1931-08-23 - Adiwijaya kepada Karyarujita

Judul
Sambungan
1. 1929-08-16 - Adiwijaya kepada Karyarujita. Kategori: Arsip dan Sejarah > Radya Pustaka.
2. 1931-04-05 - Adiwijaya kepada Karyarujita. Kategori: Arsip dan Sejarah > Radya Pustaka.
3. 1931-06-18 - Adiwijaya kepada Karyarujita. Kategori: Arsip dan Sejarah > Radya Pustaka.
4. 1931-06-30 - Adiwijaya kepada Karyarujita. Kategori: Arsip dan Sejarah > Radya Pustaka.
5. 1931-07-23 - Adiwijaya kepada Karyarujita. Kategori: Arsip dan Sejarah > Radya Pustaka.
6. 1931-07-24 - Adiwijaya kepada Karyarujita. Kategori: Arsip dan Sejarah > Radya Pustaka.
7. 1931-07-29 - Adiwijaya kepada Karyarujita. Kategori: Arsip dan Sejarah > Radya Pustaka.
8. 1931-08-09 - Adiwijaya kepada Karyarujita. Kategori: Arsip dan Sejarah > Radya Pustaka.
9. 1931-08-18 - Adiwijaya kepada Karyarujita. Kategori: Arsip dan Sejarah > Radya Pustaka.
10. 1931-08-23 - Adiwijaya kepada Karyarujita. Kategori: Arsip dan Sejarah > Radya Pustaka.
11. 1931-08-26 - Adiwijaya kepada Karyarujita. Kategori: Arsip dan Sejarah > Radya Pustaka.
12. 1931-09-24 - Adiwijaya kepada Karyarujita. Kategori: Arsip dan Sejarah > Radya Pustaka.
13. 1931-09-26 - Adiwijaya kepada Karyarujita. Kategori: Arsip dan Sejarah > Radya Pustaka.
14. 1931-10-03 - Adiwijaya kepada Karyarujita. Kategori: Arsip dan Sejarah > Radya Pustaka.
15. 1932-01-31 - Adiwijaya kepada Karyarujita. Kategori: Arsip dan Sejarah > Radya Pustaka.
16. 1932-02-10 - Adiwijaya kepada Karyarujita. Kategori: Arsip dan Sejarah > Radya Pustaka.
17. 1932-02-11 - Adiwijaya kepada Karyarujita. Kategori: Arsip dan Sejarah > Radya Pustaka.
18. 1932-02-14 - Adiwijaya kepada Karyarujita. Kategori: Arsip dan Sejarah > Radya Pustaka.
19. 1932-02-20 - Adiwijaya kepada Karyarujita. Kategori: Arsip dan Sejarah > Radya Pustaka.
20. 1932-03-01 - Adiwijaya kepada Karyarujita. Kategori: Arsip dan Sejarah > Radya Pustaka.
21. 1932-08-19 - Adiwijaya kepada Karyarujita. Kategori: Arsip dan Sejarah > Radya Pustaka.
22. Adiwijaya kepada Karyarujita, 1929-32, #395. Kategori: Arsip dan Sejarah > Galeri.
Citra
Terakhir diubah: 09-05-2019

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

1931-08-23 - Adiwijaya kepada Karyarujita: Citra 1 dari 1

Adviseur van het Kraton-Bestuur Surakarta No. 389/83 Solo/Weltevreden, 23-8-1931

Karya,

1. Barêng iki ngirimke prêtalan pidhatoku BB wènèhna Marta supaya dirampingke; ning durung ta' tliti jalaran kurang wêktu, tumuli kon ngrampungke, marga burine isih ana.

2. Buku gambar 3 iki wènèhna putumu dara Sri Munyuk karo layang uga barêng iki.

3. Wis antarane 11 iki aku janji jam 11 têkan jam 5 sore mung tansah lêsu bangêt, badan jêkut, sikil cape, wingi nganti mèh ora bisa munggah undhak-undhakan volksrad, dadi nganggo dadak gondhelan hèk. Olèh-olèhane papriksane dhokter overwerk = kakehan pagawean, mula bubar zitiing diprayogakke ngaso ko ½ sasi.

Wêktu iki tambane mung pil sadina ping 3 ngloro, sarta sakabèhe sing gawe kuwat, ewadene kok ya durung ketok dayane: anane mung lêsu sing bangêt kae, nganti ya ora bisa pikiran. Têrkadhang bolos jur turu…

4. Balèni bab kaananku gonmu murina nganti arêp nyang Widaningratan ning ta' candhêt. Ta' pikir-pikir kok isih ana dalane manèh bisane pasah nyang kamas, dene têkan Wida lan ora, kuwi mung gumantung katrêsnane kamas nyang aku. ya kuwi lurahmu Gêbagusan. Kiraku yèn kowe rasanan karo awake, awake gêlêm nêkakke kamas, toor ontunge, awake dhewe ya mêsthi wis ngêrti ora susah kok dhèwèk-dhèwèkke kaya yèn nyang Wida. Kosokwalike kowe rak malah bisa nambong apa ya akuki patut dimrina apa ora, lan aku kuwi sêjatine ngowêl tênan apa nganggo pangangkah kabutuhaku dhewe. Pikirên.

5. Cuwilan koran iki nyang Marta.

6. Olèh katrangan saka wong Bali, yèn Tungle, ayang enz. iku sêjatine petungan sing ènèng gandhengane, ing kono diarani Wara, ya kuwi:

Eka waraTjatoer waraSad waraSapta waraHasta waraSanga waraDasa wara
LoeangSriToenglehRediteSriDangoePandita
LabaArjangSomaIndraDjoengoerPati
Dwi waraDjajaWoeroekoengAnggaraGoeroeGigisSoeka
MengaMendalaPanironBoedaJamaNohanDoeka
PepetWasWrespatiLoedraWoganManoeh
Pantja waraMahoeloeSoekraBrahmaEranganManoesa
Tri waraManisSanistjaraKalaOeroenganEradja
PasahPaingOemaToeloesKala
BetengPonDadiDewa
KadjengWageRaksasa
Klijon

Simpênana dhisik, besuk yèn aku mulih dibabar.

Wis Karya padha slamêt. Salamku.