Ringkasan: Surat permohonan untuk dapat diadakan kursus pedalangan di Boyolali. Menyadari bahwa gurunya harus datang ke Boyolali, maka biaya akan ditanggung oleh para peserta didik.
Wadana Guru H.I.S. Bayalali - Pamugarining Pasinaon Dalang Paheman Radyapustaka, 24/7-'26
Sêrat ingkang mugi katur ing panjênênganipun pamugarining pasinaon dhalang ing pahêman Radyapustaka, ing
Surakarta.
Sasampunipun ingkang kadya punika nuwun awiyosipun, kaparênga kula gadhah atur kados ingkang kasêbut ing ngandhap punika: sampun wiwit duk kula taksih wontên ing Borneo anggèn kula kapengin badhe tumut dados muriding pasinaon dhalang punika, nanging kadospundi sagêdipun kalampahan, tiyang Borneo kalihan Surakarta samantên têbihipun. Ing wasana saking palaling Pangeran, kula dipun pindhah dhatêng ing Bayalali, mila sangsaya sangêt anggèn kula badhe mituruti kapengining manah punika. Ingkang punika kula nyuwun pariksa: punapa kintên-kintên Pahêman Radyapustaka sagêd minangkani, upami kula nyuwun supados ing Bayalali kawontênakên kursus dhalang. Wondene ingkang badhe sinau sanèsipun kula taksih wontên sawatawis priyantun malih. Sampun masthi kemawon sagêdipun kalampahan, kêdah wontên guru padhalangan ingkang rawuh ing Bayalali, upami ing dintên Minggu enjing, punapa malêm Saptu. Bab wragading lampah utawi dhaharing guru, punapadene pondhokan bilih kapêksa nyare, inggih kula sakănca murid ingkang nyanggi. Utawi malih nyuwun katrangan, ubarampining kursus punika punapa mawon (upami: kêlir, gamêlan, sapanunggilanipun) supados kula sagêd sadhiya.
Wasana saiba badhe bingah kula sakănca: bilih ing Bayalali ngriki saèstu sagêd kalampahan wontên kursus dhalang punika, sangêt [sa...]
[...ngêt] ing pangajêng-ajêng kula dhatêng paring panjênêngan wangsulan bab punika, supados kula sakănca lajêng sagêd angrancang rêrantamaning waragad ing sawulan-wulanipun, kangge namtokakên sapintên sêsanggènipun kănca satunggal. Mugi karsa mratelakakên ugi: guru dhalang ingkang kapatah dhatêng Bayalali punika punapa inggih mawi pituwas, punapa botên.
Kula wadana guru H.I.S.
Ing Bayalali
[tanda tangan]
24/7-'26