Ringkasan: Kata-kata yang diartikan ini sudah jarang dipakai dalam bahasa Jawa (baru) sekarang ini, bila dilacak ke kamus, di samping banyak yang tidak ada, jika ditemukan banyak pula artinya yang tidak cocok. Oleh sebab itu, dapat disimpulkan bahwa R.W. dalam mengartikan kata-kata selalu berdasar konteksnya saja, maka perlu dicocokkan ke naskah yang secara kebetulan memuat kata-kata itu.
Kawula nuwun, atur sêmbah sungkêm kawula pun Ngabèi Rănggawarsita, ingkang mugi-mugi kaonjuk ing sangandhap pinarakan paduka kangjêng rama.
Kawula nuwun. Kawula nyaosakên jarwanipun ing pitêmbungan satunggal-tunggal. Anjawinipun saking karsa paduka, sawêg pamanggihipun ing manah kawula piyambak kados ing ngandhap punika.
Ka. | Endracapa | mêndhung. |
Ka. | Endrakara | teja. |
Ka. | Endragongsor | rêdi guntur. |
Ka. | Endrakila | rêdi ciptan. |
Ka. | Endrakala | candhikala. |
Ka. | Endrakaradi | teja luwih. |
Ka. | Anduk | ambêt kang tan pêgat. |
Ka. | Ăndakara | surya. |
Ka. | Undalan | êtuking toya. |
Ka. | Andang | nuntên, mangkana, kaliwat. |
Ka. | Antas | ruwat. |
Ka. | Antaga | gêntha. |
Ka. | Ăntakara | surya. |
Ka. | Endhe | tamèng. |
Ja, kra ngo. | Undhi uling | undhi kang mawi jêmpalik. |
Ja, kra ngo. | Undhi umbul | Undhi kang mawi kaumbulakên. |
Ja, kra ngo. | Undhi gêrit | Undhi kang ubêng-ubêngan. |
Ja, kra ngo. | Injanên | Wudunên kang wontên sirah. |
Ja, kra ngo. | Eredan | sêndhalan. |
Ka. | Anjan. Mloto | jêmpalikan. |
Ja, kra ngo. | Eredan | Sampenan. |
Ja, kra ngo. | Ngèrèt | nyampe. |
Ja, kra. | Aradan | Sêndhalan. |
Ja kra ngo. | Arungan | barungan. |
Ka. | Arip-arip | arêm-rêm. |
Ka Ja kra ngo. | Ura-uru | wudhar buyar. |
Ka. | hèr anganti | musthika toya. |
Ka. | hèrthathit | musthika thathit. |
Ka. | hèrwulan | musthika wulan. |
Ka. | Hèrmala | musthika buthêk, toya buthêk. |
Ka. | Arauru | bibar buyar. |
Ka. | Aribawa | prabawa. |
Ka. | Arunan | sorotan. |
Ka. | Èru | sotya. |
Ka. | Akol-akol | wêrut-wêrut. |
Ka. | Èkèl | barênjul. |
Ka. | Akra | bingah. |
Ka. | Engkal | bengkal. |
Ka. | Atat | akathah, măncawarni. |
Ka. | Atub | atuju. |
Ka. | Atakara | langkung padhang. |
Ka. | Oti | buron toya. |
Ka. | Utarayana | panggenanipun Hyang Wisnu. |
Ka. | Usaran | konyohan. |
Ka. | Asti | dipăngga. |
Ka. | Osya | sungkawa. |
Ka. | Estha | upami. |
Ka. | Esak | ilok. |
Ka. | Tan esak | botên ilok. |
Ka. | Asmaralaya | swarga. |
Ka. | Asmaragama | asmara sapatilêman. |
Ka. | Asmaratăntra | asmara sapagêpokan. |
Ka. | Asmaranada | asmara sapocapan. |
Ka. | Asmaranala | asmaraning manah. |
Ka. | Asmaratura | asmara sapaningalan. |
Ka. | Asmaralaga | ing paprangan. |
Ka. | Astagina | nêsthawolu, paedah wolu. |
Ka. | Asalingga | rêdi. |
Ka. | Asuman | prihatinan. |
Ka. | Osthi | cêpêng. |
Ka. | Apuk | rusak. |
Ka. | Ewo | golongan. |
Ka. | Uwêng-uwêng | ubêng-ubêng. |
Ka. | Uwang-uwang | paès. |
Ka. | Owrêk | gêdêr. |
Ka. | Awra | warata. |
Ka. | Alut | karut, towong. |
Ka. | Alpa | kirang, cacat. |
Ka. | Ulubalang | lurah gandhèk. |
Ka. | Ulubukut | lurah kajinêman. |
Ka. | Aliwawar | prahara. |
Ka. | Ugêm | bundhêl. |
Ka. | Kentar-entar | kesah-kesah. |
Ka. | Andhah-andhah | asor-asor. |
Ka. | Amun-amun | mega, lamuk-lamuk. |
Ka. | Ngarad | nyêndhal. |
Ka, Ja, kra ngo. | Asab | êsah. |
Ja, kra ngo. | Ulung-ulungan | tampan-tinampan. |
Ja, kra ngo. | Awudan | awuran kang wontên wujudipun. |
Ja, kra ngo. | Awud-awudan | awur-awuran kang wontên wujudipun. |
Ja, kra. | Awagan | awuran kang tanpa wujud. |
Ja, kra. | Awag-awagan | awur-awuran kang tanpa wujud. |
Ja, ngo. | Ancog- ancogên | sakêdhap sae sakêdhap awon. |
A. | Akil | [Huruf Arab: 'akil] kang sampun gadhah budi. |
A. | Balèg | [Huruf Arab: balegh] kang sampun dhatêng ing diwasa. |
A. | Ojrat | [Huruf Arab: ajrat] pangkatan. |
Kaonjuk ing dintên Arbo tanggal kaping 23 wulan Nophèmbêr ing taun 1842.
Kawula nuwun, kawula pun Ngabèi Rănggawarsita.