Ringkasan: Oleh karena merasa bodoh, dan terbukti tidak pernah diperhatikan oleh Paheman Radyapustaka, bahkan usulan-usulannya tak pernah dipakai, maka Purbadipura mengajukan ijin keluar dari keanggotaan.
Atur kula Radèn Ngabèi Purbadipura, katur Kyai Lurah Radèn Mas Arya Wuryaningrat, Sri Nugraha apangkat II.
Kula nuwun ingkang kula aturakên, anusuli sêrat aturan kula katitimangsan tanggal kaping 11 Sura kapêngkêr punika, bab pandamêlan kula.
Ingkang punika kauningana botên kècèripun atur kula, inggih punika anggèn kula kakarsakakên dados warganing Pahêman Radyapustaka, kamot ing sêrat dhawuh saking nagari katitimangsan Surakarta kaping 30 Rêjêp Ehe 1844, utawi kaping 24 Juni 1914.
Sarèhne rumaos kula, salêbêtipun kula dados warganing Pahêman Radyapustaka, botên migunani sarta sabên pakêmpalan, kula botên sagêd angudhoni rêmbag, makatên wau nandhakakên bilih saking bodho balilu kula. (Wontên pakêmpalaning Pahêman Radyapustaka) mila manawi kaparêng kula nyuwun mêdal anggèn kula kakarsakakên dados warganing Pahêman Radyapustaka wau, salajêngipun katur Kangjêng Pangeran Parentah Agêng kula sumăngga saha cumadhong dhawuh.
Katur tanggal kaping 23 wulan Sapar warsa Je 1854, utawi kaping 5 Oktobêr 1923.
Purbadipura.