Ringkasan: Para anggota panitia Kesusasteraan Radyapustaka baru akan dapat menerima adanya Dr. in de Letteren apabila memang dibutuhkan. Dan sistem pengadaannya harus ada pernyataan tertulis dari yang bersangkutan untuk tidak akan merusak tata bahasa yang sudah ada, dan selalu berupaya mengembangkan dan memajukan bahasa dan sastra Jawa.
Sêrat saking Radyapustaka dhatêng panitya kasusastran bab wontênipun Dr. in de Letteren ing Radyapustaka, pamanggih kula kados ingkang sampun, cêkap dumugi ing ukara: kamanah saparlunipun.
Dene manawi kagalih parlu Radyapustaka ngatingalakên pangrêksanipun dhatêng nagari dening sampun amanoni, kadadosan kados kaparêngipun pangarsa, wêwahanipun ukara prayogi makatên.
... kamanah saparlunipun.
Nanging andadosna sumêrêpipun panitya kasusastran, bab ngabdèkakên Dr. in de letteren punika manawi botên kalêrêsan pamilihipun, sagêd kalèntu angsal tiyang ingkang malah ambibrahakên, mila bilih Radyapustaka usul dhatêng nagari, badhe mawi dipun dèkèki katrangan.
Kêjawi punika kados inggih botên wontên awonipun, samăngsa nagari badhe ngabdèkakên sarjana ahli sastra (Dr. in de letteren) dipun tangsuli mawi prajanji sarjana wau parlu rumêksa kaluhuranipun praja karaton Jawi ing Surakarta, 2e. sampun ngantos ambibrah lan ngrisakakên tatananing basa dalah sastra tuwin unggah-ungguhipun Jawi ingkang sampun wontên, 3e. ngangkah indhak tuwin kamajênganing basa dalah sastra Jawi, tuwin prajanji sanèsipun ingkang kagalih parlu, amargi sampun nate wontên sarjana ahli sastra guru pamulangan têngahan andhasari murid ngicali basa krama, makatên punika sagêd ambêbayani, wusana sumăngga.
Manawi wêwahanipun makatên, kula rujuk, manawi botên makatên, sarèhipun kula ugi dados warganing panitya kasusastran, kula blangko kemawon kados Martasuwignyan, saha Tuwan E Mudhi.
[tanda tangan]
Pamanah kula kados rèngrèng Dutadilagan punika, nanging kaewahan kados cawangan kula.
[tanda tangan]