Rănggawarsita kepada Winter, 22 Desember 1841

Judul
Sambungan
1. Purwadipura kepada Rănggawarsita, 26 Maret 1842. Kategori: Arsip dan Sejarah > Rănggawarsita, R. Ng.
2. Rănggawarsita kepada Nyonyah Eming, 13 Maret 1836. Kategori: Arsip dan Sejarah > Rănggawarsita, R. Ng.
3. Rănggawarsita kepada Purwadipura, 26 Maret 1842. Kategori: Arsip dan Sejarah > Rănggawarsita, R. Ng.
4. Rănggawarsita kepada Van Der Am, 5 Juni 1844. Kategori: Arsip dan Sejarah > Rănggawarsita, R. Ng.
5. Rănggawarsita kepada Van Der Am, c. Juni 1844. Kategori: Arsip dan Sejarah > Rănggawarsita, R. Ng.
6. Rănggawarsita kepada Winter. Kategori: Arsip dan Sejarah > Rănggawarsita, R. Ng.
7. Rănggawarsita kepada Winter, 1 Januari 1843. Kategori: Arsip dan Sejarah > Rănggawarsita, R. Ng.
8. Rănggawarsita kepada Winter, 1 Oktober 1842 (1). Kategori: Arsip dan Sejarah > Rănggawarsita, R. Ng.
9. Rănggawarsita kepada Winter, 1 Oktober 1842 (2). Kategori: Arsip dan Sejarah > Rănggawarsita, R. Ng.
10. Rănggawarsita kepada Winter, 10 Juli 1842. Kategori: Arsip dan Sejarah > Rănggawarsita, R. Ng.
11. Rănggawarsita kepada Winter, 13 November 1842. Kategori: Arsip dan Sejarah > Rănggawarsita, R. Ng.
12. Rănggawarsita kepada Winter, 15 Desember 1842. Kategori: Arsip dan Sejarah > Rănggawarsita, R. Ng.
13. Rănggawarsita kepada Winter, 15 Juli 1843. Kategori: Arsip dan Sejarah > Rănggawarsita, R. Ng.
14. Rănggawarsita kepada Winter, 16 Desember 1842. Kategori: Arsip dan Sejarah > Rănggawarsita, R. Ng.
15. Rănggawarsita kepada Winter, 16 November 1842. Kategori: Arsip dan Sejarah > Rănggawarsita, R. Ng.
16. Rănggawarsita kepada Winter, 2 Juni 1842. Kategori: Arsip dan Sejarah > Rănggawarsita, R. Ng.
17. Rănggawarsita kepada Winter, 20 April 1841. Kategori: Arsip dan Sejarah > Rănggawarsita, R. Ng.
18. Rănggawarsita kepada Winter, 22 Desember 1840. Kategori: Arsip dan Sejarah > Rănggawarsita, R. Ng.
19. Rănggawarsita kepada Winter, 22 Desember 1841. Kategori: Arsip dan Sejarah > Rănggawarsita, R. Ng.
20. Rănggawarsita kepada Winter, 23 Nopember 1842. Kategori: Arsip dan Sejarah > Rănggawarsita, R. Ng.
21. Rănggawarsita kepada Winter, 24 Januari 1843. Kategori: Arsip dan Sejarah > Rănggawarsita, R. Ng.
22. Rănggawarsita kepada Winter, 29 April 1841. Kategori: Arsip dan Sejarah > Rănggawarsita, R. Ng.
23. Rănggawarsita kepada Winter, 31 Oktober 1842. Kategori: Arsip dan Sejarah > Rănggawarsita, R. Ng.
24. Rănggawarsita kepada Winter, 7 November 1842. Kategori: Arsip dan Sejarah > Rănggawarsita, R. Ng.
25. Rănggawarsita kepada Winter, 8 Februari 1841. Kategori: Arsip dan Sejarah > Rănggawarsita, R. Ng.
26. Rănggawarsita kepada Winter, 9 September 1842. Kategori: Arsip dan Sejarah > Rănggawarsita, R. Ng.
27. Surat-menyurat Rănggawarsita, LOr 2235, #869. Kategori: Arsip dan Sejarah > Galeri.
28. Winter kepada Rănggawarsita. Kategori: Arsip dan Sejarah > Rănggawarsita, R. Ng.
Citra
Terakhir diubah: 30-12-2019

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Ringkasan: Surat dari Ranggawarsita kepada Winter yang berisi permohonan maaf atas keterlambatan penyerahan pekerjaan menerjemahkan bahasa Kawi dengan bahasa Jawa. Untuk mengurangi kekecewaan Winter, maka sebagian yang sudah dikerjakan diserahkan.

