1931-07-24 - Adiwijaya kepada Karyarujita

Judul
Sambungan
1. 1929-08-16 - Adiwijaya kepada Karyarujita. Kategori: Arsip dan Sejarah > Radya Pustaka.
2. 1931-04-05 - Adiwijaya kepada Karyarujita. Kategori: Arsip dan Sejarah > Radya Pustaka.
3. 1931-06-18 - Adiwijaya kepada Karyarujita. Kategori: Arsip dan Sejarah > Radya Pustaka.
4. 1931-06-30 - Adiwijaya kepada Karyarujita. Kategori: Arsip dan Sejarah > Radya Pustaka.
5. 1931-07-23 - Adiwijaya kepada Karyarujita. Kategori: Arsip dan Sejarah > Radya Pustaka.
6. 1931-07-24 - Adiwijaya kepada Karyarujita. Kategori: Arsip dan Sejarah > Radya Pustaka.
7. 1931-07-29 - Adiwijaya kepada Karyarujita. Kategori: Arsip dan Sejarah > Radya Pustaka.
8. 1931-08-09 - Adiwijaya kepada Karyarujita. Kategori: Arsip dan Sejarah > Radya Pustaka.
9. 1931-08-18 - Adiwijaya kepada Karyarujita. Kategori: Arsip dan Sejarah > Radya Pustaka.
10. 1931-08-23 - Adiwijaya kepada Karyarujita. Kategori: Arsip dan Sejarah > Radya Pustaka.
11. 1931-08-26 - Adiwijaya kepada Karyarujita. Kategori: Arsip dan Sejarah > Radya Pustaka.
12. 1931-09-24 - Adiwijaya kepada Karyarujita. Kategori: Arsip dan Sejarah > Radya Pustaka.
13. 1931-09-26 - Adiwijaya kepada Karyarujita. Kategori: Arsip dan Sejarah > Radya Pustaka.
14. 1931-10-03 - Adiwijaya kepada Karyarujita. Kategori: Arsip dan Sejarah > Radya Pustaka.
15. 1932-01-31 - Adiwijaya kepada Karyarujita. Kategori: Arsip dan Sejarah > Radya Pustaka.
16. 1932-02-10 - Adiwijaya kepada Karyarujita. Kategori: Arsip dan Sejarah > Radya Pustaka.
17. 1932-02-11 - Adiwijaya kepada Karyarujita. Kategori: Arsip dan Sejarah > Radya Pustaka.
18. 1932-02-14 - Adiwijaya kepada Karyarujita. Kategori: Arsip dan Sejarah > Radya Pustaka.
19. 1932-02-20 - Adiwijaya kepada Karyarujita. Kategori: Arsip dan Sejarah > Radya Pustaka.
20. 1932-03-01 - Adiwijaya kepada Karyarujita. Kategori: Arsip dan Sejarah > Radya Pustaka.
21. 1932-08-19 - Adiwijaya kepada Karyarujita. Kategori: Arsip dan Sejarah > Radya Pustaka.
22. Adiwijaya kepada Karyarujita, 1929-32, #395. Kategori: Arsip dan Sejarah > Galeri.
Citra
Terakhir diubah: 09-05-2019

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

1931-07-24 - Adiwijaya kepada Karyarujita: Citra 1 dari 1

Adviseur van het Kraton-Bestuur Surakarta No. 314/81 Solo/Weltevreden, 24-7-l931

Karya,

1. Barêng iki ngirimke turunan wangsulanku lan jawabe wakil pamarentah bab pangadilan lan grasi, saiki wis rampung, ning malah wudhar babarpisan, dening wangsulane pamarentah, yèn kuwi babagan sing gawat bangêt, dadi ora banjur bisa mutus sanalika. Têgêse kêtlèyèk, marga ing kana aku nganggo gaman sing ora kênyanan, ya iku putusane GG dhewe nalika taun 1904, yèn grasi iku bênêre isih ènèng ngasta dalêm. Mula aku banjur lapur nyang patihan, supaya rêmbug mau dibêcutke[1] mêtu gupêrnuran. Êmbuh bakal dadine, ning pamarentah ngêngani lawang kanggo rêmbugan manèh, marga saupama wangsulane mung ora gêlêm mituruti bab iku tumraping ngisor banjur cuthêl, mula wudharing rêmbug aku satêmêne malah sênêng, katimbang mogok.

2. Layange Mellema barêng iki: wose awake wis mopo. Awit saka iku kowe banjur ihtiara sapa sing bakal ko-patah pidhato. Jogèd lan kêris sidane priye? Gèk besuk kapan ta têmpuking gawe manèh?

3. Prakara Srinugrahamu pancène ya rujuk, nanging caraning guprêmenan, kaya ngono kuwi kudu ditindakke lurahe dhewe, ora kêna wakile dadi kudu aku, ora kêna mudha pangarsa; sarèhne aku lagi ènèng kene, kapêksa sarèh dhisik. Puluh-puluh kudu sabar Karya ...

4. Mêntas katêmu putune Dipanêgara, Pangeran Dawut, juru kunci pasarean Ngambon, ngandhakke yèn kulina bangêt karo Suryabrata, awake saiki lêmu, anakke wis mundhak 3 lan nyêlir manèh wong Palembang, jênênge aku lali. Wose ènèng kana ketok sênêng. P. Dawut mau kandha yèn arêp seba bagda, dadi ing nalar saiki wis ènèng Solo.

Bab Suryabrata wêktu iki akèh sing nyêjarahke kaya ta: de Quelju lid Volksraad, wong Ambon, kalamangsa kêtêmu, yèn nuju pasamuwan ènèng karesidhenan, kaya ta odhènsi, rêsèpsi lan sapiturute; dr Burger, uga lid Volksraad, tau dadi kontrolir ènèng Ambon nganti 3 taun, uga kulina, malah kala-kala barêngan dolan enz. kungsul Dislan, nalika mrana gawa kapal pêrang ya katêmu, malah diulêmi pista ènèng kapal ya têka enz.enz. Iki kabèh kandhakna mudha pangarsa, ènèng prêlune.-

5. Kandhaa Kêbo, bocah Madiyun sing ngalih nyang AMS Yoja aku sida ora olèh yèn diwènèhi wragad, marga ngapusi aku, Kêbo kok sajak mèmpêr.

6. Prêlokna kêtêmu Surapura maspati MN jaluk tumuline putus bab rêmbug nyakolahake bocah nyang nêgara Landa; layange wis ta wènèhke Sastrawadana nalika aku arêp mangkat, yèn wis putus sukur, mung yèn durung bae inggalna.-

Wis Karya padha slamêt. Pretalane bae kon ngrancakke.

Salamku.

 


dibacutke. (kembali)