1932-04-24 - Prajakintaka kepada Gusti ...
JudulSambungan
CitraRingkasan: Laporan bahwa pengerjaan Serat Bausastra Jawi dari Tuan Boswingkel sudah selesai, setelah diberikan ralat supaya dikembalikan lagi. Oleh karena kakanda gusti sakit, maka catatan ralat dimohonkan tandatangan dari gusti.
Nguningani
[tanda tangan]
Kawula nuwun gusti, panggarapipun panitya Sêrat Bausastra Jawi ingkang saking Tuwan Boswingkêl, sampun rampung, dhawuhipun raka dalêm lajêng kadhawuhan ngintunakên dhatêng Tuwan Boswingkêl. Sarampungipun panata kawula saha pandamêl kawula sorogan, raka dalêm gêrah, amila pacakan sêrat sorogan ingkang konjuk asarêng punika, kawula suwunakên tapak asta ing panjênêngan dalêm, kawula nuwun sumăngga.
Konjuk kaping 24 April 1932.
Abdi dalêm pun Prajakintaka.