Rănggawarsita kepada Winter, 22 Desember 1841: Citra 1.1 dari 1
Rănggawarsita kepada Winter, 22 Desember 1841: Citra 1.2 dari 1
Rănggawarsita kepada Winter, 22 Desember 1841: Citra 1.3 dari 1
Rănggawarsita kepada Winter, 22 Desember 1841: Citra 1.4 dari 1

Kawula nuwun. Atur sêmbah sungkêm kawula, pun Ngabèi Rănggawarsita, ingkang mugi-mugi kaonjuk ing sangandhap pinarakan paduka kangjêng rama.

Kawula nuwun. Kawula sampun amundhi ing pêparing paduka sêrat. Ingkang kalayan mawi sih pêparing paduka yatra 10 rupiyah, mênggah ingkang dados dhawah paduka, kawula sampun sumêrêp sadaya.

Kawula nuwun ingkang punika, mênggah sih pêparing paduka yatra wau, inggih sakalangkung-langkung ing pamundhi panuhun kawula, saha ingkang saèstu andadosakên suka bingahipun ing manah kawula ingkang asangêt-sangêt.

Kawula nuwun. Mênggah têmbung Kawi punika inggih sampun kawula kawiti, anaming kawula anyaosakên kalêpatan kawula, sarèhipun lincad saking ubanggi, atur kawula kala ing dintên Jumungah punika, anggèn kawula angawiti ing malêm Sabtu, ing yêktosipun anggèn kawula angawiti kala ing dintên Sêlasa winginipun. Milanipun makatên, sarêng sampun anggèn kawula anggarap rèngrèng nawalanipun prikănca ing kadospatèn wontên ing Kapatihan, punika sarêng dipun lalar akathah ingkang tumbuk lalênggahipun siti dhusun. Dados dadak amrangnata malih ingkang sami tumbuk wau.

Ing wusananipun, kawula nuwun, kawula anyaosakên [anyaosa...]

[...kên] jarwanipun pitêmbungan ingkang dèrèng têrang, ing sapunika sampun kawula têrangakên. Sawêg pamanggihipun ing manah kawula piyambak. Anjawi saking karsa paduka, ing ngandhap punika pratelanipun.

Asab, êsah
Punika upaminipun tiyang wicantên, patiku pati asab, tgêsipun pêjah êsah, botên pêjah siya-siya, milanipun tiyang angasab lading wontên ing wungkal punika dipun wastani angasah, pamêndhêtipun saking punika.
Ancog-ancogên
Sakêdhap sae sakêdhap awon. Punika têgêsipun ngot-ngotan. Kados upaminipun tiyang ewah, sakêdhap èngêt, sakêdhap êngkas angot ewah malih, punika têmbung ancog-ancogên.
Arunan, sorotan
Punika sorot ing sayêktosipun. Kados upaminipun têmbung, kaarunan, tgêsipun kasorotan srêngenge, milanipun srêngenge punika dipun wastani aruna, amêndhêt saking sorotipun.
Èkèl
Punika barênjulipun ing manah.
Ungsul, uwit
Punika uwitipun ing samukawis. Anaming dede uwitipun ing kêkajêngan. Kados upaminipun [upami...]
[...nipun] manusa, punika uwitipun saking Nabi Adam. Milanipun dipun wastani asal-usul. Tgêsipun wit-witanipun.
Ibak mangsi, turut mangsi
Punika kados ingkang sampun kocap wontên ing Sêrat Ngrèni, ambathik kampuh sawat. Inggêkipun ibak mangsi, tgêsipun, anggènipun anyêrat kampuh sawat, egakipun ing sêsêratan dipun turut ing mangsi.

Kawula nuwun. Anjawinipun saking punika, mênggah pitêmbungan satunggal-tunggal. Ingkang badhe kawula jarwani punika, sarèhipun kawula lalar sampun wontên ing pitêmbungan ingkang êmplekan agêng, punika saking pangraos kawula botên susah kawula jarwani, milanipun makatên. Ing wingking badhe kajarwanan, wontên ing êmplekan agêng punika, ing sabên nêm dintên, kawula anyaosakên saêmplèk.

Kaonjuk ing dintên Kêmis tanggal kaping 22 wulan Dhesèmbêr ing taun 1841.

Kawula nuwun kawula pun Ngabèi Rănggawarsita.

Punika atur sêrat wêwangsul. Ingkang mugi-mugi kaonjuk ing sangandhap pinarakanipun ingkang rama, kangjêng tuwan juru basa, ingkang sakalangkung asih trêsna tuhu ing salami-laminipun.