1932-03-01 - Adiwijaya kepada Karyarujita

Judul
Sambungan
1. 1929-08-16 - Adiwijaya kepada Karyarujita. Kategori: Arsip dan Sejarah > Radya Pustaka.
2. 1931-04-05 - Adiwijaya kepada Karyarujita. Kategori: Arsip dan Sejarah > Radya Pustaka.
3. 1931-06-18 - Adiwijaya kepada Karyarujita. Kategori: Arsip dan Sejarah > Radya Pustaka.
4. 1931-06-30 - Adiwijaya kepada Karyarujita. Kategori: Arsip dan Sejarah > Radya Pustaka.
5. 1931-07-23 - Adiwijaya kepada Karyarujita. Kategori: Arsip dan Sejarah > Radya Pustaka.
6. 1931-07-24 - Adiwijaya kepada Karyarujita. Kategori: Arsip dan Sejarah > Radya Pustaka.
7. 1931-07-29 - Adiwijaya kepada Karyarujita. Kategori: Arsip dan Sejarah > Radya Pustaka.
8. 1931-08-09 - Adiwijaya kepada Karyarujita. Kategori: Arsip dan Sejarah > Radya Pustaka.
9. 1931-08-18 - Adiwijaya kepada Karyarujita. Kategori: Arsip dan Sejarah > Radya Pustaka.
10. 1931-08-23 - Adiwijaya kepada Karyarujita. Kategori: Arsip dan Sejarah > Radya Pustaka.
11. 1931-08-26 - Adiwijaya kepada Karyarujita. Kategori: Arsip dan Sejarah > Radya Pustaka.
12. 1931-09-24 - Adiwijaya kepada Karyarujita. Kategori: Arsip dan Sejarah > Radya Pustaka.
13. 1931-09-26 - Adiwijaya kepada Karyarujita. Kategori: Arsip dan Sejarah > Radya Pustaka.
14. 1931-10-03 - Adiwijaya kepada Karyarujita. Kategori: Arsip dan Sejarah > Radya Pustaka.
15. 1932-01-31 - Adiwijaya kepada Karyarujita. Kategori: Arsip dan Sejarah > Radya Pustaka.
16. 1932-02-10 - Adiwijaya kepada Karyarujita. Kategori: Arsip dan Sejarah > Radya Pustaka.
17. 1932-02-11 - Adiwijaya kepada Karyarujita. Kategori: Arsip dan Sejarah > Radya Pustaka.
18. 1932-02-14 - Adiwijaya kepada Karyarujita. Kategori: Arsip dan Sejarah > Radya Pustaka.
19. 1932-02-20 - Adiwijaya kepada Karyarujita. Kategori: Arsip dan Sejarah > Radya Pustaka.
20. 1932-03-01 - Adiwijaya kepada Karyarujita. Kategori: Arsip dan Sejarah > Radya Pustaka.
21. 1932-08-19 - Adiwijaya kepada Karyarujita. Kategori: Arsip dan Sejarah > Radya Pustaka.
22. Adiwijaya kepada Karyarujita, 1929-32, #395. Kategori: Arsip dan Sejarah > Galeri.
Citra
Terakhir diubah: 09-05-2019

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

1932-03-01 - Adiwijaya kepada Karyarujita: Citra 1 dari 1

No. 135/94 Bt., 1-3-'32

Karya;

1. Layangmu wis kêtampan. Barêng iki ngirimke buku-buku, Persoverzich t nyang simpênamu, Wereldnieus nyang putumu dara Sri, liyane Pak Bèi.

2. Programaku bubrah, dening diintêrlokaal dijak prêpatan bab tatanan plinggihan sadurunge tanggal ping 10, marga tanggale ping 10 arêp dirêmbug karo para gupênur. Awit saka iku rancangan Surabaya ta' burke; ngangkah mulih Akad ping 6, Sênèn sore prêpatan karo netral, yèn bisa sabubare prêpatan patihan nyang Surabaya. Dadi yèn bisa prêlokna Akad sore kêtêmu, ngajaka Marta, aku wis kangên gotran.

3. Prêkara têdhak Yoja aku gêla bangêt. Mirit pratelan saka nêgara diaturi disuguh wayang wong, wusanane koran Landa nyêbutke, yèn wayang wong mau minangka kurmatan pamitane Residhèn Westraprêlop nyang Eropah; sampeyan dalêm diaturi jênêngi.

Rèhne kaanan ngono kuwi ora dadèkke sênêngku, dening ratu kok mung dianggo sambèn bae, utawa cilike kanggo gêdhèn-gêdhèn gone ngurmati residhèn, aku jur mriyogakke Kamas, supaya aja kongsi têdhak. Miturut wangsulane Kamas ya wis banjur dilantarke nyang Wida; wusanane êmbuh ...

4. Bab paring dalêm 10.000 sabên sasi nyang nêgara iku minangka paring dalêm urunan gone nêgara wêktu iki kêmlaradan jalaran saka pajêg-pajêg ondêrnèming mogok tuwuh saka ora payuning dagangan. Rèhne para ratu ngêndi-êndi padha paring sudan dhahare: K. Raja paring 15 prêsèn, Raja Inggris paring 20 prêsèn enz, maspati MN 10 prêsèn, karêpe simbah sarujuk karo patih, dhuwit sing konjuk sabên sasi ya arêp disuda 10 prêsèn; kraton gondhèli, dening dhuwit mau ora sumurup pêpancèn dalêm, nanging pajêg warna-warna, mula banjur diingêr, maringi urunan bae 10.000 mau. yèn ora ngono bisa uga dijiyat guprêmèn, oranea dadi swara kurang prayoga.

Guprêmèn ramtamane adat 500 yuta, mirit kaanane bakal kurang 112 yuta, dadi kapêksa grèsèk-grèsèk, diwujudke undhakan pajêg lan sapêpadhane. Dadi glèthèk pêthèle sing kataman ribêt ya kawula; samono uga ing bawah dalêm, mêsthine ya bakal diundhakke pajêge.

5. Gupênur ènèng hotèl kene, kok bisa kandha yèn jêro mundhut sêlir anyar, bok ya coba takon adhimu, aku kok ora krungu barang-barang.

6. Uga barêng iki rêmbug-rêmbug bab vorstenlanden tunggale sing wis ta' kirimke ning wis ta dadèkke siji, banjur wènèhna Gitapura supaya dipacak, kajaba kuwi takokna, apa sababe sing dhisik durung mêtu, samono uga takon nyang Marta, aku ko ing DK lan ST ora mrangguli.

7. Lêsana mêntas gawe karangan apa ènèng DK têka dikrawus Sth nganti akèh-akèh; mirit surasane kana ora ngluputke aku, wis adate Lêsana sok ora nganggo êmpan papan, mung diokoli bae, tur kêrêp tanpa pasêksèn kawruh sing absah. Mula aku nyang koran Jawa ki ya wis gêla, sing akèh dhêmên muni ning tanpa landhêsan, dadi rak mung ngayawara jênênge.

Wis Karya padha slamêt, besuk Akad sore wis katêmu manèh.

Salamku.