Ringkasan: Surat dari Prajakintaka kepada BRMA Wuryaningrat, bahwa dia telah diminta oleh KPA Adiwijaya yang akan berangkat ke Batavia, supaya memberitahu tentang pembuatan keterangan barang-barang kuna telah selesai dengan dua bahasa, yakni Jawa dan Belanda. Untuk yang berbahasa Jawa akan dicetak di Yogyakarta, sedangkan yang berbahasa Belanda akan dicetak di Jakarta. Begitu pula tentang 3 meriam besar dan 2 kecil, agar dibuatkan tempat dan kemudian dipasang di halaman museum.
Kula nuwun Kiyai Lurah Bandara Radèn Mas Arya Wuryaningrat, kala wingi enjing kula katimbalan rayi jêngandika Kangjêng Pangeran Arya Adiwijaya ingandikakakên nyumêrêpi bidhalipun dhatêng Batawi, punika kula kawêling matur ing panjênêngan dalêm, mênggah pandamêlipun pratelaning barang kina sampun dados kadamêl kalih têmbung, Jawi sarta Walandi, ingkang têmbung Jawi badhe kaêcapakên wontên Ngayogya (Mardimulya) ingkang têmbung Walandi badhe kaêcapakên wontên ing Batawi. Makatên malih mriyêm ingkang taksih wêtah 3 iji, supados kadamêlakên plangkan, sarampungipun kadhawahan masang, ingkang agêng wontên tamanan sangajêng musium manggèn salèring tilas banciking rêca, majêng mangalèr, têtanêman ingkang ngaling-alingi, kaicalan, ingkang alit 2 kapasang wontên tilas bancik rêca ingkang kapundhut ing sahandhap sampeyan dalêm ingkang wicaksana, supados lajêng katingal têtela bilih ing ngriku puniku musium, kula nuwun sumăngga.
Katur kaping 11 Mèi 1926.
Prajakintaka.