Ringkasan: Pernyataan tentang pembuatan Bausastra sudah dilaksanakan, tetapi baru mendapat 176 halaman.
Wus dak pariksa palastha prayoga, Adipati Sasradiningrat.
Kula nuwun, bandara.
Awit saking karsanipun raka ijêngandika Kiyai Lurah Ra[dè]n Tumênggung Jaksanagara, kula kadhawahan ngadani damêl Bau[sa]stra Jawi, têgês Jawi, ingkang sampun wontên Bausastra Ja[wi] têgês Walandi.
Kula sampun matur bilih padamêlan punika sakalangkung ka[thah] jajahan 20 taunan, kula sampun pêjah padamêlan [mo]kal dèrèng sagêd rampung, karsanipun raka ijêngandika adrêng [kula] kadhawahan miwiti, awit sapêjah kula măngsa botê[n] wontên ingkang sagêd anglajêngakên, kalampahan sa[mpu]n kula wiwiti.
Kala kula sowan ngabêkti ing kangjêng rama dalêm, kadangu [gara]pan kula, kula munjuk kados ing nginggil wau, kangjêng ra[ma] [da]lêm kapengin anguningani, bokmênawi karangan kula [wontê]n kirang langkung utawi lêpatipun, badhe kaparingan [ewah-]ewahan, mawi andangu: kêpriye pamikirmu kang bisa [nyênê]ngake ati, kula munjuk: mèsêm punika beda [kalih]an ngèsêmi, makatên salajêngipun, adamêl pirêna[ning] [pang]galih dalêm. Mênggah pandamêl kula Bausastra wau rêsik ka[dos] [sam]pun sawêg angsal 176 kaca, konjuk asa[rêng] punika, kula nuwun sumăngga.
Katur kaping ... Mèi 1920.
Pun, Prajapustaka.
Nuwun, punapadene wontên ingkang kenging kauningan malih.
Wăngsanagara.