1931-08-09 - Adiwijaya kepada Karyarujita

Judul
Sambungan
1. 1929-08-16 - Adiwijaya kepada Karyarujita. Kategori: Arsip dan Sejarah > Radya Pustaka.
2. 1931-04-05 - Adiwijaya kepada Karyarujita. Kategori: Arsip dan Sejarah > Radya Pustaka.
3. 1931-06-18 - Adiwijaya kepada Karyarujita. Kategori: Arsip dan Sejarah > Radya Pustaka.
4. 1931-06-30 - Adiwijaya kepada Karyarujita. Kategori: Arsip dan Sejarah > Radya Pustaka.
5. 1931-07-23 - Adiwijaya kepada Karyarujita. Kategori: Arsip dan Sejarah > Radya Pustaka.
6. 1931-07-24 - Adiwijaya kepada Karyarujita. Kategori: Arsip dan Sejarah > Radya Pustaka.
7. 1931-07-29 - Adiwijaya kepada Karyarujita. Kategori: Arsip dan Sejarah > Radya Pustaka.
8. 1931-08-09 - Adiwijaya kepada Karyarujita. Kategori: Arsip dan Sejarah > Radya Pustaka.
9. 1931-08-18 - Adiwijaya kepada Karyarujita. Kategori: Arsip dan Sejarah > Radya Pustaka.
10. 1931-08-23 - Adiwijaya kepada Karyarujita. Kategori: Arsip dan Sejarah > Radya Pustaka.
11. 1931-08-26 - Adiwijaya kepada Karyarujita. Kategori: Arsip dan Sejarah > Radya Pustaka.
12. 1931-09-24 - Adiwijaya kepada Karyarujita. Kategori: Arsip dan Sejarah > Radya Pustaka.
13. 1931-09-26 - Adiwijaya kepada Karyarujita. Kategori: Arsip dan Sejarah > Radya Pustaka.
14. 1931-10-03 - Adiwijaya kepada Karyarujita. Kategori: Arsip dan Sejarah > Radya Pustaka.
15. 1932-01-31 - Adiwijaya kepada Karyarujita. Kategori: Arsip dan Sejarah > Radya Pustaka.
16. 1932-02-10 - Adiwijaya kepada Karyarujita. Kategori: Arsip dan Sejarah > Radya Pustaka.
17. 1932-02-11 - Adiwijaya kepada Karyarujita. Kategori: Arsip dan Sejarah > Radya Pustaka.
18. 1932-02-14 - Adiwijaya kepada Karyarujita. Kategori: Arsip dan Sejarah > Radya Pustaka.
19. 1932-02-20 - Adiwijaya kepada Karyarujita. Kategori: Arsip dan Sejarah > Radya Pustaka.
20. 1932-03-01 - Adiwijaya kepada Karyarujita. Kategori: Arsip dan Sejarah > Radya Pustaka.
21. 1932-08-19 - Adiwijaya kepada Karyarujita. Kategori: Arsip dan Sejarah > Radya Pustaka.
22. Adiwijaya kepada Karyarujita, 1929-32, #395. Kategori: Arsip dan Sejarah > Galeri.
Citra
Terakhir diubah: 09-05-2019

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

1931-08-09 - Adiwijaya kepada Karyarujita: Citra 1 dari 1

Adviseur van het Kraton-Bestuur Surakarta No. 347/82 Solo/Weltevreden, 9-8-1931

Karya,

1. Barêng iki balèkke layange adhimu lan rèngrèng pretalan wis ta sahi, banjur wènèhna Marta supaya dipacak banjur lumêbu DK, ST lan orgaan Narpo, nanging aku supaya dikirimi tik-tikan cara Landa ka 2 utawa 3 arêp konjuk sultan lan Madusuka. yèn ora tik-tikan saka kene tumrap Madusuka mundhak ora lêga.

Yèn kowe maca owah-owahaku banjur dhamang angèle wong mrêtal; ing kono akeh bangêt sing mêngêrtine basa Landa mung saka pangajaran, kurang srawungan karo sing duwe basa, wêkasan ora wêruh ubat-ubêting têmbung. Basa Jawa bae rak ya ngono, upamane: aku mêntas diklènthèng, aku arêp buta cakil, mêntas kêrawuhan kyai agêng enz, yèn golèki woordênbuk mêsti sêpên, wêruhe mung anon tiron sing duwe basa. Ning barêng wis ta owahi kiraku wis ngrêtêkake, tur ya ora nyimpang karo surasaning pidhatoku.

2. Cuwilan koran iki wènèhna Marta supaya disumurupi.

3. Gonmu arêp nyang Widaningratan trima kasih, ning panêmuku ora kêpenak, mundhak duwe rasa yèn aku golèk-golèk. Kuwi bênêre saka dayane pangowêle kamas nyang sawijining wong kang nelake rumêksa nyang bapak ratune, budidaya supaya wong mau bisane slamêt, tur lêstari bisa rumêksa. Kèri-kèri ora krêsa, ya wis mupus, puluh-puluh lagi mung kudu samene lêlakonku ...

4. Wingi nampani wadul saka kamas gone sampeyan dalêm rumasa disawiyah dening utusan golèk rêca banjur ènèng layang saka gupênuran nglantarke layange panggêdhe candhi rêca Yoja, nyuwun dijaga pulisi supaya candhine aja kongsi ènèng sing diowah-owah utusan dalêm. Wadul mau rak duwe têgês supaya ta mrina saka kene, mula ya wis ta tindakke saprêlune. Putusane:

a. panggêde candhi Yoja disrêngêni,

b. panggêde candhi Hindia bakal nyuwun pangapura

c. gupênur disrêngêni dene ènèng layang sing sarupa njamah asma dalêm ngono mung dilanturake bae tanpa nganggo dipikir bêbacutane.

Karya, kowe mêsthine ngêrti, samangsa gupênur mau katiban dêduka, mêsthine banjur graita bae yèn asline ora liya mung saka aku, dening sing dêdunung ènèng suwargan mung aku dhewe. Kuwi yèn ora duwe dhêdhasar budi ngadil lan rumangsan, mêsthine golèk jalaran malês ukum, mangka mangkono iku tumrap gupênur ènèng Surakarta gampang bangêt, janji malik ilat wadul mlêbu yèn aku kuwi sawijining putra dalêm sing nyumêlangi, wis banjur tanpa urusan, adate aku sing kete. Kuwi yèn wong jêro, sing angka siji kamas, ora rumangsa, aku wani totohan bok ya sabêjading jagad yèn nganti ènèng wong sudi mrina! Bab iki rasanana karo adhimu.

Balèni bab rêca. Satêmêne sing salah ya jêro, dening jupuki rêca tanpa nganggo prasabên karo sing duwe rêrêksan, têmbunge kasar SLUMAN SLUMUN, dhèk biyèn karo musium - kowe rak eling yèn panjupukke rêca samana tanpa prasabên pangarsa - têke dhewe ora ana wong wani cêmuwit, barang[1] saiki tumanduk dudu batur, kêtanggor pacak. Mula mula Karya, wis kaping pira ta lihku kandha, kabèh tindake kuwi mung ngarah apa, mula ya mung tansah kasurang-surang bae.

4. Sesuk aku pidhato manèh bagian B.B. yèn Marta ora cekat-cèkêt bakal tansah katungka bae, kurang kapenak, marga yèn kuwowogên sok wêgah.

Wis Karya padha slamêt. Salamku.

 


barêng. (kembali)