Ringkasan: Undangan kepada para pengurus Paheman Radyapustaka untuk menyambut kehadiran putra Gubernur Jendral yang akan berkunjung ke Musium dan Taman Sriwedari.
Ăngka 226
Katur warga pangrèhing Pahêman Radyapustaka.
Nuwun, awit saking dhawuhipun pangarsa Bandara Kangjêng Pangeran Arya Adiwijaya, aparing uninga benjing dintên Salasa kaping 17 Oktobêr punika wanci jam 1/2 5 sontên, putranipun Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana Guprênur Jendral badhe rawuh ing musium sarta ing Sriwadari, punika para warga pangrèh sami kadhawuhan sowan ing musium, wanci jam 8 sontên, sasampuna pêpak, pangagêman dhêstharan rasukan atela pêthak, sarta prasabênipun pangagênging taman Sriwadari, sasampuning para tamu rampung anggènipun mariksani musium, dhatêngipun ing Sriwadari para pangrèh andhangana biyantu amanggihi, kaajêng-ajêng sami amarlokakên.
Radyapustaka kaping 9 Oktobêr 1933.
Prajakintaka
Panitya, Radèn Tumênggung Suradipura. [tanda tangan]
Panitya, Radèn Ngabèi Yasawidagda. [tanda tangan]
Panitya, Mas Ngabèi Martasuwignya. [tanda tangan]
Panitya, Radèn Ngabèi Dutadilaga. [tanda tangan]
Juru rêmbag, Tuwan E. Mudhi. [tanda tangan]