Ringkasan: Telah diselesaikan tugas mengartikan kata-kata Jawa dengan bahasa Jawa sesuai urutan abjad (dari ha sampai dengan ka).
Kula nuwun, kiyai lurah.
Dhawuh dalêm anêgêsi têmbung Jawi ing basa Jawi, sampun dumugi: ha, na, ca, ra, ka, kalêbêt ingkang sampun kauningan ing kangjêng rama dalêm, katur asarêng punika, salajêngipun katur rayi ijêngandika dara riya, saha konjukipun ing rama dalêm bêndara kangjêng agêng, kula nuwun sumăngga.
Katur kaping 11 Agustus 1922.
Pun wa Prajapustaka
Lajêng katur Bandara Radèn Mas Arya Wuryaningrat, salajêngipun kauningan rama dalêm kangjêng, kula nyumanggakakên.
Wăngsanagara
12-8-'22
Kadhawuhan dangu têrangipun, amargi ingkang sampun kalapurakên, punika sampun dipun cirèni kangjêng sinuhun, tăndha sampun kadadèn.