarsita kepada Purwadipura, 26 Maret 1842. Kategori: Arsip dan Sejarah > Rănggawarsita, R. Ng.
4. Rănggawarsita kepada Van Der Am, 5 Juni 1844. Kategori: Arsip dan Sejarah > Rănggawarsita, R. Ng.
5. Rănggawarsita kepada Van Der Am, c. Juni 1844. Kategori: Arsip dan Sejarah > Rănggawarsita, R. Ng.
6. Rănggawarsita kepada Winter. Kategori: Arsip dan Sejarah > Rănggawarsita, R. Ng.
7. Rănggawarsita kepada Winter, 1 Januari 1843. Kategori: Arsip dan Sejarah > Rănggawarsita, R. Ng.
8. Rănggawarsita kepada Winter, 1 Oktober 1842 (1). Kategori: Arsip dan Sejarah > Rănggawarsita, R. Ng.
9. Rănggawarsita kepada Winter, 1 Oktober 1842 (2). Kategori: Arsip dan Sejarah > Rănggawarsita, R. Ng.
10. Rănggawarsita kepada Winter, 10 Juli 1842. Kategori: Arsip dan Sejarah > Rănggawarsita, R. Ng.
11. Rănggawarsita kepada Winter, 13 November 1842. Kategori: Arsip dan Sejarah > Rănggawarsita, R. Ng.
12. Rănggawarsita kepada Winter, 15 Desember 1842. Kategori: Arsip dan Sejarah > Rănggawarsita, R. Ng.
13. Rănggawarsita kepada Winter, 15 Juli 1843. Kategori: Arsip dan Sejarah > Rănggawarsita, R. Ng.
14. Rănggawarsita kepada Winter, 16 Desember 1842. Kategori: Arsip dan Sejarah > Rănggawarsita, R. Ng.
15. Rănggawarsita kepada Winter, 16 November 1842. Kategori: Arsip dan Sejarah > Rănggawarsita, R. Ng.
16. Rănggawarsita kepada Winter, 2 Juni 1842. Kategori: Arsip dan Sejarah > Rănggawarsita, R. Ng.
17. Rănggawarsita kepada Winter, 20 April 1841. Kategori: Arsip dan Sejarah > Rănggawarsita, R. Ng.
18. Rănggawarsita kepada Winter, 22 Desember 1840. Kategori: Arsip dan Sejarah > Rănggawarsita, R. Ng.
19. Rănggawarsita kepada Winter, 22 Desember 1841. Kategori: Arsip dan Sejarah > Rănggawarsita, R. Ng.
20. Rănggawarsita kepada Winter, 23 Nopember 1842. Kategori: Arsip dan Sejarah > Rănggawarsita, R. Ng.
21. Rănggawarsita kepada Winter, 24 Januari 1843. Kategori: Arsip dan Sejarah > Rănggawarsita, R. Ng.
22. Rănggawarsita kepada Winter, 29 April 1841. Kategori: Arsip dan Sejarah > Rănggawarsita, R. Ng.
23. Rănggawarsita kepada Winter, 31 Oktober 1842. Kategori: Arsip dan Sejarah > Rănggawarsita, R. Ng.
24. Rănggawarsita kepada Winter, 7 November 1842. Kategori: Arsip dan Sejarah > Rănggawarsita, R. Ng.
25. Rănggawarsita kepada Winter, 8 Februari 1841. Kategori: Arsip dan Sejarah > Rănggawarsita, R. Ng.
26. Rănggawarsita kepada Winter, 9 September 1842. Kategori: Arsip dan Sejarah > Rănggawarsita, R. Ng.
27. Surat-menyurat Rănggawarsita, LOr 2235, #869. Kategori: Arsip dan Sejarah > Galeri.
28. Winter kepada Rănggawarsita. Kategori: Arsip dan Sejarah > Rănggawarsita, R. Ng.
Citra
Terakhir diubah: 30-12-2019

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Ringkasan: R. Ng. Ranggawarsita dalam memberi arti terhadap kata-kata, cenderung bersifat kontekstual, itu pun rasanya dipaksakan. Sebagai contoh: ada-ada diartikan adeg-adeg pada keris, atau pada wayang saja. Padahal arti ada-ada: 1 serat daun, tonggak penyangga, atau tanda awal tulisan Jawa; Jenis sulukan dalam pedalangan, pendapat yang baru dsb. Jadi kalau diartikan seperti diatas rasanya dipaksakan. Begitu pula antawacana (anta = batas, wacana = ucapan - batas ucapan atau perbedaan suara wayang satu dengan lainnya).

Rănggawarsita kepada Winter, 7 November 1842: Citra 1.1 dari 1
Rănggawarsita kepada Winter, 7 November 1842: Citra 1.2 dari 1
Rănggawarsita kepada Winter, 7 November 1842: Citra 1.3 dari 1

Kawula nuwun. Atur sêmbah sungkêm kawula pun Ngabèi Rănggawarsita, ingkang mugi-mugi kaonjuk ing sangandhap pinarakan paduka kangjêng rama.

