Ringkasan: Kata hati dari Adiwijaya yang disampaikan kepada Prajakintaka ketika menghantar kepulangannya ke Jakarta, saat berada di Balapan, agar disampaikan kepada Kangjeng Bandara. Intinya adalah, dirasakan bahwa Patih tidak senang untuk bekerjasama dengannya, dan juga dirasakan ada pihak-pihak yang menginginkan agar hubungannya dengan Patih tidak harmonis.
Ăngka 292
Kula nuwun Kangjêng Bandara, nalika rayi jêngandika Gusti Adiwijaya wangsul dhatêng Batawi punika kula nguntapakên dhatêng Balapan, wontên ing ngriku raosan warni-warni, wusana dhawuh dhatêng kula ingandikakakên matur ing panjênêngan dalêm, namung botên kobêr-kobêr, mila kula pacak ing sêrat kemawon.
Nalika tanggal sapisan Dhesèmbêr punika, Radyapustaka nampèni sêrat dhawuh kados têtêdhakan ingkang kula aturakên asarêng punika, kula ladosakên dhatêng rayi jêngandika gusti dhatêng Batawi, sarêng kondur parlu jagong panggihing pangantèn Kapatihan, enjingipun ing dintên Akat lênggah kantoran, ngrêmbag sêrat dhawuh wau, ingkang kagalih bab anggènipun Radyapustaka kaèwêtakên adangiyahipun dèrèng nêtêpi dhawuh, pamanggihipun rayi jêngandika.
I. Pêpatih dalêm botên rêna sêsarêngan nyambut damêl kalihan panjênênganipun.
II. Wontên tiyang ingkang amurih rênggangipun pêpatih dalêm kalihan panjênênganipun.
Mênggah pamanggih kalih bab punika dhawuhipun supados kula aturakên ing panjênêngan dalêm, kadospundi pamanggih panjênêngan dalêm, saha Radyapustaka lajêng kêdah kadospundi, rayi jêngandika mundhut katrangan, kula nuwun sumăngga.
Katur kaping 18 Dhesèmbêr 1933.
Prajakintaka.
Saha wontên wêlingan ingkang kêdah kula aturakên piyambak, sanès dintên kemawon.