1932-02-20 - Adiwijaya kepada Karyarujita

Judul
Sambungan
1. 1929-08-16 - Adiwijaya kepada Karyarujita. Kategori: Arsip dan Sejarah > Radya Pustaka.
2. 1931-04-05 - Adiwijaya kepada Karyarujita. Kategori: Arsip dan Sejarah > Radya Pustaka.
3. 1931-06-18 - Adiwijaya kepada Karyarujita. Kategori: Arsip dan Sejarah > Radya Pustaka.
4. 1931-06-30 - Adiwijaya kepada Karyarujita. Kategori: Arsip dan Sejarah > Radya Pustaka.
5. 1931-07-23 - Adiwijaya kepada Karyarujita. Kategori: Arsip dan Sejarah > Radya Pustaka.
6. 1931-07-24 - Adiwijaya kepada Karyarujita. Kategori: Arsip dan Sejarah > Radya Pustaka.
7. 1931-07-29 - Adiwijaya kepada Karyarujita. Kategori: Arsip dan Sejarah > Radya Pustaka.
8. 1931-08-09 - Adiwijaya kepada Karyarujita. Kategori: Arsip dan Sejarah > Radya Pustaka.
9. 1931-08-18 - Adiwijaya kepada Karyarujita. Kategori: Arsip dan Sejarah > Radya Pustaka.
10. 1931-08-23 - Adiwijaya kepada Karyarujita. Kategori: Arsip dan Sejarah > Radya Pustaka.
11. 1931-08-26 - Adiwijaya kepada Karyarujita. Kategori: Arsip dan Sejarah > Radya Pustaka.
12. 1931-09-24 - Adiwijaya kepada Karyarujita. Kategori: Arsip dan Sejarah > Radya Pustaka.
13. 1931-09-26 - Adiwijaya kepada Karyarujita. Kategori: Arsip dan Sejarah > Radya Pustaka.
14. 1931-10-03 - Adiwijaya kepada Karyarujita. Kategori: Arsip dan Sejarah > Radya Pustaka.
15. 1932-01-31 - Adiwijaya kepada Karyarujita. Kategori: Arsip dan Sejarah > Radya Pustaka.
16. 1932-02-10 - Adiwijaya kepada Karyarujita. Kategori: Arsip dan Sejarah > Radya Pustaka.
17. 1932-02-11 - Adiwijaya kepada Karyarujita. Kategori: Arsip dan Sejarah > Radya Pustaka.
18. 1932-02-14 - Adiwijaya kepada Karyarujita. Kategori: Arsip dan Sejarah > Radya Pustaka.
19. 1932-02-20 - Adiwijaya kepada Karyarujita. Kategori: Arsip dan Sejarah > Radya Pustaka.
20. 1932-03-01 - Adiwijaya kepada Karyarujita. Kategori: Arsip dan Sejarah > Radya Pustaka.
21. 1932-08-19 - Adiwijaya kepada Karyarujita. Kategori: Arsip dan Sejarah > Radya Pustaka.
22. Adiwijaya kepada Karyarujita, 1929-32, #395. Kategori: Arsip dan Sejarah > Galeri.
Citra
Terakhir diubah: 09-05-2019

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

1932-02-20 - Adiwijaya kepada Karyarujita: Citra 1.1 dari 1
1932-02-20 - Adiwijaya kepada Karyarujita: Citra 1.2 dari 1

Ned. Ind. Hotel Vereeniging No. 102/93 Wlt., 20.2.'32

Karya;

1. Layang mu wis padha katampan, bungah dening kabèh suwunaku mêndhali bisa kaparingan: tumrap Larna malah wis diparingke dhisik dhewe mêtu Wida, dening kasêlak dhèrèk mrene, malah ènèng kene wis kêrêp kanggo, dadi tontonan. Sadlerengan anèh dene awake olèh, ning yèn nyumurupi pagêdhongane ora, ya kuwi, kabèh rêmbug-rêmbug sing jalari ingkêng sinuwun olèh sêsêbutan lan bintang Nèdêrlansê Leo, iku sejatine aku, sing garap Larna, dene saka gawate, aja takon bola-baline layang-layangan, utawa ... pangampête wadi lan pangêdêne, jalaran sampeyan dalêm wis ngêjibke bangêt, samana guprêmèn sinambi ora. Mula yèn buru bênêr, mêndhali sing tumiba aku kuwi rak malah kudu ditrètès intên ...

