1931-04-05 - Adiwijaya kepada Karyarujita

Judul
Sambungan
1. 1929-08-16 - Adiwijaya kepada Karyarujita. Kategori: Arsip dan Sejarah > Radya Pustaka.
2. 1931-04-05 - Adiwijaya kepada Karyarujita. Kategori: Arsip dan Sejarah > Radya Pustaka.
3. 1931-06-18 - Adiwijaya kepada Karyarujita. Kategori: Arsip dan Sejarah > Radya Pustaka.
4. 1931-06-30 - Adiwijaya kepada Karyarujita. Kategori: Arsip dan Sejarah > Radya Pustaka.
5. 1931-07-23 - Adiwijaya kepada Karyarujita. Kategori: Arsip dan Sejarah > Radya Pustaka.
6. 1931-07-24 - Adiwijaya kepada Karyarujita. Kategori: Arsip dan Sejarah > Radya Pustaka.
7. 1931-07-29 - Adiwijaya kepada Karyarujita. Kategori: Arsip dan Sejarah > Radya Pustaka.
8. 1931-08-09 - Adiwijaya kepada Karyarujita. Kategori: Arsip dan Sejarah > Radya Pustaka.
9. 1931-08-18 - Adiwijaya kepada Karyarujita. Kategori: Arsip dan Sejarah > Radya Pustaka.
10. 1931-08-23 - Adiwijaya kepada Karyarujita. Kategori: Arsip dan Sejarah > Radya Pustaka.
11. 1931-08-26 - Adiwijaya kepada Karyarujita. Kategori: Arsip dan Sejarah > Radya Pustaka.
12. 1931-09-24 - Adiwijaya kepada Karyarujita. Kategori: Arsip dan Sejarah > Radya Pustaka.
13. 1931-09-26 - Adiwijaya kepada Karyarujita. Kategori: Arsip dan Sejarah > Radya Pustaka.
14. 1931-10-03 - Adiwijaya kepada Karyarujita. Kategori: Arsip dan Sejarah > Radya Pustaka.
15. 1932-01-31 - Adiwijaya kepada Karyarujita. Kategori: Arsip dan Sejarah > Radya Pustaka.
16. 1932-02-10 - Adiwijaya kepada Karyarujita. Kategori: Arsip dan Sejarah > Radya Pustaka.
17. 1932-02-11 - Adiwijaya kepada Karyarujita. Kategori: Arsip dan Sejarah > Radya Pustaka.
18. 1932-02-14 - Adiwijaya kepada Karyarujita. Kategori: Arsip dan Sejarah > Radya Pustaka.
19. 1932-02-20 - Adiwijaya kepada Karyarujita. Kategori: Arsip dan Sejarah > Radya Pustaka.
20. 1932-03-01 - Adiwijaya kepada Karyarujita. Kategori: Arsip dan Sejarah > Radya Pustaka.
21. 1932-08-19 - Adiwijaya kepada Karyarujita. Kategori: Arsip dan Sejarah > Radya Pustaka.
22. Adiwijaya kepada Karyarujita, 1929-32, #395. Kategori: Arsip dan Sejarah > Galeri.
Citra
Terakhir diubah: 09-05-2019

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

1931-04-05 - Adiwijaya kepada Karyarujita: Citra 1 dari 1

HOTEL DES INDES Weltevreden Java - Ned. Oost-Indië No. 110/75. Weltervreden, 5-4-1931

Karya;

1. Dira nglapurake yèn mêntas ko-sebani ngrêmbug bab dhawuh nagara ngumisi duwit, awake ora duwèni pakewuh, mêrga dipikir malah rêsik; wis ta wangsuli yèn sing ta anggo bêbundhêlan satêmêne ora bab si rêsik, bab kamardikaning Radya, marga yèn iki ta ulungke, bisa uga mrèmèn, wêkasane ora duwe kamardikan babarpisan: yèn wis mangkono dadi alahdene gone jênêng pahêman, luwih bêcik dadi kagungan nagara bae kaya Sriwêdari, abatoar lan liya-liyane. Wose ngêntèni wangsulan bae dhisik.

Aku ko bungah gone gêlêm lapur barang, ta arani maju, apa ya kuwi jalarane gone arêp mênthungul, marga bab liya-liyane satêmêne nglênthar, apa mung saka wêdine nyang aku? apa mung sênêng dening magêdhene pakumpulan kawruh? Marga ta wakilke kumisi kasusastran barang gêlêm, priye pikirmu? yèn lêstari ngono kêna diarêp-arêp.

2. Sultan Langkat wêktu iki ènèng hotèl kene, gêrah wis têlu têngah taun ora ana dhoktêr sing bisa maluyakake, saiki digarap Sasrakartana, lagi 3 dina wis rumaos mayar, utawa gêbyaring netra ya kêtara bedane karo nalika aku katêmu. Wose yèn aku ngarani MIRIS pênggalihe, dening tau arêp diracun, wonge wis kacêkêl kabèh 6 lan ya wis dibuwang, ning gêtêring panggalih sarta sumêlang isih kandêl dadi upama cara Jawa digurokake supaya bisa sumèlèhing takdir kiraku wis bisa waluya dhewe, ora susah nganggo dhoktêr lan dhukun barang. nyang dhoktêr bae wis êntèk luwih 6000. yèn kowe nonton wujude mêmêlas.

Priye pikirmu, apa ya kaya aku apa ora, kuwi wose yèn mung dilairi bae ora bisa mulya, kudu nganggo batin

Nyêjarahke ugal-ugalane dhoktêr tanah sabrang tumrap bayaran: putrane kanjêng gusti gêrah tipus, garap 3 sasi rèkêninge 3000: sêlire manak, garap 50 dina rèkêninge 2000 enz. enz. Ning apa mangkono kuwi wani nyang bangsane dhewe? ora, marga mêsthi bakal digugat ing pamarentah, wanine ya mung nyang anak bumi lan Cina.

3. Bab wurunge jogedan paris aku tansah nampani atur wilujêng saka golongan Jawa, ana sing tilgram, ana ijoan ana layang, saka ngêndi-êndi, akèh sing aku ora wanuh babarpisan, kabèh mung bêngah lan ngalêmbana bae. Mau bêngi sliringan buta kadhêmên ènèng kongrès B.O. ta tokke bae, wong satêmêne sing gawe ribêtku lan kraton awake, dadi panêmuku kudu ora ta rèwès.

Wis Karya padha slamêt. Salamku.