Ringkasan: Keterangan tentang hari-hari baik yang dapat digunakan untuk keperluan melaksanakan hajat penting, bagi keraton. Keterangan ini didasarkan atas Serat Sidhawakya, dan Pawarsakan, setelah ditemukan hari-hari baik dan didaftar semuanya, maka kemudian dinamakan Serat Titibyatara.
Kaparênging parentah kasêbut Sêrat Paturanipun Radèn Ngabèi Sindupraja, katitimangsan kaping 20 wulan Rabingulakir, taun Jimakir ăngka 1842, ing mangke sabên karaton sarta nagari badhe kagungan parlu, punika pangupadosing dintên sae kawajibakên ing kantor Radya Pustaka.
Awit saking punika, kula lajêng nalatosi maos Sêrat Sidhawakya, pawarsakan, primbon-primbon, sarta sêrat-sêrat ingkang magêpokan bab pangetanging dintên sae, dene ingkang winastan dintên sae punika, pamanggih kula dintên rêsik, têgêsipun botên sangar, sangar taun, sirahing taun, wangkening taun, angrêming tanggal, naas wulan, naas nabi, bangas, taliwangke, samparwangke, sarik agung, dhungulan, aryang, satriya wirang, tuju pati, sapanunggilanipun, manawi alih-alihan botên anarajang naga taun, jatingarang, kalajabung wuku, sasaminipun ingkang murugakên kirang rahayu, ing salêbêting taun Alip Kulawu sarta Alip Langkir ing sawulan-wulanipun sampun kula pêndhêti sadaya dintênipun sae, kangge salamêtipun salêbêtipun kurub Arbangiyah Wage, kalêmpakipun kasêbut sawalik punika, kula wastani Sêrat Titibyatara.
Karyarujita
1 IX 42