Ringkasan: Oleh karena Ranggawarsita harus mengirimkan batu merah dan kayu ke Kepatihan untuk membuat tempat pasowanan Sri Manganti, maka ia mengajukan pinjam uang Rp. 25,- atau bila tidak ada sebesar itu, seadanya dulu.
Kawula nuwun. Atur sêmbah sungkêm kawula, pun Ngabèi Rănggawarsita, ingkang mugi-mugi kaonjuk ing sangandhap pinarakan paduka kangjêng rama.
Kawula nuwun. Kawula kamipurun saos unjuk saha atawan-tawan tangis agêgulungan wontên ing sangandhap pinarakan paduka, bilih parêng kalilan saking karsa paduka, kawula nuwun botên langkung aming andumugèkakên ingkang dados atur panuwun kawula yatra 25 rupiyah, punika kangjêng rama, ingkang mugi-mugi wontêna sih pitulung paduka amaringi, ingkang saupami dèrèng wontên 25 rupiyah, inggih ing sawontênipun kimawon. Karantên ing dintên punika sangêt prêlunipun. Kawula damêl angêjogi ladosan banon kalihan kajêng dhatêng Kapatihan, kadamêl andandosi pasowan ing srimangantos.
Kawula nuwun ingkang punika, milanipun asangêt -sangêt anggèn kawula anggêgubêl. Sarèhipun ingkang wajib kawula tênga-tênga, saha ingkang amasthi kenging kawula andêlakên, aming panjênêngan paduka.
Kaonjuk ing dintên Sabtu tanggal kaping 15 wulan Juli ing taun 1843.
Kawula nuwun, kawula pun Ngabèi Rănggawarsita.
Punika sêrat, ingkang mugi-mugi kaonjuk ing sangandhap pinarakipun ingkang rama, kangjêng tuwan juru basa, ingkang sakalangkung asih trêsna tuhu ing salami-laminipun.