1931-09-24 - Adiwijaya kepada Karyarujita

Judul
Sambungan
1. 1929-08-16 - Adiwijaya kepada Karyarujita. Kategori: Arsip dan Sejarah > Radya Pustaka.
2. 1931-04-05 - Adiwijaya kepada Karyarujita. Kategori: Arsip dan Sejarah > Radya Pustaka.
3. 1931-06-18 - Adiwijaya kepada Karyarujita. Kategori: Arsip dan Sejarah > Radya Pustaka.
4. 1931-06-30 - Adiwijaya kepada Karyarujita. Kategori: Arsip dan Sejarah > Radya Pustaka.
5. 1931-07-23 - Adiwijaya kepada Karyarujita. Kategori: Arsip dan Sejarah > Radya Pustaka.
6. 1931-07-24 - Adiwijaya kepada Karyarujita. Kategori: Arsip dan Sejarah > Radya Pustaka.
7. 1931-07-29 - Adiwijaya kepada Karyarujita. Kategori: Arsip dan Sejarah > Radya Pustaka.
8. 1931-08-09 - Adiwijaya kepada Karyarujita. Kategori: Arsip dan Sejarah > Radya Pustaka.
9. 1931-08-18 - Adiwijaya kepada Karyarujita. Kategori: Arsip dan Sejarah > Radya Pustaka.
10. 1931-08-23 - Adiwijaya kepada Karyarujita. Kategori: Arsip dan Sejarah > Radya Pustaka.
11. 1931-08-26 - Adiwijaya kepada Karyarujita. Kategori: Arsip dan Sejarah > Radya Pustaka.
12. 1931-09-24 - Adiwijaya kepada Karyarujita. Kategori: Arsip dan Sejarah > Radya Pustaka.
13. 1931-09-26 - Adiwijaya kepada Karyarujita. Kategori: Arsip dan Sejarah > Radya Pustaka.
14. 1931-10-03 - Adiwijaya kepada Karyarujita. Kategori: Arsip dan Sejarah > Radya Pustaka.
15. 1932-01-31 - Adiwijaya kepada Karyarujita. Kategori: Arsip dan Sejarah > Radya Pustaka.
16. 1932-02-10 - Adiwijaya kepada Karyarujita. Kategori: Arsip dan Sejarah > Radya Pustaka.
17. 1932-02-11 - Adiwijaya kepada Karyarujita. Kategori: Arsip dan Sejarah > Radya Pustaka.
18. 1932-02-14 - Adiwijaya kepada Karyarujita. Kategori: Arsip dan Sejarah > Radya Pustaka.
19. 1932-02-20 - Adiwijaya kepada Karyarujita. Kategori: Arsip dan Sejarah > Radya Pustaka.
20. 1932-03-01 - Adiwijaya kepada Karyarujita. Kategori: Arsip dan Sejarah > Radya Pustaka.
21. 1932-08-19 - Adiwijaya kepada Karyarujita. Kategori: Arsip dan Sejarah > Radya Pustaka.
22. Adiwijaya kepada Karyarujita, 1929-32, #395. Kategori: Arsip dan Sejarah > Galeri.
Citra
Terakhir diubah: 09-05-2019

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

1931-09-24 - Adiwijaya kepada Karyarujita: Citra 1 dari 1

Adviseur van het Kraton-Bestuur Surakarta No. 468/85 Solo/Weltevreden, 24-9-1931

Karya,

1. Bungah dene poordrae Kadga bisa bêcik: yèn salugune awake ki rak ya ewon akèh kawruhe, ning rada dhèglèng, dadi apa sing dicakke katon nglêmpara lan tanpa wêwaton; dene sing ta' dhêmêni "nurutan lan ora sêrikan atèn".

2. Layang saka Boswinkel wose awèh wêruh yèn arêp nganyarke woordenlijst sing nêmbe diwêtokke, jaluk pitulungan Radya supaya muwuhi lan ngorèksi kaya sing wis, nanging mung dikon milih bab apa sing diputusi: kaya ta bab bathik, kaanan kraton lan sapêpadhane. Prayoga disaguhi, sarta ya wis milih kaanan kraton lan bathik kuwi bae sing tumrape Radya mêsthi luwih têrang katimbang ngindi-ngindi; mung supaya dhamange, Moody bae konên ngliling sadurunge diprêpat, dadi ènènge prêpatan jur bisa putus. yèn Marta pancèn bênêr kurang bangêt Landane, mula bêcik Moody bae, anane aku sok mènèhke prêtalan mrono kuwi wose rak Jawane.

3. Barang-barang kuna dagangan sidane priye kok banjur tanpa wasana.

4. Ènèng kene sanajan kalamangsa kêtêmu pawong mitran, ning mêksa akèh ngasone, jalaran pancèn ngangkah ngaso, dene hawane ewon ora panas, mula ya krasan bae, toor omahe mantu wis ngalih luwih gêdhe katimbang sing wis, cêpuri luwih amba, angine mung tansah mlebu ngomah, ora kaya sing dhisik: cilik, ora duwe latar, tanpa angin, dadi rasane sumingêp bangêt.

5. Besanku larane saya rêkasa, wis akèh mranane ning kok ora jêngkar-jêngkar dadi rumangsaku ya malah mêmêlas, disiksa sing tanpa upama. Mantu wiwit Slasa kongsi saprene isih ènèng Pasuruan, mêngko awan mulih sadhela banjur bali manèh, samono mau yèn ora wis kêbanjur, ning nalare ora, marga saprene, iki wis jam 9 esuk, aku mêksa durung olèh intêrlokaal, dadi rak trêsandha yèn durung mancal. Wujude saiki Ngadijayan ngalih.

6. Wingi nampani layang saka Rijksraad samangsa aku wis mulih diundang supaya nêrangke bab cara-carane Federasi; manawa arêp kanggo lêlimbangan kaanane prêpatan sasèn para karajan papat iku.

Hlo Karya, udhang-udhêng jèlunge kok ya nyang gonku, andèknên yèn aku duwe ada barang-barang kok mêsthi dicacat diwaoni; yèn aku nampani pêngalêm kok dipanasi; yèn aku kabênêran panjambutgaweku kok ora diketokke Ning ya wis Karya, nrima bae dhisik, bokmênawa têmbe ana sing ngêtokke.

7. Yèn awèh layang manèh capana Dienst, yèn pancèn ngrêmbug pagawean, marga miturut pranatan, wênangmu nulisi nyang aku nganggo Dienst iku ora diwatêsi panganggone, dadi sanajan aku lagi pinuju ènèng Acih, Borneo enz janji isih ènèng wêwêngkon India, isih kêna.

Wis padha slamêt. Salamku.