Ringkasan: Tentang 2 buah keris ("luk dan leres") milik raja yang akan disimpan di Musium diperintahkan agar dilengkapi dengan asesori. Namun setelah dimusyawarahkan, justru tidak perlu, karena hanya untuk menunjukkan perbedaan keris untuk keluarga raja dan untuk para abdi.
Kula nuwun Kiyai Lurah Bandara Radèn Mas Arya Wuryaningrat. Dhawuh dalêm kagungan dalêm dhuwung kêkalih lêrês saha luk ingkang badhe kagêm simpênan ing musium, manawi wontên tuwan-tuwan utawi tamu ngamănca badhe sumêrêp dhuwung damêlan Surakarta, kadhawuhan mraboti pantêsipun kagêm simpênan. Sampun kula rêmbag kalihan Mas Ngabèi Prajadirja saha Mas Ngabèi Wirapustaka, pantêsipun namung sarwa lugas. Ingkang lêrês sarungan ladrang kandêlan suwasa lugas, ingkang luk sarungan gayaman kandêlan kêmalon abrit, parlu namung minăngka kawruh bedaning kagêm santana kalihan anggening abdi dalêm, mênggah katranganipun kados ing ngandhap punika.
Ingkang lêrês
1. Ukiran kajêng tayuman: f 10
2. Mêndhak mas: f 15
3. Sarungan kajêng cêndhana mulus botên potokan: f 20
4. Kandêlan suwasa lugas: f 60
= f 105
Ingkang luk
1. id: f 10
2. id: f 15
3. Sarungan gayaman id: f 10
4. Kandêlan kamalon abrit: f 3.50
= f 38.50
Gunggung kumpul f 143.50
Prabot sadaya wau anggènipun ngarsakakên kêdah dhatêng abdi dalêm, ukiran dhatêng Ngabèi Jararaga, mêndhak saha kandêlan dhatêng abdi dalêm kêmasan, sarungan dhatêng abdi dalêm mranggi, kula nuwun sumăngga saha cumadhong dhawuh.
Katur kaping 9 April 1913.
Pun Karyarujita
Pun Wirapustaka
Pun Prajadirêja.