Ringkasan: Surat susulan dari Patih Jayanagara mengenai adanya perubahan kenaikan / tambahan gaji yang sudah terlanjur diberikan, diralat mulai bulan depan tidak lagi dibayarkan (tambahannya), tetapi yang terlanjur diterima juga tidak perlu dikembalikan.
Turunan
Ăngka 756 B/I bab dhirtêtuslah
Dhawuh marang wadana parentah Kapatihan, anusuli dhawuh manira katitimasan kaping 5 April 1926 ăngka 625 B/I, manira paring sumurup, mungguh para abdi dalêm kang munggah pangkat utawa mingsêr manawa mawa wuwuh pamêtu dhirtêtuslahe banjur kasuwak, sapiturute kaya surasane dhawuh mau, murih prayoga, saiki murih prayoga, saiki kaparêng manira, sapira kèhe dhirtêtuslah kang wus kabanjur ditampani, ora manira pundhut bali, mung wiwit tanggal sapisan saka titimasane dhawuh mau bae, banjur kasuwak ora kaparingan, iku banjur pakênira dhawuhna lan katindakna ing saparlune.
Dhawuhing parentah kaping 23 April 1926.
Pêpatih dalêm (w.g.) Jayanagara
Garapan komtabilitèit
(w.g.) Padmanagara
Sampun cocog kalihan lugunipun
[tanda tangan]