Ringkasan: Keterangan tentang penyalinan Al Qur'an tetap masih berlangsung. Oleh karena hanya merupakan sambilan, maka baru sampai 9 juz. Adapun juz 10 sampai 30 diminta untuk dibicarakan sebaik-baiknya. Pada surat kedua, ada keterangan dari Paheman Radyapustaka bahwa penyalinan Al Qur'an sudah selesai.
Katur Waradarma
Kula nuwun, panêdhakipun Kuran taksih kalajêngakên, ingkang kula dhawahi nyêrati Ranasubaya, sêratanipun sae, nanging namung kasambi, sapunika lajêng kula dhawahi nyêlakakên. Mugi kauningan, ingkang katêdhak wiwit ăngka 1 dumugi 9 ingkang sampun kacithak, punika kemawon sanès padamêlan sakêdhik, sambêtipun jus 10 dumugi 30 kula nyuwun rêmbagipun Waradarma, mugi panjênêngan dalêm kiyai lurah kaparêng ngrêmbag sakecanipun.
Kaping 12 Juli 1922.
Wirapustaka
Kula suwunakên rêmbagipun para warga, sakawit kula kintun sêrat dhatêng Pahêman Radyapustaka, suka uninga bilih panêdhakipun Kuran ing têmbung Jawi dumugi dintên punika sampun tamat, murih botên cicir, kula mrayogèkakên supados dipun inggahakên ing buk wontên Pahêman Radyapustaka, wangsulanipun ing nginggil punika.
Jaksanagara.
Z.O.Z.