Ringkasan: Ucapan terima kasih Ranggawarsita terhadap Winter karena sudah menerima kiriman uang Rp. 20,-. Kemudian ia sangat mengharapkan kehadiran Winter ke rumahnya.
Kawula nuwun. Atur sêmbah sungkêm kawula pun Ngabèi Rănggawarsita, ingkang mugi-mugi kaonjuk ing sangandhap pinarakan paduka kangjêng rama.
Kawula nuwun. Kawula sampun amundhi ing pêparing paduka sêrat ingkang kalayan amaringakên inggih pêparing paduka yatra, kathahipun 20 rupiyah parentah.
Kawula nuwun ingkang punika kangjêng rama, inggih sakalangkung-langkung ing pamundhi panuhun kawula, saha ingkang saèstu andadosakên suka bingahipun ing manah kawula ingkang asangêt-sangêt.
Ing wusananipun, kawula nuwun, mênggah badhe têdhak paduka mangke sontên punika, kawula nuwun kawula angajêng-ajêng sangêt. Bilih botên jawah ingkang mugi-mugi.
Kaonjuk ing dintên Sênèn tanggal kaping 31 wulan Oktobêr ing taun 1842.
Kawula nuwun, kawula pun Ngabèi Rănggawarsita.
Punika sêrat atur wêwangsul, ingkang mugi-mugi kaonjuk ing sangandhap pinarakanipun ingkang rama, kangjêng tuwan juru basa, ingkang sakalangkung asih trêsna tuhu ing salami-laminipun.