Bab Kumara warna 2:

A. Pancèn sehate biyèn mula aku ora dhêmên, uga wis ta' surupke nalikane dipasrahke nyang aku. Sanajan atine têmêne ora barang-barang, ning tandang-tanduk kaya ngono kuwi ingatase jêro of kajawan, pancèn ngêgèt-gèti (yèn atine malah bêcik bangêt, kapara lumuh!) dadi wose ora dadèkke kaparêng dalêm, iku wis layak bae.

B. Cuwa bangêt dening bab mangkono têka nganggo ngêmong galih guru sênêng, mangka jêjêre sing diparingi, wêwaton pranatan sing wis disahi guprêmèn, sadhengah sing seba utawa lêlabêtan. yèn mangkono tancêbe, sadhengah wing[1] sing luruh, labêt ora labêt, seba ora seba ya kudu diparingi, kuwi ngadile. Ning bubrah yèn ngono.

Pasamuwan sapisan kiyi beda bangêt karo tingalan utawa gêdhêne tumbuk dalêm. Iki sing disamuwakke RATU gone jumênêng 40 taun, RATU mau banjur maringi têtêngêr nyang sing padha seba lan labêt, dadi bênêre rak ora kêna pilih asih, marga sranduning ratu iku mung ASIH lan ADIL. Ning ya wis Karya, samene bae ...

2. Buku barêng iki nyang bibliotheekmu, mung Orient nyang putumu dara Sri.

3. Kapalku lagi kumat, lara bangêt nganti ènèng prêpatan mèh nangis. Wis digarap dhoktêr ning durung ketok wasanane.

4. Turune Suraadimênggala, R. Ng. Sasraadikusuma lan turune Cakraningrat Madura, R.A.A. Cakraningrat padha dadi warga rad kawula, kumpule karo aku, turun P.B. I. rak dadi trimurti; kuciwa kok kurang têrahe Jangrana, anua rak komplit. Mung sayange Sasra kuwi watêkane beda karo aku, tur krepo, kaya putumu dara Niek, dadi ya kurang bisa supêkêt karo aku. yèn cakran bisa bêcik.

5. Barêng aku kêrêp srawungan karo para bupati kalayan supêkêt, saya suwe saya krasa gone salong ora rêna nyang kraton, ya iku sing akèh mung ngèlingi daksiyane para eyang-eyang nyang lêluhure, kaya ta ana sing dipatèni tanpa dosa, ana sing dibuwang enz. Sing nurunke Banyumas iku kakaran[2] [ka...]

[...karan] Sedamasjid marga nalika jaman Kartasura diukum ènèng mêjid gêdhe banjur ènèng kono diwarangi, dosane mung ora gêlêm bêcik karo bojone, putri Têgalarum enz. Dadi wose akèh sing kêtaton. Ewadene yèn bupati Banyumas ora barang-barang, kapara bêcik. Coba rasakna.

6. Yèn wis ora mundhak garapane bubare prêpatan tanggal ping 5 Marêt, Sênène ping 7 aku mabur Surabaya tilik putumu dara Nuk, ènèng kana mung antarane 3 dina jur mulih têrus. Barang-barang sing prêlu tumuli tumindak cawisna.

Lihku mabur iku dening pancène dikon nyang Singgapur, rèhne kono lagi ora ana barang-barang dening kataman jaman mlèsèt iki, dadi ta' pikir tanpa guna, luwih bêcik tak go nyang Surabaya ora kongsi sadina wis tekan. Anakmu dara radèn nusul ènèng Sêmarang; samono mau rancangan, yèn anakmu gêlêm, yèn ora bisa ugo malah ora nyang Surabaya.

7. Bodhone bapakmu pa ya; ngirimke lajange kamas nyang aku nganggo pranko hla gèk prêlune lihku ngolèhke pos lêlahanan iku apa??? Samono dayane wong jêro Karya ...

8. Purwadiningrat, sekrêtarisku kumisi nata palingian,[3] ngladèkke layang saka Yoga sulaya karo rêmbug sing wis, padha. Ora ta' waca jur ta' balèkke nganggo ciri: "sudhing maca ora duwe wanci lan prabot, usule sekrêtaris priye lan rèngrènge priye. "Wong bisa kandha yèn nyulayani rêmbug kok tanpa ngaturke panimbang, rak ya lucu. Mangka wadana prentah Karya ...

Wis padha slamêt. Salamku.

 


wong. (kembali)
karan. (kembali)
palinggihan. (kembali)