1931-07-29 - Adiwijaya kepada Karyarujita

Judul
Sambungan
1. 1929-08-16 - Adiwijaya kepada Karyarujita. Kategori: Arsip dan Sejarah > Radya Pustaka.
2. 1931-04-05 - Adiwijaya kepada Karyarujita. Kategori: Arsip dan Sejarah > Radya Pustaka.
3. 1931-06-18 - Adiwijaya kepada Karyarujita. Kategori: Arsip dan Sejarah > Radya Pustaka.
4. 1931-06-30 - Adiwijaya kepada Karyarujita. Kategori: Arsip dan Sejarah > Radya Pustaka.
5. 1931-07-23 - Adiwijaya kepada Karyarujita. Kategori: Arsip dan Sejarah > Radya Pustaka.
6. 1931-07-24 - Adiwijaya kepada Karyarujita. Kategori: Arsip dan Sejarah > Radya Pustaka.
7. 1931-07-29 - Adiwijaya kepada Karyarujita. Kategori: Arsip dan Sejarah > Radya Pustaka.
8. 1931-08-09 - Adiwijaya kepada Karyarujita. Kategori: Arsip dan Sejarah > Radya Pustaka.
9. 1931-08-18 - Adiwijaya kepada Karyarujita. Kategori: Arsip dan Sejarah > Radya Pustaka.
10. 1931-08-23 - Adiwijaya kepada Karyarujita. Kategori: Arsip dan Sejarah > Radya Pustaka.
11. 1931-08-26 - Adiwijaya kepada Karyarujita. Kategori: Arsip dan Sejarah > Radya Pustaka.
12. 1931-09-24 - Adiwijaya kepada Karyarujita. Kategori: Arsip dan Sejarah > Radya Pustaka.
13. 1931-09-26 - Adiwijaya kepada Karyarujita. Kategori: Arsip dan Sejarah > Radya Pustaka.
14. 1931-10-03 - Adiwijaya kepada Karyarujita. Kategori: Arsip dan Sejarah > Radya Pustaka.
15. 1932-01-31 - Adiwijaya kepada Karyarujita. Kategori: Arsip dan Sejarah > Radya Pustaka.
16. 1932-02-10 - Adiwijaya kepada Karyarujita. Kategori: Arsip dan Sejarah > Radya Pustaka.
17. 1932-02-11 - Adiwijaya kepada Karyarujita. Kategori: Arsip dan Sejarah > Radya Pustaka.
18. 1932-02-14 - Adiwijaya kepada Karyarujita. Kategori: Arsip dan Sejarah > Radya Pustaka.
19. 1932-02-20 - Adiwijaya kepada Karyarujita. Kategori: Arsip dan Sejarah > Radya Pustaka.
20. 1932-03-01 - Adiwijaya kepada Karyarujita. Kategori: Arsip dan Sejarah > Radya Pustaka.
21. 1932-08-19 - Adiwijaya kepada Karyarujita. Kategori: Arsip dan Sejarah > Radya Pustaka.
22. Adiwijaya kepada Karyarujita, 1929-32, #395. Kategori: Arsip dan Sejarah > Galeri.
Citra
Terakhir diubah: 09-05-2019

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

1931-07-29 - Adiwijaya kepada Karyarujita: Citra 1 dari 1

Adviseur van het Kraton-Bestuur Surakarta No. 325/81 Solo/Weltevreden, 29-7-1931

Karya,

1. Barêng iki ngirimke rèng-rèng layang nyang komite Paris jaluk ijol sirnane wayang bèbèr sing didhahar ing Hyang Brama; bab wragade mung saka pangira-kiraku bae, yèn ko-pikir kakehan ya sudanên; dene sing nandhani cukup mudha pangarsa. Anane kasèp, pancèn ta jarag, marga yèn ora mangkono kok ketok têmên gone ora bela sungkawa kasusahane ing Paris. Tur sêjatine bungah, dening rumangsa kuwalat lih siya-siya, mung mangkono iku rak dumunung ènèng pagêdhongan.-

2. Gandhèng karo kuwi, dadi wose rak tatakrama, warga volkrad Iskandardinata pidhato sora bangêt kongsi rambah-rambah digêdhog pangarsa, pamrentah wangsulane: "pidhatone tuwan I. d. N. ora ta wangsuli bae, jalaran têtêmbungane pangraose pamarentah kurang alus, mula pangajêng-ajênge, besuk taun ngarêp bae sagêda wawan sabda". Blakasutane, kowe kuwi kurang sopan, ajara tatakrama dhisik, yèn wis bisa taun ngarêp balia.-

Wantune dudu asli, ora rumangsa, pênampane ènèng volksrad kudu bisa LAMIS, awake yèn kon lamis sudhing. Ta wangsuli ning iki kabèh ènèng gêdhong, ora prêpatan - ora prêkara lamis, mung unggah-ungguhing têtêmbungan tandhane Stokvis, Fruin, Surasa kuwi bantêr-bantêr, ewadene kêna diarani ora tau kêtaman gêdhoging pangarsa. Nunggal karêp ning nganggo seje têtêmbungan rak bisaa, ta. Awake mêksa ora tampa. Hla Karya, asli kuwi bedane karo sing ora mula bênêr Landa, tatakrama kuwi ora ènèng cangkêm, ora ènèng pangajaran, ning ènèng GÊTIH lan ènèng RASA, karêpe tatakrama yèn durung rumasuk pirang-pirang turunan, mêsthi ora bisa bêcik.

3. Layangmu lan amplop wis padha kêtampan, trima kasih.

4. Golèkna jênênge para luhur jaman kuna - pangeran, bupati -sing nganggo sêsêbutan: "dêmang, rangga, panji, tumênggung" lan asline. Sing tumênggung mêsthine mung sing nganggo pêngaran,[1] yèn wis katêmu simpênên bae dhisik, besuk yèn aku mulih têrus - antarane 13-15 Sèptèmbêr - ladèkna.

5. Yèn ora ènèng aral Akad ngarêp mulih sawêngi prêlu prêpatan ènèng MN, esuke Sênèn, bali manèh. yèn kowe arêp katêmu nyêgada Balapan baliku bae kaya adate. Mung aja wara-wara, mundhak digobyag manèh.

6. Kabar boikot tanggamu nalika dadi kronèl ko wis têkan kene: sujune aku ènèng kene Karya, anua katut ... ewadene wis ènèng sing beda, yèn saiki lageaku yèn ènèng lêlakon sing ora dadi atiku, nyingkiri mrene utawa nyang Surabaya; sajake tuke ko maspati MN. yèn prasajane aku pancèn ya wis tau nyingkiri, ning ora ko yèn sabên-sabên ngono, kaya ta bab têtêpan kronèl, aku wis volksrad, marga yèn aku ora kliru ping 21 Juni, lungaku ping 13, bukakan volksrad ping 15, dadi pancèn wis ora ènèng ngomah.

Tumrap tanggamu pancène ya kudu wis krasa, marga wis ping pindho, mokal yèn padha pamite ora dijarag, wong dalasan sing adate mung bagus alus nurut mêrak ati, ya kuwi Sumayudan, ya pamit; yèn ora pancèn jarag endha rak ya ora ta. Yèn tanggamu ora tumuli nusup, kiraku kêbacut-bacut. Aku jimbit ilik-ilik, wong mung tansah kliru tampa, wose ngaku yèn kalah mêngêrti êmoh ...

Wis Karya, podo slamêt.

Salamku.

 


pangeran. (kembali)