1931-06-18 - Adiwijaya kepada Karyarujita

Judul
Sambungan
1. 1929-08-16 - Adiwijaya kepada Karyarujita. Kategori: Arsip dan Sejarah > Radya Pustaka.
2. 1931-04-05 - Adiwijaya kepada Karyarujita. Kategori: Arsip dan Sejarah > Radya Pustaka.
3. 1931-06-18 - Adiwijaya kepada Karyarujita. Kategori: Arsip dan Sejarah > Radya Pustaka.
4. 1931-06-30 - Adiwijaya kepada Karyarujita. Kategori: Arsip dan Sejarah > Radya Pustaka.
5. 1931-07-23 - Adiwijaya kepada Karyarujita. Kategori: Arsip dan Sejarah > Radya Pustaka.
6. 1931-07-24 - Adiwijaya kepada Karyarujita. Kategori: Arsip dan Sejarah > Radya Pustaka.
7. 1931-07-29 - Adiwijaya kepada Karyarujita. Kategori: Arsip dan Sejarah > Radya Pustaka.
8. 1931-08-09 - Adiwijaya kepada Karyarujita. Kategori: Arsip dan Sejarah > Radya Pustaka.
9. 1931-08-18 - Adiwijaya kepada Karyarujita. Kategori: Arsip dan Sejarah > Radya Pustaka.
10. 1931-08-23 - Adiwijaya kepada Karyarujita. Kategori: Arsip dan Sejarah > Radya Pustaka.
11. 1931-08-26 - Adiwijaya kepada Karyarujita. Kategori: Arsip dan Sejarah > Radya Pustaka.
12. 1931-09-24 - Adiwijaya kepada Karyarujita. Kategori: Arsip dan Sejarah > Radya Pustaka.
13. 1931-09-26 - Adiwijaya kepada Karyarujita. Kategori: Arsip dan Sejarah > Radya Pustaka.
14. 1931-10-03 - Adiwijaya kepada Karyarujita. Kategori: Arsip dan Sejarah > Radya Pustaka.
15. 1932-01-31 - Adiwijaya kepada Karyarujita. Kategori: Arsip dan Sejarah > Radya Pustaka.
16. 1932-02-10 - Adiwijaya kepada Karyarujita. Kategori: Arsip dan Sejarah > Radya Pustaka.
17. 1932-02-11 - Adiwijaya kepada Karyarujita. Kategori: Arsip dan Sejarah > Radya Pustaka.
18. 1932-02-14 - Adiwijaya kepada Karyarujita. Kategori: Arsip dan Sejarah > Radya Pustaka.
19. 1932-02-20 - Adiwijaya kepada Karyarujita. Kategori: Arsip dan Sejarah > Radya Pustaka.
20. 1932-03-01 - Adiwijaya kepada Karyarujita. Kategori: Arsip dan Sejarah > Radya Pustaka.
21. 1932-08-19 - Adiwijaya kepada Karyarujita. Kategori: Arsip dan Sejarah > Radya Pustaka.
22. Adiwijaya kepada Karyarujita, 1929-32, #395. Kategori: Arsip dan Sejarah > Galeri.
Citra
Terakhir diubah: 09-05-2019

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

1931-06-18 - Adiwijaya kepada Karyarujita: Citra 1 dari 1

Adviseur van het Kraton-Bestuur Surakarta No. 245/79 Solo/Weltevreden, 18-6-1931

Karya;

1. Awèh kabar kêslamêtan, sarta dununging dhangkaku: Laan de Bruyn Kops 14, nanging pungkasaning sasi iki ngalih nyang angka 20 isih nunggal lurung, marga ènèng kene kêlarangên, wong ijèn kaya aku omah klêbu mangan enz. 460 sêsasi, dadi sadina rak luwih 15. Anane saiki bisa ènèng kene dening nuju suwung, dadi tumrap sing duwe katimbang ora mêtu dhuwite luwung ditokke nifkahe; bayarku sadina mung sapara 30 ane 250, dadi kurang saka 9 rupiyah. Tumrape kene sak aku murah.

