Ringkasan: Laporan tentang penerimaan surat-surat yang diterima Radyapustaka yang isinya berkisar silsilah raja-raja. Setelah diteliti memang benar, hanya ada satu surat yang dikarenakan ada perbedaan, maka dikirimkan ke keraton.
Kawula nuwun gusti, abdi dalêm nampèni sêrat paturanipun rèh momongan kawula ing Radyapustaka.
1. Ki Jayawaluya, nyuwun sasêbutan radèn, trah saking Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Prabu Amangkurat ing Kartasura.
2. Ki Mas Wignyasadana, nyuwunakên sasêbutan radèn anak-anakipun, ugi trah saking Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Prabu Amangkurat.
3. Ki Mas Sastramardaya, nyuwun sasêbutan radèn, trah saking Ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan Sah Alam Akbar ing Dêmak.
4. Ki Mas Arjasayana, nyuwun sasêbutan radèn, trah saking Ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan Agung Prabu Anyakrakusuma ing Mataram.
5. Ki Jagasayana, nyuwun sasêbutan radèn, trah saking Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Mangkurat Sapisan ing Kartasura.
Kawula nuwun, sadaya wau pratelaning sajarah aluranipun dumuginipun ing karaton, sampun kawula patitisakên ing Sêrat Sajarah Karaton saha Parisawuli ingkang sumimpên wontên ing Radyapustaka, lêrês sadaya. Namung paturanipun Ki Jagasayana ingkang botên cocog, amargi ingkang kasêbut ing Sêrat Sajarah Karaton sarta Parisawuli punapadene ing sêrat babad, Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Mangkurat ing Kartasura punika putranipun namung satunggal, Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Anom, ingkang lêlajênganipun gumantos kapraboning rama ajêjuluk Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Mangkurat Mas. Mênggah sêrat paturan gangsal lêmbar wau kawula ladosakên konjuk asarêng punika, kawula nuwun sumăngga.
Konjuk kaping 27 Mèi 1931.
Abdi dalêm pun Prajakintaka.