Kawula nuwun. Kawula anyaosakên dumuginipun Sêrat Cariyos Sèwu ingkang sampun kawula lalar sawêg kalih êmplèk. Anaming sarèhipun sampun sarwa ramping, dados anggèn kawula amatun aming sawatawis kimawon.

Ingkang kaping kalihipun. Kawula nuwun, kawula anyaosakên têgêsipun pitêmbungan satunggal-tunggal. Anjawinipun saking karsa paduka, sawêg pamanggihipun ing manah kawula piyambak ing ngandhap punika.

Udrata
Punika têmbung kawi, tgêsipun rawat-rawat.
Udara
Kawi, tgêsipun awang-awang.
Ujum
Têmbung Arab. Anaming têtêpipun, nujum [Huruf Arab: nujum] tgêsipun palintangan.
Udăngga
Kawi, tgêsipun têtabuhan.
Ulêng-ulêng
Kawi, tgêsipun urap-urap.
Umbang
Kawi, tgêsipun warah.
Udanagara
Kawi, anaming sampun kalampah dados têmbung Jawi, ingkang wau asalipun, yuganagara, tgêsipun jhaman nagari, sarêng katêlahipun ing basa, yuganagara wau dados yudanagara, katêlahipun ing basa malih dados udanagara.
Unjal
Kawi, anaming sampun dados têmbung Jawi, kenging krama kenging ngoko, tgêsipun unjal punika wantu.
Khuruph
Têmbung Arab [Huruf Arab: khuruf] tgêsipun aksara.
Usul
Punika [Pu...]
[...nika] têmbung Arab inggih wontên. Têmbung Jawi inggih wontên. Yen têmbung Arab, têtêpipun usul [Huruf Arab: ushul] tgêsipun wit. Yèn têmbung Jawi usul, têgêsipun susul. Kenging krama kenging ngoko.
Usul-usulan
Yèn têmbung Arab, tgêsipun uwit-uwitan. Yèn têmbung Jawi, tgêsipun susul-susulan.
Ngusuli
Yèn têmbung Arab, ngawiti, yèn Jawi nusuli.
Ngusulakên
Yèn Arab nguwitakên. Yèn Jawi, nusulakên.
Okol
Punika têmbung Kawi, anaming asring kalampah dados têmbung Jawi, kenging krama kenging ngoko, tgêsipun ulêt.
Ngokol
Mulêt.
Ngokolakên
Mulêtakên.
Okol-okolan
Ulêt-ulêtan.
Ondhan
Punika têmbung Kawi anaming sampun kalampah dados têmbung Jawi, kenging krama kenging ngoko, tgêsipun lembat utawi wêla.
Ngondhani
Anglembati.
Ngondhanakên
Nglembatakên.
Ăntawarsi
Punika sami kimawon kalihan ăntawarsa, têmbung Kawi, tgêsipun kadaluwarsa.
Pawongan
Punika têrtantu rencang èstri kimawon.
Kawongan
Punika têmbung Kawi, anaming sampun kalampah dados têmbung Jawi, kenging krama kenging ngoko, tgêsipun katitisan utawi kalabêtan.
Ugêr
Ugêr, punika têmbung Jawi, kenging krama kenging ngoko, anaming wontên têgêsipun. Ugêr punika
tgêsipun baku, pathok, pikêkah, panancang.
Ulup-ulupan
Punika têmbung Jawi, kenging krama kenging ngoko, anaming wontên têgêsipun ungkêb-ungkêban.
Ulat
Punika têmbung Kawi, anaming sampun kalampah dados têmbung Jawi, kenging krama kenging ngoko, tgêsipun kêdhap, ingal.
Abing
Punika têmbung Kawi, anaming sampun kalampah dados têmbung Jawi, kenging krama kenging ngoko, têgêsipun bêngkolang, têpak.
Ngabing
Ambêngkolang.
Ngabingakên
Ambêngkolangakên.
Ada-ada
Punika têmbung Kawi, tgêsipun adêg-adêg. Yèn mênggah dhuwung ingkang nama ada-ada punika lingiripun kang angadêg. Yèn mênggah ringgit ingkang nama ada-ada punika adêg-adêganipun ing ratu.
Ngada-adani
Punika dunungipun andèkèki ada-ada, utawi angadêg-adêgi.
Yudanagari
Punika botên kenging dipun keratakakên dados ngudanagarèni, utawi ngudanagarèkakên. Kengingipun aming angyudanagari.
Ăntawacana
Punika têmbung Kawi, asalipun ingkang wau tatawacana, katêlahipun ing basa dados atawacana, katêlahipun ing basa malih dados ăntawacana, tgêsipun tatawacana punika inggih tatanipun ing pangucap.

Kaonjuk ing dintên Sênèn tanggal kaping 7 wulan Nophèmbêr ing taun 1842.

Kawula nuwun. Kawula pun Ngabèi Rănggawarsita.