1931-07-23 - Adiwijaya kepada Karyarujita

Judul
Sambungan
1. 1929-08-16 - Adiwijaya kepada Karyarujita. Kategori: Arsip dan Sejarah > Radya Pustaka.
2. 1931-04-05 - Adiwijaya kepada Karyarujita. Kategori: Arsip dan Sejarah > Radya Pustaka.
3. 1931-06-18 - Adiwijaya kepada Karyarujita. Kategori: Arsip dan Sejarah > Radya Pustaka.
4. 1931-06-30 - Adiwijaya kepada Karyarujita. Kategori: Arsip dan Sejarah > Radya Pustaka.
5. 1931-07-23 - Adiwijaya kepada Karyarujita. Kategori: Arsip dan Sejarah > Radya Pustaka.
6. 1931-07-24 - Adiwijaya kepada Karyarujita. Kategori: Arsip dan Sejarah > Radya Pustaka.
7. 1931-07-29 - Adiwijaya kepada Karyarujita. Kategori: Arsip dan Sejarah > Radya Pustaka.
8. 1931-08-09 - Adiwijaya kepada Karyarujita. Kategori: Arsip dan Sejarah > Radya Pustaka.
9. 1931-08-18 - Adiwijaya kepada Karyarujita. Kategori: Arsip dan Sejarah > Radya Pustaka.
10. 1931-08-23 - Adiwijaya kepada Karyarujita. Kategori: Arsip dan Sejarah > Radya Pustaka.
11. 1931-08-26 - Adiwijaya kepada Karyarujita. Kategori: Arsip dan Sejarah > Radya Pustaka.
12. 1931-09-24 - Adiwijaya kepada Karyarujita. Kategori: Arsip dan Sejarah > Radya Pustaka.
13. 1931-09-26 - Adiwijaya kepada Karyarujita. Kategori: Arsip dan Sejarah > Radya Pustaka.
14. 1931-10-03 - Adiwijaya kepada Karyarujita. Kategori: Arsip dan Sejarah > Radya Pustaka.
15. 1932-01-31 - Adiwijaya kepada Karyarujita. Kategori: Arsip dan Sejarah > Radya Pustaka.
16. 1932-02-10 - Adiwijaya kepada Karyarujita. Kategori: Arsip dan Sejarah > Radya Pustaka.
17. 1932-02-11 - Adiwijaya kepada Karyarujita. Kategori: Arsip dan Sejarah > Radya Pustaka.
18. 1932-02-14 - Adiwijaya kepada Karyarujita. Kategori: Arsip dan Sejarah > Radya Pustaka.
19. 1932-02-20 - Adiwijaya kepada Karyarujita. Kategori: Arsip dan Sejarah > Radya Pustaka.
20. 1932-03-01 - Adiwijaya kepada Karyarujita. Kategori: Arsip dan Sejarah > Radya Pustaka.
21. 1932-08-19 - Adiwijaya kepada Karyarujita. Kategori: Arsip dan Sejarah > Radya Pustaka.
22. Adiwijaya kepada Karyarujita, 1929-32, #395. Kategori: Arsip dan Sejarah > Galeri.
Citra
Terakhir diubah: 09-05-2019

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

1931-07-23 - Adiwijaya kepada Karyarujita: Citra 1 dari 1

Adviseur van het Kraton-Bestuur Surakarta No. 308/80 Solo/Weltevreden, 23-7-l931

Karya;

1. Layangmu wis kêtampan, bênêr, pola bathikan pancèn disilih departêmèn malah aku wêruh dununge, ènèng Surachman, mula tulisana bae ta, wose yèn wis ora kanggo dijaluk bali, marga akèh sing padha butuhake, dene ngalamate: Ir. R. Surachman, Batikconsulent, Jokja.

2. Barêng iki ngirimke wangsulane wakil pamarentah, mangsuli pidhatoku, wènèhna Marta supaya dijawakke lan tumuli dibalèkke sarta dipacak ing DK utawa ST lan orgaan Narpo. Sing dhisik ya durung bali. Mung sarèhne kuwi babagan gawat, supaya cocok tênan karo karêpku, rèng-rènge dikirimna mrene dhisik ta lilinge.

