1931-06-30 - Adiwijaya kepada Karyarujita

Judul
Sambungan
1. 1929-08-16 - Adiwijaya kepada Karyarujita. Kategori: Arsip dan Sejarah > Radya Pustaka.
2. 1931-04-05 - Adiwijaya kepada Karyarujita. Kategori: Arsip dan Sejarah > Radya Pustaka.
3. 1931-06-18 - Adiwijaya kepada Karyarujita. Kategori: Arsip dan Sejarah > Radya Pustaka.
4. 1931-06-30 - Adiwijaya kepada Karyarujita. Kategori: Arsip dan Sejarah > Radya Pustaka.
5. 1931-07-23 - Adiwijaya kepada Karyarujita. Kategori: Arsip dan Sejarah > Radya Pustaka.
6. 1931-07-24 - Adiwijaya kepada Karyarujita. Kategori: Arsip dan Sejarah > Radya Pustaka.
7. 1931-07-29 - Adiwijaya kepada Karyarujita. Kategori: Arsip dan Sejarah > Radya Pustaka.
8. 1931-08-09 - Adiwijaya kepada Karyarujita. Kategori: Arsip dan Sejarah > Radya Pustaka.
9. 1931-08-18 - Adiwijaya kepada Karyarujita. Kategori: Arsip dan Sejarah > Radya Pustaka.
10. 1931-08-23 - Adiwijaya kepada Karyarujita. Kategori: Arsip dan Sejarah > Radya Pustaka.
11. 1931-08-26 - Adiwijaya kepada Karyarujita. Kategori: Arsip dan Sejarah > Radya Pustaka.
12. 1931-09-24 - Adiwijaya kepada Karyarujita. Kategori: Arsip dan Sejarah > Radya Pustaka.
13. 1931-09-26 - Adiwijaya kepada Karyarujita. Kategori: Arsip dan Sejarah > Radya Pustaka.
14. 1931-10-03 - Adiwijaya kepada Karyarujita. Kategori: Arsip dan Sejarah > Radya Pustaka.
15. 1932-01-31 - Adiwijaya kepada Karyarujita. Kategori: Arsip dan Sejarah > Radya Pustaka.
16. 1932-02-10 - Adiwijaya kepada Karyarujita. Kategori: Arsip dan Sejarah > Radya Pustaka.
17. 1932-02-11 - Adiwijaya kepada Karyarujita. Kategori: Arsip dan Sejarah > Radya Pustaka.
18. 1932-02-14 - Adiwijaya kepada Karyarujita. Kategori: Arsip dan Sejarah > Radya Pustaka.
19. 1932-02-20 - Adiwijaya kepada Karyarujita. Kategori: Arsip dan Sejarah > Radya Pustaka.
20. 1932-03-01 - Adiwijaya kepada Karyarujita. Kategori: Arsip dan Sejarah > Radya Pustaka.
21. 1932-08-19 - Adiwijaya kepada Karyarujita. Kategori: Arsip dan Sejarah > Radya Pustaka.
22. Adiwijaya kepada Karyarujita, 1929-32, #395. Kategori: Arsip dan Sejarah > Galeri.
Citra
Terakhir diubah: 09-05-2019

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

1931-06-30 - Adiwijaya kepada Karyarujita: Citra 1 dari 1

Adviseur van het Kraton-Bestuur Surakarta No. 266/79 Weltevreden, 30 Juni 1931

Karya;

1. Èlèke wong lalèn; hla wong gonku ngaya-aya kêtêmu kowe kuwi arêp rêrêmbugan bab SENAPATI lan PATIH kok barêng katêmu ilang babarpisan. Wose jalukaku ngene:

Sing nyêbutke adêging praja kudu sarana: patih, senapati, jaksa brahmana (pêngulu) pujangga, iku layang apa, sarta pinta2ne priye, wujude apa papat pisan mau drajade padha apa ora. Raja Kapa-kapa ora nyêbutke mung nêgêsi siji-sijining sêsêbutan lan tanjaning sêmbah, tur yèn kiraku layang mau ênom bangêt, tandhane gone nêgêsi mantri wis oncat karo nalika jaman Mataram: man = luhur, tri = 3 dadi bêbudèn luhur têtêlu. Nalika Mataram munggah ora ngana, kuwi têmbung Sangsêkrit têgêse paranpara, wong kang pinitaya, têkaning nêgara Cina dadi mandaring, têkaning Eropah dadi ministêr, dadi sêjatine pangkat gêdhe bangêt, mung têkaning tanah Jawa mlorot bangêt, saya saiki sansaya tanpa aji, wujude nganti ana mantri KAKUS, mantri TAI enz.

Kabèh sasurupan bab kuwi klumpukna kabèh, besuk Sêtu yèn aku mulih wènèhna, ning sing pêpak, marga notaku ta angkah sing nganti pantês diwaca sapa2, nganggo tuladan ngêndi-ngêndi. Aku Sêtu mulih, bêngine jam 7 prêpatan ngabean, Akad esuk jam 9 prêpatan bale agung ènèng Ngadijayan, Akad sore jam 7 prêpatan bab têtêmpuh ènèng Patihan, Sênèn esuk mulih kaya adat, marga Rêbo wiwit prêpatan umum. Slasane awan diulêmi mangan ènèng kungsulan prasman. Dadi katêmumu aku bisane tanak malam Akad bae jam 9 sabubare ngabean, ngêntènana ènèng ngomah.

2. Bokmanawa kowe wis krungu yèn komite tentoonstelling Paris kuwalat aku, wujude nalika malêm Slasa wingi jam 4 esuk, omah tentoonstelling kobong êntèk-êntekan, ora ènèng barang saimit kang kèri. Dadi Radya ya milu kelangan dening gone nyilihke wayang bèbèr: nanging yèn ko-tandhing karo karugiane genootsekap durung sapara yutane. Aku takon dhirèktur sing dikirimke kira-kira ènèng kêrtaaji samliyun, êntèk babarpisan ...

Wujude wong mlaku bênêr Karya, kok bisa dayani samono ...

3. Besuk êmbèn aku ngalih omah ènèng Gang Secretarie no. 3 pavaljun, ènèng kene ora krasan têtanggan karo nyonyah sing luwih judhas; sanajan nyang aku mêsthine ora barang-barang, ning mung ngrungu gone mung tansah nêsu bae kok wis sêmpêlah.

4. Kongkonana nyang gone êncik, kon ngangkah, besuk Sêtu yèn aku mulih, cape supaya wis rampung dadi kêna ta cangking.

5. Rawita dhawuhana ngladèkke rêca garapane.

6. Dara-dara dhawuhana mêthuk kaya adat.

7. Yèn kowe ngadhêp ngajaka kamasmu, Insa karo anake.

Wis Karya, padha slamêt.

Salam.