Ringkasan: Ranggawarsita minta maaf atas keterlambatan mengerjakan tugas menerjemahkan bahasa kawi kepada Winter, karena banyaknya pekerjaan. Ia baru dapat menyerahkan sedikit, dan kemudian sanggup menyerahkan hasilnya lagi besuk Sabtu.
Kawula nuwun. Atur sêmbah sungkêm kawula, pun Ngabèi Rănggawarsita, ingkang mugi-mugi kaonjuk ing sangandhap pinarakan paduka kangjêng rama.
Kawula nuwun. Kawula anyaosakên pitêmbungan Kawi, sawêg saêmplèk. Kawula nuwun. Milanipun ngantos lami, botên awit saking lêleda kawula, ing sayêktosipun awit saking sawêg kathah arunganipun. Ing sapunika arungan wau ragi wontên mêndhanipun ing sawatawis. Bilih wilujêng benjing Sabtu punika kawula sagêd anyaosakên saêmplèk malih. Kawula nuwun ingkang punika kangjêng rama, atur panuwun kawula botên langkung aming ingkang mugi-mugi wontêna paring paduka maklum ingkang agêng.
Ing wusananipun. Kawula nuwun bilih parêng kalilan saking karsa paduka, mangke sontên wanci pukul wolu utawi pukul sanga, sasèrèn kawula andhèrèk kangjêng raka ijêngandika ingkang sinuhun dhatêng ngloji ing residhenan. Kawula nuwun soan[1] ing panjênêngan paduka, inggih botên punapa, aming badhe anyaosakên pakhurmatan kawula wilujêng taun baru, aming sakêdhap kawula tumuntên wangsul angadhêp ing kangjêng raka ijêngandika ingkang sinuhun malih.
Kaonjuk ing dintên Akhad tanggal kaping 1 wulan Januwari ing taun 1843.
Kawula nuwun, kawula pun Ngabèi Rănggawarsita.
1 | sowan. (kembali) sowan. |