1931-08-26 - Adiwijaya kepada Karyarujita

Judul
Sambungan
1. 1929-08-16 - Adiwijaya kepada Karyarujita. Kategori: Arsip dan Sejarah > Radya Pustaka.
2. 1931-04-05 - Adiwijaya kepada Karyarujita. Kategori: Arsip dan Sejarah > Radya Pustaka.
3. 1931-06-18 - Adiwijaya kepada Karyarujita. Kategori: Arsip dan Sejarah > Radya Pustaka.
4. 1931-06-30 - Adiwijaya kepada Karyarujita. Kategori: Arsip dan Sejarah > Radya Pustaka.
5. 1931-07-23 - Adiwijaya kepada Karyarujita. Kategori: Arsip dan Sejarah > Radya Pustaka.
6. 1931-07-24 - Adiwijaya kepada Karyarujita. Kategori: Arsip dan Sejarah > Radya Pustaka.
7. 1931-07-29 - Adiwijaya kepada Karyarujita. Kategori: Arsip dan Sejarah > Radya Pustaka.
8. 1931-08-09 - Adiwijaya kepada Karyarujita. Kategori: Arsip dan Sejarah > Radya Pustaka.
9. 1931-08-18 - Adiwijaya kepada Karyarujita. Kategori: Arsip dan Sejarah > Radya Pustaka.
10. 1931-08-23 - Adiwijaya kepada Karyarujita. Kategori: Arsip dan Sejarah > Radya Pustaka.
11. 1931-08-26 - Adiwijaya kepada Karyarujita. Kategori: Arsip dan Sejarah > Radya Pustaka.
12. 1931-09-24 - Adiwijaya kepada Karyarujita. Kategori: Arsip dan Sejarah > Radya Pustaka.
13. 1931-09-26 - Adiwijaya kepada Karyarujita. Kategori: Arsip dan Sejarah > Radya Pustaka.
14. 1931-10-03 - Adiwijaya kepada Karyarujita. Kategori: Arsip dan Sejarah > Radya Pustaka.
15. 1932-01-31 - Adiwijaya kepada Karyarujita. Kategori: Arsip dan Sejarah > Radya Pustaka.
16. 1932-02-10 - Adiwijaya kepada Karyarujita. Kategori: Arsip dan Sejarah > Radya Pustaka.
17. 1932-02-11 - Adiwijaya kepada Karyarujita. Kategori: Arsip dan Sejarah > Radya Pustaka.
18. 1932-02-14 - Adiwijaya kepada Karyarujita. Kategori: Arsip dan Sejarah > Radya Pustaka.
19. 1932-02-20 - Adiwijaya kepada Karyarujita. Kategori: Arsip dan Sejarah > Radya Pustaka.
20. 1932-03-01 - Adiwijaya kepada Karyarujita. Kategori: Arsip dan Sejarah > Radya Pustaka.
21. 1932-08-19 - Adiwijaya kepada Karyarujita. Kategori: Arsip dan Sejarah > Radya Pustaka.
22. Adiwijaya kepada Karyarujita, 1929-32, #395. Kategori: Arsip dan Sejarah > Galeri.
Citra
Terakhir diubah: 09-05-2019

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

1931-08-26 - Adiwijaya kepada Karyarujita: Citra 1 dari 1

Adviseur van het Kraton-Bestuur Surakarta No. 400/83 Solo/Weltevreden, 26-8-1931

Karya;

1. Barêng iki sambungane pidhato sing wis ta' kirimke wingine ning durung rampung babarpisan, mung tinimbang mung ngorok ènèng kene bae luwih bêcik ta' kirimke kêna dicicil: banjur wènèhna Marta supaya dirampingke.

2. Awakku isih durung waras, tandhane sabên wanci kumat ya isih lêsu sarta pikiran ilang; mangka lih digarap dhoktêr wis watara 9 dina. Mung ati ta' sèlèhke dening lagi nuptune mangkono, mula aku kuwi sajêge lara ora tau kawoworan maras.

3. Prêkara maras. Parikrangkungan turah mrene digarap dhoktêr gone lara maras wis wiwit taun 21, gone ngihtiari wis êntèk pirang-pirang èwu ora katara tulung. Dene sababe lucu bangêt. Awake teosopi anyaran dikon sinau sêmadi, lagi ngono krungu swara jugur kaya mriyêm, gragapan ati gêtêr pikiran kuwur. Kuwi banjur saprene kêrêp angot. Rak ya lucu banget ta. Mangka yèn adat Jawa sirku mating-ngamat[1] iku wong sêmadi, yèn wis bisa liyêp layaping ngaliyup wis ora ana sing ngungkuli, awake kok malah bubrah dadi lan larane nganti 12 taun, rak ya anèh ta. Wêrna-wêrnaning jagad Karya ...

Mulaane saiki rak saya cêtha wela-wela yèn jêmbar iku akèh bangêt paidahe, mula tujuku kuwi biyèn mula jêmbarke sêsurupane para mitra darma, sing kliru surup rumangsane mung kumintêr, kumaki ...

4. Ènèng lêlakon anèh manèh, lagi krungu wingi.

Nalika aku arêp prêpatan kumisi têtêmpuh rak prêpatan ènèng ngabean ngrêmbug bakal sanguku, aku nganggo akon Roodenburg supaya gawe nota pêthikan saka nota kene; wis klakon ya banjur dirêmbug. Wusana esuke kanjêng nyang gupênuran lapur yèn mêntas prêpatan ènèng ngabean sarta nyaosake nota Roodenburg mau. Aku ora nglêgewa babarpisan; barêng têkan kene awake pidhato nganggo wêwaton nota Roodenburg mau, ta' lirik jêbul ora kliru sing diadhêp nota mau.

Barêng Roodenburg ta' urus ngojahke kaya kasbut dhuwur, malah awake banjur ditarik gupênur prêlu dialêmbana gone gawe nota kaya sire. Wangsulane bungah dialêm, ning sêjatine nota iku sing digawèkke aku, dudu gupênur lan dudu sapa-sapa manèh.

Suwe-suwe aku kok rumasa kajêpit Karya, gèk joor priye bakal bêbacutane pangrêksaku Kraton: kuwi mung sing aku bisa wêruh bae, gèk sing aku ora wêruh mêsthine rak ya isih akèh. Wujude nêgara yèn lagi tampa bêbênduning Pangeran ...

Rasanana karo Bagus, priye panêmune.

5. Bab lêsing rèhne Bratana mopo ya wis, Katga bae bacutna, ya wis mung tinimbang ora; ewadene ya wêlingên supaya ngati-ati. Barêng iki balèkke layang-layang sarta banjur pikirên sapa bakal sing poordrah burine.

Wis padha slamêt.

Salamku.

 


mating-lêmat. (kembali)