2. Wiwit dina iki wis bisa ngirimke layang dhinês nganggo capmu, sawise arêp nganggo cap adpisir, ning dadak gawe dhisik, mula ya alon-alonan.

3. Kandha Marta aku gêla dene ngarêpke mangkat ora bisa katêmu, mangka besuk ping 27 mulih sawêngi kanggo prêpatan, dadi yèn arêp katêmu supaya nyang sêpur bae, baliku Akad esuk. Kowe ya mrêlokna.

4. Arêp gawe nota bab lêlinggihane kumandhan prajurit, ning wadi dadi aja kok go rasanan; jaluk prabot ing layang apa kang nyabutke senapati iku? kaya ta eling-elingan Sruti, of Waduaji nyêbutke adêging praja kudu nganggo: patih, pangula[1] (brahmana) jaksa, senapati; pratelakna kalayan cêkakan bae, layange sarta unine, ning kapara akèh bae supaya ora ngociwani.

Wose ana swara yèn tanggamu linggihe jaluk nuwèki putra dalêm, marga payunge wis padha karo bêkêl pangeran -kuwi wahanane wong ora dhahar pamrayoga bêcik, biyèn kamas lan patih wis duwa bangêt, ning ora kagêm- aku ora mufakat alêsan wujude saiki baku staatsrecht, nanging bisaku ngono yèn wis olèh wêwaton kuna saka layang-layang, dhisik; mula tumuli kirimana. Tur panggarapku ya mung yèn nuju nganggoor, ewadene yèn prabot wis ènèng ngarêpku rasaning ati ayêm. Besuk babarane ta pamèri.

5. Ada-adaku gonku arêp mènèhi pangkat militèr rebos wis jênêng rampung, mung kari nglakokke layang pamundhut dalêm opisil. Wujude rebos rèhne suwitane wis suwe, kêpengin didadèkke opsir prajurit, supaya bisa woworan linggih karo para priyayi, ning ta pikir pakewuh yèn mung banjur dipituruti bae, têmbe yèn ènèng prêkara mung arêp ora sagêd sare karo kalingsêman bae: banjur ta rêmbug kene partikêlir, wis ora ana pakewuhe, wingi angkate layangku plapuran nyang Sumayudan, ning aja kok go saranan dhisik.

Hla Karya, bangsane kaya ngono kuwi sing aku kuwi ora gampang diijoli, marga dudu volksrad, dudu pasinaon, mung saka kêprigêlan lan jêmbaring pasaban. Andèkpuna kraton durung krasa. Mula besuk yèn wis kêlakon omonga karo adhimu supaya matur kamas, bèn saya krasa ...

6. Nalika pamitan gupênur wadul, yèn nalika aku dibênum dadi lid komite tentoonstelling paris, ana nawala dalêm dêduka dening pabênume ora sarêmbug dhisik - pakêdhongane upama rêmbugan mêsthine arêp ora rujuk, jur ngêculke sing dadi kêparênge dhewe! -ta wangsuli, wose pamanggih dalêm mau kliru, marga sing diangkat dudu Pangeran Adijaya, lid volksrad Adijaya, kuwi ora ènèng wêwêngkon dalêm. Amarga yèn dibacut2ke, upama aku kêtrima diganjar bintang; diutus nyang Eropah sinau bab parlêmèn ing kana, apa ya arêp ora diparêngke? langka toh! Bacute manèh, upama aku diwakilke volksrad nyang Amerika, apa ya kudu nganggo tarèn nyang Solo dhisik: apa sirmu volksrad gêlêm dipacuhi ngono?. Jêjêr ki lih mêsthi klèru Karya, hla gèk priye bisane mênang rêmbugan karo wong liya? Mula bab iki aku ya lapur kamas, tur dawa, supaya digaleh saprêlune, marga kuwi jênêng SLURA-SLURU, ngatasing ratu rak ya kuciwa bangêt! yèn bab iki aku olèh kowe caturan karo adhimu, janjine aja kandha yèn kowe wêruh gonku ngaturi layang, sarta kandhaa ta waduli ijêman nalika ènèng sêpur arêp mangkatku.

Wis Karya padha slamêt, tumuli mangsulana sarta awèh kabar.

 


pangulu. (kembali)