3. Pangarêp2e dituruti panjalukku satêmêne mung sathithik bangêt, ewadene aku ora cilik atiku dening rêmbug sing wis tau diajokke ing volksrad, kuwi ing têmbene mêsthi ènèng wahanane; orane yèn ènèng barang2 aku wis miwiti, dadi upama disanepakke layang ngono, wis gawe babad, mburiku sing bakal bacutake.

Kajaba iku ketoke pangowêlku mênyang kraton, kuwi gêdhe bangêt sawabe, marga upama ènèng sing nêja nyeda ngono ora susah ta wangsuli wis kataman dening rêmbug2 ènèng volksrad dhewe, kêna disanepakke suduk jiwa. Saya tumrap jêro prêlu bangêt wêruh.

4. Pidhatoku mau lan sambung2ane padha ta kirimke Widha supaya konjok[1] pangangihing[2] ati ora liya ya kaya kasêbut dhuwur; beda bangêt Karya, yèn wêruh trajanging sawijining nguwong karo ora; ewadene saupama mêksa ora katrima ya wis ora dadi ngapa: tanjep[3] bêcik iku wis duwe pêpancèn dhewe ...

5. Seje dina ta ngirimke rèng2 mênyang komite tentoonstelling Paris, jaluk ijol wayang bèbèr sing nalare mêsthi katut kobong, supaya ditindakke mudha pangarsa bae. Wêktu iki lagi akèh bangêt pikiran.

6. Apa kowe wis bisa kandha adhimu bab prêpatan têtêmpuh gone gupê ora gênah? sarta adhimu apa wis bisa matur kamas? Aku dhewe saprene durung kobêr lapur, marga pagawean tumpa2; ana ludhange sathithik dene bab bale agung wis rampung, mung kari macak ing plapuran bae, dadi prêpatane manèh isih antarane sasasi êngkas, dadi wis ora susah wira-wiri kaya sing uwis: sayah bangêt Karya.

Mula nalika ènèng sêpur barêngan karo Puspan lan Jayasukirna aku kandha yèn sajatine ta pal, yèn wong jêro mêsthi ora ana wong bisa nindakke kawajibaku: kudu sêntosa pikirane jalaran rêmbugan ènèng volksrad dudu sêmbranan, sêntosa atine supaya yèn ana kalaning katlèyèk ora kuwur utawa nêmu rêribêt ora ngêdhap, sêntosa badane kanggo nêtêpi kawajiban sing satêmêne pancèn abot, dening sabên dina kantoran, tur kala2 nganggo nindakke kawajiban ngomah sing kudu nganggo diulihi. Uniku mau kumaki, ning aku mêksa wani totohan mêsthi ora ana sing bisa nindake.

Êmbuh batine, ning wujude kono ngêgongi.

Kabèh-kabèh ki kok sing digagas mung enek[4] kêpenake bae, ora nganggo mikir ewuh pakewuhe, mêsthi bae yèn gagas enake: sêpur mung kari njingklak, mangan mung kari mangap nganggo imbuh dhuwit kanggo kasênêngan, tur drajade diumbulke. Lakar ya ngono, yèn kêpenake pancèn ya minginke, ning pagaweane ... sarta yèn katlèyèk sapa sing bisa nulungi??????

7. Kowe eling dhèk omong2 ènèng gonku prakara arêp ènèng wakil N.V.V. seba mlêbu tanggamu ora rujuk jur ta saru. Ngono kuwi sapiturute sing ora ta sênêngi. Sakawit N.V.V. dipisuh2i ènèng koran jalaran disingguh[5] ora ngajèni nyang GG, ning wis tiwangsuli,[6] koran-koran sing misuh-koran ya wis ngaku lupute sarta jaluk ngapura; hla, rak wis rampung ta! Kok tanggamu isih arêp dianggo sabab nampik, apa ya muayan????[7]

Wis Karya padha slamêt. Salamku.

 


konjuk. (kembali)
pamanggihing. (kembali)
tanggap/tangkep. (kembali)
enak. (kembali)
sêngguh. (kembali)
diwangsuli. (kembali)
apa ya bênêr/umum/lumrah???? (kembali)